Naskah Abimanyu Krama Bambang Senet [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

NASKAH LAKON ABIMANYU KRAMA (BAMBANG SENET) Flas back (Abimanyu membayangkan siti sendari) BAMBANG SENET Nimas jejimating tilam sari, sawang purnama cahyanira sidik sorotmu mantesi, gumebyar gilar-gilar tejamu amimbuhi, liringira pandam kamarutan satemah kawawa mrawasa telenging kayun. sutra tigya mirah ingsun wijohan karya lelungit ngrenggani liring sasmita. sira yayi mirah pepujanku ingkang sawang retna pangesthi yayi…. mara waspadakna pasuryane pun kakang wong ayu.. lumahing jagat kureping langit ora ana wanodya kang tak tresnani kejaba sira wong ayu.. ENDANG LARA TEMON Menapa estu pangandika paduka menika kakang mas, Adakan piyayi kakung menika senengane mblenjani janji, BAMBANG SENET Rerenggan kahyangan, pepasrening jagat prayata tan bisa mbabar kaendahan. Rembulan kae katon rengu, lintange lesu, langit biru dadi sintru, merga sor prebawa marang citramu wong ayu.. ENDANG LARA TEMON Kenging menapa saben-saben kakang mas pepanggihan kalian kula, muhung sinungging pangungrum memalat sih angrumpaka sastra asmara, endahing basa memanis pangeran.. BAMBANG SENET ya gene sira takon mengkono, nyatane katresnanku marang sira wong ayu ngungkuli gedhene gunung mahameru ENDANG LARA TEMON Kula mboten maiben, bebasan keplok mboten asta sajuga, tanceping sih paduka kepara maksih kaungkulan agenging kasetyan kula, ingkang nyata linambaran katresnan jati dateng paduka kakang mas BAMBANG SENET Aja menang menangan gedhe aku katresnane..



ENDANG LARA TEMON Ageng kula BAMBANG SENET Gedhe aku.. ENDANG LARA TEMON Nanging nyatanipun maksih ageng kasetyan kula BAMBANG SENET Iya ya yayi, ayo pada ndedonga, muga-muga gusti ngijabahi katresnanku lawan siadi, bisa manunggal dadi sawiji. Prasetyaning atiku yen nganti wurung anggonku nggarwa marang siadi luwih becik pun kakang tumeka ing pati.. ENDANG LARA TEMON Ngaturaken panuwun, dene semanten agunging sih paduka kakang mas angkawidasa dateng kula pun siti sendari. Prasetyaning manah kula mboten ngemungaken wonten ing ndoya kemawon nadyan dumugi ing delahan kula badhe setya mring paduka kakang mas angkawidasa. Kula entosi rawuh paduka wonten ing negari dwarawati, nglamar marang ingkang rayi pun siti sendari kakang mas => sampak SEMAR DATANG SEMAR Ae… ae.. mbregegeg ugeg ugeg sadulita hemel hemel.. Anakku cah bagus angkawidoso.. aku wus tanggap lawan panjeriting atimu. anggonmu gandrung-gandrung kapirangu, kepingin nggarwa marang atmajane sinuwun prabu ing dwarati ending lara temon. Nadyan sira iku, mung anake wong kang sudra sempali, kepingin nggarwa marang anake ratu, nanging aku percaya yen pancen wus jodho mono ora bakal kurang marga, Mula kowe aja kendhat anggonmu ndedonga, supaya gusti ngijabahi apa kang dadi gegayuhanmu cah bagus. BAMBANG SENET Nuwun inggih rama semar, sendika ngestoaken dawuh paduka



SEMAR e… aku sing bakal dadi tali, aku kang bakal dadi tali panyambunging katresnanmu. Ana bebasan anak polah, bapa kudu kepradah. Aku kang bakal mbudidaya supaya kasembadan gegayuhanmu, mengku jejantunge atimu ending lara temon BAMBANG SENET Ngaturaken panuwun kanjeng rama… Namung pangestunipun kanjeng rama semar ingkang anjurung kasembadaning gegayuhan kula saget mondong kang dados jejantunging manah kula. SEMAR Ae.. Iya..ya ngger… Tresna kuwi sipate tulus lan suci, dosa apa kang bakal tak sandang yen nganti pun aku ora jumurung. e.. ngger petruk PETRUK Ana dawuhmu Apa Ma, nimbali anakmu petruk. SEMAR e.. ngger sira sowana marang kraton dwarawati, matura ngarsaning sinuwun sri bathara kresna, menawa anakku si bambang senet kepingin mengku putrane yaiku ending lara temon.. PETRUK Mengke riyin pak, napa inggih kinten kinten badhe dipun tampi, ingatasing anak bapak semar, kok badhe ngayunaken putra nalendra dwarawati. SEMAR e… ngger… Sing baku sira budhala wae, perkara ditampa apa ora kuwi manut karo ketrimane adimu si bambang senet, Bagong kowe ya melua petruk sowan marang Negara dwarawati.. BAGONG Waduhh.. cilaka iki.. awakku ra penak je… PETRUK Yen pancen ngoten, kula nyuwun pamit bakal sowan ana ing Negara dwarawati ma.. SEMAR



Iya-ya yayi ngger,,, petruk sing prayitna ngati-ati.. aja kaya bocah cilik => srepeg (padha budhal) Pocapan Kocap kacarita.. ganti kang winuwus.. ora kaya kang ana kasatriyan saroja binangun, nenggih narpa putra ngastina raden lesmana mandrakumara kang lagya ngengleng, labet kedanan marang citrane ending lara temon.. nyalemong ndaleming slagane.. jejogetan jengklekan srampat candrane Srampat => lesmana jogetan + mendem LESMANA Aduh duuuuhhhhh…. ….. nduk ending lara temon….. nok wong ayu.. aku cinta padamu.. ayo imbangana katresnanku nduk… Dhuh denok gandolaning ati.. tegane nyulayani… Wong kok ayune sesigar jagat.. wong ayu kok keliwat ukuran… wiwit pucuking rambut nganti jempoling sikil kok ora ana gethek cirine.. rambutmu ngandan andan. Alismu wulan tumanggal, irungmu ngrungih, lambemu mblingir… kaya enak-enaka yen dimut.. hahaha aduh yung…. Susune nyengkir gading.. bodimu nggitar sepanyol.. bokonge semok bahenol…suwaramu kaya sinden tayup,, hahaha pokoke jan MASUUKK PAK EKO!!!!!! Ubayaning atiku tinimbang ora klakon ngrabi kowe nduk ending luwih becik aku golek liyane…. SENGKUNI We lha,, mendem bocah iki… LESMANA Nduk cah ayu…. imbangana katresnanku nduk… aku tresna kowe ndukkk….. ibarate yen kowe dadi kembang aku sing dadi kombange, supaya aku bisa ngentup kowe sabendina.. Yen kowe dadi ban aku dadi kompone,, ben aku bisa ngompa kowe mbok… mak cengkik..cengkik.. ngono nduk… hahaha



Kaya ngene rasane wong kebacut tresna….. yen tan weruh sedina kaya setaun.. sarung jagung abot rasaku SENGKUNI Lho lha kendange telat…. He.. le… hus.. hus.. eling… eling… Wa… wes entek pirang gendul iki mau, kok nganti mripate mlilik abang mbranang kaya mengkono… LESMANA Hem… sampeyan sinten… SENGKUNI Lha rak apa ta… karo mbahe dewe malah pangling.. aku patih ngastina.. ngerti ora.. ( ngertos) sapa??? LESMANA Patih gajah mada… SENGKUNI Gajah mada dengkulmu kuwi.. sang maha patih haryo sengkuni.. patih sing paling pinter dewe sak ndonya.. LESMANA Nggih yang patih.. sampeyan pancen patih pinter dewe sak ndonya.. patih sing pinter megatne wong niku nggih sampeyan.. patih Bandar othok…hahaha (hus lambemu) ngga ngunjuk… mendem yang..hahaha SENGKUNI Kowe ki anak ratu kok bengok bengok,jogetan turut ndalan.. LESMANA kula mang rabekne kalih nduk ending lara temon yang… yen nganti kula mboten saget rabi kalih nduk endang becik kula mati mawon yaaangggg…. Estu niku man SENGKUNI iya aku percaya wong ki nek lagi kedanan ya ngono kuwi.. Ngger lesmana aja cilik atimu.. iki ana trontong-trontong pepadang bakal kasembadan gegayuhanmu, mangertiya iki mau keng rama sinuwun prabu duryudana wus nyraya sinuwun baladewa, supaya



nglamarake ending lara temon marang dwarawati bakal kadaupake klawan kowe. mangka prabu baladewa kuwi kakangne prabu kresna, yen kakange sing nglamar tangeh lamun prabu kresna bisa nduwa keparenge sinuwun ing mandura. Mula kang saka iku, aku bisa mestekake bakal kasembadan gegayuhanmu mondong ending lara temon.. LESMANA Lha dalah.. hahahaha… matur nuwun yang… yen ngoten bakal kelakon gegayuhan kula duwe bojo ayuuu yang… SENGKUNI Iya pancen mangkono LESMANA Ngga yang kula selak mboten kiyat, pengen mondong genduk ending yangggg… SENGKUNI Mula kang saka kuwi, kowe tata-tataa ayo enggal nderekake sinuwun baladewa marang Negara dwarawati.. LESMANA Ngih.. mangga kula derekaken yanggg… => sampak Budhalan kurawa



JEJER DWARAWATI Dayohan prabu Baladewa, Sengkuni Bage –binage PATHETAN NEM JUGAG Myat langening kalangyan aglar pandam muncar Tinon lir kekonang o… Surem soroting tan padang Ka.. sor.. lan pajaring o… Purnameng gegana dasare mangsa ketiga… BALADEWA Yayi prabu andadekna kawruhanira yayi. Sumengka pengawak bajra praptaning pun kakang mandura ana ing praja dwarawati iki, kang sepisan, Pun kakang tetinjo tata tentreming praja dwarawati sakukuban, genepe kang dwi prakara yayi, pun kakang nuruti onenging tyas, oneng tegese kangen, wus watara candra pun kakang nora sapatemon lawan paduka yayi prabu ing dwarawati. Dene ndungkap tri wigati yayi.. dene praptane pun kakang iki bakal najihake kabar kang wus tak tampa. Yaiku ujaring mbok bakul sinambi wara warta kang binandhunging karna, miturut kabar kang tak tampa yenta dina iki yayi kresna darbe putra angkat ingkang nama ending lara temon.. Kabar iku mau pancen nyata, apa mung kabar ngayuwara yayi KRESNA Nuwun inggih kaka prabu.. estunipun kepara leres kabar ingkang paduka tampi, bilih nalika kula wonten ing sanggar pamujan, nedhengipun manembah wonten ngarsanipun gusti ingkang akarya jagat, dumadakan wonten salebetipun sanggar pamujan wonten lare estri. Lajeng lare kala wau kula pundut putra angkat, kula paring tetenger ending lara temon kaka prabu. BALADEWA We lha dalah.. jagat dewa bathara wayaha bathara jagat.. pun kakang ing mandura melu bungah, pun kakang melu mangayu bagya, hawit jeneng anak mono, senadyan mung anak pupon, kuwi



mujutake nugraha saka gusti kang akarya jagat yayi.. sedenge kang ora darbe anak wae derewangi numbuk bentuk golek srana supaya bisa duwe turun, utawa anak.. KRESNA Nuwun inggih kaka prabu, kaluhuran sabda paduka.. BALADEWA Yayi.. jumbuh klawan babagan iki, ndadekna sumupmu yayi, praptane pun kakang dina iki dinuta dening yayi prabu ngastina, yayi prabu duryudana . Pun kakang kadawuhan ngebun-ebun esuk angudan-udan sore, tegese nglamar Klawan putranira yaiku ending lara temon, awit saka keparenge yayi prabu ing ngastina, putranira ending lara temon nedya kadaupake klawan narpa putra ngastina, yaiku satriya ing saroja binangun lesmana mandra kumara. SENGKUNI Nuwun inggih sinuwun,, andadosna kawuningan, bilih dinten samangke anak mas sing saroja binangun menika gandrung gandrung kapirangu kalian putra paduka ingkang nami endang lara temon.. Rinten dalu tansah ngecomang,nyalemong, ndaleming, menawi siang mboten purun dahar menawi dalu mboten kersa nendra.. Andadosaken Giduh penggalihipun sinuwun prabu ing ngastina ngawuningani kawontenanipun anak mas lesmana mandrakumara menika.. Awit saking menika Kula aturi welas dateng kawontenan anak mas saroja binangun. BALADEWA Hiya Yayi prabu… manut saka pangrasaning pun kakang kaya wus tinemu trep, yenta endang lara temon kuwi mau bakal winengku dening lesmana mandrakumara… lesmana kuwi mau calon jumeneng narpati, tegese jumeneng ratu sumilih keprabon ana Negara ngastina. Mula kang saka iku yayi, pangrasaning pun kakang menawa ending lara temon iku winengku dening lesmana mandrakumara ora



bakal tiba padas curi, nanging tiba kasur babut permadani, bakal mulya uripe ana ing Negara ngastina. Dasare yen klakon lesmana dhaup klawan endang lara temon, yektine bakal ngraketake antarane ngastina lan dwarawati. Amerga sak suwene iki antarane ngastina lan dwarawati ora pati raket lan cocok, amerga yayi kresna kang dadi pangayoming para pandawa. Tak kira kanthi sarana iki bakal bisa nuwuhake rumeket antarane ngastina lan dwarawati Mula kang saka iku yayi.. dina iki kepriye mungguh panglamar saka Negara ngastina iki mau, manut saka keparenging yayi prabu dwarawati, nayogyani apa ora, yenta endang lara temon bakal kadaup kalawan putraku satriya ing saroja binangun si lesmana mandra kumara yayi… Ada-ada nem jugag Kagyat risang kapirangu Pocapan legeg tyase sang nata ing dwarawati prabu sri bathara kresna midanget dawuhe ingkang raka narendra ing mandura prabu baladewa. Kocap kacarita nalika semana,dereng kemawon paring pawangsulan ndadak sakala geter kang wonten ing pasewakan jawi. Nenggih pisowane kyai lurah petruk kanthong bolong,miwah bagong minggah ing stinggil binatu rata myak sagung sumewa… => srepeg KRESNA Iki tak waspadaake kaya petruk kanthong bolong kang munggah ana ing stinggil dwarawati, petruk… kowe pada becik sak praptamu petruk.. kanthong bolong PETRUK Nuwun inggih sinuwun.. angsal berkah pengestu paduka sinuwun ing dwarawati raharja lampah kula, bekti kula katur sinuwun KRESNA



Iya..ya petruk tak tampa karya bungahing atiku.. pengestuku tampanana petruk PETRUK Nuwun inggih, sangeting pamundi kula sinuwun, mugi andadosaken kabagyan gesang kula sinuwun.. KRESNA Iya..ya petruk. Bagong kowe padha becik sak tekamu bagong BAGONG Nuwun inggih sinuwun, pengestu paduka raharja sowan kula, bekti kula katur sinuwun KRESNA Iya ya bagong tak tampa, pengestuku tampanana bagong BAGONG Nuwun inggih kapundi dadosa jimat paripih sinuwun.. PETRUK Sinuwun mandura kula ngaturaken pangabekti sinuwun BALADEWA Iya petruk tak tampa gawe gedhening atiku.. PETRUK Patih sengkuni bekti kula katur SENGKUNI Iya..ya petruk tak tampa.. pengestuku tampanana PETRUK Nuwun inggih, sanget kula pundhi BAGONG Sinuwun mandura bekti kula katur BALADEWA Ya bagong wes tak tampa.. BAGONG Ndara sencaki bekti kula den SETYAKI Iya-ya tak tampa bagong SENGKUNI We.. lha aku dilewati.. ya..ya ora dibagekne ya rapapa..



PETRUK Kok patih sengkuni ora ta bagekne ta gong.. BAGONG Ben.. aku ra seneng kok karo sengkuni ki.. SENGKUNI Halah raseneng ya ra patheken.. KRESNA Petruk.. ana wigati apa sira sowan ora sun timbale petruk PETRUK Nuwun inggih sinuwun, sewu lepat diagung pangaksami paduka. Inggih waleh-waleh menapa, kula menika dapur dipun kengken kalian bapak semar.. supados nglamar putra paduka nenggih endang lara temon badhe kadhaupaken kalian anakipun bapak semar, inggih adi kula pun bambang senet. Ndadosna kawuningan bilih bapak semar menika sakniki gadah anak angkat, bocah lola ingkang name bambang senet. Mila saking menika mugi andadosaken kawuningan paduka sinuwun, lan sru panyuwunipun bapak semar, kasuwun kanthi sanget paduka sinuwun kersa anampi panglamaripun adi kula pun bambang senet. Ada-ada Kagyat rising kapirangu KRESNA Petruk kanthong bolong (kula wonten dawuh sinuwun) ndadekna sumurupmu petruk, sak durunge sira sowan ana ing ngarsaningsun, luwih disik kaka prabu ing mandura rawuh ana ing dwarawati. Kang uga nunggal karep lawan sira petruk, yaiku bakal nglamar putraningsun endang lara temon, bakal didhaupake klawan putra ngastina raden lesmana mandra kumara PETRUK Wo.. mekaten sinuwun.. (iya petruk) menawi tetela mekaten inggih sampun, brarti kula niki kalah riyin kalih sinuwun mandura anggenipun nglamar.



Menawi tetela mekaten, inggih sampun, gong (apa truk) ayo bali gong, awake dew ewes kalah disik karo sinuwun mandura, kang uga nunggal karep bakal nglamar endang lara temon, bakal didhaupake karo putra ngastina raden lesmana.. BAGONG Mulih piye ta kuwi PETRUK Ya mulih ta gong, jeneng wes kalah disik kog.. BAGONG Kuwi ki dadi dutane, dadi kongkonane ndara randa widada klawan bapak semar kok ingah-ingih.. (ingah ingih piye ta gong) Kene mundura… yen ora aku sing maju ora rampung perkara iki.. Nuwun sewu sinuwun… KRESNA Iya kepiye bagong BAGONG Napa kepara leser… eh leres menawi panglamar saking dusun dadapan niku kalah riyin kalian panglamaripun sinuwun mandura saking negari ngastina… KRESNA Iya pancen ngono bagong BAGONG Lha trus.. penglamar saking ngastina niku mpun genah njengan tampi, tegesipun temanten putri mpun setuju, badhe dipun dhaup kalian raden lesmana mandra kurawa (kumara gong) o iya kumara.. KRESNA Ya pancen durung BAGONG Lha nek ngaten brarti, sowan kula menika dereng terlambat.. niki nuwun sewu nggih wun.. sinuwun sampun kesesa nampi panglamar saking ngastina tanpa tetarenan klawan putra paduka, awit menapa… ingkang badhe nglampahi jejodhohan menika lak sanes paduka , nanging anak paduka.. nggeh mewani njengan nampi



panglamar saking ngastina trus anak paduka cocok, nek mboten??? Menapa mboten mesakaken bocahe.. horo pripun niku… Mangka nuwun sewu… raden lesmana niku nadyan anak ratu ning rada eror ngoten.. bocahe rada pekok,bocahe jan mboten mbejaji nika,, nek ngangge busana kegedhen, ilere tekan ngendi ngendi,, senengane mung ndem-ndeman kalih tayuban, bocahe ngglidike eram senengane tuku wong wedok PETRUK Kowe kok ngerti ta gong BAGONG Lha biasane karo aku kok truk (woo lambemu gong), napa paduka sinuwun tegel, menapa paduka mboten mesakaken anak njenengan badhe sengsara gesangipun.. Lha benten menawi, badhe dipun dhaup ADI KULA BAMBANG SENET, nadyan menika anake tiyang ndesa, ning lak bocah waras, sehat wal afiat jasmani lan rohani.. dasare bocahe bagus, pinter, tekun ngibadahe. Anak sampeyan mesthi bakal ayem tentrem atine.. pripun….mang piker niku.. Duwe anak ayu kok mung arep diwenehne raden lesmana.. nek kula…. Nek kula lho niki.. trima kula pek dewe malahan.. BALADEWA Bangsat elek => sampak Ada=ada Jaja muntab lir ginetap BALADEWA Hem.. bangsat elek trayoli binantang.. bagong.. punakawan bagong BAGONG Ngapa.. mbok aja banter banter mas… BALADEWA Aku ki sapa???? BAGONG Lho…lho.. piye ta iki karo awake dewe kok lali, lha genah sinuwun prabu bol e dawa… ngono kok



PERTUK Baladewa gong… BALADEWA Gene kowe ngerti ingsung ki prabu baladewa, aku ki ratu, kowe ki kawula. Kudune kawula ki ngajeni, nyembah marang ratu. Lha kok gunemanmu ra menakne kuping… kowe wani ngelek-elek putra ngastina anggepmu apa, kowe ngelek-elek lesmana, ngandakne yen lesmono ki bocah eror, bocah pekok, padha karo ngilani dhahane baladewa.. BAGONG Lhoo.. lha nek kula ngomong ngoten.. niku bener mboten, nyatane raden lesmana pekok tenan napa mboten??? BALADEWA Iya bener (lha gene) ya nadyan mengkonoa kowe ora weneng ngumbar sak nggon-nggon, ora perlu mbok kandak-kandakne.. BAGONG Lho.. yen ngoten jenenge njenengan niku mboten jujur.. nek ngantos niki mengke njenengan mbtn jujur, trus kebacut rabi, wekasan temanten putri gela atine, trus mriang trus mati merga ngenes atine napa njenengan ajeng tanggung jawab??? BALADEWA Bagong… (apa) wah.. njangkar keparat.. dina iki becik kowe baliya wae, dina iki panglamar saka dusun dadapan ora tak tamapa.. BAGONG Lho..lho mengke riyen.. kula niki sowan ing dwarawati sowan sinuwun prabu sri bathara kresna, mboten sowan sinuwun baladewa.. njengan niku ten mriki mung tamu, kula nggih dayoh.. Napa enten tamu kok nundung tamu. BALADEWA Keparat murang tata, nadyan aku ki tamu, ning ingsun iki kadang werdane syayi prabu sri bathara kresna ing dwarawati.. BAGONG Mpun ngertos… mboten sah njenengan kandakne kula pun ngertos, penonton men nggih mpun apal..



BALADEWA Dina iki mung kari loro… sing mati bagong apa baladewa.. BAGONG Baladewa keneng bagong ya keneng.. bagong mati engko dicas meneh… tinimbang urip ya gur diuyak-uyak utang we kok BALADEWA Yen pancen wani hayo metua njaba bagong BAGONG Metu njaba.. ya metu njaba tak ladeni… =>sampak (BAGONG PETRUK BALADEWA METU NJABA) SAMBA Aduh kanjeng rama prabu sesmbahan kula.. mboten nyana wonten lelampahan ingkang kados mekaten. KRESNA Samba kabeh lelakon sawiji-wiji kang dumadi ana ing alam donya iki, yektine kabeh saka keparenging gusti kang anyipta bumi, manungsa mung saderma ngaloni. siji pesthi, loro jodho, telu wahyu mono tetela kapurba dening gusti kang akarya jagat.. manungsa bisane mung darbe gegayuhan, nanging kang netepake gusti sing gawe urip pribadi. Mula lelakon iki pasrah sumarah wae marang purbaning gusti kang anggelar jagat SAMBA Nuwun inggih mekaten kanjeng dewaji KRESNA Samba hiya… Sira kulup aja wedi lara kangelan, derekna jengkare ingkang wa kaka prabu ing mandura. SETYAKI Kaka prabu.. lajeng badhe kados pundi, menapa ingkang kedah kula tindakaken kaka prabu KRESNA Sira yayi setyaki minangka senopatining praja, haywa nganti pegat ing kaprayitnan rumeksa katentremane praja dwarawati..



SETYAKI Nuwun inggih mboten langkung sendika ngestoaken dawuh paduka kanjeng kaka prabu SAMBA Nuwun inggih ngestoaken dawuh paduka kanjeng dewaji Pocapan Sadebyar kalawau riwusnya paripurna pangandikane sang nata prabu sri bathara kresna arsa kundur angedhaton, pyak ngarsa tangkep wuri kalamun cinandra panyayah kablabak ing samudra madu => ldr. Balabak



ADEGAN TAPEL WATES DWARAWATI Perang gagalan Baladewa dipisah kresna => NJALUK BEBANA Gara-gara PUNTADEWA, ARJUNA, WERKUDARA (semar mbagi tugas) JANAKA GOLEK SRANA NEK KAYANGAN Manyura => WERKUDARA GOLEK RATU SEWU NEGARA GATHUTKACA SOWAN ANOMAN, GOLEKI GAJAH SETU BANDA Jejer dwarawati Dhauping pinanganten Kresna dawuh marang arjuna nyawang temanten =>badhar abimanyu dll. Kurawa ngamuk dipapagne werkudara TANCEP KAYON!!!!!!