DRAMA [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

DRAMA LAKON JAKA TARUB KELOMPOK 17-MIPA 5 1. ALDA DWI CECILIA 2. BASUKI PRASETYO W 3. FADILLA NOVITA R 4. LEONDRA MAHARDIKA N.B 5. LINDA KRISTIYANTI 6. STEVANI NATHANIA S PARAGA : 1. JAKA TARUB Mahardika 2. NAWANG WULAN 3. MBOK TARUB 4. SOMA KAMPRET 5. NARATOR 6. SEKAR LANGIT



(02) (05) (12) (21) (32) (32)



: Pemudha, anake mbok rondho diparagakake dening Leondra : Widadari, diparagakake dening Fadilla Novita : Ibune Jaka Tarub, diparagakake dening Linda Kristianti : Kancane Jaka Tarub, diparagakake dening Basuki Pras : Narator, dening Alda Dwi : Kancane Nawang Wulan, diparagakake Stevani Nathania



ADEGAN 1 Ing sawijining dina. Jaka Tarub lagi metheti manuk ingon ingonane ngarep omah Mbok : ‘Le,tole. Kowe lagi nyapo?’ Jaka : ‘Niki lo mbok lagi metheti manuk’ Mbok : ‘Mrene dilut le, dak omongi penting’ Jaka : ‘ Nggih mbok’ (Banjur Jaka marani si mbok e sing lungguh ing teras) Jaka : ‘Pripun mbok wonten napa?’ Mbok : ‘Ngene lo lr kanca-kanca ne mbok ws padha ngudang putu, lha mbok kapan to le ..... kapan to kowe rabi?’ Jaka : ‘Pun ta mbok kenging dipikir kalih mlampah’ Mbok : ‘Dipikir aro mlaku modelmu wi. Mok pikir jalan sehat ye karo mlaku’ Jaka : ‘Lha pripun to mbok kulai taksih durung kepingin krama’ Mbok : ‘Umurmu lo ws tua opo ora pingin nduwe anak?’ Jaka : ‘Tua niku pinten to mbok ? kula lo taksih Jaka Kenting’ Mbok : ‘Alah sakkarepmu le. Diomongi kok angel!’ Jaka : ‘Pun ta mbok’ Katungka saka tekone soma kampret kang ngajak Jaka golek manuk ing alas Kampret: ‘ Jok, Joko’ Jaka : ‘Hoe, enek opo pret’ Kampret: ‘Aku meng eruh manuk apik miber melbu alas. Gek uayu kaya widadari. Yoh mburu? Mumpung aku gawa tulup.’ Jaka : ‘Hooh ye pret? Yowis yoh. Mbak kula pados widadari. Njenengan dongakne nggih’ Mbok : ‘Wo.... nyatu cah edan’



ADEGAN 2 Ing tengah alas, Jaka Tarub karo Soma Kampret lsgi golek manuk. Dumadakan weruh ana kumlebate para widadari kang tumuju ing sawijining tlaga. Jaka Tarub karo Soma Kampret nginceng saka grumbulan lan sabanjure Jaka Tarub nyolong salah sijine slendange widadari. Jaka : ‘Pret kampret... pret’ Kampret: ‘nyapo to jok?’ Joko : ‘Pener lekmu omong kemau, kae lo widodarine ayu banjur koyo selebgram’ Kampret: ‘Heleh endi lo? Widodari ing kene yoo kepanasan to’ Jaka : ‘Kae lo sawangen. Jane mripatmu katut katulup ye?’ Kampret: ‘Sik to menengo. Aku sik nulup manuk ki lo kleru kowe mboh lo.’ Joko : ‘Wista ayo melu aku.’ Kampret: ‘Hoalah... kuwi ye widadarine? Kok uayu men? Ora ngipii to aku? Jaka : ‘(Meneng aro ngowoh)’ Kampret: ‘Iki wis surup yoh mulih, goleki mbokmu we nko (kampret ngalih mlaku disik) Jaka : ‘aku kudu iso ngrabi widodari iki, kapan maneh ana widodari ning kene. Tapi piye carane Wo iya, apa slendange tak jupuk mau ya? Ben ora iso mulih? (njupuk slendange) Sabanjure adus salah sawijining widodari kang dijupuk slendhange mau kabingungan goleki slendhange Wulan : 'loh kar slendhangku maeng nyang endhi' Sekar : 'hla embuh to lan, lha mau kok seleh ngendi' Wulan : 'mau yoo dak seleh ning sanding slendangmu kono' Sekar : 'neng ndi yo, gek iki donyo yo wis surup' Wulan : 'lhayo trus pie to kar' Sekar : 'beh arep pie maneh iso ora iso aku lan konco konco kudu balik ing kayangan sak durunge donya peteng' Wulan : ‘Hoalah, Duh Gusti..... Slendhangku maeng ana ngendi Duh Gusti tulungana aku, aku sumpah yen ana sing bisa nemokake slendangku, yen wadon tak dadekne sadulur, lan yen lanang bakal tak dadekake bojo Sekar : ‘Hoalah lan, sepurane banget yoo iki donya wis meh peteng aku lan kanca kanca kudu balik ing kayangan saiki Wulan : ‘iyo wus cah ndak popo tinggalen wes, pancen iki wes wayahe balik’ Banjur Jaka marani lan ngertakake kahanane Nawang Wulayn kang lagi sedhih amarga slendhane Jaka : ‘Ana apa Putri sliramu kok melasne ati. Gek nangis neng kono dhewean’ Wulan : ‘hah? Sopo kuwi sing omong kok ora ana wujude?’ Jaka : ‘Nyang kene lo, mulane to nduk madepo mburi’ Wulan : ‘(nyawang mburi) Subhanallah sampeyan sinetn?’ Jaka : ‘Aku Jaka Tarub, pemuda bagus dewe, ganteng dewe, mening dewe ing deso iki Wulan ; ‘Temenan apa pie’ Jaka : ‘leh iyo lo, saiki aku takon sampeyan ki jenenge sapa lankenapa kok sedhih banget?’ Wulan : ‘Kuls Nawang Wulan, widodari saking kayangan. Niki lo kangmas sdendhang kulo ical. Mula mboten saged wangsul wonten khayangan.’ Jaka : ‘Woalah ngono kok melas temen la sampeyan kepriye lek melu aku wae? Wulan : ‘Tumut wonten pundi kangmas?’ Jaka : ‘Nyang omahku, tinimbang nyang kene dewean.’ Wulan : ‘Yowes kula tak melu sampeyan mawon.’ Jaka : ‘ikilo sarungku gawenen sik sajake sliramu kok kademen’ Wulan : ‘matur suwun kangmas’



ADEGAN 3 Banjur Dewi Nawang Wulan mlaku menyang omae Jaka Tarub lan pamer nyang mbok r yrn deweke oleh widodari temenan Mbok : ‘Ladalah sopo kuwi le? Ayune kok sundhul langit Alhamdulillah bariki aku nduwe putu’ Jaka : ‘HaHa.... leres ta mbok kandhaku, kula pikantuk widadari’ Mbok : ‘(kaget Banget) tenan yo le kuwi widodari’ Wulan : ‘Inggih Bu, kula niki saking kayangan. Mulane kula niki ayu sanget.’ Mbok ; ‘weleh..weleh ayu banget to kowe nduk, yowis mlebuo. Jaken mangan-mangan kono le!’ Wula ; ‘Sak durunge ngapunten bu, kula mboten maem sak lintune sekar melati’ Mbok : ‘yowis kana methil ning ngarep omah’ Wulan : ‘Inggih bu’ Banjur ing wayah wengi jaka tarub omong marang Nawang Wulan yen dheweke tresna karo Nawang Wulan lan kepingin dadi bojone Jaka : ‘Dik, rasa-rasane aku kok tresna tenan marang sliramu.’ Wulan : ‘tresna niku napa to mas’ Jaka : ‘Eh tapi sakdurunge iku aku kepengen jujur’ Wulan : ‘Jujur soal menopo kang mas, sampean matur mawon mboten usah sungkan-sungkan’ Jaka : ‘ngenelo saktemene aku sing nemu slendhangmu ing alas dik’ Wulan : ‘Mila ta mas? Lajeng teng pundi slendhang kula mas?’ Jaka : ‘sik tak jupuke dik’ Wulan : ‘Kang mas, kula kedah wangsul wonten kahyangan’ Jaka : ‘tapi dik, sliramu wis janji yen ana sing nemu slendhanmu yen lanang bakal sampean dadeke bojo. Temenan kan dik? Aku tresno marang sliramu? Wulan : ‘Inggih kang mas kula pun sumpah, kula purun suwita kalih sampean’ Jaka : ‘Mbok..... entenono kula bariki rabi’ Mbok : ‘Yo mbok ngono. Gek ndang gaekno putu yo. Mugo mugo anggenmu bebragan tansah pinaringan kawilujengan’ Wulan : ‘Inggih buk matur sembahsuwun sanged nggih buk pangestunipun’ Sawise Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan rabi lan nduwe anak. Mbok Rondho Tarub seneng banget amarga iso nduweni putu