Pranatacara Temu Manten [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pranatacara Temu Manten Assalamualaikum Wr. Wb. Para rawuh ingkang kula hormati, para kaluarga temanten ingkang bahagia, sumangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Agung, ingkang sampun maringi kita sedaya nikmat lan rahmat sahingga kula lan panjenengan saget kempal wonten dinten niki kanthi sehat wal’afiat. Shalawat kaliyan salam sumangga ugi kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi Muhammad SAW. Kita sedaya kempal wonten papan menika kangge sareng-sareng mirsani adicara temu mantenipun Nimas Ayu Nanda (putri saking Bapak Bambang) kaliyan Dhimas Bagus Rizal (putra saking Bapak Majid). Sakderengipun, kula dados pranatacara wonten dinten niki badhe ngaturaken rantamaning adicara sakmenika, nun inggih : 1. Pambuka 2. Panggih temanten 3. Gantalan 4. Ngidak tigan 5. Ngumbah suku 6. Sinduran 7. Dulangan lan ngunjuk tirta 8. Kacar-kucur 9. Bobot timbang 10. Sungkeman 11. Penutup Para rawuh ingkang kula hormati, adicara kaping pisan inggih menika pambuka. Sumangga adicara menika dipunbuka sesarengan maos Al-fatihah, mugi-mugi adicara samangke saget lancar, aamiin. Saklajengipun, adicara kaping kalih, panggih temanten. Sakmenika temanten putri mijil saking papan anggene mbusanani awak kangge kepanggih temanten kakung. Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika gantalan. Mancik adicara kaping sekawan, inggih menika ngidak tigan. Adicara ingkang kaping gangsal, ngumbah suku temanten kakung ingkang dipuntindakaken dening temanten putri. Adicara kaping enem inggih menika sinduran. Lajeng dhateng adicara kaping pitu, dulangan lan ngunjuk tirta ingkang dipuntindakaken temanten putri kaliyan temanten kakung. Adicara kaping wolu, kacar-kucur, ingkang nggadahi makna menawi temanten kakung nggadah kawajiban nafkahi kaluarga. Lajeng mancik adicara kaping songo, bobot timbang. Saklajengipun inggih menika adicara sungkeman temanten kakung kaliyan temanten putri dhumateng bapak kaliyan ibu. Para rawuh lan kaluarga temanten ingkang bahagia, saking pangestu penjenengan sedaya adicara panggih temanten dinten niki saget rampung nganthi lancar. Kula aturakaen matur suwun ingkang kathah dhumateng panjenengan sedaya. Saklajengipun, kula dados pranatacara ngaturaken pangapunten ingkang kathah, menawi kula wonten kalepatan lan ugi babagan ingkang kirang trep dhumateng panjenengan sedaya. Cekap semanten atur kula, mugi-mugi Mbak Nanda kaliyan Mas Rizal saget mbangun kaluarga ingkang sakinah, mawadah, lan waramah. Aamiin aamiin ya Rabbal’alamin. Wassalamualaikum Wr. Wb.