Soal Bahasa Jawa WORD [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

YAYASAN PEMBINA LEMBAGA PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH PERSATUAN GURU REPUBLIK INDONESIA JAWA TIMUR (YPLP DASMEN PGRI JAWA TIMUR)



SMK PGRI TUREN NSS: 344051817010 NDS : 4305131601 NPSN: 20517751 ALAMAT : JALAN SALAK Gg. I (0341) 824179, TUREN MALANG 65175 Website: http://www.smkpgrituren.sch.id E-mail:



SOAL PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL TAHUN PELAJARAN 2021/2022



Nama Sekolah



: SMK PGRI TUREN



Alokasi Waktu



: 60 mnt



Mata Pelajaran



: Bahasa Jawa



Jumlah Soal



: 50 butir



Program Keahlian



: Semua Program Keahlian



Kelas/Semester



: X/1



A.



PILIHAN GANDA Jawablah pertanyaan berikut dengan benar! 1. Artikel bisa diartekake tulisan kang isine ... a. Panemu, ide utawa fakta b. Imajinasi lan fantasi c. Eksplanatif d. Daya khayalan e. Lelucon kang nglipur 2. Lumrahe artikel iku sinebar liwat a. Benner ing dalan-dalan b. Giyaran-giyaran ing televisi c. Medhia massa secara online/offline d. Giyaran-giyaran ing radio e. Wangsulan a, b, c bener 3. Artikel kang aweh tuntutan maarang pamose kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora ngalami kekeliruan utawa keluputan. Iki ingaranan artikel ... a. Prespektif b. Predhiktif c. Dheskriptif d. Eksplanatif e. Eksploaratif 4. Tulisan kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine permasalahan, kang pinuju dumadi ing madyaning bebrayan. Ing ngaranan artikel ... a. Preskiptif b. Predhiktif c. Dheskriptif



d. Eksplanatif e. Eksploratif 5. Artikel utawa tulisan kang isene ndungkapake fakta-fakta miturut pamawase si penulis. Iki Ingaranan artikel ... a. Preskiptif b. Predhiktif c. Eksplanatif d. Dheskriptif e. Eksploratif 6. Lumrahe Makalah Penaliten iku didungkapake sajrone artikel ... a. Preskiptif b. Predhiktif c. Eksplanatif d. Dheskriptif e. Eksploratif 7. Predhiksi asli tetandhingan bulu tangkis basional iku didungkapake sajrone artikel ... a. Preskiptif b. Predhiktif c. Dheskriptif d. Eksplanatif e. Eksploratif 8. Pekarangan kang kebak wit-witan bisa gawe omah katon asri lan seger. Yen dideleng perangane, Ukara ing dhuwur klebu ukara ... a. Ukara lamba b. Ukara camboran sajajar c. Ukara camboran rapatan d. Ukara camboran sungsun e. Wangsulan a, b, c, lan d salah 9. Tuladha basa ngoko alus sing bener klawan unggah-ungguhe ... a. Simbah dhahar, adhik melu mangan pisan. b. Simbah dhahar, adhik melu dhahar pisan. c. Simbah dhahar, adhik melu nedha pisan. d. Simbah nedha, adhik melu nedha pisan. e. Simbah nedha, adhik melu dhahar pisan. 10. Ing cerito Pewayangan, Sapa Sadewa iku? a. Pembarepe Pandhawa b. Panggulune Pandhawa c. Panengahe Pandhawa d. Sadhuwur ragile Pandhawa e. Wuragile Pandhawa



11. Pandhawa seng nomer siji iku aran ... a. Nakula b. Sadewa c. Puntadewa d. Bimasena e. Arjuna 12. Dewi Kunthi karo Sadewa iku kaprenah apa? a. Dewi Kunthi iku inu kandunge Raden Sadewa b. Dewi Kunthi iku ibu juwalone Raden Sadewa c. Dewi Kunthi iku budhene Raden Sadewa d. Dewi Kunthi iku budhene Raden Sadewa e. Dewi Kunthi iku eyang putrine Raden Sadewa 13. Purbaya, Kaca Negara, Tetuka, iki mujudake dasanamane ... a. Gathotkaca b. Abimanyu c. Duryudana d. Puntadewa e. Semar Sukma 14. Ing ngisor iki kang kalebu Ukara sing kalebu ukara lamba yaiku ... a. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam. b. Lingkungan alam sing rusak bakal duweni efek tumrap uriping manungsa lan anduweni potensi bakal dumadi bencana ing tembene. c. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa. d. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang factor alam kang dumedine ora saben dina. e. Karusakan alam amarga pokale manungsa nyebabake pegeblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. 15. Dheweke isih ngambah ing bantala. Tembung bantala nunggal tegese ... a. Lemah b. Gunung c. Langit d. Segara e. Srengenge 16. Prabu Dasamuka lelana napak ing dirgantara. Tembung dirgantara ateges ... a. Lemah b. Gunung c. Langit d. Segara e. Srengenge 17. Babagan kan dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang arane ...



a. b. c. d. e.



Tema Tokoh/praga Gaya basa Latar/setting Plot/alur



18. Dalan crita/rerangken prastawa kang didhapuk adhedhasar hukum kausalitas (arane ... a. Tema b. Tokoh/praga c. Gaya basa d. Latar/setting e. Plot/alur 19. Gambaran ngenani waktu, panggonan, lan swasana kang dumadi sajrone crita arane ... a. Tema b. Tokoh/praga c. Gaya basa d. Latar/setting e. Plot/alur 20. Antawacana yaiku ... a. Dialog antar paragane wayang b. Dialog antar paragane nayaga c. Dialog antar paragane wiraswara d. Dialog antar paragane dhalang e. Dialog antar paragane sindhen 21. “ Saiki bapak durung mulih“ , yen didadekake basa krama lugu yaiku ... a. Sakmenika Bapak derenh wangsul b. Sapunika bapak dereng kondur c. Saiki bapak durung kondur d. Saiki bapak dereng wangsul e. Saiki bapak dorong wangsul 22. Sapunika adhik-adhik kula taksih dereng sami adus. Ukara iki migunakake basa ... a. Ngoko lugu b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Krama alus e. Krama desa 23. Mas, panjenengan mengko apa kondur daleme eyang? Ukara iki migunakake basa ... a. Ngoko lugu b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Krama alus e. Krama desa



24. Tembung iki yen ditulis aksara jawa mbutuhkake sandhangan cakra taling yaiku ... a. Pating prentul b. Aja mrengut c. Srupat-sruput d. Bocah sregep e. Nemu kreweng 25 Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Yen diudhal ukara ing dhuwur pada karo ing ukara ngisor yaiku… a. Gunung jeblug mujudake salah sawijine aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam. b. Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang factor alam kang dumadine ora saben dina. c. Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang duweni dampak negative tumrap karaharjane panguripan. d. Akeh dahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung jeblug. e. Kewan-kewan alas anjalari tumrap isen-isening alam. 26. Panulise artikel manawa kaudhal manut Strukture yaitu... a. Isi masalah, dudutan b. Dudutan, isi lan masalah c. Pambuka, dudutan lan masalah d. Pambuka, isi lan dudutan e. Pambuka, isi lan masalah 27. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diselektif kanthi bener. Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing mbutuhaken penanganan khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane. Ukara ing dhuwur cuplikane saka… a. Pambuka b. Dudutan c. Isi d. Pambuka lan dudutan e. Deskripsi 28. Artikel sing ngadharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sehingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jenis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jenis artikel … a. Ekploratif b. Eksplanatif c. Deskriptif d. Prediktif e. Preskriptif



29. Dwarati iku negarane sapa? a. Prabu Baladewa b. Prabu Duryudana c. Prabu Puntadewa d. Prabu Atyaboga e. Prabu Kresna 30. Mandura iku negarane sapa? a. Prabu Baladewa b. Prabu Duryudana c. Prabu Puntadewa d. Prabu Atyaboga e. Prabu Kresna 31. Pandhawa sing pertama yaiku .. a. Nakula b. Sadewa c. Puntadewa d. Bimasena e. Arjuna 32. Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ... a. Tema b. Tokoh/praga c. Gaya basa d. Lata/setting e. Plot/alur 33. Dalan crita utawa rerangkene prastawa kang didhapuk adhedasar hukum kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab akibat) arane ... a. Tema b. Tokoh/praga c. Gaya basa d. Lata/setting e. Plot/alur 34. Wayang Gedhog iku diripta dening wali sanga kang asma ... a. Sunan Kalijaga b. Sunan Bonang c. Sunan Kudus d. Sunan Muria e. Sunan Giri 35. Wayang Golek iku kang akeh tinemu ing ... a. Cepu lan Boyolali b. Cepu lan Bojonegoro



c. Cepu lan Banyumas d. Kudus lan Bojonegoro e. Kudus lan Banyumas 36. Wayang sing wujude cilik-cilik digawe saka bahan kayu, arane ... a. Wayang Gedog b. Wayang Golek c. Wayang Krucil d. Wayang Wong e. Wayang Topeng 37. Wayang Suluh sinebut juga kanthi julukan ... a. Wayang drama b. Wayang ludruk c. Wayang ketoprak d. Wayang sandiwara e. Wayang pamarentah 38. Bermain peran iku beda klawan nindakake kegiyatan ... a. Drama b. Pidato c. Ngarang d. Nembang e. Dakwah 39. Drama mujudake komposisi sayir kang diajab bisa nggambarake tingkah laku liwat ... a. Setting b. Akting c. Moving d. Ploting e. Dubbing 40. Paraga drama sing guneman ijen ning panggung ingaranan ... a. Prolog b. Epilog c. Monolog d. Dhialog e. Catalog 41. Pesen pungkasan kang disampekake sabubare kegiyatan drama lumaku ingaranan ... a. Prolog b. Epilog c. Monolog d. Dhialog e. Catalog 42. Tuladha basa ngoko alus ...



a. b. c. d. e.



Ibu arep lunga menyang Surabaya Ibu badhe kesah dhateng Jakarta Ibu arep tindak menyang Malang Ibu badhe tindak dhateng Jember Ibu badhe kesah menyang Solo



43. Adhik ngombe es teh lan Ibu ngombe beras kencur. Yen didadekake basa krama alus ... a. Adhik nginum es teh lan ibu nginum beras kencur. b. Adhik nginum es teh lan ibu ngunjuk beras kencur. c. Adhik ngunjuk es teh lan ibu nginum beras kencur. d. Adhik ngunjuk es teh lan ibu ngunjuk beras kencur. e. Adhik ngombe es teh lan ibu nginum beras kencur. 44. Bocah kang ngunandika, nggrundhel, lan grenengan ijen alon-alon, lumrahe mignakake basa ... a. Ngoko lugu b. Krama lugu c. Ngoko alus d. Krama alus e. Ora mesthi basane 45. Tuladha basa krama inggil (alus) sing trep klawan unggab-ungguhe ... a. Kula dereng dhahar siyang b. Adhil sampun tindak Malang c. Bapak nembe kemawon tindak d. Tono kaliyan Tini mundhut es teh e. Ibu tuku gula lan kopi ing pasar 46. Ing basa krama lugu (madya) iku, tembung kowe owah dadi ... a. Tetep kowe b. Sampeyan c. Koen d. Panjenengan e. Panjenengane 47. Panulisan artikel manawa kaudhal manut structure yaitu ... a. Isi masalah, dudutan b. Dudutan, isi lan masalah c. Pambuka, dudutan lan masalah d. Pambuka, isi lan dudutan e. Pambuka, isi, lan masalah 48. Asline kabudayan, ora mung agawe para sutresnane rumangsamarem, seneng, merga nduweni tetilaran utawa warisan saka leluhur, nanging ... a. Ngundhakake asiling devisa saka manca negara b. Ngundhakake martabat minangka bangsa berbudaya



c. Ngundhukake rasa percaya dhiri, dudu bangsa biadab d. Ngundhukake kagunan praktis lan wawasan sing jembar e. Ngundhukake kawruh lan filsafat hidup 49. Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing bebagan moral lan kautaman. Jalaran ... a. Pagelaran warang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntunan tumrap penontone. b. Pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara. c. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare negara. d. Pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi ilmu lan kawruh tumrap para mudha. e. Pagelaran wayang mujudake sarana dramatrisasi teks cerita wayang saka negara manca. 50.



Anane naskah pakem pedhalangan sesambungane karo teks lakon wayang, gunane kanggo ... a. Nuntun para dhalang supaya bisa mahami urutan crita wayang sawutuhe b. Nuntun para dhalang supaya asli pagelarane bisa luwih apik lan temata c. Nuntun para dhalang supaya bisa ngurip-uripi lakon wayang kanthi gampang d. Nuntun para penonton supaya bisa mahami apa kekarepane dhalang e. Nuntun para penonton supaya bisa krasan nonton pagelaran wayang