B. Jawa Nakula [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

NAKULA



Nama



: Nakula



Dasanama



: Pinten, Damagrontika



Watak



: Nrima lan prasaja, jujur, welas asih, sabar, alus lan bisa njaga wadi



Garwa



: Dewi Suyati, Dewi Srengganawati, Endang Soka



Anak



: Pramusinta, Pramuwati, Dewi Sri Tanjung,



Kesatriyan



: Sawojajar



Ing Mahabharata, Nakula artine ‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga titisanne Batara Aswi , dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang jenenge Sadewa. Nakula iku Pandhawa kang nomer 4 .Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris. Kaya kabeh tunggale Pandhawa kang duwe sifat kang becik. Nakula duwe watak nrima lan prasaja, jujur, welas asih, sabar, alus lan bisa njaga wadi. Nalika Pandhawa kudu nglana ing alas lan nyamar ing nagara Wirata, Nakula duwe jeneng liya yaiku Damagrontika lan dadi tukang ngrumat jaran. Nakula nduwe garwa Dewi Suyati seka Awawulangit. Sakloron peputra Pramusinta lan Pramuwati. Iki yang manut Pustaka Raja. Yen manut Purwacarita, garwane Nakula iku Dewi Srengganawati seka negara Gisiksamodra utawa Ekapratala, lan peputra Dewi Sri Tanjung. Dening Bathara Indra, Nakula diwenehi cupu kang bisa nguripke wong kang mati sadurunge wektune. Ing Bharatayudha, Nakula lan Sadewa ngrewangi nyedhaki Salya supaya menehi ngerti apa pangapesane. Mula Salya masrahake kratone marang Nakula. Dadine, sawise perang iku, Nakula nguwasani ing Madraka. Nanging dening Yudhistira, Nakula banjur diangkat dadi patih.