Pidato Syawalan Bahasa Jawa Ketua Pemuda [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 1. Dhumateng ngersanipun poro sesepuh pinisepuh ingkang kula Hormati 2. Dhumateng panjenenganipun Bapak Dukuh Haryadi ingkang kawula hormati. 3. Dhumateng panjenenganipun Bapak Sudarman selaku KABAGPEM desa ingkang kawula hormati. 4. Dhumateng panjenenganipun Bapak Hartadi selaku Ketua RT 01 dusun kepek desa ingkang kawula hormati. 5. Dhumateng ngersanipun poro bapak-bapak/ibu-ibu/sederek sedaya warga kepek rt 01 lan sedaya tamu undangan ingkang kawula hormati ugi. Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya saenggo saget ngrawuhi syawalan utawi Halal Bi Halal ing wedal ndalu puniko. Sholawat serto salam kita unjukaken dhumateng nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing mbenjang hari akhir yaumul Kiyamah. Ibu, Bapak para rawuh dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati, sakderengipun kula nyuwun pangapunten ingkang agung, dene kula kinen matur dhumateng para sesepuh dalasan para rawuh sedaya, kula ingkang minangka wakil sedaya rencang-rencang Karang Taruna “KEPEK 1” Pedukuhan Kepek mriki. Ingkang sepindah, kula sak konco pemuda/pemudi kepek 1 nyaosaken sungkem pangabekthos kawula dumateng sedoyo poro bapak-bapak, poro ibu-ibu wonten ing pedukuhan kepek rt 1. Ingkang ongko kaleh, sak lebetipun sesambetan saha sesrawungan kula sak konco karang taruna kepek 1 mbok bilih kathah sanget tandang tanduk, solah saha tingkah, saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya bebasan tindak sapecak, tembung sak limah saha ulat dlerengan, ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terangterangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula wau. Kula, minangka wakil Karang Taruna “kepek 1” mriki ngaturaken sugeng riyaya, MINAL AIDZIN WALFAIDZIN. Kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin. Dhumateng Ibu, Bapak, Para sesepuh khususipun wonten ing Dukuh kepek rt 01 mriki lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya ingkang rawuh wonten dalu punika. Mugi gusti Allah Subhanahu Wata’ala paring pangapunten dhumateng kita sedaya.lan mugimugi sedaya doso saha kalepatan sageto kalebur wonten ing dalu puniki. Amin...Amin...Amin...Ya Rabbal ‘alamin.



Ugi kula atas nami kanca-kanca Karang Taruna “Lestari Asri” nyuwun do’a saha pangestu mugi Karang Taruna “Lestari Asri” saged nglajengaken lan nindakaken gegayuhan luhur tumindak ingkang sae ing pangajab saged migunani dhumateng diri pribadi khususipun, ugi dhumateng masyarakat Dukuh Ngelo Asri lumeberipun Nusa bangsa dalasan Agami. Ibu, Bapak, para rawuh ingkang kawula hormati, mekaten menggah ikrar saking Karang Taruna “Kepek 1” ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenegan sedaya. Kawula minangka wakil saking kanca-kanca Karang Taruna mboh bilih kathah kekirangan saha kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah dalasan hidayah saking ngarsanipun Allah SWT. Amin Ya Rabbal’alamin... Bilahit taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.