Drama Bahasa Jawa (8 Orang) - Drama Bahasa Jawa (8 Orang) [PDF]

  • Author / Uploaded
  • seira
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Drama Bahasa Jawa ( 8 orang ) Drama yang berbahasakan Bahasa Jawa Sunday, February 28, 2016



Drama Bahasa Jawa ( 8 Orang )



" Kalah Nyaleg " lakonbosojowo.blogspot.com http://adfoc.us/4120021



PERAN Calon Caleg 1               = Pak Jamal Calon Caleg 2               = Pak Karwo Dukun                            = mbah Kendil Panitia                           = Bu Retno Masyarakat 1                = Bu leny Masyarakat 2                = Bu Anjar Masyarakat 3                = Bu Jam Masyarakat 4                = Bu Sulis



Segmen 1 Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 ada pemilu ya? Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten? Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau nyombongke diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e raumum, saestu lo bu Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso



Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso ae mengko pak Jamal nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul ) Masyarakat : Waalikumsalam pak Jamal… ( Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak Jamal) Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu ) Masyarakat 2 : Anu pak…  ( Karo ngguyu ) Masyarakat 3 : anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge ( ngempet ngguyu ) Calon Caleg 2 : ( Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi spidol nde omah, mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malah muncrat ( Karo ngguyu ) Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak Masyarakat 2 : Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh? Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo mesem ) Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 ( Ngguyu mringis ) Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale.. Masyarakat : Nggeh pak… Masyarakat 3 : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat, Segmen 2 Calon Caleg 1 : lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget Masyarakat 1 : tok! tok! tok! ( nutuk lawang ) Pak bayan, lagi ngopo?  Calon caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo. Masyarakat 1 : Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng? Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot. Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh? Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh timbang aku, wediku aku iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue solusi? Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak? (sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun, asmane Mbah kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaan kanggo persyaratan mbah dukum,pripun? Gelem nopo mboten? Calon Caleg 1 : pie yo? ( mikir mikir ) , iyo wes sesok aku tak merono tapi terno Masyarakat 1 : iyo pak, kulo tak kundur riyen Calon Caleg 1 : iyo, ati ati



Calon Caleg 1 : iyo, ati ati



Segmen 3 Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal…. Calon Caleg 1 : Eh… Bu Leny maleh… wonten nopo bu? Masyarakat 1 : Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo dereng persyaratane? Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune! Mbah dukun : Enek opo kowe menyang rene? Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… ( Bisik nyang kupinge Bu Leny ) Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lak kalah pas Pemilu mangke mbah… Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapi onok syarate Calon Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? ( rodok gugup ) Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge Karwo,lak sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalah langsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo duwit piro? Calon Caleg 1 : niki mbah… ( Nyerahne duike ​ ) Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! ( karo ngelus dagu ) Calon Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah… Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge karwo! Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu ( bisik nyang bu Leny ) Segmen 4 Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1! MERDEKA! Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA! Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampek dukung Pak Karwo… wonge rai so opo opo Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pak karwo?! Lak maleh gagal to menang telak pas pemilu! ( Bisik alon nyang pak Jamal ) Calon Caleg 1 : ( Kaget ) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang ( Bisik genti nyang bu Leny ) Calon Caleg 2 : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju… Segmen 5 Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempat TPS yang telah disediakan Masyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih? Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu… Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak



Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak dijaluki tulong angel eram, lak pak karwo kan penak… Masyarakat 2 : waduh… bingung eg aku… Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang Masyarakat 1 : ayo Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh….. Calon caleg 1 : mugo mugo ae aku menang.... Masyarakat 1 : sopo yo? Masyarakat 3 : Paling pak Jamal Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangan kepada pak karwo Masyarakat 2 : Sing menang bakno pak Karwo bu… Masyarakat 1 : Iyo bu Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang… Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! ( Pak Jamal emosi nde tangah tengah masyarakat) Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah ( Ngguyu ) Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menang iku sing jujur, ora onok wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki! Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh )lakonbosojowo.blogspot.com / http://adfoc.us/4120021 Kunjungi juga halaman kami di : https://tipsandtricksucces.blogspot.co.id/2017/05/cara-cepatdapat-uang-dari-media.html Cyros Genetic at 8:12 AM Share



Add a comment as Qorimah Dewantii



Top comments Cyros Genetic via Google+ 1 year ago +1 2



Shared publicly



 Second Blog







Home



View web version About Me Cyros Genetic Follow



4



View my complete profile