Dokumen - Tips Contoh Ikrar Halal Bi Halal [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Contoh IKRAR / Pidato Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa Krama Terimakasih Atas Kunjungannya



IKRAR Assalamu’alaikum Wr. Wb. Alhamdulillah, alhamdulillahil ladzi arsala rasullahu bil huda wad dinil haq. Liyuth hirohu ‘alad dini kulih. Walau kharihal musyrikuun. Asyadu ala ilaha ilaha wa asyhadu anna muhammadan abduhu warosulluh. Allahumma sholli ‘ala sayyidina muhammad wa ‘ala ali muhammad Amma ba’du... ; ;



Dhumateng panjenenganipun Bapak Mubaligh, Bapak ...... Dhumateng Bapak Kepala Desa Kaliboto dalasan para perangkatipun ingkang kawula hormati. ; Bapak Ketua RW, Ketua RT Dusun Geneng dalasan wakil-wakilipun ; Bapak/ibu pengurus YMIS ; Bapak utawi ibu komite sekolah lan bapak/ibu wali murid sdit dan paud BU ; Para rawuh, para pinisepuh dalasan rencang-rencang SDIT lan Paud Binaul Ummah ingkang kawula hormati ugi. Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya saenggo saget ngrawuhi Halal Bi Halal kaluwarga ageng YMIS. Ibu, Bapak para rawuh dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, dene kula kinen matur dhumateng para sesepuh dalasan para rawuh sedaya, kula ingkang minangka wakil sedaya rencangrencang SDIT lan Paud Binaul Ummah Kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan panjenengan sami. Mugi-mugi karawuhan panjenengan ing pangajab, kula sak konco SDIT lan Paud Binaul Ummah kerso’o hanampi sungkem saha paring pangapunten kanca-kanca SDIT lan Paud Binaul Ummah. 1. Ingkang ongko sepisan Sak lebetipun sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya para sesepuh dalasan pinisepuh wargo masyarakat Dukuh Ngelo Asri mriki. Kula minangka wakil saking kancakanca YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah kathah sanget kekiranganipun awit saking meniko wonten kesempatan saha wekdal ingkang sae puniko panjenengan kerso’o paring pangapunten dhumateng sedaya kanca-kanca Karang Taruna “ Lestari Asri” wonten ing Dukuh Ngelo Asri mriki. 2.



Dene ingkang ongko kalih Ugi sak lebetipun sesambetan saha sesrawungan mbok bilih kathah sanget tandang tanduk, solah saha tingkah, saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya bebasan tindak sapecak, tembung sak limah saha ulat dlerengan, ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terang-terangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula wau. Kula, minangka wakil YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah Dukuh Ngelo Asri mriki ngaturaken sugeng riyaya, MINAL AIDZIN WALFAIDZIN. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin. Dhumateng Ibu, Bapak, Para sesepuh khususipun wonten ing Dukuh Ngelo Asri mriki



lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya ingkang rawuh wonten dalu punika. Mugi gusti Allah Subhanahu Wata’ala paring pangapunten dhumateng kita sedaya.lan mugi-mugi sedaya doso saha kalepatan sageto kalebur wonten ing dalu puniki. Amin...Amin...Amin...Ya Rabbal ‘alamin. Ugi kula atas nami kanca-kanca YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah nyuwun do’a saha pangestu mugi YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah saged nglajengaken lan nindakaken gegayuhan luhur tumindak ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun, ugi dhumateng masyarakat Dukuh Ngelo Asri lumeberipun Nusa bangsa dalasan Agami. Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten menggah ikrar saking YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah Dukuh Ngelo Asri ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenegan sedaya. Kawula minangka wakil saking kanca-kanca YMIS, SDIT lan Paud Binaul Ummah mboh bilih kathah kekirangan saha kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah dalasan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT. Amin Ya Rabbal’alamin... Taqabalallahu minna wa mingkum, Jazakumullah khoiron katsiron, Bilahit taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.