Pranatacara Pengajian [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pranatacara Pengajian Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d. Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah; Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana; Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah; Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten : 1. Adicara angka sepisan Pambuka 2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ………. 3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk) 4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini). 5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…) 6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul kitab atau dengan do’a lainnya).



===== Matur nuwun. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken. ===== Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lamilaminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken. ===== Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis. Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga. ===== Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun. Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. ===== Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika. Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. ====== Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha



piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan. Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin. Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.



Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Rapat RT/PKK/ Kumpulan Warga Wonten ngarsanipun poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten. Poro bpk lan poro sederek ingkang kulo hormati, nuwun mbok bilih sampun ndungkap ndalu. Pramila monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan. Namung sak derengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT , Ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo, sholawat sarto salam mugi2 tansah katetepno dateng nabi Muhammad Saw ingkang kito antu2 syafaatipun wonten ing yaumul qiamah. Poro bpk lan poro sederek sedoyo kebareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang bade kito lampai : 1. 2. 3. 4. 5. 6.



Pambuka Sambutan Saking Tuan Rumah (Ketua kelompok rondo malam….) Pinuwunan/amalan kasuwunaken dumateng bpk… Pembukuan Lain2 (Wekdal kito aturaken ketua Paguyuban) Panutup



Monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kathi waosan basmalah… Acara sak lajengipun sambutan saking tuan rumah (Ketua Kelompok Ronda Malam…) Poro bpk Lan sederek sedoyo, Acara sak lajengipun amalan milo wekdal Kasumanggaaken dumateng bpk…. Acara sak lajengipun Pembukuan wekdal kasumanggaaken dumateng ing kang tinanggenah. Poro bpk lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang kagungan dalem kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi, amrih barokah wonten badan kito sedoyo pramilo kito langkung rumiyen doa sesarengan. Acara sak lajengipun lain2 namung sakderengipun wekdal kito aturaken dateng ketua paguyupan.



Acara sak lajengipun penutup. Milo monggo pepanggian ing dalu puniko kito syukuri kanthi waosan hamdalah. Lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek aken adicoro ing dalu punika katha klenta klentu kulo nyuwun agunging pangapunten. Kulo akhiri Wassalamuaalaikum wr, wb



Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin Assalamu alikum Wr. Wb. Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan. Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan. Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong temanten…….ingkang tansah suko basuki. Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil “alamin. Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat. Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus … bin …kalian Raden ajeng Roro … binti … Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo: 1. 2. 3. 4. 5. 6.



Adicoro Pambuka waosan pustoko suci al Qur’an Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi Istirahat wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah Doa-Penutup



Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah, Liridloillah——– Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo. Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening …. wekdal soho panggenan kaaturaken. (pembacaan ayat al Quran) Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.



Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten … ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken. Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun (Pasrah Manten) Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak…. bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak…..kaaturaken. (shohibul Bait) Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi kanti sekeco lan saestu. Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb. Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.



Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara Pernikahan Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika. Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih: Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga



Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan. Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.