4 Pidato Bahasa Jawa Dengan Tema Perpisahan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PIDATO BAHASA JAWA DENGAN TEMA PERPISAHAN



Assalamu'alaikum wr. wb. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani. Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika. Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa. Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang. Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten. Wasslamu'alaikum wr. wb.



CONTOH PIDATO SINGKAT BAHASA JAWA PERPISAHAN SEKOLAH Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa : Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.



Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa : Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.



Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya. Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa : Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur



saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.



PIDATO Bahasa Jawa: PERPISAHAN SISWA KELAS IX PERPISAHAN SISWA KELAS IX Nuwun , panjenenganipun Bapak Kepala ingkang dhahat kinurmatan. Para tamu undhangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula urmati. Sederek kula siswa kelas IX lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan karaharjan saha kawilujengan, saengga kita sedaya saget makempal wonten ing aula SMP N 4 Surakarta kanthi wilujeng nir ing sambikala. Minangka wakil saking siswa kelas VII lan VIII, ingkang sepisan kula ndherek bingah dene sedherek kula kelas IX sedaya sampun kasil anggenipun ngangsu kawruh lan ngrampungake kewajibanipun wonten ing pawiyatan menika. Kaping kalihipun, kula ugi ngaturaken gunging panuwun awit sedherek kula kelas IX sampun paring pambiyantu, bimbingan saha pitedah, wewarah babagan ngelmu, katrampilan, kawasisan menopo kemawon dhumateng kula sakanca kanthi ikhlasing manah. Kula bonten saged ngaturaken piwales saking Gusti Allah ingkang trep kaliyan kesaenan panjenengan wau. Boten kesupen, kula sakanca ugi tansah ndedonga, mugi-mugi sedherek kula kelas IX salajengipun saget katampi ing pawiyatan ingkang sae lan dipunremeni, dadosa manungsa ingkang migunani tumrap bangsa, agami lan negari. Minangka panutuping atur , kula sakanca nyuwun pangapunten, menawi sadangunipun srawung kaliyan sedherek kula kelas IX kathah atur saha tindak-tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya. Kula minangka wakil kelas VII,VIII nyuwun agenging pangapunten. Nuwun.



Contoh Pidato Perpisahan dalam Bahasa Jawa Assalamu’alaikum Wr. Wb. Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP 1 Banyumas, ingkang



kinurmatan



dewan



guru,



komite



sekolah,



ingkang



berbahagia wali murid lan tamu undangan saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani. Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2010/2011, dinten senin, 5 maret 2012 ingkang enjang menika. Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara perpisahan niki. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan. Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken maturnuwun dhumaten Kepala Sekolah ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge



bapak,ibu



guru



lan



warga



sekolah



ingkang



tumut



membimbing, mengajar, lan memotivasi sehingga kita saged ngrampungaken bermanfaat.



belajar



Kangge



lan



bapak



angsal ibu,



ilmu-ilmu



matur



nuwun



ingkang kangge



pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus teng SMP niki lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah ingkang lewih inggil. Ingkang



kaping



kalih,



kula



sedaya



ngaturaken



pangapunten



kangge



bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun. Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum Wr.Wb