Pranata Cara Ing Lelayu [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PRANATA CARA ING LELAYU/KESRIPAHAN Bismillahiraohmaanirrohim Assalaamu’alaikum Warohmatullohi wa barokaatuh Para pepundhen, para sesepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamaan ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating negari minangka pandam pandoming kawulotasih ingkang pantes kinurmatan, para pambelo sungkowo kakung putri ingkang pantes sinudarsono. Madyaning panandhang ing rikalenggahan punika kula piniji dening para keluarga panandhang, inggih panjenenganipun Bapak/Ibu…………………….. saha keluarga, kinen njejeri minangka pambiwara, ingkang tertamtu kapeneraken wontenipun tata upocoro bidalipun layon. Innalillahi…………….. Sampun murut dhumateng kasedan jati inggih menika Bapak/Ibu……………..awit saking lantaran nandang……………………, mugi mugi kanthi khusnul khotimah ingkang punika saksampunipun pangruktining layonsampun paripurno, keparengipun kulawarga ingkang nandhang dhuhkita inggih panjenenganipun ………………ing ri kalenggahan punika dipun wonteni tata upocoro sawetawis ingkang sampun lumampah. Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedyo, sumonggo nun dhumateng para pambela sungkowo kakung putri, tansah kula dherekaken hangluhuraken asmanig Gusti ingkang Maha Kuwasa, awit rahmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga tasih saget ndherek bela sungkawa kanti pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Para pambelo sungkowo kakung putri ingkang pantes sinudarsono, wahyaning mangsa kala upacara hangkating layon kaleksanaaken wondene reroncening adicara kados sampun karakit dening para kula warga, ingkang punika panata cara ngaturaken reroncening adicara: Sepindah pembuka Acara angka kalih Atur Pambagya Acara angka tiga waosan donga Acara ingkang pungkasan panutup Mekaten reroncening adicara ingkang rinaket dening para kulowarga, para pambela sungkawa ingkang sinubeng pakurmatan, sumangga acara bidhaling layon kita buka kanthi waosan basmallah……… Acara ingkang kaping kalih nuninggih atur pambagyoharjo yuwona miwah atur panuwun, awit raosipun manah mboten saget gimambaraken ing mriki karana kawontenan ribet kaworan bebeg, mboten kumawi matur among kandheg wonten madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira tanulyan injih punika Bp. …………………



(Kepala Desa), parandene jumenenganipun Bp……….. pun kaapit Bp.……… & Bp………. Wekdal kasumanggaaken. Para pambela sungkawa ingkang kinurmatan, kanthi terwaca cetha atur pambagya harja saking Bp. …………..(Kepala Desa) minangka sulih salira kulawarga panandhang. Acara ingkang saklajengipun, atur bela sungkowo dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating panembah, pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene ingkang nuninggih panjenenganipun BP……… wekdal kasumanggaaken, nylirani Kita aturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan, kula warga panandang ugi midhangetaken tutur bela sungkawa sawatawis dumatheng panandang, mugi dadosa sarana kulawarga dhuhkita enggal pinaringan katentreman bilih kadosa wingi. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang berbudhi dharma, acara saklajengipun waosan Doa, kunjuk dumateng para muda taruna, kadang kaneman dalah ingkang piniji hamanggul petining layon kasuwun kamekta ing gati, ………petining layon sampun kapanggul dening para piniji wonten sangajengipun wisam dhuhkita kepareng ing sedya. Sakderengipun waosan doa badhe hanetepi tata cara brobosan, dhumateng para putra wayah mugi samekta ing gati. Para pambela sungkawa ingkang kinurmatan, tata cara brobosan sampun kalampahan, acara saklajengipun nun inggih waosan Do’a. wondene ingkang piniji panjenenganipun Bp. ………… wekdal kasumanggaaken. Kula pribadi minangka pranata cara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trapsilo, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra, karana budi dayaning manungsa kirang sampurna. Kridhaning ati datan bisa mbedhah lauthaning pasti, mawanti-wanti nyuwun lubering pangaksami ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah . Wassalaamu’alaium……….