Pembawa Acara (Jawa) [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PEMBAWA ACARA Assalamualaikum Wr. Wb Alhamdulillahi rabbil alamiin, Nahmaduhu wanastaiinu wanastaghfiruhu, wana udzubillahi min syururi anfusina wamin saayyiati a’malina, mayahdillahu fala mudhillalaah wamaayudhlilhu fala haadiya lahu, Allahumma shalli wa sallim a’la sayyidinaa muhammadin wa a’la alihi wa sahbihi ajma’in amma ba’du. Dumateng Bapak Ketua RT. 01 ingkang kulo hormati. Dumateng Bapak penasehat kaliyan pengurus RT. 01 ugi ingkang kulo hormati. Ugi dumateng bapak-bapak, ibuibu, poro rawuh sedoyo wargo RT. 01 RW 07 ingkang kulo hormati. Ingkang rumiyin kito tansah muji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan, hidayah soho kawilujengan dumateng kito sedoyo sahinggo ing wedal dalu puniko kito sedoyo saget makempal wonten acoro kempalan RT ing dalemipun Bpk/Ibu .................................... kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo. Mboten kesupen solawat soho salam mugi katetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ingkang saget kito anti-anti safangatipun ing zaumul akhir samangkih. Keparengo kulo matur wonten mriki minongko pranoto adicoro, sakderengipun acoro kawiwitan langkung rumiyin badhe kulo waosaken menggah reroncening adicoro ingkang badhe kito ayahi ing wedal dalupuniko. [1] [2] [3] [4] [5]



[6]



Acoro ingkang ongko sepisan inggih puniko Atur Pambuko Acoro ingkang ongko kalih Atur Pangandikan saking kageman dalem Acoro ingkang ongko tigo Atur Pangandikan saking Perangkat Desa Acoro ingkang ongko sekawan Musyawaroh RT Acoro ingkang ongko gansal Laporan-laporan  Laporan Jumpitan  Laporan Bendahara RT  Laporan Koprasi  Laporan Arisan Acoro ingkang ongko wolu Panutup



Lan monggo gandeng wedal sampun dumugi titi wancinipun acoro badhe kito wiwiti, mlebet wonten acoro ingkang sepisan inggih meniko atur pambuko, pramilo monggo adicoro puniko kito purwakani kanthi waosan basmallah, dene ingkang angrasuk agami sak sanese Islam, kulo sumanggaaken khanti piyambak, monggo kito maos Basmallah sesarengan.



Maturnuwun mugi khanti waosan Basmallah puniko acoro waged lumampah kanthi sae. Nyandak adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko Atur Pangandikan saking kageman dalem, kanthi puniko dumateng Bapak/Ibu ………… wedal kulo aturaken. Maturnuwun, dumateng sederek ………… ingkang sampun kerso paring atur pangandiko. Nyandak adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko Atur Pangandikan saking Perangkat Desa dumateng Bapak/Ibu ………… wedal kulo aturaken. Mekaten atur pangandikan saking Bapak/Ibu ………… kulo aturaken agunging matur nuwun. Adicoro saklajengipun inggih puniko Musyawarah. Dumateng Bapak Wasman kasuwun mimpin adicoro puniko. Meniko acoro musyawarah ingkang sampun kito ayahi sesarengan, kulo aturaken maturnuwun dumatheng Bapak Wasman ingkang sampun mimpin. Mlebet wonten acoro ingkang saklajengipun inggih puniko Laporan-laporan, dumateng ingkang ngayahi tugas wedal kulo aturaken sakcekapipun. Mekaten laporan-laporan ingkang sampundiaturaken, khanti puniko kulo aturaken agunging matur nuwun. Adicoro saklajengipun inggih puniko Panutup. Ananging saderengipun acoro katutup, saking kulo minongko Pranoto Adicoro anggadahi kalepatan anggenipun nderekake acoro puniko wiwiti purwo madyo soho usononipun saestu kulo nyuwun sih lumunturing samudro pangaksami. Lan monggo adicoro puniko kito tutup kanthi waosan Hamdalah. Kulo derekaken. Saking kulo, kulo akhiri. Wassalammualaikum Wr.Wb.