Geguritan Guruku [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

GURUKU ESWEER ESPEDE. Wingi nalika sikil iki Tumapak sadhuwure bumi Durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka Alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher Lumakuning srengenge wus ganti Panyawangku dadi padhang Tetrawangan. Rasaku samsaya ... Ora bisa dakgambarake Sih tresnamu nabet janget Sajroning atiku Lamun tanpa panjenengan Bisa apa aku nepaki bumi iki? Leladimu marang aku Ora timbang karo piwalesku Bu guru, Pak guru Jangkahku isih adoh Uripku isih nyamut-nyamut Sethithik setetes bun esuk Iku wis cukup Tinimbang banyu sekendhi Marakake ati mati Lepasen lakuku Lilakna labuh labetmu Dakumbare gagasanku Sedyaku kasembadan Donga pangestumu Nuntun marganing sedyaku



PAHLAWAN PAPAT LIMA Dening : Kadir Wong Getihmu wis rata Sumebar, campur krikil lan wedhi Dadi dalan kang alus lan rata Balungmu sing pengkuh Campur semen lan beton Wis dadi gedhung-gedhung sing prakosa Dagingmu wis sumebar Kanggo menehi pangan Anak turunmu Suwek-suwek panganggomu Sing kedleweran getih Wis dadi sandhangan Sing maneka warna Generasiku Generasi pitu lima Sing dadi seksi Durung anane keadilan Generasiku Generasi pitu lima Penerusmu Berjuang demi pembangunan Ing negara demokrasi iki