Soal Try Out Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

LEMBAR SOAL Mata Pelajaran Kelas/Program



: Bahasa Jawa : XII/IPA-IPS



A. WANGSULANA PITAKONAN ING NGISOR IKI KANTHI MILIH a, b, c, d, utawa e KANG BENER! Wara – Wara Dipunbyawarakaken dhumateng kaum muslimin saha muslimat sedaya warga, Bilih kangge mahargya pengetan Isro’Mi’roj Nabi Muhammad SAW., badhe ngawontenaken acara pengajian umum ingkang Insya Alloh badhe dipunlakasanakaken benjang: Ahad, 22 November 2015 tabuh 20.00 WIB, Pamicara KH. Ali Mansyur saking Tegal Mila saking punika kasuwun kanthi sanget sedaya kaum muslimin saha muslimat ngrawuhi acara punika, Cekap semanten wara – wara punika mugi ndadosaken kawuningan sedaya warga. 17 November 2015 Pangarsa Masjid KH. Sholeh, S.Ag 1. Pokok isi wara – wara ing dhuwur miturut unsur wara – wara (5w + 1H) kang ora ana yaiku…. a. apa b. ana ngendi c. kapan d. sapa e. kena ngapa Crita Pengalaman Nalika dina riyaya tahun wingi , aku lan adhiku sowan Eyang, Daleme ing Ungaran. Dadi adohe udakara 20 kilometer. Budhal saka omah, langite padhang jingglang. Ora ana mendhung sethithik – sthithika. Adhiku katon sumringah, semono uga aku. Luwih – luwih aku lan adhiku diparengake Bapak numpak sepeda motor. Ya mung welinge Bapak, aku kudu ngati – ati. Aku ora ngira babar pisan yen adhiku nganggo sandhal selen. Sing kiwa wernane biru, sing tengen ijo, awit adhiku duwe sandhal rong pasang. Tur modhel lan ukurane padha ceples, ya mung bae wernane beda. Sedulur – sedulurku padha priksa amarga dielikake rewange Eyang . Eyang lan sedulur – sedulurku padha gumuyukepingkel – pingkel. Ngerti digeguyu, adhiku makcek ngruket aku lan ndhelikake raine saking isine. 2. Pratelan ing dhuwur kalebu crita kang isine … a. Gawe susah b. Gawe pasulayan c. Gawe guyu d. Gawe trenyuh e. Gawe bungah Crita Cekak kanggo mangsuli soal nomer 3 lan 4! Pak Parto duwe anak papat. Nalika njodhohake anak telu ora ana pepalang apa-apa. Nanging bareng duwe krenteg ngomah-ngomahake siwuragil, bebasane wong mlaku kesrimpung. Durung suwe iki, nalika bocah sing dadi kembange desa iku ditari rabi, terang-terangan nyangkal karep. “Aku gelem rabi, Pak. Nanging yen carane Bapak nggolekake bojo kaya mbakyu-mbakyuku, aku emoh,”ngono tembunge Sriyatun “Njur piye karepmu…? Apa iya umum bocah wadon golek bojo dhewe?” “Jaman saiki umum, Pak!” “Wee…lha…, aku wis duwe inceran lho Sri. Bocahe rosa, sregep, manut marang wong tuwa. Iku kabeh kanggo kamulyane awakmu, Sri!” “Bapakmu bener, Sri. Coba sawangen mbakyu-mbakyumu kae! Arepa biyen ora seneng karo bojone, anake saiki iya akeh,” simboke nimpali rembug.



1



Krungu tembunge Simboke, Sriyatun menceb, terus nglungani. Bubar kuwi, pikirane Pak Parto kagubel angen-angen kepengin enggal ngomah-omahake anak wuragil. “Mas, mengko yen ditakoni Bapak apa Simbok, aja ngaku yen sampeyan putrane Pakdhe Hartoyo,” kandhane Sriyatun karo tangane nggandhul ing pundhake bocah lanang bagus. Sukirno mung mesem .dheweke mung manut bot-bote tresna. Ngurbanake jati dhiri. Bareng tekan ngomah, Sriyatun memburi nemoni Bapake. Sukirno lungguh ing kursi tamu. “Pak, ana dhayoh.” “Sapa, Sri? Apa nggoleki Bapak?” “Iya…anu…anu…, Pak,” Sri ora mbacutake. “Sri, iki apa bocah sing kok karepake?” pitakone Bapake. “Iya, Pak.” “Apa isa nyambut gawe?” “Pak, aja ngono ta. Mbok dibagekake dhisik ngono lho.” “Waras nak? Swarane Pak Parto adhem njekut.” “Pangestunipun, Pak.” 3. Watak paraga utama sajroning pethikan crita ing dhuwur yaiku…. a. Mbangun miturut b. keras c. Mangan ati d. Wicaksana e. Cilik ati 4. Amanat crita cekak ing dhuwur…. a. Bocah wadon kudu digolekake bojo. b. Bocah wadon kudu manut wong tuwa. c. Wong jejodhoan iku ora bisa dipeksa. d. Golek bojo manut sakarepe dhewe. e. Calon bojo kudu dipeksa dhisik ben jodho 5. ? b qi k T u m] p Pe z [ n T n\ aksara Jawa iki unine kang bener yaiku.. a. Batik tumraping nganten b. Batik tumraping penganten c. Batik lambang pangarep arep d. Batik tumrap pangarep –arep e. Batik tumrap penganten LUMUNTURING BUDAYA Dening: Ki Andanawarih Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasaku Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku Amersani jaman saiki Tumraping polah tingkahing putra lan putri Kang wis ninggalake subasita Nerak angger – angering budaya Lali ing tata krama mbuwang sakabehingunggah – unnguh basa Kabeh rumangsa nistha Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa Sanadyan aman wis maju Aja banjur dadi keru Crita leluhur ginubah sawiyah – wiyah Busana owah samesthine Tetunggangan, wisma…



2



6. Saka isine geguritan ing dhuwur, pangripta rumangsa trenyuh ing penggalihe amarga…, kajaba…. a. Lunture budaya b. Kemajuane teknologi c. Ilange subasita d. Diterake angger – angger budaya e. Unggah – unnguh dilirwakake 7. Amanate pangripta marang para pamaos liwat geguritan ing dhuwur yaiku…. a. Aja ninggalake adat budayane dhewe b. Aja nolak marang kemajuan jaman c. Kemajuan jaman kudu dieloni d. Jaman wis maju kabeh kudu diubah e. Dadi wong sing modern (1) Ing Indonesia kanker serviks mujudake penyebab kematian wanita kang paling akeh. (2) Kanker leher rahim utawa kanker serviks mujudake kanker nomer loro kang paling akeh nyerang wanita sadonya lan nomer siji ing Negara berkembang (3) Dietung kira – kira saben dina tuwuh 40 – 45 kasus anyar lan watara 20 – 25 wanita mati amarga kanker serviks (4) Saka cacah kasebut ana 143.000 wanita mati ing umur kang produktif (5) Ing Asia Pasifik, saben taun ditemokake 266.000 kasus kanker serviks



8. Ukara – ukara ing dhuwur menawa diurutake bisa dadi teks pawarta kang becik, kanthi urut – urutan…. a. 1-2-3-4-5 b. 2-5-4-1-3 c. 3-1-2-5-4 d. 4-2-3-1-5 e. 5-4-1-2-3 Pethikan Crita Cekak “Bu, Puput dodolan riyin nggih." Puput pamit. "Sing gedhe pangapurane ya put." ngendhikane Ibu. "Lho kok Ibu ngendhika ngoten to, Bu." wangsulane puput. “ “Put, awakke Ibu kaya ngene, mesthine koe bisa kaya bocah-bocah liyane, bisa dolan karo kanca-kancamu, Put. ora mikir kaya ngene. Ibu mung dadi beban uripmu tok." ngedhikane Ibu karo nangis. "Kula ikhlas kagem ibu, sedaya kagem kesehatan Ibu. asal Ibu bungah, kula nggih tumut seneng, Bu."wangsulane Puput. "Put, Ibu bangga karo awakmu. muga-muga Ibu bisa ngancani awakmu terus, paling ora weruh koe kuliah." Panjaluke Ibu marang Puput. 9. Isi cerkak ing dhuwur yaiku…. a. Nasibe dadi wong mlarat b. Urip ketula - tula c. Bekti anak marang wong tuwa. d. Anak sing duraka marang wong tuwa e. Wong tuwa kang ora tanggung jawab 10. Nalika nulis wacana eksposisi yen ora diwatesi nganggo cengkorongan bakal nyebal saka tema utawa topik kang wis ditemtokake. Njlentrehake supaya bisa cetha pancen kudu nggunakake basa kang njlimet lan cetha, nanging sanajan dawa tulisane yen ora cetha ora ana gunane. Mula saka iku wacana eksposisi iku ora kena .... a. ngayawara supaya katon akeh tulisane b. tanpa rasa subjektif lan emosional c. adhedhasar karep saka panulise d. subyektif lan emosional e. cekak aos



3



11. Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki, kajaba.... a. njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan; b. sumber saka crita kang ora dunung sapa sing gawe. c. mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta; d. nggoleki sumber idesaka : pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan. e. mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistic, grafik, organigram, gambar, lan sapiturute 12. Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun pangapunten dene kula paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun…. Tegese tembung katulis ndhoyong utawi miring yaiku…. a. Mungkasi atur d. Nyela-nyela atur b. Miwiti atur e. Nutup atur c. Njlentrehake wos 13. Minangka purwakaning atur sumangga tansah kula dherekaken ngaturaken .......... karana sih wilasa miwah barokah ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan menika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku... a. Nggempil kamardikan b. Sinawung raos suka ing ngajeng c. Puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Kawasa d. Panjenengan para pepundhen, lan para sesepuh e. Keparenga kula munggel saha nggempil kamardikan 14. Nalika migunakake basa, sajroning milih tetembungan kudu jumbuh marang kahanane, sapa sing dijak guneman, luwih tuwa utawa luwih enom, kepriye prenahe, lsp. Ukara ing ngisor iki sing ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku .... a. Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng tuwin ngendikan. b. Pak, punapa kula pikantuk ndherek panjenengan? c. Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo. d. Menawi saged kula nyuwun wekdalipun sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan. e. Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat. 15. Bapak : .... Joko : Kula wangsul saking sekolah tabuh 14.00, Pak. Ukara pitakon kanggo nggenepi wangsulan sing bener yaiku… a. Panjenengan kala wau kondur jam pinten, Le? b. Panjenengan kala wau wangsul jam pinten, Le? c. Kowe mau mulih jam pira, Le? d. Sampeyan kala wau kondur jam pinten, Le? e. Sampeyan mau mulih jam pira, Le? Assalamualaikum wr. wb. Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar. Para sedherek mangga samya nambahi taqwa dhumateng Allah, inggih punika nindakaken sedaya parentahipun Allah tuwin nebihi sedaya larangan Allah. Para sedherek muslimin lan muslimat, ing dinten riyaya Idul Fitri punika kalebet dinten ingkang mulya tumrapipun umat Islam, ingkang sami suka sokur amargi sampun ngrampungaken anggenipun nindakaken siyam Romadhon setunggal wulan. Bilih sinten kemawon ingkang nindhakaken siyam ing wulan Romadhon, dipuntebihaken saking siksa neraka, dipunparingi ganjaran ingkang matikel-tikel. Para sedherek muslim ingkang minulya, begja sanget tumrap para sedherek ingkang sami enggal-enggal nindakaken kewajiban, ingkang sampun katetepaken dhumateng kita sedaya umat Islam, inggih punika ngedalaken zakat fitrah, minangka kangge nyuceni dhumateng abdhan kita tuwin ndadosaken sebab leburipun sedaya dosa wekdal ngibadah siyam kita. Kados dhawuhipun nabi Muhammad SAW. Siyam wulan Romadhon punika dipunibarataken antaranipun langit kaliyan bumi, boten katrima sampurna dening Allah kajawi manawi sampun ngedalaken zakat fitrah.



4



16. Andharan khotbah kuwi diwenehake nalika acara... a. Sholat Idul Adha d. Sholat Idul Fitri b. Sholat Jum’at e. Pengajian c. Sholat Tarawih 17. Nulada laku utama Tumrape wong tanah Jawi Wong agung ing Ngeksigonda Panembahan Senapati Kapati amarsudi Sudaning hawa lan nepsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri Amemangun karyenak tyasing sasama Werdine/tegese Nulada laku utama yaiku... a. Tansah prihatin b. Nyonto tumidak kang becik c. Tansah gawe seneng wong liya d. Urip kudu bisa nahan hawa lan nepsu e. Kalakone panggayuh iku seneng tapa brata 18. Jinejer neng wredhatama Mrih tan kemba kembenganing pambudi Nadyan tuwa nanging pikun Yen tan mekani rasa Rasa sepi asepa lir sepah samun Samangsane pasamuan Gonyak-ganyuk nglelingsemi Paugeraning tembang ing dhuwur yaiku…. a. 8a, 12i, 8u,7a, 12u, 8a, 7i b. 8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i c. 8a, 11i, 8u, 7a,12u, 8a, 7i d. 12u, 6a, 8i, 12a e. 8o, 8i, 8a, 8i,8a, 8i 19. Miturut paugerane, tembang ing dhuwur kalebu…. a. Mijil b. Pocung c. Sinom d. Gambuh e. Pangkur 20. Caping Gunung, Setya Tuhu, lan Wuyung kalebu campursari jinis ... . a. Macapat campuran b. Shalawat c. Sekar gendhing d. Lelagon dolanan e. Langgam 21. Ing ngisor iki kang ora kalebu tuladhane lelagon campursari yaiku ... . a. Langgam Dadi Ati b. Bapak c. Gugur Gunung d. Pangkur tanjung gunung e. Setasiun Balapan 22. Lumantar prihatin nuwuhke lantiping ati. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku… a. ?lumnT/p]iatinBisnuwuha[klnTipPi=ati. b. ?lumnT/tpp]iatinN|wuha[klnTipPi=ati. c. ?[lwtTpp]iatinN|wuha[klnTipPi=ati. 5



d. ?lumnT/p]iatinN|wuha[kkp]igelLnDiri. e. ?lumnT/p]iatinN|wuha[klnTipPi=ati. 23. Wedang jeruk tanpa gula.... Isi saka parikan sing paling trep miturut sampirane yaiku... a. Luwih becik sing prasaja b. Aja sok ngenyek karo kanca c. Kudu bekti marang wong tuwa d. Ja sok umuk tanpa guna e. Kudu eling marang kaluwarga 24. Parikan ing ngisor iku bacute kepriye? Kembang anggrek rumambat tepining bethek... a. Nganti tuwek ngelmu iku ora kalong b. Nganti sukmben ngelmu iku ora entek c. Nganti sukmben ngilmu kuwi ora kalong d. Nganti tuwa ngelmu iku ora entek e. Nganti tuwek ngelmu iku ora entek Assalamu’alaikum Wr.Wb Nuwun, saderengipun kula nglajengaken menggah punapa ingkang dados wigatining atur, lamgkung rumiyen sumangga kula dherekaken ngatueaken suka sukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan, dene kula sarombongan pinaringan berkah rahayu wilujeng. Inggih awit saking punika kula sadaya saged sowan wonten ing ngarsa panjenengan sadaya kanthi tulus raharja. Para pinisepuh saha sesepuh ingkang pantes kinabekten. Para lenggah kakung sumawana putrid ingkang satuhu mahambeg minulya ing budi. Amit pasang aliman tabik, tinebihna tulak sarik linepatna ing sapu dendha, dene kula kewawantun minyak sepining swasana, matur wonten ing sangarsa panjenengan sadaya, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur. Kula piniji minagka duta saraya sulih sarira saking panjeneganipun kadang kula wreda RM Pawirodikompo sekaliyan. Ingkang angka setunggal : ngaturaken salam taklim katur panjeneganipun Bp. RM Pawirodikompo kanthi atur “Assalamu’alaikum Wr. Wb.” Kairing pamuji anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cempaka mulya, amiwaha putramahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki Ingkang angka kalih: kula tinaggenah dening Bp. RM Pawirodikompo, kinen hangaturaken putra atmajaning calon panganten kakung ingkang asesilih Bagus Ir. Kadaliyanto, ingkang badhe kadhaupaken kalian putra putrinipun Bp. RM Pawirodikempit, ingkang asesilih Dyah Ayu Dr Dewi Kecowakwati, minangka kusuma sekaring pawiwahan ing ratripunika. Kinanthen pandonga nir baya, nir rubeda, nir ing sambikala satunggal punapa. Ingkang punika kula ngaturaken calon panganten kakung dhumateng Bp. RM Pawirodikempit, ing salajengipun kula nyumanggaken menggah dhaup saha upacara sapiturutipun minagka gatining pawiwahan ing ratri punika Minangka panutuping atur, kula tansah nyadhong lumunturing samodra pangaksama tumraping kula pribadi, menggah sadaya kekirangan ingkang mboten andadosaken sarjuning panggalih para rawuh sadaya. Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb Nuwun 25. Pethikan pidhato ing ndhuwur isine … a. Lamaran panganten b. Nampa lamaran c. Makili panganten d. Pasrah panganten e. Nampa panganten 26. Sadurunge ngaturake kang dadi wosing gati, luwih dhisik ngaturake… a. Pangapura b. Keslametan 6



27.



28.



29.



30.



31.



c. Sukasukur d. Kawilujengan e. Panuwun Bedane pinisepuh lan sesepuh. Pinisepuh yaiku wong kang yuswane pancen wis sepuh, dene sesepuh yaiku wong kang… a. Umure wis akeh b. Umure wis tuwa c. Wong tuwa d. Wong sing dituwakake e. Wong enom ning diajeni Apa mungguh wigatining pasrah? a. Ngaturake suka sukur b. Ngaturake agenging panuwun c. Ngaturake kawilujengan d. Ngaturake calon panganten putri e. Ngaturake calon panganten kakung Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Sardjana, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak Wijaya amasrahaken panganten kakung, keparenga kula kadawuhan nampi pasrah panganten kakung. Perangan pidhato ing dhuwur isine…. a. Pasrah panganten. b. Tampi pasrah penganten c. Penganten sarimbit d. Lamaran panganten. e. Makili temanten Manungsa tansah eling lan waspada. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku … a. ?mnu=stnSh[ali=lnWsPf. b. ?mnu=stnSh[ali=lwnWsPf. c. ?mnu=saikutnSh[ali=lnWsPf. d. ?mnu=skufutnSh[ali=lnWsPf. e. ?mnu=saikukufutnSh[ali=lnWsPf. Kabecikan kanggo entuk kamulyan sejati. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku … a. ?kbecikKnaikuk=[go[anÒ|kKmulYnSejti, b. ?k[bcikKnK=[go[anÒ|kKmulYnSejti. c. ?kbecikKnK=[goaenÒ|kKmulYnSejti. d. ?kbecikKnK=sejti[anÒ|kKmulYn\, e. ?kbecikKnK=[go[anÒ|kKmulYnSejti.



32. Bisa mangun sesrawungan ing ngendi wae. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku … a. ?kitbismzunSes]wu=znHi=zenFiw[a. b. ?bismemyuayus]wu=znHi=zenFiw[a. c. ?bismzunLnS]wu=znHi=zenFiw[a. d. ?bismzunSes]wu=znHi=zenFiw[a. e. ?bisses]wu=znHi=zenFiw[a. Wisata Sapta Tirta Banyu kasekten bisa kanggo golek kasekten, nggayuh drajad utawa pangkat. Biyen papan iki mujudake panggonan kanggo tirakate Mangkunagara I ing kene iki Mangkunagara I antuk kasekten lan jaya kawijayan kanggo ngayomi dhiri pribadine. Mula ing kene ana sumber sing diarani sumber banyu kasekten. Nganti saprene isih ana sing percaya yen banyu iku bisa kanggo golek kasekten, nggayuh drajat utawa pangkat. Banjur sing kepengin sehat saka lara gatel bisa adus ing sumber banyu soda. Banyune rada mambu lirang. Supaya anggone nyambut gawe bisa lancar, bisa nggunakake banyu ing sumber banyu urip. Banyune cukup kanggo raup, ora kena diombe. Sumber banyu anget bisa nambani wong lara gatel, rematik, paru-paru, TBC lan sesak napas. Uga ana sumber banyu bleng, sing banyune asin lan kena kanggo bumbu krupuk. Banjur sumber banyu urus-urus bisa nambani wong lara angel



7



bebuwang. Banyune kena diombe, nanging ora perlu akeh-akeh, amarga bisa murus. Sumber banyu mati, banyu iki mbebayani banget. Yen ngombe banyu iki bisa gawe patine wong sing ngombe.



33. Gagasan baku kang manggon ing wacan ing dhuwur, yaiku…. a. Jinis-jinise banyu ing wisata sapta tirta. b. Arane banyu ing wisata Sapta Tirta c. Lelara kang bisa ditambani ing sumber banyu sapta tirta. d. Aran lan mupangate sumber banyu ing wisata sapta tirta. e. Banyu kasekten bisa kanggo golek kasekten, nggayuh drajad utawa pangkat 34. Jenis artikel kang ngutamakake ngungkap sawijining fakta adhedhasar perangan saka panulise, yaiku…. a. Eksploratif b. Eksplanatif c. Deskriptif d. Prediktif e. Perspektif Ing madyaning bebrayan saiki, tata krama, budi pakarti, lan mad sinamadan wis saya suda. Bocah enom akeh kang kurang unggah-ungguhe, ing pitutur ilang basa aluse, lan pawongan kang lali adat waton dhaerahe. Nanging iku kabeh bisa diusadani lamun ing samadyaning kluwarga isih tetep nyekel kenceng budaya lan basa dhaerahe.



35. Jenis artikel ing dhuwur kalebu ... .



36.



37.



38.



39.



a. Eksploratif b. Eksplanatif c. Deskriptif d. Prediktif e. Perspektif Nalika nulis naskah sandiwara perangan sepisanan kang kudu ditemtokake yaiku …. a. tema b. latar c. pesen d. konflik e. pembabakan Ing naskah sandiwara tinulis sawijining tokoh kang dedege gedhe dhuwur, brengose kandel, mripate mencereng, lan ora akeh tingkahe. Perangan iku nggunakake teknik dramatik kang lumantar .... a. gegambaran fisik lan tumindake tokoh b. gegambaran lingkungan kehidupan c. gegambaran dening tokoh liya d. gegambaran tata basa tokoh e. gegambaran wayah Sandiwara iku bisa narik kawigaten yen anggone gawe skenario iku isa nuduhake perkara kang dadi undheraning sandiwara. Miturut andaharan iku kalebu ing babagan .... a. perwatakan b. pembabakan c. mangun konflik d. nemtokake latar e. njumbuhake crita karo wektu Sandiwara yaiku salah sijining jenis karya sastra (anggitan) kang karakit saka pacelathon-pacelathon (dhialog). Dene pacelathon iku bisa dirasakake yen penokohane uga pas lan trep. Watak sawijining paraga bisa digambarake kanthi teknik analitik yaiku wataking paraga dicritakake kanthi ... . a. Fisik lan tumindake paraga b. Lingkungan panguripane paraga c. Tata basane paraga d. Langsung dening panulis skenarione e. Pamikire paraga



8



40. Moderator yaiku …. a. b. c. d. e.



andharan kang ora prelu diwangsuli andharan kang ditujokake marang panyaji pawongan kang melu lan nyengkuyung dhiskusi pawongan kang ngandharake gagasan ing dhiskusi pawongan kang tugase ngatur lumakune dhiskusi



B. Wangsulana pitakon- pitakon ngisor iki kanthi patitis ! 1. Sebutna 5 cak-cakane kang kudu digatekake nalika medhar sabda ? 2. Sebutna 5 jenising crita wayang! 3. Wenehana tuladha perangan medhar sabda kang nelakake wosing gati!



4. Tulisen nganggo aksara Jawa! Miturut Herusatoto 1991, kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumprape wong jawa kanggo memuji lan nggayuh kaslametan. 5. Andharna trap-trapan nulis artikel!



9