Kongso Adu Jago [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

KONGSO ADU JAGO ADEGAN KE-1 JEJER MANDURA Pambuka : KANDHA : INGKANG KINARYA BEBUKANING CARITA, ANENGGIH NAGARI MANDURA INGKANG KAEKA ADI DOSO PURWO, EKO MARANG SAWIJI, ADI LINUWIH, DOSO SEPULUH, PURWA MARANG WIWITAN, ANA BEBASAN NEGARI 1 ( SETUNGGAL ) DEN UPAYAKAKEN 100 ( SATUS ) DATAN JANGKEP 2 ( KALIH ), 1000 (SEWU) TAN NGATURAKEN 10 ( SEDOSO ). LAH ING NGRIKU PRABU BASUDEWA ARSA MEDHAR SABDA :   Gender Suluk Ratu Susah Sl. 6 Jugag :   Leng leng Ramya Ning Kang Driya Lir Hyang Candra Katawengan Sumuk Ing Tyas Katuridan Limut Kabyatan Ing Rujit Rem rem Ing Driya Manawung Kekewung Ing  Hyang Wisesa, Hoooongg … Hooonggg …   Pocapan : Prabu Basudewa         :                       Ya Jagad Dewa Bathara, Ya jagad pangestungkara, Hyang Sukma Mangadi Linuwih, Mugo ngayomono sagung para dasih,  ora bakal pangling iki kaya putraku bocah gagah, Kangsa Dewa, padha becik pisowanmu ngger ? Kangsa Dewa              :                       Pangestunipun kanjeng rama prabu, raharja lampah kula, pangabekti kulo kunjuk kanjeng rama !



Prabu Basudewa         :                       Ya tak tampa ngger, tak sawang pisowanmu sajak mengku wigati, ana apa ngger, enggal matura ! Kangsa Dewa              :                       Inggih kanjeng rama, kulo katemben niti priksa dateng lampahipun peprintahan ing negari mandura ingkang sak yektosipun kathah para nayaka praja mandura ingkang sami lirwo dumateng jejibahanipun awit sami kagoda dateng gemebyaring kadonyan ing dinten sak mangke.  Pramilo kulo gadah atur, bilih badhe ngawontenaken adon-adon jago, nanging mboten jago ingkang awujud kewan, nanging jago manungsa.  Supados nagari mandura kagungan satria ingkang kiyat minangka bebetenging nagari. Prabu Basudewa         :                       Mbanjur kepiye pamrayogamu ngger ? Kangsa Dewa              :                       Saking Jago Kaneman Kadipaten Sengkopura, mangke Paman Suratimantra ingkang badhe majeng dados jago, dene saking kasepuhan nagari mandura kulo aturi rama prabu pados jago ingkang sebanding setimpal kaliyan paman Suratimantra. Prabu Basudewa         :                       Ya jagad, ya dewa bathara !   Sanajan abot rasaning pun rama, ya ngger, panyuwunmu bakal tak sembadani. Kangsa Dewa              :                       Lha dala …… Ha ha ha,  matur sembah nuwun rama, Prabu Basudewa         :                       Yayi Ugrasena, ojo wedi kangelan si adi tak utus golek jago kasepuhan ! Ugrasena                    :                        Menawi milo makaten, ngestokaken dawuh paduka, kepareng ingkang rayi amit madal pasilan. Kangsa Dewa              :                       Makaten ugi inkang putra nyuwun pamit dewaji, kepareng ingkang putra wangsul ing sengkopura Prabu Basudewa         :                       Ya ngger putraku kangsa dewa lan yayi ugrasena, tak pangestoni lakumu, ya mung welingku aja ninggal kaprayitnan, duga-duga digawa ngati-ati.   ADEGAN KE-2 LIMBUKAN   AJA TURU SORE KAKI ………………….. POCAPAN : Limbuk                                    :           Nganggo Leren mak ? Cangik                         :           Sawetoro Ndhuk



Limbuk                                    :           Iki mau tembange opo Cangik                         :           Tembange wong prehatin, tembang asmarandana Limbuk                                    :           Mbanjur sindene sopo ? Cangik                         :           Sindene Si Cantik dari Yogyakarta Limbuk                                    :           Iki mau mak e lewat ngendi mak ? Cangik                       :            Aku mau sak rombongan lewat TOL CIPALI, soyo digampangke ndhuk akses menyang Mahad Al Zaytun kene, saka jawa tengah jawa timur yo penak, soko arah Jakarta yo soyo kepenak. Limbuk                        :           Iki minangka pitulungan saka Gusti Allah, para sedulur kang bakal nyekolahke putra-putrine menyang Mahad Al-Zaytun Jan Saya Kepenak, Dalane Lancar Tur Alus, yo mung dalan mlebo neng mahad sing ming sak ipit kawit mbiyen kok ijik ngronjal wae, pemerintahe lali opo yo mak Cangik                         :           Sabar yo ndhuk, mengko nek njabane wis apik kabeh, dalan sing cilik-cilik rak yo melu apik, ora lho ndhuk aku wingi lak bingung, jare tol cipali, la endi pintu gerbange tol cipali ? mlebu metu kok tol cikedung ? Limbuk                         :          O alah mak, CIPALI kuwi singkatan “cikampek – palimanan” Cangik                          :          Wah, wong sak iki podho pinter gawe singkatan. Limbuk                         :          Iyo mak, ning ono gara-gara singkatan proyek jalan tol ora sido di garap Cangik                          :          Opo kuwi ndhuk ? Limbuk                         :          Jalan Tol NGANJUK – CEPU – NGAWI – YOGYAKARTA – BANYUMAS yen disingkat dadi saru “NGACENG YO MAS” Cangik                          :          Awas Iki Neng Pesantren, ora keno saru-saru, Wah kamongko nek proyeke mlaku seko yogja neng mahad jan penak tenan kuwi, kudu di dadekke kuwi proyekke Kepriye kabarmu nggonmu ngulo wentah anak didik ono Mahad Al Zaytun Kene Ndhuk ? Limbuk                          :         Wah Dadi Guru ki tangungjawabe jan abot tenan yo mak Cangik                           :         Sabar yo ndhuk, Lan Kuatna Kesabaranmu ( Ishbiru wa Shobiru ), gede-gedene lelabuhan kuwi ora koyo guru kang kudu bisa digugu lan ditiru marang sopo wae, marga tanggungjawabe guru ora mung ngajar kaweruh marang anak murid nanging ugo ndidik marang tingkah laku budi pekerti tumuju marang akhlak kang luhur. Limbuk                           :        Iyo mak



Cangik                            :        Mulo bisa ndidik yen jiwamu JIWA PENDIDIK, kabeh dilakoni kanthi seneng dadi ora tuwuh roso meri, drengki lan pilih kasih kabeh ditompo legowo minongko tanggungjawab soko gusti kang moho kawoso, yen ana anak kang nakal utowo males anggone sinau ojo mbanjur tuwuh roso serik ngelingono awakmu dadi jejering PENDIDIK, YEN ONO BOCAH NAKAL OJO MBANJUR DIHUKUM UTOWO DITOKKE SEKO SEKOLAH SING TEMBENE MALAH BAKAL DADI BOCAH SING SOYO NAKAL, Bocah nakal iku mergo kurang kasih saying utowo salah pergaulan, tapi dibalik kenakalannya banyak potensi yang bisa digali dan di kembangkan, Itulah tugas para pendidik. Lha mengko yen anak didikmu dho nakal kabeh mbanjur to tokke kabeh lak suwe-suwe kowe arep mulang sopo ?? Ngelingono  Golek Murid Lan  Ngragati Kuwi Yo Ora Gampang. Mulo kabeh kudu disengkuyung bareng-bareng oleh Guru – Wali Murid – Dan Para Pelaku Pendidikan, Supaya Sebuah Institusi Pendidikan Ini Betul-betul Dapat Menghasilkan Out Put Sumber Daya Manusia Yang Berkualitas.                                                 Conthone Masalah HP : Bagi anak-anak dibawah umur, sebaiknya jangan di berikan HP yang aksesnya tiada batas, karena belum bisa membedakan mana baik mana buruk.  Sebab akan mengganggu proses belajarnya.  Dan bagi yang melanggar ya harus ditindak tegas.  Kalau perlu disita HPnya, tapi jangan Habis Nyita HP dijual lagi sama anak didik yang lain, Ini Namanya “RANGAS MANGAN LARON” yang seharusnya menjaga malah merusak.  Duit rasepiroa tanggungjawabe abot mbesok ing akhirat mengko ndhuk. Tapi saya yakin hal ini tidak terjadi di Mahad Al Zaytun Sini.  Aamiin. Limbuk                       :            Iyo mak, kabeh bakal tak estokke dhawuhmu. Iki mengko lakone opo yo mak ? Cangik                       :             Iki mengko lakone Kongso Adu Jago, Yo Kongso Lena, Sing Sak temene yo nyritakake lelakone perjuangane dhewe ndhuk ? Limbuk                       :            Cupliakane piye ndhuk Cangik                        :            Singkate Carito, Ing Nagari Mandura Prabu Basudewo Nedheng nggedhekake para putra Mandura kang kapilah dadi 2, siji putra kang kagedekake ana ing njeron projo yaiku raden kangsa dewa kang kasinungan watak angkara, srei, drengki seneng marang panguwoso utowo kalungguhan nganti tega nyengsarakake marang sedulur lan ramane mergo kepingin ngukuhi kalungguhan nagari Mandura. Limbuk                        :           sing nomer 2 sapa mak ? Cangik                         :           Sing Nomer 2 yaiku, putra kang kagedekake ana ing njaban projo ana ing karang pradesan yaiku raden kakrasana, narayana lan udawa. Limbuk                        :           Raden kakrasana, narayana, bratajaya  lan udawa



Cangik                         :           Raden Kakrasana dikirim Neng JAWA TIMUR, Raden NARAYANA neng JAWA TENGAH, lan UDAWA NENG JAWA BARAT, ning sing pentas mbengi iki saka JAWA TENGAH Limbuk                        :           Lha saka Jawa Barat Lan Jawa Timur ? Cangik                         :           Sesok Tahun Ngarep, Ben Ora Nyamem, Kon Pentas Tarik Tambang Wae !  Tahun Baru Islam Kok Nyamem, Ayo Kita Angkat Budaya Kita Sebagai Media Pendidikan, Media Hiburan Dan Promosi Melalui Event-event seperti ini.  Jangan Ke Mahad Ming Datang  Langsung Pulang, Capek Bro !!! Limbuk                        :           Terus sak teruse piye mak ? Cangik                        :            Raden Kakrasana, Narayana, Bratajaya Lan Udawa Sanajan Ana ing karang pradesan nanging seneng marang kaweruh, seneng nggegulang ilmu lahir apadene bathin, mula tambah dewasa tambah sentosa lahir bathine seneng marang laku utomo, budhine luhur !!! Limbuk                        :           Ning kok wingi, ngirim santri lan mahasiswane kok ming sitik, kuwi wae ndhadak di uyak-uyak ! Cangik                         :           Wingi dho keturon kok ndhuk, kekeselen mergo di uber-uber kongso dewa arep di pateni, sesok-esok nek kongsone wis mati rak terus nggleleng, kirim santri karo mahasiswane juara 1.   Aamiin. Cangik                         :           Raketan Sak Lagu, kanggo tombo sayah ndhuk …….. Limbuk                        :           Monggo Bu Lagon :   …………………..   OJO LAMIS …… Ojo sok gampang janji wong manis yen to amung lamis Becik aluwung prasojo nimas ora agawe cuwo Tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis koyo ngenteni thukuling jamur ing mongso ketigo Aku iki prasasat loro tan antuk jampi   mbok ojo amung lamis kang uwis dadine banjur didis



Akeh tulodo kang demen cidro Uripe rekoso   milih sawiji ngendi kang suci tanggung biso mukti   Cangik                                :                Ayo ndhuk, bab lelagon mengko ditutukake nggon patet songo sing umber jagadte, ayo aku lan kowe ndhang netepi wajib ndhisik nerus lelakon iki ndhuk ! Limbuk                               :                Ayo mak !   ADEGAN KE-3 KANGSA – SURATIMANTRA Pagelaran Njawi : Kandha : “Wauta ingkang wonten paseban njawi, Raden Kangsa Dewa Ngawe Barisan Saking Sengkopura, Panglawena Asta Pindha kumlebeting Dwija, obahing para nararnya pindha nggegerke wadya sakutha”.   Sambung Ricik – ricik :   SULUK : “Dandanira sira wang-wang, makutha majuru jungkung, Bedhangnya suratimantra, Hong”.   Pocapan : Kangsa                         :           Paman Suratimantra Suratimantra               :           Kula wonten dhawuh Raden Kangsa                        :            Paman sampun wedi kangelan, kulo patah dados jago kanoman, mengsah jago kasepuhan, sagah mboten paman ?



Suratimantra              :            Inggih sagah Kangsa                        :            Matur nuwun paman, ha ha ha ….. Suratimantra              :            Nanging menawi kulo pejah, kulo aturi nyemplungaken wonten mblumbang semangka Kangsa                        :            Inggih paman, mangga enggal manjing glanggang payudan Suratimantra              :            Nyuwun tamabahing pangestu   Playon Lasem Budhal, Kangsa ngawe wadya raseksa, playon suwuk Ada-ada Nem jugag.     ADEGAN KE-4 KANGSA – PRAJURIT BUTA   SULUK : “Jumangkah anggro sru sumbar, geter pater lindhu bumi gonjing, samodro rob mawalikan, Hong”.   Pocapan : Cakil                            :           Kanjeng dewaji kulo nyadhong dhawuh Buta Begal                  :           Semanten ugi kulo nyadhong dhawuh kanjeng dewaji Kangsa                         :           He para prajurit buta Buta                             :           Kula, kla, kla, kla Kangsa                        :            Kowe tak dhawuhi lumarap ana widorokandhang, mboyong Dewi Bratajaya Buta                            :            Kados pundi menawi mboten purun kaboyong ? Kangsa                        :            Purba wasesa tak borongake marang kowe Buta                            :            Menawi makaten kepareng kulo nyuwun pamit



Kangsa                        :            Ya enggal budhala, nanging yen ora entuk gawe, gulumu tak nggo ijol.   Prajurit buta sami bidhal manengen, Raden bratasena saking tengen tancep madhep mangiwa, gangsa seseg, kepapag Raden Patih Suratimantra, suwuk.  Ada-ada nem Jugag.   ADEGAN KE-5 SURATIMANTRA – BRATASENA SULUK : “Bima suyanggakara, umbul-umbul gadanira, ngrempak bala tigang ewu, hong”.   Pocapan : Suratimantra                           :           Wah, apa iki jago kasepuhan, sapa jenengmu le … ? Bratasena                                :           Ya, aku jago kasepuhan, Bratasena aranku Suratimantra                           :           Apa ora wedi yen nganti mati Bratasena                                :           Aja meneh mung mati, senadyan dadi ndhog pengamunamun aku ora wedi Suratimantra                           :           Wah, yen ngono kembarono kridhaku Bratasena                                :           Njogeda tak kendhangi   Gangsa Mungel Gandul Perang sami didayanipun satemah campuh Iringan dados Lasem seseg, lajeng angleh malih   ADEGAN KE-6 SAGOPI – BRATAJAYA



  Kademangan Widorokandhang, Nyai Sagopi Kaadhep Bratajaya, gangsa suwuk Lagon Sanga   SULUK : “Sangsaya dalu araras, abyor sorot lintang kang kumedhap, titi sonya madya ratri, lumranggandanin puspita, o… “.   Pocapan : Sagopi               :         Mengko ta Bratajaya, tak sawang pirang-pirang dina iki atimu kok sajak sungkawa, banjur mikir apa ta ndhuk ? Bratajaya          :         Biyung, sejatine aku kangen banget karo kakangku sakloron, kakang Narayana apadene kakang Kakrasana, kok suwe ora bali ki lungane menyang ngendi ta yung ? Sagopi               :         O mangertia ya ndhuk, kakangmu sakloron kuwi nedheng nggedhekake laku prihatin, lelana talak brata supaya kasembadan sedyane, dene papane aku dhewe ora mangerti. Bratajaya          :         Banjur kapan anggone bali yung ? Sagopi               :         Wis ta aja kok kawatirake ndhuk, aku percaya besok lamun wis katekan sedyane mesthi bakal bali.   Kacarita dereng dangu denira ambal wacana, katungka praptanira wadya bala saking Sengkapura. Mungel Playon Sanga, Ringgit denawa cakil lan denawa begal medal saking kiwa, tancep suwuk seseg.   ADEGAN KE-7 SAGOPI – PRAJURIT BUTA Pocapan : Cakil                   :        Adhoi Buta Begal         :        Kula ki raka



Cakil                   :        Sajake iki kang aran Bratajaya, katitik ireng manis kulite, ayu rupane, luruh pasemone Sagopi                :        Nyuwun sewu ki sanak, sampean niku sinten lajeng kersane napa Cakil                   :        Aku utusane Raden Kangsa Dewa supaya mboyong Bratajaya ana Sengkapura. Bratajaya           :        Biyung aku wedi, ayo mlayu wae biyung !   Mungel Playon Sanga Seseg, Sagopi lan Bratajaya mlajar lajeng dipun bujung wadya raseksa, mlebet wana.   PRATELAN : PLAYON SUWUK ANTAL LAJENG LAGON SANGA, DADOS PLAYON SANGA KASAMBET MEDALIPUN PANAKAWAN SAM I GEGOJEKAN LAN TETEMBANGAN :   ADEGAN KE-8 GORO – GORO POCAPAN : GORO – GORO TAHUN BARU ISLAM  1 MUHARRAM 1438  H Petruk               :          Assalamu’alaokum warahmatullahi wabarakaatuh ! Alhamdulillah, Ngaturaken puji syukur  dumateng ngarsa dalem Gusti Allah Dene awake dhewe kabeh, aku, kang gareng lan bagong isih biso ketemu MUHARRAM maneh ing tahun iki.   Bagong                :       MUHARRAM ki panganan apa truk, njaluk aku ! Gareng                :       oooo alah, bagong ki pancen nylekutis, bala balio bocah ki nek raine bunder, wetenge bulet tur  lambene ndhower sing di pikir mesti ming panganan wae !  Mbok uwong ki sing prasaja kaya aku iki, sanajan ana panganan mele-mele, yen ora di tawani yo ora njupuk ! Bagong               :        Heleh, ora njupuk nek isih akeh uwong, ning mengko yen wis sepi panganan sak wadah-wadahe disikat habis …. Malah soyo mbebayani !!!  Tak kandani yo reng, mangan ki yen ora di atur malah mbebayani bisa kena penyakit kaya awakmu, penyakiten gula, hawane kepengen mangan wae ning awake malah saya kuru …. !!!



Petruk                 :        Kang gareng kena sakit gula pa kang ??? Gareng                :       Iya truk, Aku sak iki berubah dadi pabrik gula e truk, Petruk                 :        Lho, maksude pabrik gula JATITUJUH po piye ? Gareng                :       Ora truk,  gula darahku ki sak iki wis tekan 500 je, sesok jarene arep mundak maneh dadi 750, di tambah maneh dadaku sak iki saya nyesek, paru-paruku wis kebak flex kabeh truk! Petruk                 :        Ojo pesimis kang, lan ojo males berobat, jaganen pola makanmu, ojo lali olahraga lan dilereni nggonmu ngrokok, coba tha wong sak mene iki akehe, mangewuewu uwong  siji  wae ora ono kang ngrokok kang, marga menyadari akan arti penting kesehatan untuk menyongsong kehidupan hari esok yang lebih baik. Hal ini pantas untuk kita jadikan suri tauladan yang baik bagi kita semua.   Tepuk tangan untuk Mahad Al-Zaytun Indonesia ………. Bagong               :        I ya kang gareng, bener kandane kang petruk, ngelingono anakmu 7 ijik cilik-cilik, butuh ragat lan kasih sayange wong tuo, ojo isone mung anak-anak, anakanaki ki cen kepenak, ning yen wayahe ngragati ojo njur pamitan mati, wis gek ndhang berobat ….. Gareng               :        yo gong, sesok aku tak berobat ben ndang mari sesekku.  Wah kelingan anak dadi tuwuh semangatku !!! Bagong               :        Lha rak ngono, dadi uwong ki ojo gampang nglokro, mandak kurang becik disawang anak putu ……..Tok sekolahke nengdi anak-anakmu kae kang ?? Gareng                :       Sing wedok 4, tak sekolahke neng Sekolah International Mahad AlZaytun kene, Pesantren Spirit But Modern System, Sekolahe sawangen dhewe, Jan Apik Tenan,  Sesok Anakku lanang sing 3 maneh cita-citaku yo bakal tak sekolahke neng Mahad Al-Zaytun supaya sehat, cerdas lan dadi anak yang berakhakul karimah berguna bagi Negara dan bangsanya. Wah jan, tak sawang Perkembangan Al-Zaytun tambah dino sangsoyo bertambah pesat, semangatnya dalam membangun terus berkobar dan tidak pernah padam, di bawah Pimpinan Syaykh Doctor Abdussalam Rasyidi Panji Gumilang kita berdoa Mahad AlZaytun semakin jaya dan Indonesia Semakin Kuat. Bagong                :       Iki mau aku ndelok menara masjid rahmatan dhuwure jan nglungkuli monas, monas iso ketilep ambles karo menara mesjid rahmatan lil ‘alamiin. Gareng                 :      Ora ngono gong, Tapi kita harus buktikan bahwa Inilah Generasi Indonesia Kuat, Harus Terus Lebih Baik Dari Para Pendahulunya. Petruk                  :       Yo mung welingku, ana bebasan sangsoyo dhuwur wit-witan sang saya dhuwur angine, doh ana sifat adigang adigung adiguna sopo siro sopo ingsun, margo biasane manungso iku yen di paring kelungguhan duwur setitik malah sok lali marang purwo duk sino



Bagong                :       Terus yen sekolah neng kene ragate piye reng ? Gareng                :       Wah yen bab nggon ragat kuwi kabeh bisa digoleki kabeh bisa diupayakake, awake dewe dadi wong tua iku kudo sembodo dadi pengayomane anak putu, ojo mandek anggone mbudidaya supaya generasine dhewe mbesuk dadi generasi yang kuat dan tangguh. Bagong                 :      iya kang. Bagong                 :      Iki awake dhewe kon pentas  ono ing Mahad Al-Zaytun ki, jane iki acara opo tho truk, trus iki mengko nompo bayar opo mung kerja bakti maneh ?? Mahad Al-Zaytun ki pancen hawane sejuk, ning yen ra nampa bayar dadi panisss ….. Petruk                 :        Iki acara Tahun Baru Hijriah Yang Ke 1438 yang bertujuan untuk memperingati perjuangan Rasulullah dalam mentegakkan kalimatillah di muka bumi ini.  Wis  ra sah mikir bayaran, mugo-mugo wae opo kang dadi gegayuan luhur para kadangku kabeh dalam meneruskan dan meneladani perjuangan Rasulullah tansah pinayungan dening Gusti Kang Akarya Jagad, digampangke lan dilancarke sak kabehing urusan.  Aamiin .. Mboten kesupen mas petruk ngaturaken penuwun ingkang tanpa upami dumateng para sponsor ingkang sampun paring pambyantu arupi menopo kemawon demi terlaksananya acara pentas wayang kulit ing ndalu meniko  : Ingkang Kaping Sepindah dumateng Grubiku Group : Sebagai Produsen dan Pemasar Produk Rakyat yang mengembangkan dan memasarkan kegiatan rakyat melalui pemasaran online dengan membuka online shop dengan domain : www.produkrakyat.org yang Alhamdulillah di Jogja menduduki rangking Papan Atas di Halaman Simbah Google, Dan Isya’allah sebentar lagi di Indonesia.  Monggo bagi sederek-sederek yang punya produk barang atau jasa silahkan bergabung di GRUBIKu GROUP biar semakin mantapp usahanya. Gareng             :          Usahane apa wae truk ? PetruK              :          Macem-macem, ana JUAL MINYAK GORENG KELAPA MURNI / minyak goreng tempo dulu, ANEKA CAMILAN GRUBIKu, PEMASANGAN BAJA RINGAN, PEMBUATAN DAN PERAWATAN KOLAM RENANG, JUAL ALAT KOLAM RENANG, JUAL OBAT-OBATAN, SEWA PERALATAN CATERING, JASA RIAS, KAMBING GULING, AQIQAH, PLAT NOMOR RUMAH, LAN SAKPITURUTE, POKOK E KABEH ANA JAN PEPAK KAYA PALUGADA ( APA LU MINTA GUA ADA ). “YANG BELUM DISEBUT DAN PINGIN DISEBUT PALING ATAS BESOK BISA NANGGAP MAS PETRUK SAKING BANTUL YOGYAKARTA” BAGONG          :          PIJET YA ANA ? Petruk              :           We la piye tho, Pijet ki sing paling laris dhewe Rangking 1 gong, Esok Sore, Siang Malam HP bunyi terus krang kring krang krong … podho njaluk di pijat mergo kekeselen. Bagong             :          PLUS PLUS YA ANA ? Petruk               :          YA ANA, E ORA ANA DING !



Bagong             :          ana apa ora ana ?? Jujur Truk, Nek Nganti Ana Sesok Kudu Tahkim kowe ! Petruk               :          NING NEK NENG PERPUTSI GRUBIKU GROUP, SUMPAH DI JAMIN ORA ANA, KUWI WIS DADI ATURAN NO GAY NO PLUS-PLUS,  BISNIS HARUS TETAP PAKAI ETIKA, THERAPIST WANITA MELAYANI WANITA, THERAPIST PRIA HANYA MELAYANI PRIA, BEN BERKAH. Gareng              :         E yo, Abot-abote kanggo nyukupi kebutuhaning urip sing nyatane yo ora setitik, kabeh kudu dilakoni kanthi ikhlas lan sabar. Petruk               :          Iya kang Ingkang kaping kalih, ngaturakeng agenging panuwun ingkang tanpa upami dumateng Team Kesenian Mahad Al Zaytun lan Sedaya Keluarga Besar Al Zaytun Ingkang Sampun Paring Pambyantu Arupi Menopo Kemawon Ngantos Kulo Sak Rencang Saget Pentas Wonten Ing Ndalu Meniko. Gareng              :         yo ra ketan satu dua lagu,  ben ra nyamem, mbok aku njaluk lagu sing kepanak, aku njaluk lagon pepiling ………………..…. Monggo bu!!!   Dados .. !!                                     ( …. gamelan tabuh…. Lagon pepiling …. )   Wis wancine tansah dielingake Wis wancine podo nindaake.. Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang Netepi wajib dawuhe pangeran.. Sholat dadi cagak ing agomo Limang wektu kudu tansah dijogo.. Kanthi istiqomah lan sing tumakninah Luwih sampurno yen berjama’ah.. Subuh Luhur lan ‘Asar Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar.. Maghrib lan ‘Isya’ jangkepe Prayogane ditambah sholat sunate.. Jo sembrono iku printah agomo Ngelingono neng ndonya mung sedelo.. Sabar lan tawakal pasrah sing kuoso Yen kepengin mbesok munggah suargo.. reff : KEMBALI KE ATAS ….. Bagong             :          Wah jan penak tenan, kulo nyuwon caping nggunung bu …. !!!



                                    ( …. Gamelan tabuh   … lagon caping nggunung …… )                                       Lirik lagu: Caping Gunung Dhek jaman berjuang Njur kelingan anak lanang Mbiyen tak openi Ning saiki ono ngendi Jarene wis menang Keturutan sing digadhang Mbiyen ninggal janji Ning saiki opo lali Neng nggunung Tak cadhongi sego jagung Yen mendhung Tak silihi caping nggunung Sukur biso nyawang Nggunung deso dadi rejo Bene ora ilang Nggone podho loro lopo REFF : KEMBALI KE ATAS…   Petruk               :          Aku yo emoh kalah, aku njaluk lagon dolanan wae, sluku-sluku batok  Monggo Bu, Dados ……………………….   SLUKU-SLUKU BATOK (dalam bahasa jawa/original) Sluku-sluku bathok Bathoke ela-elo sluku bathok Bathoke ela-elo Si Rama menyang Solo Oleh-olehe payung motha Mak jenthit lolo lobah Wong mati ora obah Nek obah medeni bocah Nek urip goleka dhuwit.



 dalam bahasa Indonesia  ‘Ayun-ayun kepala’ ‘Kepalanya geleng geleng’ ‘Si bapak pergi ke Solo’ ‘Oleh-olehnya payung mutha’ ‘Secara tiba-tiba begerak ‘Orang mati tidak bergerak’ ‘Kalau bergerak menakuti orang’ ‘Kalau hidup carilah uang’ english lyrics : ‘Swing-swing head’ ‘His head was shaking his head’ ‘The father went to Solo’ ‘By-by her umbrella mutha’ ‘All of a sudden stir ‘The dead do not move’ ‘If it moves to scare people’ ‘If life look for money’ Makna  yang tersirat dalam tembang dolanan “Sluku-sluku bathok” yaitu nilai religius. Dalam syair tersebut bermakna manusia hendaklah membersihkan batinnya dan senantiasa berzikir mengingat Allah dengan (ela-elo) menggelengkan kapala mengucapkan lafal laa illa ha illallah disaat susah maupun senang, di kala menerima musibah maupun kenikmatan, hidup mati manusia ditangan Allah, maka dari itu selagi masih hidup berbuat baiklah terhadap sesama, dan beribadah kepada Allah SWT karena Allah Maha segala-galanya, apabila sekali berkehendak mencabut nyawa seseorang, tak seorang pun mampu menolakkan.     Gareng              :         Sluku-sluku bathok, dadi kelingan jaman ku cilik mbiyen      truk Petruk                :         Kang gareng lan bagong, tak kandani yo, senadyan iki mung lagon dolanan nanging mengku surasa kang wigati kanggo nuntun marang akhlaqke awake kabeh. Bagong              :         Mengku surasa kang wigati kepriye truk, wigati endhi karo ngapalke juz amma ? Petruk                : Sluku-sluku bathok, tegese : bathuk sirahe dhewe iki perlu di rehatke utawa di istirahatke, aja nganti keporsir anggone mikir kadonyan, amargo yen diporsir bisa aus, stress lan macet daya pikire.



Bathoke ela-elo, tegese :  kanthi cara eling lan dzikir marang Gusti Kang Maha Kuasa, bakale bisa ngendokake syaraf lan mulihake daya pikire. Sirama menyang solo, Siram tegese sesuci utawa reresik ati lan pikiran tumuju menyang laku utami. Oleh-olehe paying motha, tegese sapa wae kang nindakake laku utami bakale pinayungan utawa anthuk pangayomaning Gusti Ingkang Akarya Jagad. Pak jenthit lolo lo bah, Elingo amarga pati tekane sak wanci-wanci datan bisa dicepetke lan direndetke sanajan among sak keeping netra, mulo awake dhewe kabeh kudu tansah eling lan waspada lan kudu tansah ngumpulake amal kabecikan kanggo sangu mati kang tekane sak wanci-wanci mau. Wong mati ora obah, tegese : wong kang ati lan pikirane ora obah utawa ora eling lan waspada bisa diarani wong kang mati senadyan ragane isih urip.                                     Yen obah medeni bocah, tegese : wong kang mati rasa lan pikirane yen obah bakale gawe rusak ono ing bebrayan agung, tumindak ala dianggep biasa, conthone : korupsi biasa, selingkuh biasa, tawuran biasa, oplosan biasa, narkoba biasa !!! Bagong          :             Wah, nek jaman sak iki wis ora cocok truk, kudu di rubah kuwi syaire ! Gareng          :             Dirubah kepiye gong ? Bagong          :             Ora medheni bocah, ning yen obah marahi bocah !  Jaman sak iki korupsi padha menular, selingkuh yo menular, tawuran yo menular, oplosan yo menular, narkoba meraja lela. Petruk            :             Amargo wiwit cilik ora di kenalke lagu sluku-sluku bathok iki, mulo ora padha wedhi kepara malah padha tiru-tiru marang tingkah laku kang ora becik. Yen urip goleko duit, tegese : urip iki urup, golek duit kang halal kanggo sangu urip lan gawe amal kabecikan tumraping bebrayan agung, conthone : nyukupi kebutuhane keluarga, nyekolahke anak, ngabekti dumateng tiyang sepuh, tetulung tangga teparu, shodaqoh fakir miskin lan anak yatim, lan sak piturute. Semar                :         eeee….. anak-anakku kabeh, ojo podho kelantur anggonmu podho seneng-seneng, iki bendarane dhewe ndhoro permadi lagi nandhang sungkowo,  eee ayo podho enggal sebo lhe … !! Gareng               :        nggih ma ! Petruk                :         nggih ma ! Bagong              :         Ya Bi !  



  PRATELAN : SAK SAMPUNIPUN GORO-GORO LAJENG SAMI SOWAN BENDARA NGAGEM PLAYON SANGA , KASAMBET ADEGAN PERMADI KAADHEP PANAKAWAN CATUR, PLAYON SUWUK ANTAL LAJENG LAGON SANGA JUGAG   ADEGAN KE-9 PERMADI – PANAKAWAN   SULUK : “Alon tata lenggahira, risang marta tameng dasih, misuda andana raras, Hong”.   Pocapan : Semar              :           Gus ndara Permadi, niki badhe tindak pundhi, kok sumengka tindake. Permadi          :           Kakang Semar Semar              :           E kulo gus Permadi          :           Aku kepingin nonton adon-adon ing Mandura, kabar kang tak tampa jare Kangmas Bratasena kang dadi jago Semar              :           E yen ngaten mangga engal mangkat, Gareng, Petruk, Bagong aja nganti keri. Gareng            :           Iya ma Petruk              :           Iya ma Bagong            :           Siap Bi   Kacarita Plajaripun Nyai Sagopi   Mungel Playon Sanga.  Nyai Sagopi Lan Bratajaya medal saking kiwa lajeng tanjep, gangsa suwuk sesek.



  ADEGAN KE-10 PERMADI – SAGOPI Pocapan : Permadi          :           Mengko ta Nyai, kena apa kok mlayu-mlayu sajak kami gilan.  Sejatine kowe iku sapa lan Kenya mburimu iku sapa ? Sagopi              :          Kulo meniko Nyai Sagopi saking Widarakandhang, dene niki anak kula pun Bratajaya.  Raden, kula dipun bujung yaksa saking Sengkapura, mila kula nyuwun pengayoman raden ! Permadi           :          Wis lerema tak pethukne butane.   Mungel Playon Sanga, Sagopi lan Bratajaya mlampah manengen, Yaksa Cakil lan Begal medal saking kiwa tancep.  Lajeng ada-ada Sanga.   ADEGAN KE-11 PERMADI – PRAJURIT BUTA   SULUK : “Hong, buta tata gati wisraya, indri yaksa sara maruta, hong. Hong”. Pocapan “ Cakil                :           Pasorot bangkong pincang celeng gembeles, radoen sapa jenengmu Permadi          :           Ora ana jeneng, kekasih kang katon Cakil                :           Kekasihmu sapa den ? Permadi          :           Aku Permadi, balik sapa sora pracekamu lan ngendi dhangkamu Cakil                :           Wadya bala Sengkapura, Ditya Gendir Penjalin.  Apa kowe ngerti buronku Permadi          :           Ora ana kidang menjangan kang lumayu Cakil                :           Dudu kijang menjangan beburonku nanging wanita loro cacahe



Permadi          ;           Ojo kok terusake lakumu, gelem bali apa ora ! Cakil                :           Eladalah, wani nrenggalangi lakuku, kelakon mati dening aku Permadi          :           Gendir pecah sirahmu   Playon Sanga, perang, buta-buta sami kawon, Playon suwuk   Pocapan : Sagopi             :           Raden, matur nuwun sanget sampun ngayomi kulo kekalih Permadi          :           Iya Nyai.  Wis saiki enggal balio butane wis padha mati, aku bakal neruske laku, lan ojo lali aku titip salam kanggo putramu Sagopi             :           Inggih Raden, ndherekaken kaluhuran   Mungel Playon Sanga, sedaya sami bidal.   Raden Narayana Kepanggih Raden Kakrasana Gangsa Suwuk Lajeng Lagon Manyura   ADEGAN KE-12 KAKRASANA-NARAYANA   “Meh rahina semu bang Hyang Haruna, kadi netrane angga rapuh, sabdaning kukila, ring kanigara saketer”.   Pocapan : Kakrasana        :          Narayana seka ngendi wae kowe, bocah enom kok lunga tanpa teges, bedo karo aku Narayana         :          Kangmas kakrasana kula sampun mangertos menawi kangmas nembe mawon nggenturaken tapa, angsal nugraha saking dewa wujud senjata sakti



Kakrasana        :          Lho kok si adhi malah wis ngerti Narayana          :         La Inggih, sanajan singidan gunung sap pitu kula temtu mangertos Kakrasana        :          We lah nyata waskita tenan Narayana         :          Kakangmas Kakrasana sak menika sampun wancinipun kula lan kangmas damel lelabuhan sae Kakrasana        :          Karepmu kepiye Narayana         :          Negari Mandura wonten saklebeting bebaya, mangga sami dipun belani Kakrasana        :          Ya, Yen ngono ayo enggal budhal   Playon manyura, Raden Kakrasana lan Narayana bidhal, Patih Suratimantra taksih perang kalian Bratasena lajeng sami kendel, gangsa suwuk.   ADEGAN KE-13 LANJUTAN PERANG SURATIMANTRA – BRATASENA   Pocapan : Suratimantra   :           Bratasena, nyata gedhe karosanmu Bratasena        :           Aja ngalem mungsuh, dandanana awakmu Suratimantra   :           Haaaah, gegulung dadi glepung   Mungel playon manyura perang, Suratimantra pejah kacuwek kuku pancanaka, kwandanipun dipun cemplungaken blumbang semangka lajeng gesang malih, mekaten makaping-kaping.  Raden Permadi prayitna lajeng caos pambyantu, blumbang semangka dipun cemplungi panah sarahagni satemah  toyanipun umob mawa racun, dupi kwandanipun Suratimantra dipun cemplungaken blumbang mboten gesang malih malah ajur dados lendhut.  Raden Kangsa soroh amuk kapapakaken Raden Kakrasana lan Narayana. Gangsa Suwuk, Ada-ada Galong.   ADEGAN KE-14



KANGSA DEWA – KAKRASANA NARAYANA SULUK : “Kontap kotamaning nata, mangeja aji wimbaning, O ….. Sri Kresna sotyaning jagad.  Hong”. Pocapan : Kangsa                   :                 Lha iki bocah loro sing dadi klilipku wis katon, he manuta tak tigas janggamu. Narayana              :                 Aja sesumbar, ya dina iki pesthimu bakal sirna Kakrasana             :                 Ora minggat pecah mustakamu   Playon Galong, perang.  Raden Narayana lan Kakrasana saged kapikut dening Kangsa, gangsa suwuk.   Pocapan : Kangsa             :           Ayo entekno budimu rawurung mesthi mati Kandha : Kacarita Raden Narayana saha Kakrasana wus katingkes dening sang Kangsadewa, prayitna satria kekalih sigra musthi sanjata Cakra lan Alugara, katamakaken jajane Kangsadewa, satemah gladrahan kwandhane, sirna merga layu. Playon Galong, Kangsa ketaman senjata dados sampak. Tancep kayon, suwuk.