Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa - Lelayu [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pranatacara Kasripahan Atur Pambuka Assalamualaikum Wr. Wb. Para sepuh dalasan pinisepuh ingkang tansah sinudarsana Para pangemban pangembating praja satrianing nagari ingkang dhahat kinurmatan Uga angarsa wilayah dhusun Plambarejo ingkang mugi-mugi kaparingan bagya mulya Boten kesupen uga kula panjenengan sami konjuk dhumateng ngarsa Allah Swt. Ingkang sampun paring kabagas-warasan saengga kula panjenengan saged makempal ing papan lan wekdal menika. Lajeng, sumangga kula panjenengan ngersakaken dedongan ing kapitadosan piyambak-piyambak kangge mbikak adicara menika. Dedonga kawiwitan --- Dedonga cekap. ‫ُون‬ َ ‫ِ َوإِ َّنا إِلَ ْي ِه َرا ِجع‬ ‫ُون‬ َ ‫ِ َوإِ َّنا إِلَ ْي ِه َرا ِجع‬ ‫ُون‬ َ ‫ِ َوإِ َّنا إِلَ ْي ِه َرا ِجع‬



‫َّ هَّٰلِل‬ ‫إنا‬ ‫ِ َّ هَّٰلِل‬ ‫إنا‬ ‫ِ َّ هَّٰلِل‬ ‫إِنا‬



Samput kapundhut wonten ngarsa dalem Allah Swt., Bapak Sukman Sulayizman kanthi yuswa 104 taun rikala wau, tanggal sekawan wulan sekawan, wekdal enem enjang wonten Rumah Sakit Zen Antonios, Plambarejo. Kakung saha putri ingkang kinurmatan, ing wekdal menika badhe kalaksanaken wahyaning mangsa kala upacara hangkating layon, wondene reroncening adicara kados sampun karakit, ingkang punika panata cara ngaturaken reroncening adicara : Kaping setunggal inggih menika atur pambagyaharja dening kaluwarga Ibu Tri Sulayizman Kaping kalih inggih menika atur bela sungkawa dening Bapak Hartanto Suyono Kaping tiga menika adicara pokok, dedonga dening bapak Kyai Tukimin Kaping sekawan Kaping sekawan menika upacara tlusupan Kaping gangsal inggih menika panutup Mekaten reroncening adicara kasripahan menika. Punapa wonten klenta-klentu bab atur lan subasita, kula nyuwun pangapunten. Kula uga ngaturaken panuwun dhateng kakung saha putri ingkang makempal ing adicara kasripahan menika. Lajeng wekdal lan papan kula aturaken dhateng Ibu Tri Sulayizman.