LKS MATERI 3-Pawarta [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PIWULANG 3



PAWARTA



Kompetensi inti 1. Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya



Kompetensi dasar 1.2 menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugrah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks Pawarta 2. Menghayati dan mengamalkan perilaku 2.2 menunjukkan perilaku jujur disiplin, jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli tanggung jawab, peduli (gotong royong, (gotong royong, kerjasama, toleran, kerja sama, toleran, damai), santun, damai), santun, responsive dan proaktif dan responsive dan proaktif dalam menunjukkan sikap sebagai bagian dari menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk solusi atas berbagai permasalahan dalam teks Pawarta berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia 3. Memahami, menerapkan, menganalisis dan 3.2 menelaah teks Pawarta mengevaluasi pengetahuan factual, konseptual, procedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,kebangsaan, kenegaraan, dan, dan peradaban, terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan procedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah 4. Mengolah, menalar menyaji, dan mencipta 4.2menulis dan menanggapi teks Pawarta dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan diri yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri serta bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan



Indikator pembelajaran 3.2.1. 3.2.2. 3.2.3. 3.2.4. 1.2.1



Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks pawarta Menemukan pokok-pokok ii yang terkandung dalam isi teks pawarta Memberi tanggapan isi pawarta dengan bahasa sendiri Menganalisis struktur dan kaidah Menulis pawarta dengan bahasa sendiri



Ringkesan Materi A. Mangerteni Pawarta Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadeyan sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata: a. Bentuk cetak Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah Djokolodang, majalah Panjebar Semangat, lan sanesipun. b. Bentuk Siaran Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: Berita Bahasa Jawa TA TV, Berita Bahasa Jawa JOGJA TV, Berita Bahasa Jawa Radio Persatuan, Berita Bahasa Jawa TV Semarang, lan sak panunggalane. c. Liwat Internet Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa Jawa utawa pawarta basa Jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs sing nyawisake berita basa Jawa: Pawarta Bahasa Jawa, Sesorah Jawa, Kumpulan CeritaBahasa Jawa, Cerita Wayang Bahasa Jawa, lan sak panunggalane. Pawarta liwat internet iki ana jaman saiki luwih efektif. Saben wong bisa nulis pawarta upamane liwat media sosial fb, twitter, WA, Instagram, lsp. saiki malah akeh pawarta dilebokake ing grup-grup sosial media kaya dene Pigura Warga Batang, Pekalongan Info, lan liyaliyane. d. Bentuk Lisan Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.



Wondene manut jinise, pawarta kaperang dadi telu, yakuwi : a) Pawarta Padinan Pawarta dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane. b) Pawarta Ndinan Pawarta ndinan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan Presiden ing Batang, lan liya-liyane. c) Pawarta Crita Pawarta crita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo



hiburan



utawa



selingan.



Tuladha:



crita



objek



wisata,



crita



bab



kesenengan/hobby, lan liya-liyane. B. Unsur-unsur Pawarta Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan. a. Apa



= Kedadean apa sing bakal dicawisake.



b. Sapa



= Sapa sing ngalami kedadean kasebut.



c. Kapan



= Kapan kedadean kasebut dumadi.



d. Kepriye



= Kepriye kedadean kuwi bisa dumadi .



e. Nengndi



= Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.



f. Kenangapa



= Merga apa kedadean kasebut dumadi.



Peling! Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H. Warta kang becik kudu nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual (anyar), faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.



C. Tuladhane Pawarta Sakwise mangerteni apa-apa kang ngenani Pawarta, saiki gatekna tuladhane pawarta ing ngisor iki!



a. Pawarta Padinan SISWA NGEBUT KETLINDES TRUK



Nduwe pangangkah nyalip truk gandheng ndamel Margono umur pitulas (17) taun murid SMK N 5 Batang, Jawi Tengah nglintu kacilakan. Korban ketlindes truk gandhengan ing Jl. Raya Tulis, Batang, dinten Slasa, 29 Mei 2018. Informasi ingkang dipunkempalaken mastanekaken, kala menika korban ingkang nitih montor mlayu santer saking arah wetan nuju kilen. Rikala dumugi wonten TKP penere ing ngajeng Pondok Modern “Selamat”korban ingkang nitih Honda Mega Pro kanthi plat nomer G 1098 VC warga Wates, Wonotunggal badhe nyalip truk gandheng.Nanging amargi kondisi radi cupet uga kahanan lalu lintas ingkang padet, korban nyenggol gandhengan truk. Pawingkingipun, korban dhawah dhateng arah kiwa mlebet ing kolong gandhengan truk. Badan korbanb. Pawarta lajeng Ndinan ketlindes



rodha



gandhengan



Kecelakaan



ndamel



kahanan



menika



sempat



truk



lalulintas



ngantos wonten



tilar jalan



raya



ing Tulis



panggen. macet.



Kahanan lalu lintas enggal lancar saksampune korban uga truk gandheng ingkang kacelakan disingkirake dening panjejibahan. Kasus kecelakaan ingkang ngenani pelajar niki taksih dipuntumindakake penyelidikan Unit Laka Polres Batang. Panjejibahan sampun numindakake olah TKP mawi nggambar kronologi kecelakaan ing aspal.



Sumber : http://www.sesorah.com/2016/01/contoh-berita-bahasa-jawa-krama.html



GLADHEN ! Gaweya pitakonan kang ngemot 5W+1H adedasar pawarta kasebut! Banjur diijolke marang kanca jejermu kanggo mangsuli!



b. Pawarta Ndinan



Presiden Jokowi Badhe Tindak Dhateng Pusat Teknologi AS



Presiden Joko Widodo (Jokowi) dipunmestikaken bakal tindak wonten puser teknologi AS ing Silicon Valley ing surya 16-17 Februari 2016 samangkih. Kerawuhan kesebat dijadwalke saksampune Presiden bibar saking ajang Konferensi tingkat inggil ASEAN-AS.Informasi ngenani kunjungan Presiden Jokowi dhateng Silicon Valley piyambak kasumarepan saking jadwal acara ingkang dipunparakaken dening Ismail Cawidu, Juru ginem Kementerian Komunikasi uga Informatika. Menteri Komunikasi uga Informatika Rudiantara ugi ngleresaken prungon ngengingi kunjungan kesebat."Rencanane mekaten," miturut jaler ingkang akrab ditimbali Chief RA niki. Lebet jadwal menika Panjenenganipun, Presiden Jokowi dipunginemaken bakal kepanggih kaliyan diaspora saking Indonesia ing surya kaping 16 wulan Februari 2016. Lajeng enjingipun, Presiden Jokowi enggal ngunjungi kantor-kantor upadosan teknologi. Mapinten-pinten ing antawisipun, kantor ageng Facebook, Google, uga Twitter.Kesempatan niki badhe dipunginakaken konjuk kepanggih kaliyan CEO upadosan-upadosan ing bidang IT. Lebet kunjungan kesebat, Presiden dijadwalaken ngrembag perkembangan industri ecommerce, khususe wonten Indonesia.Menawi kelampahan, mila kunjungan datheng Silicon Valley niki bakal dados ingkang sepindah konjuk Jokowi.Taun lajeng, Presiden Jokowi saleresipun sampun dijadwalaken konjuk tindak wonten puser teknologi AS kesebat, nanging sande amargi masalah kabut asap ingkang meliputi mapinten-pinten daerah ing Indonesia. Presiden Jokowi badhe tindak wonten pusat teknologi AS.



Sumber: http://pawartabahasajawa.blogspot.co.id/2016/02/presiden-jokowi-badhe-tindak-wonten-pusattekonologi.html



1. Sebutna pokok-pokok isi pawarta ing dhuwur! 2. Kepriye panemumu ngenani isi pawarta ing dhuwur? 3. Gaweya limang pitakonan ngenani isi pawarta ing dhuwur! c.



Pawarta Crita Kanggo pawarta Crita, mangga para siswa njajal gawe pawarta nganggo basane dhewe. Pawarta crita bisa awujud pawarta ngenani panggonan wisata, kuliner, kesenian, adhat lan sapanunggalane.



____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________ ____________________________________________________________________



D. Nulis Pawarta Peling! Nalika arep nulis pawarta kudu nggatekake 5W+1H. Saka rumus kasebut mangka dadi cengkorongan. Nuli saben cengkorongan diolah supaya dadi ukara kang becik lan kepenak diwaca. Nulis pawarta kudu adhedhasar kasunyatan (fakta), lan kedadeyan anyar (aktual).



1. Goleka prastawa utawa kedadeyan-kedadeyan bab apa wae kang lagi dadi kembang lambe ana ing sakupenganmu! 2. Tindakna wawancara kang ngemu 5W+1H marang pawongan kang ana sambung rakete karo kedadeyan mau! 3. Adhedhasar informasi kasebut, gaweya teks pawarta kang becik! 4. Tulisen teks mau ana ing bukumu, uga ketik ana ing facebook-mu banjur di upload lan tandai fb-ne gurumu!



Kagunan Basa A. Tembung Garba Tembung garba uga diarani sandhi, yaiku tembung loro utawi luwih kang digandeng, nanging nyudha cacahing wanda. Tembung-tembung iki kathah sanget digunakake ing sesorah utawa panyandra. Ancase migunakake tembung garba yaiku supados basane ketingal (katon) endah. Tuladha : ana + ing = aneng Kadi + kaya = kadya Kalih + lan = kalyan Lebda + ing = lebdheng Prapta + ing = prapteng Murba + ing = murbeng B. Bebasan Bebasan yakuwi unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake kaanan/sipate wong utawabarang. Tuladha :  Njagakake endhoge si blorok Tegese : Ngarep-arep samubarang sing durung mesthi  Anak polah bapa kepradah Tegese : Wong tuwa nemu reribed merga polah/tingkahe anake  Adigang, adigung, adiguna Tegese : Ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane  Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot Tegese : Yen wis tinakdir (jodho), kayangapaa mesthi bakal klakon  Diwenehi ati, ngrogoh rempela Tegese : Wis diparingi, ndadak nyuwune sing luwih maneh



 Durung pecus, kaselak pesus Tegese : Durung sembada wis kepengin sing ora-ora  Emban cindhe emban siladan Tegese : Siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)  Kakehan gludhug kurang udan Tegese : akeh ngomong nanging ora ana nyatane  Keplok ora tombok Tegese : Melu seneng-seneng, nanging ora gelem cucul wragad  Nguyahi banyu segara Tegese : Aweh marang wong kang nduweni luwih  Nglungguhi klasa gumelar Tegese : Kari nemu kepenake, ora melu rekasane



A. Wangsulana pitakonan ing ngsor iki kanthi menehi tanda ping (X) ing antarane A, B, C, D utawa E sing kokanggep paling bener! Wacan kanggo nomer 1-5 Basa Jawa Ilang, Jatidhiri Mati Dwija lan Rohaniawan, Romo Benny medhar andharan babagan nolak kurikulum 2013 ing Kantor Indonesia Corruption Watch (ICW), Jakarta, Rebo (5/12). Owah-owahan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dadi Kurikulum 2013 kabiji bakal ngorbanake para siswa lan guru ing Indonesia. Warta kang sumebar sawetara dina pungkasan iki mratelakake lamun wulangan Basa Jawa bakal kajabel saka kurikulum pendhidhikan formal bebarengan kaleksanane Kurikulum 2013. 1. Saka wacan kasebut, sapa asmane tiyang kang paring panyaruwe? A. Dwija D. Mentri Pendhidhikan B. Rohaniawan E. Kepala Sekolah C. Romo Benny 2. Ana ing ngendi kedadeyan ing pawarta kasebut? A. Kantor ICW, Jakarta D. Kantor Indonesia Lawyers Club B. Kantor KPK, Jakarta E. Kantor DPR, Senayan C. Kantor Gubernur Jateng 3. Pawarta ing dhuwur ngrembug babagan perkara apa? A. Nolak owah-owahan kurikulum 2013 dadi KTSP B. Nolak owah-owahan kurikulum KTSP dadi Kurikulum 2013 C. Nolak yen kurikulum KTSP ora diowahi



D. Ndukung kaleksanane Kurikulum 2013 E. Ndukung yen Kurikulum KTSP digenti 4. Kapan kedadeyan ing pawarta kasebut? A. 12 Mei D. 15 September B. 12 April E. 5 Desember C. 5 November 5. Apa kang njalari Kurikulum 2013 ditolak? A. Merga sinaune bakal luwih kepenak B. Merga basa Jawa bakal dadi luwih becik C. Merga basa Jawa bakal ditambahi jam pelajarane D. Merga basa Jawa bakal ilang bebarengan lumakune Kurikulum 2013 E. Merga pelajaran kabeh bakal diilangake 6. Ing ngisor iki kang ora kelebu panutupe pawarta yaiku .... A. nglangut D. puncak B. arupa dudutan E. Gamblang C. arupa ringkesan Wacan kanggo nomer 7-9 Dina Minggu (11 Mei 2014) masyarakat tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung dening Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani Upacara Wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno. Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. 7. Pawarta kasebut ngrembug babagan .... A. Upacara nyadran D. Upacara wiwitan B. Upacara tingkeban E. Upacara mantenan C. Upacara tedhak siten 8. Pokok isine pawarta kasebut yaiku .... A. Wakil Bupati Bantul ngrawuhi upacara wiwitan dina Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis Bantul. B. Upacara wiwitan dianakake nalika arep nandur pari ing sawah minangka panyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya tandurane ora kena ama lan alangan. C. Masyarakat tradhisi Bantul disengkuyung mahasiswa ISI Yogyakarta nganakake upacara wiwitan Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. D. Upacara wiwitan diwiwiti kanthi njupuk pari duweke warga Bulak Pangkah, didumake marang kadang tani, banjur sega wiwit didongani ing lapangan lan didumake marang warga. E. Masyarakat Tradisi Bantul disengkuyung mahasiswa ISI Yogyakarta nganakake upacara merti desa Minggu, 11 Mei 2014 ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. 9. Tembung “dipunsengkuyung” nduweni teges padha karo .... A. ditolak D. dilakoni B. didukung E. diedohi C. diwenehi



10. Ing ngisor iki kang ora kelebu tuladha pawarta dadakan yaiku …. A. Pawarta objek wisata D. Kebakaran B. Kacilakaan motor E. Banjir C. Banjir B. Garapen manut prentahe! 1. Kepriye kang diarani pawarta kang becik kuwi? _______________________________________________________________________ _______________________________________________________________________ _______________________________________________________________________ _______________________________________________________________________ _______________________________________________________________________ 2. Apa wae bentuke pawarta lan kepriye bedane? ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ 3. Gaweya tuladhane pawarta Padinan sakpargraf wae! ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ 4. Gaweya rong ukara kang saben sak ukarane ngemot tembung garba! ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ 5. Gaweya paragrap isi crita kang ing sajrone ngemot bebasan! ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________ ______________________________________________________________________