Jaka Sangkrip [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

JAKA SANGKRIP



(Bupati Kapisan KEBUMEN)



Asma timure Jaka Sangkrip, kalebu bangsawan Mataram. Mijil panutan saka Demang Wawar klawan Nyi Puger. Amarga nandhang^sukerta gerah pathek& gudhig, piyambake nglalu. Ngumbara menyang sedhengah papan nggoleki marganing pati. Papan sing angker Ian wingit mesthi diparani, suprihe supaya dibadhog kewan galak utawa dimangsa dhemit, buta bekasakan sing gelem mangan uwong. Anggone ngumbara ngulon parane. Dene papan sing diparani isih tlatah Mataram kayata : Kebumen, Wonosobo, Purworejo, Magelang Ian Temanggung; malah tau nganti tekan Banyumas Ian Cilacap. Katitik yen arep ana jumenengan raja-raja Mataram, para punggawa kraton mesthi kautus supaya ngupadi Ian methik Sekar Wijaya Kusuma. # Kembang mau mung dumunung ing pinggir gisiking Samodra Hindia ya ing Pulo Nusakambangan iring kidul. Goteke wong akeh kembang maugaib, merga cat katon, cat ora. Dene pigunane kanggo njangkepi sumping makutha para raja Mataram kang lagi jumenengan mau. Tlatah-tlatah mau minangka bukti jembare wewengkon negara Mataram nalika kuwi. Bareng tumeka ing tlatah Kebumen Jaka Sangkrip nemokake beji. Amarga ampuhe beji kuwi, banjur kanggo kungkum Jaka Sangkrip. Karana enggone tapa kungkum mau kabeh lelara kulit kang sinandhang bisa ilang resik, sukerta musna, sarirane pulih kaya wingi uni. Kedadeyan kang nganeh-nganehi rtiau njalari penjenengane makuwon manggon ing sapinggiring beji kuwi. Kanggo pangeling-eling marang putra wayah ing tembe mburi papan kono diparingi tetenger "Gebejen" utawa "Sendhang Arum" amarga bisa marakake ganda arum ing sarirane Joko Sangkrip sing maune mambu amis merga kebak gudhig lan pathek pawon (amarga akeh sawone) ing Kecamatan Kuthowinangun Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah. Bareng wis diwasa Joko Sangkrip silih asma : Tumenggung Anggayuda. Salah sawijining dina pengageng Mataram mau nerusake enggone tapa brata didherekake abdi kinasih sing peparab Ki Suradipa. Sajrone teteki mesu budi mbanting raga, lumebu tepis wiringe Kraton Bulupitu, sawijining kraton ing sisih lor kulone Gebejen. Anggone lagi tindak dumadakan kegodha ingon-ingone Ratu Bulupitu, Dewi Nawangwulan kang wujud taksaka gedhe. Merga kaget, banjur duka Ian taksaka mau bisa dicekel Ian diperjaya. Bareng Sri Ratu Bulupitu midhanget, Sang Tumenggung kudu kersa disuwitani dening Sri Ratu. Gandheng ula sing wis mati ora klakon bisa urip maneh, mula banjur Tumenggung Anggayuda kersa palakrama karo Dewi Nawangwulan.



Palakrama kekarone mijilake putra cacah loro. Sing pembarep sesilih Raden Bagus Klanthung, dene rayine peparab Raden Bagus Cemethi. Dewi Nawangwulan sabrayat ngratoni tlatah Bulupitu, dene Anggayuda tetep dedalem ing Gebejen, Kuthowinangun. Rumangsa enggone nandhang sukerta wis dhangan mula kepingin kondur menyang Mataram. Tyjuwane kepingin nyuwun pengakon tetepa dadi trah Mataram. Ratu Mataram kersa ngakoni Ian rena penggalihe amarga Jaka Sangkrip wis mari saka lelarane. Wiwit kuwi Tumenggung Anggayuda di wisudha dadi Adipati/Bupati sing kapisan ing Kebumen kanthi gelar : RADEN ADIPATI ARYA ARUNG BINANG I Dene sabanjure Adipati/ Bupati Kebumen yakuwi: 1. RAA Arungbinang I, Pusat Peprentahan ing Kuthowinangun 2. RAA Arungbinang II 3. RAA Arungbinang III 4. RAA Arungbinang IV 5. RAA Arung binang V 6. RAA Arung binang VI 7. RAA Arung binang VII 8. RAA Arung binang VIII 9. KRM Said : 1945 - 1947 10. RM Sudjono : 1947 - 1948 11. R. Istikno Sastro Busono : 1948 - 1951 12. RM Slamet Projo Rahardjo : 1951 - 1956 13. Sudarmo Sumohardjo : 1961 - 1963 14. RM Sudarmo Sumohardjo : 1963 - 1964 15. R. Sutardjo Kolopaking: 1964 - 1966 16. Mashud Marto Sugondo : 1968 - 1974 17. R. Supeno Soeardjo Diprojo 1974 - 1979 18. Drs. H.A Dadiyono Yudo Prayitno 1979-1985 19. H.M.CTohir: 1985-1990 20. Amin Soedibyo 1990 - 2000 21. Dra. Hj. Rustriningsih, M.Si.:: 2000-2008. 22. HM. Nasiruddin Al Mansyur: 2008 - sekarang.