PTS Genap Bahasa Jawa Kelas 6 [PDF]

  • Author / Uploaded
  • yoyok
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PEMERINTAH KOTA SURAKARTA DINAS PENDIDIKAN KOTA SURAKARTA SD NEGERI SOROPADAN Alamat : Karangasem RT 01 RW 04 TLP. (0271) 7461786 Laweyan Surakarta Kode Pos 57145



PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP (PTS II) SD/MI/SDLB TAHUN PELAJARAN 2020/2021 Mupel : Bahasa Jawa Kelas : 6 (enam) Hari, Tanggal : , Februari 2021 Waktu :



Nama :_____________________ Kelas :______________ No : __



KD. 3.1 I. Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d sangarepe wangsulan kang trep! Wacanan teks pidhato iki kanggo mangsuli soal nomer 1-6



Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh Puji sokuring ngrasanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi berkah saengga kita sedaya saged kempal ing acara perpisahan Kelas 6 SDN Kembang Melati kanthi bagas waras, kaling ing rubeda nir ing sambikala. Para rawuh ingkang kula bekteni, kula Kusuma Wardhani minangka wakilipun kanca-kanca klas 6 ing SDN Kembang Melati, badhe ngaturaken panuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca ngantos lulus kanthi lancar saha saged pikantuk biji ingkang sae. Sadaya kala wau awit saking pambiyantu Bapak/Ibu guru saha tiyang sepuh ingkang tansah nggulawentah kula saben dinten. Kula kaliyankanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun wonten SD, wonten tindak-tanduk, suba-sita ingkang mboten mranani penggalih Bapak/Ibu Guru. Mugi-mugi kula dalasan kanca-kanca saged nerasaken sekolah wonten ing SMP kanthi sae. Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten. Matut nuwun Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh 1. Irah-irahan kanggo pidhato ing dhuwur, yaiku pidhato ... . a. Perpisahan Kelas 6



c. Patemon Kelas 6



b. Penampi Kelas 6



d. Pasrah Kelas 6



2. Pidhato ing nduwur iku di adakake ana ing SDN ... . a. Kembang Mawar



c. Kembang Kantil



b. Kembang Melathi



d. Kembang Teratai



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-1-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



3. Sing macaake pidhato yaiku ... . a. Any Wardhani



c. Shanti Wardhani



b. Tri Wardhani



d. Kusuma Wardhani



4. Maturnuwun dhumateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca. Nggulawentah tegese ... . a. Mbimbing



c. Ngrewangi



b. Ndukani



d. Ngukum



5. Kanthi bagas waras, kalis ing rubeda nir ing sambikala. Ukara mau ngemu teges ... . a. Sehat nanging ana alangan b. Sehat lan ora ana alangan c. Ora sehat lan ana alangan d. Ora sehat lan ora ana alangan 6. Kula kaliyan kanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun wonten SD. Tembung sak dangunipun tegese ... . a. Mentas bae



c. Sak suwene



b. Sak cedhake



d. Sak ngertine



II. Isilah ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk! 7. Pidhato basa Jawa uga diarani ... . 8. Kula minangka sulih sarira saking Bapak Kepala UPTD ingkang mboten saged rawuh. Tembung sulih sarira tegese ... . 9. Kula sarencang Kelas 6 tansah nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Tembung pawiyatan tegese ... . 10. Perangane pidhato kang ngemu kabeh bab kang prelu diwedharake diarani ... . 11. Sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuwaos, ingkang sampun ngluberaken berkah saha rahmatipun dhumateng panjenengan lan kula. Ukara iku kalebu cengkorongan pidhato bab ... . III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis ! 12. Jlentrehna perangane pidhato kanthi urut! Wangsulan :



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-2-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



13. Gawekna tuladha pambuka ana ing pidhato ! Wangsulan :



14. Tulisna tuladha panutup pidhato ! Wangsulan :



Nilai KD 3.1



K.D. 3.2 I.



Wenehana tandha ping (x) ing aksara a,b,c, utawa d sangarepe wangsulan kang bener ! Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomor 15-18 Kerja bakti Reresik Omah Ibu



: “Dhika, suk Minggu kerja bakti reresik omah ya?”



Dhika : “Nggih, Bu. Mbenjing kula tak mbiyantu reresik griya.” Ibu



: “Ya, sesuk koe ngrewangi bapak reresik emperan karo kebon. Ibu tak reresik



jero omah.” Dhika : “Nggih, Bu. Menawa kula nandur kembang pripun Bu? Kajenge griyanipun luwih endah disawang. “ Ibu



: “Ngono yo rapapa. Lha arep nandur kembang opo koe Le?”



Dhika : “Mawar kalih kamboja. Ibu remen mboten?” Ibu



: “O iyo, apik kui Le. Mesthi tangga-tangga ya padha melu seneng nyawang kui mengko.”



Dhika : “Mangke saben dinten kula siramane Bu kajenge mboten layu. Menawa prelu, kula paringi pupuk.” Ibu



: “Iyo, Le. Koe kie pancen anak ku sing paling sregep. Ibu seneng yen ngerti koe sregep kaya ngene”



Dhika : “Matur nuwun Bu.” 15. Paraga pacelathon ing dhuwur yaiku ... . a. Ibu lan bapak



c. Ibu lan Dhika



b. Ibu lan tanggane



d. Ibu lan Dhita



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-3-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



16. Alesane Dhika arep nandur kembang yaiku ... . a. Kajenge griyanipun resik b. Kajenge griyanipun endah disawang c. Kajenge griyanipun reged d. Kajenge griyanipun akeh kembange 17. Jinising kembang sing arep ditandur Dhika yaiku ... . a. Mawar lan Kamboja b. Mawar lan Kanthil



c. Kamboja lan Melathi d. Kamboja lan Kanthil



18. Watake Dhika yaiku ... . a. srei



c.



ngeyelan



b. kesed



d. sregep



19. Topik pacelathon ing dhuwur ngrembuk babagan ... . a. kerja bakti



c.



ngabekti marang wong tuwo



b. nandur kembang



d. ngewangi wong tuwo



Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo nggarap nomor 20-23 Nonton TV Ibu



: “War, kowe lagi ngapa? Kok Ibu ora krungu swaramu ”



Warsono



: “Kula nembe ningali TV, Ibu.”



Ibu



: “Opo kowe wis garap PR, Le?”



Warsono



: “Sampun, Bu. Sampu rampung sadaya!”



Ibu



: “Acara apa ta sing kotonton kuwi?”



Warsono



: “Ningali berita, Bu. Amargi kathah seserepan ingkang saged kula pendhet saking berita punika, Bu.”



Ibu



: “Oh, ngono ta, nanging aja terus kebablasen nganti bengi, ya.”



Warsono



: “Mboten, Bu. Namung setunggal jam.”



Ibu



: “Ya, wis yen ngono.”



Warsono



: “Inggih, Bu. Matur nuwun.”



20. Paraga pachelathon ing dhuwur yaiku ... . a. Ibu lan Warsono



c. Warseno lan Warsiti



b. Ibu lan Warsito



d. Bapak lan Ibu



21. Salah sawijining munfangat nonton berita amargi kathah seserepan ingkang saged dipendhet. Tembung seserepan tegese ... . a. hiburan



c. pengetahuan



b. tontonan



d. film



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-4-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



22. Piwelinge Ibu marang Warsono yaiku ... . a. aja lali sholat lan mangan



c. sinau sing sregep yo



b. aja terus kebablasen nganti bengi



d. aja lali nggarap PR



23. Warsono nonton TV suwene ... jam



II.



a. 4



c. 2



b. 3



d. 1



Isilah ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk ! Wacanen pacelathon iki kanggo nggarap nomor 24-28 ! Banjir Pak Joko : “Bocah-bocah, dina iki sing ora mlebu sapa? ” Aini



: “Fajar, Pak. Griyanipun kebenan.”



Pak Joko



: “Kebanjiran? Lha omahe Fajar ana ngendi, ta?”



Echa



: “Griyanipun caket lepen Pak.”



Pak Joko



: “Bocah-bocah, apa wae kang bisa nyebabake banjir kuwi?”



Shifa



: “Amargi jawah ingkang deres sanget, Pak.”



Nabila



: “Amargi mbucal sampah dhateng lepen, Pak.”



Tama



: “Menawi pamanggih kula amargi wana ingkang gundhul, Pak.”



Winda



: “Amargi siti ingkang longsor, Pak.”



Pak Joko



: “Ya, ya, ya,... kabeh wis padha pinter. Wangsulanmu kabeh mau bener.”



24. Topik pacelathon ngrembuk babagan ... . 25. Paraga ing pacelathon dhuwur iku yaiku ... . 26. Siswa sing ora mlebu sekolah yaiku ... 27. Kahanan ingkang nyebabaken banjir amargi siti ingkang longsor. Tembug siti tegese ... . 28. Griyanipun Fajar caket lepen. Tembung lepen tegese ... . III. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis ! Wacanen pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon-pitakon nomer 2930 ! Riyan Ibu



Nyuwun Pangestu : “Bu, kula nyuwun pangestu, benjing-enjing badhe tes Semester II.” : “Dakpangestoni, Yan cah bagus, sing nggarap ya sing tenang, aja seneng nirun kancane ya?”



Riyan



: “Mboten Bu, kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kanca. Nirun njaplak niku rak boten sae ta Bu?”



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-5-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



Ibu



: “Bener, Yan, dakdongakake muga-muga kowe bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik!”



Riyan



: “Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadhiyah nggih?”



Ibu



: “Ah kowe kuwi lho, diwenehi ati ngrogoh rempela.”



Riyan



: “Hadhiyahe buku wacan sing kathah nggih Bu?”



Ibu



: “Ah, ya embuh, ora sah ngarani dhisik!”



Riyan



: “Nggih sampun Bu, kula badhe sinau.”



Ibu



: “Ya wis kana sinau sing tenanan!”



29. Kepiye isi dongane Ibu kanggo Riyan? Wangsulan :



30. Tulisen gancarane pacelathon ing dhuwur nganggo basamu dhewe! Wangsulan :



Nilai KD 3.2



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-6-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



KISI-KISI PTS II KELAS VI SEMESTER 2 BAHASA JAWA No



K



Kompetensi Yang



D Diuji Bahasa Jawa 3.1 Memahami isi teks



Indikator



Disajikan bacaan, siswa dapat



pidato tentang



mengartikan kata-kata sulit yang terdapat



perpisahan kelas VI



dalam teks pidato perpisahan kelas VI



Disajikan bacaan, siswa dapat



Pilgan



Isian



4, 5, 6



Uraian



8, 9



1, 2, 3



menjawab pertanyaan tentang pokokpokok isi teks pidato perpisahan kelas VI



Disajikan pertanyaan, siswa dapat



10, 11



menyebutkan bagian pidato Disajikan pertanyaan, siswa dapat



7



menyebutkan nama lain dari pidato Disajikan pertanyaan, siswa dapat



12



menyebutkan kerangka pidato dengan urut Disajikan pertanyaan, siswa dapat



13



membuat contoh salam pambuka pidato Disajikan pertanyaan, siswa dapat



14



membuat contoh salam panutup pidato



Bahasa Jawa 3.2 Memahami teks



Disajikan percakapan, siswa dapat



21



27, 28



25, 26



percakapan/dialogdenga



mengartikan kata-kata sulit yang terdapat



n teman sebaya atau



dalam teks percakapan.



orang tua



Disajikan percakapakan, siswa dapat



15, 16,



menjawab pertanyaan tentang isi teks



17, 18,



percakapan.



20, 22,



Disajikan pertanyaan, siswa dapat



23 19



menentukan topik percakapan Disajikan pertanyaan, siswa dapat



29



24 30



mengubah teks percakapan menjadi bentuk narasi.



PENILAIAN TENGAH SEMESTER II (PTS II) SD / MI / SDLB TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021 KUNCI JAWABAN Mupel : Bahasa Jawa Kelas : 6 (Enam) Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-7-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



Rom I ( K.D. 3.1 ) 1. a 2. b 3. d 4. a 5. b 6. c Rom II 7. Sesorah 8. Wakil 9. Sekolah 10. Isi/surasa basa 11. Pambuka Rom III 12. Kebijaksanaan guru a. Salam pambuka b. Pambuka (pakurmatan lan puji sukur) c. Surasaning sesorah (isi) d. Dudutan (kesimpulan) e. Pangarep-arep (apa-apa kang dadai pepengine lumantar sesorah) f. Panutup g. Salam panutup 13. Keijaksanaan guru Nuwun bapa utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan. Sedaya rencang ingkang kula tresnani lan kula banggaaken. Monggo kita ngaturaken puja puji syukur ngastonipun gusti allah ingkang maha agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahingga acara punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. 14. Keijaksanaan guru Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.



Rom I ( KD. 3.2 ) 15. c 16. b 17. a Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



-8-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



18. d 19. a 20. a 21. c 22. b 23. d Rom II 24. Banjir/Kebenan/Kebanjiran 25. Pak Joko, Aini, Echa, Shifa, Winda, Nabila, Tama 26. Fajar 27. Lemah 28. Kali Rom III 29. Muga-muga bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik 30.



Riyan nyuwun pangestu marang Ibu, amarga arep ngadepi tes Semester II. Ibune Riyan pesen supaya Riyan nggarape sing tenanan ora nirun kancane. Ibune Riyan uga dongakake muga-muga Riyan bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik. Menawa Riyan entuk juwara, Riyan njaluk hadhiyah buku wacan sing akeh saka Ibu ne. (Kebijakan Guru)



SKOR PENILAIAN BAHASA JAWA BAHASA JAWA KD 3.1 Pilihan ganda : betul x 1



= 6



Isian



= 10



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



: betul x 2



-9-



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan



Uraian



: betul x 3 NILAI



= 9 + =



25 x 100 = 100 25



BAHASA JAWA KD 3.2 Pilihan ganda : betul x 1



= 9



Isian



: betul x 2



= 10



Uraian



: betul x 3



= 6 +



NILAI



=



25 x 100 = 100 25



Surakarta,



Februari 2021



Mengetahui, PLT. Kepala Sekolah



Pembuat Naskah Soal



Dra. Karyawati Rosatina Setyaningsih, M.Pd NIP 196302091984052004



Ananda Putri Mahadewi, S.Pd NIP 199209242019022003



Pengawas TK/SD Gugus V Korwil I Kec. Laweyan Kota Surakarta



Drs. Agus Widayatno NIP. 196308201982011002



Bahasa Jawa Kelas 6 I PTS II I 2020-2021



- 10 -



KORWIL I II Kec. Laweyan - Serengan