Naskah Teater Dolanan Anak [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

NASKAH TEATER DOLANAN ANAK BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH (Penulis naskah: Endah Budiarti) PARA PARAGA: Bawang Putih Bawang Abang Mbok Randha Tanjung Bocah-bocah dolanan Narator Tembang Pambuka: (Kabeh paraga lan pengiring padha nembang bareng-bareng) ♫Dhuh Gusti kang Maha Agung Kang nitahken bumi langit Mung Gusti kang Maha Kwasa Mung Gusti kang Maha Suci Kawula tur sembah sujud Anyuwun lumunturing sih Mugi paring kekiyatan bagas waras lahir batin♫ Narator (Mlaku maju nuju tengah latar / panggung): Ing désa Tanjung ana bocah wadon loro mbakyu adhi. Bocah loro iki béda banget watak wantuné. Si Bawang Putih iku lembah manah, déné si Bawang Abang srèi drengki. Nuju sawijining dina, wayah ésuk sabubaré mbiyantu wong tuwané, Bawang Putih lan kanca-kancané padha dolanan ing platarané Mbok Randha Tanjung. (Narator mundur nuju panggonan para paraga, Bawang Putih maju nuju tengah latar / panggung) Bawang Putih: “Kanca-kanca, si Abang ki durung tangi, yo digugah kanthi tetembangan!” (kanca-kancane padha mara) Kanca-kanca 1: “Durung tangi? Walah-walah kok lé ngepluk. Ya apiké digugah yo! Nembang apa Putih?” Bawang Putih: “Bang-bang Wis Rahina karo Gumrégah, karebèn Abang semangat.” (salah siji kancane mlaku nuju panggonane pengiring karo ngomong rada kemayu) Kanca-kanca 1: “Kanca-kanca pengiring, nyuwun tembang Bang-bang Wis Rahina karo Gumrégah nggih?!” Pengiring: “Dados!” ♫Bang-bang wis rahina, bang-bang wis rahina Srengéngéné muncul muncul muncul 1



Sunar sumamburat Cit cit cuit cuit cit cit cuit cuit cit cuit ramé swara cèh ocèhan Krengkèt gerat-gerèt, krengkèt gerat-gerèt Nimba anèng sumur sumur sumur Adus gebyar-gebyur Segeré kepati, segeré kepati kepati Bingar bagas kuwarasan♫ ♫Gumrégah-gumrégah ndhang tangi Lah aja pijer ndheg tumolèh Kat cékat-cèket ditandangi Ndhang-ndhang rampung migunani♫ (Rampung tetambangan, narrator maju nuju tengah latar / panggung) Narator: Krungu ramé-ramé ing njaba, Bawang Abang rumangsa kebrebegen. Dhèwèké banjur tangi lan metu saka kamar. (Bawang Abang maju nuju tengah latar panggonane Bawang Putih lan kancakancane pada tetembangan). Bawang Abang: “He! Mandheg lé bengak-bengok! Swara kaya blèk borot wé kok lé seru banget anggoné mbengok. Ngerti ana wong lagi turu ra?! Ngganggu waé! Ngalih kana!” Bawang Putih lan kanca-kancané: “Apa, blèk borot? Lha wong swara apik banget ngéné kok diarani blèk borot. Apa kowé ya bisa nembang pa?” Bawang Abang: “Nèk mung kaya ngono kuwi cetha isa banget. Kecil… Entènana ya aku takngundang kancakancaku. Rungokna mengko! Sing kalah kudu ngalih, iki plataran omahku! (Bawang Abang mlebu ngundang kanca-kancané) Kanca-kanca mrénéa, ki lho dijak apik-apikan nembang!” (Kanca-kancane Abang maju nuju tengah latar /panggung). Kanca-kanca 2: “Ana apa Abang, sapa sing nantang?!” Bawang Abang: “Kuwi si Putih lan kanca-kancané. Cah-cah kumalungkung!” Kanca-kanca 2: “Diladèni waé Abang! Awake dhéwé mesthi luwih apik!” Bawang Abang:



2



“Heh cah kumalungkung! Rungokna ya tembangku! Kanca-kanca! Yo nembang Gundhulgundhul Pacul!” (Salah siji kancane Abang nuju panggonane pengiring terus ngomong nyuwun tembang). Kanca-kanca 2: “Kanca-kanca pengiring, nyuwun tembang Gundhul-gundhul Pacul.” Pengiring: “Dados!” ♫Gundhul-gundhul pacul cul gembèlèngan Nyunggi nyunggi wakul kul gembèlèngan Wakul glimpang segané dadi salatar Wakul glimpang segané dadi salatar Gundhul-gundhul pacul cul gembèlèngan Nyunggi nyunggi wakul kul gembèlèngan Wakul glimpang segané dadi salatar Wakul glimpang segané dadi salatar♫ Bawang Abang: “Wis krungu ta?! Nah rak apik aku lan kanca-kancaku ta?! Mulané kana ndang ngaliha!” Bawang Putih: “Abang, apiké dolan bareng waé.” Bawang Abang: “Ora! Mau rak wis janji. Sapa sing kalah, ngalih! Mulané ngaliha, ngalih kana!” Kanca-kanca 1: “ Ya ra ngono Abang, sing mbiji kudu wong liya, ora kowé dhéwé. Tak takon ya? Para pengiring apik endi?” Pengiring: “Putih lan kanca-kancané!” Bawang Abang: “Ora! Apik aku, wis ngaliha kana, ngalih!” Pengiring: “Putih ditembangké Bocah Nakal waé, kareben Abang sadhar!”



Bawang Putih lan kanca-kancané: “Dados…” 3



♫Bocah nakal mekakal ra mari-mari Kluyar-kluyur pelem dhondhong disawati Mbalang luput, ngenani gundhul Gundhul benjut, bocahé wadul Bocah nakal kuwi njur disenèni Sokur, sokur, sokur, sokur, sokur Watoné aku ora, watoné aku ora Watoné aku ora, watoné aku ora♫ (Rampung nembang, narrator maju nuju ing tengah latar / panggung) Narator: Mireng bocah-bocah padu ramé, Mbok Randha Tanjung metu saka ngomah. Panjenengané arep misah sing lagi padudon kuwi. (Mbok Randha mlaku nuju tengah latar / panggung panggonane Abang lan Putih sarta kanca-kancane sing lagi regejegan). Mbok Randha Tanjung: “Anak-anakku mengko dhisik, lèrèn dhisik sing padu. Ana apa ta, takrungokké kok ramé banget?!” Bawang Abang: “Niki lho Mbok, si Putih ra gelem ngalih. Wau rak janji, yèn nembangé èlèk, kudu ngalih saking plataran niki. Lha wong jelas èlèk lho Mbok, kok ra gelem ngalih!” Mbok Randha Tanjung: “O… ngono ta. Anak-anakku cah ayu, karo sedulur ki ora pareng padu. Sing guyub, sing rukun ya. Wong rukun ki bakal santosa. Coba, sada kaé yèn ijèn gampang dicoklèk, ning yèn sada kaé nglumpuk dadi sapu, rekasa banget anggoné nyoklèk. Sakliyané santosa, guyub rukun ki maraké apa-apa dadi ènthèng ditandangi. Mula saiki pada ngapura-ingapura. Kana padha salaman. Iki platarané cah loro. Wis kana dolana lan tetembangan bareng-bareng.”



Bawang Putih, Bawang Abang, lan kanca-kanca: “Inggih Mbok…” (narrator maju nuju ing tengah latar / panggung)



Narator: Bocah-bocah banjur ngèstoké dhawuhé Mbok Randha Tanjung. Bocah-bocah banjur padha salaman, terus padha tetembangan. Bawang Putih: “Kanca-kanca ya dolanan jamuran!” Kanca-kanca: “Yo…!” ♫Jamuran ya gégéthok, jamur apa ya gégéthok Jamur gajih mbrejijih sakara-ara 4



Sira mbadhé jamur apa♫ Jamur apa? Jamur parut (Sing diparut tlapakané ngguyu, kuwi sing dadi) Kanca sing dadi: “Abang, kowé dadi” ♫Jamuran ya gégéthok, jamur apa ya gégéthok Jamur gajih mbrejijih sakara-ara Sira mbadhé jamur apa♫ Jamur apa? Jamur gagak, gaok-gaok Kanca 3: “Saiki dolanan cublak-cublak suweng yo!” Kanca-kanca: “Yo…” ♫Cublak-cublak suweng Suwengé ting gelèntèr Mambu ketundhung gudèl Pak empong léra-léré Sapa ngguyu ndhelikaké Sir sir pong dhelé kopong sir sir pong dhelé kopong♫ Kanca-kanca: Abang, Putih, aku ngelih banget. Aku takbali dhisik ya.” Abang lan Putih: “ Ya, sesuk dolan maneh ya.” Kanca-kanca: “Ya… mulihé karo nembang Pitik Walik Jambul yo!” ♫Pitik walik jambul Sega golong mambu énthong Mangga sami kondur Weteng kula sampun kothong Énaké é sega liwet jangan térong Énaké é sega liwet jangan térong Térongé ijo-ijo bocah kesèt mesthi bodho Térongé bunder-bunder bocah sregep mesthi pinter♫ TAMAT



5