Drama Bahasa Jawa Ande2 Lumut [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Drama Bahasa Jawa ''Ande-ande Lumut'' Skenario Drama “Ande-ande Lumut” Prolog (Musik 1 : prolog) Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan . Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane. Bagian 1 : (musik 2 : di hutan ) Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun . (keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan) Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo… Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?…. (keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan). Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio…. Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula… Pangeran : rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita. Bejo : wonten napa pangeran…. (keterangan: dua orang duduk bersama dan bercerita) Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya? Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!! (Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka) Pangeran : Siapa kui jo… Bejo : kula mboten ngertos pangeran. Pangeran : ngapunten bu , kula bade tanglet? (keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya) Pangeran : Kulanuwun… bu…. (keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran) Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?.. Pangeran : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa? Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene?? Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane. Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem. Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu.. Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku. kowe tak jenengke ande-ande lumut ya le. (keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya) (Musik 3 di hutan < akhir > )



Bagian 2 : (musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting ) Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting abang lan ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning. (keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting abang, menuju mbok rondo) Mbok rondo Kleting : anakku sing ayu…rene ndug Kleting abanh : injih . Mbok… Mbok rondo klenting : ngene ndug ana berita sing penting banget… Kleting abang : Berita apa to mbok (manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo kleting) Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut. Kleting abang : Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no…. Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge… Klenting abang : wahh ,,,purun sanget bu…. (keterangan :kleting abang bergaya manja, centil) Mbok rondo kleting : iya… mengko mbok arep dandani kowebgen dadi putri sing ayu , sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut. Kleting abang : Iya mbok.. purun_purun… Kleting abang : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…!!! Mbok rondo kleting : Ndang neng njero,,siap-siap dowan!!! Kleting abang :injih mbok…. (keterangan: kleting abang meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah) Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog. Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur… Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ? Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting. Mbok rondo kletling : Owh yow wes..rene tak dandani kowe . (keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning) Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono. (keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar) Kleting kuning : Injih mbok… (keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur) Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku anakku.. dudu kleting kuning. (keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)



Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah . (musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting ) Bagian : 3 (Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib ) Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun. Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah. (Musik 7 : suara ghaib ) Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu. Kleting kuning : Siapa kui… Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. … Kleting kuning : ameh ngapa kowe?.. Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu. Kleting kuning : Injih matur nuwun.. (keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya). (Musik 8 : suara ghaib ) Bagian : 4 (musik 9 : Yuyu kangkang (awal) Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik. (keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang). Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblongmoblong….Sapa kae sing teko?? (keterangan: kemudian datang Kleting Abang menuju pinggir sungai) Kleting abang : Wah… kaline banjir....piye carane aku nyebrang?? Kleting abang : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????mendingan aku njalok tulung yuyy kangkang wae Kleting abang : ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang… Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu Kleting abang : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki… Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane Kleting abang : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan… Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha Kleting abang : Prett…. Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu.. Kleting abang : apa tanganku???ameh bok kapakne?? Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik… Kleting abang : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…



Kleting abang : apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah… (keterangan: kleting abang mikir syarat e yuyu kang-kang ) Kleting abang : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok…. (keterangan: yuyu kangkang menyebrangake klenting abang) Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu (keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang) Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget. Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku. Yuyu kangkan : Hahaha… aku wegah Kleting kuning : mengko tak keki duit… Yuyu kangkang : aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang… (keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting) Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat. Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut. (Musik 10 : Yuyu kangkang mati) Bagian 5 (Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) ) Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake. (keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang gadis cantik yaiku kleting abang) Kleting abang : Assalamu’alaikum… Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam spo ya? Klenting abang : kula mbok... Klenting abang Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu arep ngopo iki?? Kleting abang : Kula arep nglamar Ande-ande lumut mbok… Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne andeande lumut… (keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu) (Musik 12 : kleting abang) Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggahunggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane… Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang. Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk…. (Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.) (keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo) Kleting kuning : Assalamu’alaikum…



Mbok rondo dadapan Kleting kuning Mbok rondo dadapan Kleting abang sansoyo kowe?? Kleting Kuning



: wa’alaikumsalam… sopo iku ya… : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut. : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to… : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok : Di coba disik mbok…



(Musik 15 : kleting Kuning) Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggahunggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane… Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun. Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole?? Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula (keterangan ; klenting abang kusak-kusuk) Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae. Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal Mok rondo dadapan : Apa kui??? Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman urip. Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…??? Kleting abang : haa!!!!……???? Pangeran…??? (keterangan; kleting abang pingsan) Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase. (Musik 16 : penutup ) Selesai