Ande Ande Lumut [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

” ANDE ANDE LUMUT” Ande ande lumut inggih menika cerita rakyat ingkang asalipun saking jawi. Cerita menika nyeritaaken satunggaling negeri ingkang gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo. Panji Asmarabangun ingkang gesangipun sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa semanten pangeran kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa ingkang sae manahipun lan ayu. Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane. Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun . Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande ande lumut, putra mbok randha saking dusun Dadapan, Ande ande lumut ngiyaraken menawi piyambaipun badhe pados garwa, saking baguse, ande ande lumut ndadosaken sedaya kenya kesengsem, kalebet sederek sederekipun klenting kuning. Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning. Wonten ing saktengahing margi pinuju dhateng griyanipun ande ande lumut, Klenting kuning kaliyan sederek – sederekipun inggih menika klenting abang kaliyan kelenting ijo kedah nyabrang lepen ingkang ageng, Wekdal badhe nyebrang lepen, wonten ingkang jagi lepen, awujud Yuyu ingkang ageng, ingkang nami Yuyu kangkang Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun. Yuyu kangkang purun nyebrangaken, nanging nyuwun upah, inggih punika dipun ambung, Amargi keseso kelenting abang kaliyan kelenting ijo sami sarujuk lang-, Namung kelenting kuning kemawon ingkang boten karsa dipun ambung Wekdal yuyu kangkang badhe meksa ngambung klenting kuning, Piyambakipun ngedalaken piyandelan awujud bintang sakti, Toya lepen dados asat, Lajeng kelenting kuning saged nyeberang kanthi sekecha. Saksampunipun dumugi daleme mbok rondo dhadapan, kelenting Abang lan kelenting Ijo matur menawi badhe ngelamar Ande – ande lumut “ Bok kulo dumugi ngriki badhe nglamar andhe – andhe lumut” ( klanting abang )



Owh..arep nglamar Ande ande lumut? Mengko disik yo…????? Tak takon andhe andhe lumut “ Putraku Si ande ande lumut… Temuruno ono putri kang unggah unggahi…Putrine seng ayu rupane…Klenting abang engkang dadi asmane…Duh, ibu…kula mboten purun…aduh ibu kulo mboten medun…najan ayu sisane yuyu kangkang. Mekaten ugi kaliyan klenting ijo, Ande ande lumut mboten kersa nampi lamaran ipun , Namung klenting kuning ingkang dipun remeni Ande ande lumut, amargi kelenting kuning ingkang mboten purun diamb ung yuyu kangkang. Sak lajengipun ande ande lumut nampi kelenting kuning dados garwanipun, Sedaya inggih mboten mangertos menawi sejatosipun klenting kuning menika putri sekartaji, putri raja Kediri Jaya negara ingkag nyamar madosi pangeran Panji Asmara, calon garwanipun ingkang ical. sak sampunipun langsung dados penganten ingkang boten saged dipisahaken, langsung nikah ngangge bhs jawa ingkang lugu. Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase. Sumber : http://candraadi99.blogspot.com/2013/02/ande-ande-lumut-bahasa-jawa.html http://suryadun.blogspot.com/2013/09/ande2-lumut.html http://dhuiixdhuaxdhuex.blogspot.com/2011/05/drama-bahasa-jawa-ande-ande-lumut.html Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande Lumut''



1. Tema : Golek Garwa 2. Cerita apa : Ande-ande Lumut 3. Ceritane kaya piye : Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan garwa sisihaning gesang. Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan, lajeng dipek anak lan dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa kanggo Ande-nde Lumut kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing melu saembara yaiku Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning. Sanajan Klenting abang, klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha bedo karo klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire Klenting kuning sing dipilih Ande-ande lumut dadi garwane. 4. Tokoh :  Pangeran (ande-ande lumut) : wicaksana, sae penggalihipun lan satriya.  Bejo : manut marang junjungane lan lucu.  Mbok Rondho Dhadhapan : kasih marang putra.  Mbok Rondho Klenting : pilih kasih, angkuh lan seneng nyiksa.



     



Klenting abang : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. Klenting ijo : manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. Klenting biru : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. Klenting kuning : sabar, lan sae penggalihipun. Widodari : welas asih. Yuyu kangkang : gelem nulung yen ana imbalane (pamrih).



5. Alur : Maju Konflik :    



Mbok rondho klenting >< klenting kuning · Mbok rondho klenting nyiksa klenting kuning. Konflik batine klenting kuning · Rumangsa digawe susah utawa diseksa. Klenting kuning >< yuyu kangkang · Yuyu kangkang ngenyek rupane klenting kuning. Mbok rondho dhadhapan >< klenting kuning · Mbok rondho dhadhapan ora setuju yen ande-ande



lumut mlih klenting kuning.  Klenting-klenting >< klenting kuning · Klenting-klenting ngremehake klenting kuning.



6. Setting/latar a. Panggonan : Ing alas Ing omahe mbok rondho klenting Ing kali Ing omahe mbok rondho dhadhapan b. Wekdal : Esuk, awan, sore c. Swasana : Bingung, usah, Gething, Seneng “Ande-ande Lumut”



Skenario Drama “Ande-ande Lumut” Prolog (Musik 1 : prolog) Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan . Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.



Bagian 1 :



(musik 2 : di hutan ) Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .



(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan) Pangeran



: Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…



Bejo



: Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….



(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan). Pangeran



: aduh… kowe kui ati-atio….



Bejo



: hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…



Pangeran



: rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.



Bejo



: wonten napa pangeran….



(keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita) Pangeran



: Kok renek kewan dina iki ya?



Bejo



: Injih pangeran sepi sanget…!!!



(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka) Pangeran



: Siapa kui jo…



Bejo



: kula mboten ngertos pangeran.



Pangeran



: ngapunten bu , kula bade tanglet?



(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya) Pangeran



: Kulanuwun… bu….



(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran) Mbok rondo dadapan Pangeran Mbok rondo dadapan Pangeran Mbok rondo dadapan



: waladalah…. Sapa kowe?.. : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa? : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene?? : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane. : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe



gelem. Pangeran Mbok rondo dadapan



: Wah.. injih bu kulo purun bu.. : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe



tak jenengke ande-ande lumut ya le.



(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya) (Musik 3 di hutan < akhir > )



Bagian 2 :



(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting ) Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.



(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo) Mbok rondo Kleting



:



Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug



Kleting-kleting



:



injih . Mbok…



Mbok rondo



:



ngene ndug ana berita sing penting banget…



Kleting merah



:



Berita apa to mbok… (dewasa)



Kleting Hijau



:



iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok



:



kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge



:



Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….



rondo kleting) Mbok rondo kleting ande-ande lumut. Kleting-keleting Mbok rondo klenting



: iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi



goleki garwo pendampinge… Klenting-klenting



: wahh ,,,purun sanget bu….



(keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil) Mbok rondo kleting



:



iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa



ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut. Kleting-kleting



:



Kleting merah Kleting hijau



Iya mbok.. purun_purun…



: wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu… : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….



Kleting merah Mbok rondo kleting



: heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu…!!!! : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!! Gek neng



njero,,siap-siap dowan!!! Kleting-kleting



:injih mbok….



(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah) Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog. Kleting Kuning



:



Mbok rondo kleting Kleting kuning



Mbok… kulo bade matur… :



:



Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ? Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar dados garwone



ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting. Mbok rondo kletling



:



Owh yow wes..rene tak dandani kowe .



(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)



Mbok rondo Kleting



:



yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng



kali kono.



(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar) Kleting kuning



:



Injih mbok…



(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur) Mbok rondo Kleting



:



Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku salah



sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.



(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah) Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .



(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting )



Bagian : 3



(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib ) Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun. Kleting Kuning



: Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah



manah.



(Musik 7 : suara ghaib ) Suara Ghaib



: Hai… cah wadon ayu.



Kleting kuning



: Siapa kui…



Suara Ghaib



: Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …



Kleting kuning



: ameh ngapa kowe?..



Suara Ghaib



: Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe.



Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu. Kleting kuning



: Injih matur nuwun..



(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya). (Musik 8 : suara ghaib )



Bagian : 4



(musik 9 : Yuyu kangkang (awal) Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.



(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang). Yuyu kangkang



: Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa



kae sing teko??



(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai) Kleting merah



: Wah… kaline banjir…



Kleting hijau



: Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??



Kleting merah



: kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????



Kleting hijau



: Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..



Kleting merah Yuyu kangkang



: Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang… : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…



Kleting merah



: Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…



Yuyu kangkang



: Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane



Kleting merah



: imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…



Kleting hijau



: yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..



Yuyu kangkang



: dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha



Kleting-kleting Yuyu kangkang Kleting merah Yuyu kangkang



: Prett…. : Imbalane yaiku ngango tangamu.. : apa tanganku???ameh bok kapakne?? : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…



Kleting hijau



: ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…



Kleting merah



: iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii



Yuyu kangkang



: yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…



(keterangan: kleting merah dan hijau berembug) Kleting merah



: yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….



(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian) Yuyu kangkang



: Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..



(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang) Yuyu Kangkang Kleting Kuning



: Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget. : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??



Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku. Yuyu kangkan



: Hahaha… aku wegah



Kleting kuning



: mengko tak keki duit…



Yuyu kangkang



: aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek



Kleting Kuning



: alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…



(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting) Kleting kuning



: Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.



Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.



(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)



Bagian 5



(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) ) Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.



(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau) Kleting-kleting



: Assalamu’alaikum…



Mbok rondo dadapan



: Wa’alaikumsalam, sapa ya…



Kleting merah



: kula mbok…Kleting Merah



Kleting Hijau



: kula kleting hijau mbok…



Mbok rondo dadapan



: wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??



Kleting-kleting



: Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…



Mbok rondo dadapan



: Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…



(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu) (Musik 12 : kleting merah) Mbok rondo dadapan



: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine



Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane… Ande-ande Lumut



: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane



si yuyu kangkang. Mbok rondo dadapan



: Wah… ora gelem ki nduk….



Kleting hijau



: Cobi kulo mbok…



(Musik 14 : kleting ijo) Mbok rondo dadapan



: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi…



putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane… Ande-ande Lumut



: Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu



sisane si yuyu kangkang. Mbok rondo dadapan



: wah… ora glem kabeh kae…



(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)



(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo) Kleting kuning Mbok rondo dadapan Kleting kuning



: Assalamu’alaikum… : wa’alaikumsalam… sopo iku ya… : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.



Mbok rondo dadapan



: Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…



Kleting merah



: La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok sansoyo



kowe?? Kleting Kuning



: Di coba disik mbok…



(Musik 15 : kleting Kuning) Mbok rondo dadapan



: Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi…



putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane… Ande-ande Lumut



: Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo



meniko kang putro… suwun. Mbok rondo dadapan



: Lo… apa rasalah kowe le tole??



Ande-ande Lumut



: mboten bu niki sampun dadi pilihane kula



(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk) Mbok rondo dadapan



: Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.



Ande-ande lumut



: Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal



Mok rondo dadapan



: Apa kui???



Ande-ande lumut



: Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman



urip. Mbok rondo dadapan



: Apa… pangeran…???



Kleting-kleting



: haa!!!!……???? Pangeran…???



(keterangan; kleting-kleting pingsan) Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan andeande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.



(Musik 16 : penutup )



Selesai