Singir Tajwid [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Sholatuloohi maa lahat kawakib ‘Alahmad khoiri mar rokiban naja’ib



Bismillah miwti nganggiit singir tajwid



Idzhar iku mertelakno ing wacane



Tembung jawa tembang rojaz kang den anggit



huruf mati bedakno karo mburine



Kanti nyebut asma Alloh sifat rohman



idghom iku ndadekno ing wacane



Ingkang asih muji maring dzat kang rohman



huruf mati koyo huruf kapindone



Rohmat salam katur maring kanjeng nabi



iqlab iku moco tanwin lan nun mati



Muhammad lan kulawerga wal ashabi



biso dadi koyo unine mim mati



Iki singir tajwid kalamul baari



ikhfa iku hurufe den waca samar



Kang jejuluk nadzoom tanwirul qoori



sebab kapit wacan loro idghom idzhar



Ngaji qur’an wajib ngadep maring guru



aksarane idghom iku nem tan kurang



Ndi tajwide kang beener kudu ditiru



kumpule maylu nuurin hurufe terang



Ngaji qur’an kudu kanti nganggo tajwid



nun mati lan tanwin naliko ketemu



Lamon ora mongko wacan morat marit



salah siji songko huruf lafadz yanmu



Hukume nun kang maati lan tanwin iku



iku kdu den waca idghom biighunnah



Ono papat kang wis mashur lan kelaku



anging kudu ora tunggal sa kalimah



Wiwit siji wilangane siro sifat



nun mati lan tanwin lamon ngadepake



Idzhar idghom iqlab ikhfa’ jangkep papat



ba iku iqlab laambe den ingkemake



Ikhfa iku hurufe ono liimolas



ing abghi hajjaka wakhof ‘aqiimah



Kabeh kumpul ing ngisor unine jelas



lazime den waca idzhar qomariyah



Do dzo tsa dzin soko kuto jas sepatu



al ta’rif kang ngadepake huruf pitu



Dasyi kabeh den enggo nyambangi putu



pindo jumlah patbeelas sebute ratu



Hukume mim mati iku teling werno



den sebut manggono sebab semangsane



Ikhfa idghom idzhar iku den terangno



tempuk karo al lame ilang unine



Lamono mim mati iku ngadepaken



dodzo tsa dzin sulton rosyad tas ziyaroh



Ba ka’tasimbillahi iku wacanen



anak putu ing kono ugo sesuroh



Kanti samar mingkem ing tembung ngarobe



iku wajib woco idghom syamsiiiyah



Iku ikhfa syafaaawi kang bongso lambe



koyo lafadz adzurri wadz dzorfuyyah



Tapi lamoon ngadepake mim taamatno



duh pengeran mugi tuwan ambanjiri



Koyo lafadz lakum ma den aranono



kanugrahan manfaat saged lestari



Idghom mislen soghir ho hunnaeh terang



duh pemgeran mugioo paring beerkah



Durum ghola ho inten regane larang



niki singir dados ngamal soliihah



Yen ngadepno sa liane bumi mongko



ingkang nganggit ing singir asmo munhamir



Wajib idzhar syafawi nahwu hum liko



hakikote asmo tetep ibnu mundzir



Hukume al iku loro wilangane



aran bapak alhaaji Muhammad nadzir



Idzhar idghom ngertiiiyo bedo bedane



asmo mekah den sebut ing iki singir



Al ta’rif kang ngadepake salah siji



haji abdul halim ing kuto madinah



Songko huruf patbeelas kang dadi siji



anging bapak wus ngancik ing alam barzah



Duh pengeran dateng tuwan ‘azza wajal



mugi katur gusti rosul rohmat salam



Nyuwun tetpiman islam dugi ajal



bener luput sun ngucap waloohu a’lam



Sun mungkasi serto muji maring Alloh Kanti ngucap ing lafadz alhamdulillah