MC Khataman [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Teks Master Of Ceremony (des,2020) Assalamu’alaikum warohmatullohi wabaraokatuh  Hadrotal



muhtaromin, poro ‘alim ulama wabil khusus dhumateng ibu Ny.H. Hani



maftuhah saking Temanggung ingkang tansah kito ajeng-ajeng fatwa-fatwanipun  Dhumateng romo KH.Mukhlis Sufyan selaku pengasuh Pon.Pes.Pemb.Miftahul Huda, dhumateng romo KH>Munaji Abdul Qohar selaku pimpinan Pon.Pes.Pemb.Miftahul Huda ingkang tansah kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmunipun. Sumrambahipun dhumateng sedoyo pengasuh Pon.Pes.Pemb.Miftahul Huda ingkang tansah kito cadong barokah ‘ilmunipun.  Al-mukarromun poro hamilul Qur’an Jam’iyyah Qurro Wal Huffadz ingkang kito hormati.  Sedoyo wali santri Pon.Pes.Pemb.Miftahul Huda ingkang kito hormati.  Poro rawuh ingkang dipun mulyaaken dening Alloh SW.



Puji syukur tansah kito aturaken dhumateng ngarso dalem Alloh SWT biqoulina alhamdulillahirobbil’aalamin, wonten katah barokahipun ingkang sampun maringi mapintenpinten kenikmatan dhumateng kito sedoyo, sehinggo kito saged makempal wonten ing panggenan pengaosan Haflah Ikhtitamul Qur’an wal Kutub. Sholawat soho salam mugi tansah tumanduk dhateng ngarsonipun gusti kito Nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun nuntun lan mbekto kito saking kawontenan peteng dhumateng kawontenan ingkang padhang. Hadirin hadirin rohimakumulloh Keparengo kawulo minongko pranoto adicoro ngaturaken runtutipun adicoro ingkang badhe kito laksanaaken sesarengan wonten ing siang meniko. Dene runtutipun adicoro inggih meniko : 1. Ongko kaping setunggal, Pambuka adicoro 2. Ongko kaping kalih, waosan ayat suci Al-Qur’an 3. Ongko kaping tigo, sambutan-sambutan 4. Ongko kaping sekawan, waosan sholawat dipun terasaken prosesi khotmil Qur’an 5. Ongko laping gangsal, Doa Khotmil Qur’an



6. Ongko kaping enem, prosesi wisuda khotmil Qur’an dipun terasaken seserahan syahadah dhumateng poro khotimat kanti simbolis 7. Ongko kaping pitu, pengaosan ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun ibu Ny.H.Hani Maftuhah saking Temanggung. Hadirin hadirot rohimakumulloh



 monggo adicoro meniko kito



bikak kanti waosan ummul kitab, lirridhoillah



walisyafa’ati risulillaah. Al-fatihah.



 Ndungkap adicoro ingkang sak lajengipun ingggih meniko waosan ayat suci al-Qur’an , ingkang badhe dipun asto dening penjenenganipun ibu Tuti Murthosimah. Dhumateng panjenenganipun ibu Tuti Murthosimah dipun sumanggaaken. Dhumateng panjenenganipun ibu Tuti Murthosimah dipun aturaken agunging panuwun.



 Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan-sambutan. 1. Sambutan ingkang kaping kalih saking atas nami Pengasuh Pon.Pes.Pemb. Putri Miftahul Huda ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah. Dhumateng panjenenganipun ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah dipun sumanggaaken. Dhumateng panjenenganipun ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah dipun aturaken agunging panuwun 2. Sambutan ingkang sepindah inggih meniko saking atas nami Bupati Cilacap ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun bapak H.Tato Suwarto Pamuji. Dhumateng panjenenganipun bapak H.Tato Suwarto Pamuji dipun sumanggaaken. Dhumateng panjenenganipun bapak H.Tato Suwarto Pamuji dipun aturaken agunging panuwun. Hadirin hadirot rohimakumulloh Ndungkap adicoro ingkang saklajengipun inggih meniko waosan sholawat dipun terasaken Prosesi Khotmil Qur’an Pon.Pes.Pemb.Putri Miftahul Huda Cigaru 1 Majenang. Dhumateng ingkang kawogan sumonggo.....  dipun wiwiti khotimat Bil Khifdzi ingkang wonten 5 khotimat. 1. Siti Mutiah binti bapak Nasihin, Wanareja Cilacap 2. Syarifatul Mila binti bapak Ngarsis Aminudin Kedungreja Cilacap



3.



Ismi Malihah biti bapak H.Hasan Basri Pananjung Pangandaran.



4. Uswatun Khasanah binti bapak Risman. Cipari Cilacap 5. Chamina maghits maulay binti bapak Chayatul Makki (alm) Ajibarang Banyumas Dipun lajengaken khotimat Binnadzri ingkang wonten 198 khotimat. Mboten supe sedoyo khotimat nyuwun tambah doa pangestu saking poro rawuh sedoyo mugi-mugi pikantuk ilmu ingkang manfaat fiddini waddunya wal akhiroh. Allohumma Aaamiiin. Salam penghormatan ‘Audzubillahiminasyaithonirrojim – Bismillahirrohmaanirohim Waidzaaqurial Qur’anufastami’u lahu ..... “naliko dipun waosaken ayat-ayat al-Qur’an monggo sami mirengaken lan nggatosaken supados panjenengan sedoyo dipun rahmati dening Alloh SWT



 Dipun suwun kanti hormat dhumateng poro rawuh supados mboten mundut gambar naliko khataman saweg dipun lakasanaaken. , lirridhoillah walisyafa’ati risulillaah. Alfatihah. Hadirin hadirot rohimakumulloh  Dipun wiwiti khotmil Qur’an Bil Khifdzi ingkang badhe maos Q.S Al-Fath awit ayat 1 dumugi ayat 9 lan ayat 29. Dhumateng khotimatul Qur”an Bil Khifdzi dipun purih. Mekaten kolo wau khotmil Qur’an Bil Khifdzi ingkang sampun kito dereaken sesarengan. Dhumateng khotimatul Qur”an Bil Khifdzi dipun aturaken agunging panuwun.  Dipun lajengaken khotmil Qur’an Binnadzri ingkang badhe maos Q.S Al-Muzzammil awit ayat 1 dumugi ayat 20. Dhumateng khotimatul Qur’an Binnadzri dipun purih. Mekaten kolo wau khotmil Qur’an Bil Binnadzri



ingkang sampun kito dereaken



sesarengan. Dhumateng khotimatul Qur”an Binnadzri dipun aturaken agunging panuwun.  Dhumateng khotimatul Qur’an binnadzri dipun purih lenggah wonten papan ingkang sampun kasediaaken



(NGATURI KAUNINGAN !!)



Dhumateng wali santri khotimatul qur’an binnadzri kasuwun tetep pinarak wonten arena khataman lan ndereaken pengaosan ingkang sak mangke badhe dipun laksanaaken saksampunipun khataman.



Juz ‘Amma Masuk



: dipunlajengaken khotimat juz’Amma ingkang wonten 111



khotimat. Mboten supe sedoyo khotimat nyuwun tambah doa pangestu saking poro rawuh sedoyo mugi-mugi pikantuk ilmu ingkang manfaat fiddini waddunya wal akhiroh. Allohumma Aaamiiin Hadirin hadirot rohimakumulloh  Dipun lajengaken khotmil Qur’an Juz’amma ingkang badhe maos Q.S Attakatsur dumugi Q.S An-Nas. Dhumateng khotimatul Qur”an Juz’amma dipun purih. Mekaten kolo wau khotmil Qur’an Juz’amma ingkang sampun kito dereaken sesarengan. Dhumateng khotimatul Qur”an Juz’amma dipun aturaken agunging panuwun. Hadirin hadirot rohimakumulloh  Adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko Doa Khotmil Qur’an. Ingkang badhe dipun imami dening panjenenganipun ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah. Dhumteng ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah dipun sumanggaaken. Dhumteng ibu Ny.H.Bidayatul Hidayah dipun aturaken agunging panuwun.  Adicoro ingkang sak lajengipun inggih meniko waosan sholawat Nabi. Poro rawuh dipun aturi jumeneng. Hadirin hadirot rohimakumulloh  Adicoro ingkang saklajengipun inggih meniko prosesi wisuda khotmil Qur’an dipun terasaken seserahan syahadah dhumateng poro khotimat kanti simbolis.  Dipun wiwiti seserahan syahadah dhumateng khotimat juz’amma ingkang badhe dipun wakili dateng ukhti karimah 1. Ukhti karimah Fatiya Nurhasanah binti bapak Nurudin Majenang Cilacap 2. Ukhti karimah Dewi Sefiyaningsih binti bapak Solihun sidareja Cilacap Dhumateng ibu ........ dipun sumanggaaken. Dhumateng ibu.......... dipun aturaken agunging panuwun



 Ingkang saklajengipun inggih meniko seserahan syahadah dhumateng khotimat binnadzri ingkang badhe dipun wakili dateng ukhti karimah : 1. Citra dewi maharani azzahro binti bapak Gunadi Cipari Cilacap 2. Selmi Sa’adatul Kamilah binti bapak Emad Muhammad Basri Garut jawa barat Dhumateng ibu ........ dipun sumanggaaken. Dhumateng ibu.......... dipun aturaken agunging panuwun  Dipunlajengaken prosesi wisuda khotimat 30 juz bil Khifdzi 1. Ukhti karimah Uswatun Khasanah binti bapak Risman. Cipari Cilacap 2. Ukhti karimah Siti Mutiah binti bapak Nasihin, Wanareja Cilacap 3. Ukhti karimah Chamina maghits maulay binti bapak KH.Chayat (alm) Ajibarang Banyumas 4. Ukhti karimah Ukhti karimah Syarifatul Mila binti bapak Ngarsis Aminudin Kedungreja Cilacap 5. Ukhti karimah Ismi Malihah biti bapak H.Hasan Basri Pananjung Pangandaran. Dhumateng ibu ........ dipun sumanggaaken. Dhumateng ibu.......... dipun aturaken agunging panuwun Hadirin hadirot rohimakumulloh Adicoro ingkang kaping pitu inggih meniko pengaosan ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun



ibu



Ny.H.Hani



Maftuhah



saking



Temanggung.



Dhumateng



panjenenganipun ibu Ny.H.Hani Maftuhah dipun sumanggaaken. Dhumateng panjenenganipun ibu Ny.H.Hani Maftuhah dipun aturaken agunging panuwun. Hadirin hadirot rohimakumulloh Alhamdulillah runtutipun adicoro Haflah Ikhtitamul Qur’an Pon.Pes.Pemb.Putri Miftahul Huda sampun paripurno. Mboten supe sedoyo khotimat nyuwun tmbah Doa pangestu saking poro rawuh mugi-mugi manfaat fiddini wadunya wal akhiroh. Allohumma Aamiin. Kawulo minongko pranoto adicoro nyuwun agunging pangaksami. Wallohulmuwaffiq ilaa aqwamithoriiq Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh