Artikel Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan [PDF]

  • Author / Uploaded
  • Lala
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Artikel Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan Nglestarakake budaya sing ana neng Indonesia dadi babagan sing penting amarga anyak mlebune budaya-budaya asing menyang Indonesia. Kurange filterisasi adhep budaya asing sing mlebu menyang Indonesia nggawe budaya sing ana neng Indonesia anyak luntur mboko setitik. Dadi contho sing yen ana dinadina gedhe neng Indonesia masyarakat saiki umume mengeti kanthi cara hurahura. Kurange kelingan lan ora anane filterisasi dadi ancaman sing serius kanggo kebudayaan neng Indonesia. Ora mung kuwi, lunture kebudayaan neng Indonesia sangka dene arus globalisasi sing cepet banget, dianyak saka tekhnologi, nganti basa ugo dadi korban. Awake dhewe delok wae, arang banget anak-anak saiki sing dolanan-dolanan tradisional, sing meraka ngerti mung playstation (PS). Kuwi contho sing ala banget kanggo Indonesia. Dudu mung kuwi akehe kebudayaan Indonesia sing di klaim dening negara liya ugo dadi ancaman sing serius banget kanggo bangsa Indonesia, kurang proteksi lan arange ditampilake sawijining kebudayaan kesebuta sing marakake Indonesia wis kelangan akeh budaya utawa diaku duwe negara liya. Nanging pancen ora etis yen awake dhewe mung ngomongna pengaruh-pengaruh sing bisa nglunturke kebudayaan neng Indonesia. Awake dhewe selaku bangsa lan rakyat Indonesia sakudune eling, kanggo pentinge bentuk sawijining kebudayaan. Dudu mung mahami, nanging anyak saka saiki nyoba kanggo tetep nglestarekne kebudayaan-kebudayaan sing ana neng Indonesia. Kajaba kuwi, kudu ditingkatake dheweke rasa nasionalisme kanggo negara warga Indonesia. Aja nganti, kedaden-kedaden sing wis bisa nglunturke kebudayaan kedadean maneh ana wektu sing arep teka. Aja uga anak putu awake dhewe, ora ngerti apa kuwi wayang golek,wayang kulit, joged-joged tradisional kaya tari saman, piranti musik tradisional. sarehdene kuwi, nguganana saka saiki kanggo ningkatake rasa kebangsaan, lan nasionalisme, supaya awake dhewe bisa tetep njaga kebudayaan.



Lutfiah Amalia (20) X MIPA 5