Cerita Wayang [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

CERITA WAYANG PETRUK (BAHASA JAWA) Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, kangmase Gareng, Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat. Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu. Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki pangéran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijiné vèrsi iku, dhèwèké disebut asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenengé Bambang Pecrukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut. Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngélmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukakadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awak loroloroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar (Semar lan Bagong). Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar. Carita kasebut ana ing lakon Bathara Ismaya krama.



DIALOG BAHASA JAWA Dina esuk Minggu Anang, Bapak, lan Ibu padha reresik omah. Bapak : “Anang, mrenea! Rewangen Bapak ngresiki plapon iki!” Anang : “Nggih, Pak! Kula mendhet sapu panjang rumiyin.” Bapak : “Nang, njupukna andha kanggo ngranggeh panggonang sing reged dhuwur kae!” Anang : “Nggih, Pak…, menika andhanipun.” Bapak : “Kene… kene, galo regede kaya ngana.” Anang : “Nggih-nggih Pak! Saenipun seminggu sepisan dipunresiki kok Pak!” Bapak : “Pancen kudune ngono Nang, mulo suk minggu kerja bakti maneh.” Anang : “Nggih Pak, benjing kula rencangi!” Ibu : “sing ngati-ati lho Nang!” Anang : “Nggih Bu!” Ibu : “Yen wis rampung, Ibu direwangi nandur kembang ya, Nang!” Anang : “Kembang nopo Bu? Punapa Ibu mundhut?” Ibu : “Ora, iki kembang olehku nyuwun soko daleme Pak RT.” Bapak : “Wis Nang, rwangana Ibumu genti!” Anang : “Nggih Pak..!”