Ikrar Syawalan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

IKRAR SYAWALAN Assalamu’alaikum wr. wb.



Bismillaahirrahmaanirrahiim. Asyhadu alla ilaaha illallah. Wa asyhadu anna Muhammadarrosulullah.



Kula minangka wakil saking muda lan mudi lan warga RT 12, boten singklar gesang wonten dalem masyarakat tentu kewolo kathah reribet engkang mboten hanuju prono, woten penggalih poro pinisepuh, pramila mboten sanes kejawi atur pangapunten, kanthi ihklasing manah, engkang langkung sae saget kawula aturaken, keparenga ngaturaken, wonten ikrar syawalan.



Ingkang sepisan, dhumateng ngarsanipun bapak-bapak, ibu-ibu, ingkang kaleres sepuh, saha ingkang kasepuhaken, kula ngaturaken, sungkem pangabektos. Dhumateng sesami-sami, kula ngaturaken, salam ta’lim. Dhumateng ingkang kaleres enem, kula ngaturaken, sih katresnan saha donga pangestu.



Atur kaping kalih, kula ngaturaken, Sugeng Riyadi Fitri 1438 Hijriah, kairing donga, Taqobbalallohu minna wa minkum, Shiyamana wa shiyamakum, Ja’alanallahu Minal aidzin wal faidzin. Atur kaping tiga, kula nyuwun pangapunten saking sedaya kalepatan kula, ingkang kasengaja punapa dene ingkang mboten sengaja, ingkang lahir punapa ingkang batos, ingkang sedaya wau, boten pikantuk idining sarak agami, mugi-mugi panjenengan sedaya, kersa paring pangapunten, dhumateng kula.



Kosok wangsulipun, mbok bilih panjenengan, kagungan kelepatan dhumateng kula, kula lega lila, caos pangapunten, sedaya kelepatan panjenengan, ingkang tumanduk, dhumateng kula. Mugi-mugi Gusti Alloh ngijabahi lan paring maghfirah dateng kita sami. Amin, amin, ya robbal ‘alamin.



Mekaten lan semanten ikrar syawalan ingkang kita aturaken. Kirang langkungipun nyuwun pangapunten. Akhirul kalam.. Wassalamu’alaikum wr. wb.