Soal USBN KTSP 2018-2019 [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA PEMERINTAH DAERAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA



SMA ............................................... Alamat: ......................................................................................................................



LEMBAR SOAL UJIAN SEKOLAH TAHUN PELAJARAN 2018/2019



Mata Pelajaran Kelas / Program Hari / Tanggal Waktu



: Bahasa Jawa : XII / ....................... : ............................... : ...............................



PETUNJUK UMUM 1. Berdoalah sebelum dan sesudah mengerjakan! 2. Sebelum mengerjakan soal, tulislah identitas Anda pada Lembar Jawaban yang 3. disediakan! 4. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat tulisan yang kurang jelas! 5. Semua soal harus dijawab pada lembar jawaban! 6. Dahulukan menjawab soal yang Anda anggap paling mudah! 7. Dilarang menggunakan alat bantu hitung dan kamus



PETUNJUK KHUSUS I. Kawangsulana pitaken-pitaken ing andhap punika kanthi milih aksara A, B, C, D, utawi E ingkang leres! 1.



Kagatosna pethikan pawartos ing andhap punika! Jathilan “Mlebu Kraton” Seni rakyat Jathilan, kaya dadi kesenian endemic, tegese sumrambah ing sadhengah papan. Saben desa, malah saben dhusun ing DIY padha duweni grup jathilan. Ana kang laris ditanggap, ana kang beber setahun pisan nalika merti dhusun. Emane, seni jathilan akeh kang ninggal rasa senine lan kedlarung dadi “akrobat ndadi”, utawa katunggu anggone para paraga padha ndadi (trance) ngedan bedhigasan sakarepe lali purwaduksina. Uga akeh kang banjur kacawisake saanane, kayata kostum lethek sruwal-sruwal, utawa sandhangane sakecandhake, wirama iringane waton seru gumyak, rumpaka joget tanpa waton, sindhenan sakarepe, lan lakune baku carita ora kaudi. Ora ana isi wulang lan gatraning panjangka kang sinandi. Kamangka , yen kaparsudi kanthi becik, jathilan bisa dadi kesenian rakyat kang endah kadulu, resep kapriksani, lan gawe ati marem sanajan sarwa sarwi prasaja corek ragam jogete, sandhangan busanane, wirama iringan kendhangane, gumyak prasaja senggakan sindhenane. Saiki wis akeh “Jathilan alus” kang kaudi dening para paraga lan penguri-uri budaya jathilan. Nalika kabeber katon resep pangrakite, kepenak dideleng, empuk ulem kapireng. (kapethik saking Sempulur, nomer: 30/II-2018) Andharan ing andhap ingkang jumbuh kaliyan pethikan pawartos ing inggil inggih punika …. A. Jathilan mujudaken satunggaling seni rakyat ingkang sampun awis-awis kapanggihaken ing madyaning masyarakat miliginipun ing DIY. B. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat sampun katata kanthi sae. C. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat boten nggatosaken piwulang saha ancas ingkang utama. D. Ingkang ndadosaken seni jathilan punika sae inggih punika wontenipun paraga ingkang sami ndadi. E. Seni jathilan ingkang tasih kathah kapanggihaken ing madyaning masyarakat punika sampun mujudaken seni ingkang adi luhung pramila boten sisah dipunewah-ewahi malih.



1



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA 2.



Kawaosa geguritan “NGGER” ing andhap punika! NGGER … dening: Ki Dwija Disastra Ngger …… Duk ing nguni lumantar sang Narapati praja iki lila legawa manunggalake dhiri nglabuhi adeging nagri nglilakake kaskayane nyengkuyung jejeging Republik iki Duk ing nguni praja iki nate dadi kutha garaning nagri dimen lestari kamardikan kang wis ana tangan Senadyan laladan kari saperangan Ngger….., kuwi dudu dongengan nanging kasunyatan kang tinulis ing lembaraning jaman wingi dadi perdondi anane laladan kang mligi saperangan panguwasa Republik padha lali anane lelabuhan kang suci kanthi rembug kang gawe horeg kahanan saiki kasembadan Istimewa wis kasandhang angrantu para warga padha tumandang mujudake apa kang wis digegadhang Istimewa……, istimewa…….., istimewa……. aja mung dadi sebutan ungalna kabisanmu kabudayan, pamulangan, lan sakabehing kawegigan dimen murakabi nuswantara dimen murakabi bawana Buktekna Istimewaning Ngayogyakarta Ngger ……….. Isinipun teks geguritan ing inggil inggih punika …. A. Cariyos adeging negari Republik Indonesia B. Nyariyosaken kenging punapa Ngayogyakarta dados Daerah Istimewa C. Ndongengaken adeging satunggaling nagari ingkang kabiyantu dening negari sanes D. Nyariyosaken menawi Ngayogyakarta punika punjering Nuswantara E. Nyariyosaken bilih Republik Indonesia boten badhe mardika menawi boten wonten Ngayogyakarta. GARUDHA WULU SIJI ........................................................ Wis dadi adat saben dina Minggu padha mlaku-mlaku ngubengi dhusun kanggo refreshing. Kalakala uga plesir ing Parangtritis. Dina Minggu iku sawise bali anggone mlaku-mlaku banjur padha nglumpuk ing ruang tengah. Amarga isih krasa kesel, mula padha santai caturan dhewe-dhewe. Bapak maos koran, semono uga ibu. Adhiku uga ora keri, dheweke mbukaki buku wacan kang ana gambare. Gandheng durung bisa maca mula adhiku kapengin ibu macakake lan nyritakake. Salah sijining gambar kang aneng kono yaiku gambar garudha. Mula ibuku ya crita apa kang katulis ing kono, kayata apa maknane lambang-lambang kang ana dhadhane, kayata bintang, wit ringin lsp. Ing buku kang basane nganggo basa Indonesia iku mau uga ditulis ngapa kok cacahe wulune garudha ing gulu lan awake 45, ing swiwi 17, lan ing buntut 8. Mula ibu banjur nerangake asal-usule bab mau, yaiku Indonesia merdika tanggal 17-8-45. Lha kok adhiku nyela-nyela takon.



2



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA



3.



4.



“Terus nek biyen le merdika tanggal siji apa ya wulune garudha mung siji bu?’ pitakone adhiku kanthi serius. “lha iya ngono”, wangsulane ibuku. “Lha teneh garudhane kadhemen nek wulune mung siji.” Lha banjur piye le arep mangsuli? Apa tumon garudha kok kadhemen? Karang ya bocah! (Fistari, Djoko Lodhang no. 37/2007) Wacana 2 ing inggil mujudaken satunggaling tuladha cariyos pengalaman ingkang sipatipun .... A. nggegirisi B. njuwarehi C. sedhih D. gumun E. lucu Wacana 3 mangga sami ngudi bumu mrih rahayu kang sampun purun peparing sakehe kang wulu wetu dadya cihna sihing Gusti kang satuhu Maha manon Pratelan ing andhap punika ingkang jumbuh kaliyan isining sekar (wacana 3), inggih punika.... A. Bumi ingkang kathah asilipun punika minangka bukti bilih Gusti tresna dhateng sedaya titahipun. B. Njagi kawilujenganipun bumi punika sanes kuwajibanipun manungsa. C. Bumi punika sampun kajagi dening Gusti Allah pramila titahipun boten sisah ndherek njagi. D. Asiling bumi punika wonten awit namung saking budi dayaning manungsa. E. Bumi badhe purun paring asilipun menawi manungsa ugi purun njagi kawilujenganipun. Wacana



?ai=[fovaikianlimsi=fisebu[tW=otuw,yaiku;1;si=zuki/jiwrgmu, ;2;si=mitulu=ziskbby,;3;si=[zo[pnNitnPanJlukPiwXs\;4;gu ru,;5;si=a[wh[zlM|agm. 5.



Miturut wacana ing inggil wonten ing alam donya punika ingkang saged kasebat minangka tiyang sepuh boten namung tiyang ingkang ngukir jiwa raga, ananging tasih wonten malih sanesipun inggih punika …. A. tiyang ingkang tansah ngetingalaken katresnanipun B. tiyang ingkang tansah paring kawigatosan C. tiyang ingkang paring ilmu agama D. tiyang ingkang tansah paring arta E. tiyang ingkang tansah paring sambutan utawi utangan.



6.



Miturut isinipun jinising karangan warni-warni. Salah satunggalipun jinising karangan inggih punika narasi inggih punika karangan .... A. ingkang isinipun ngengingi pamanggih kanthi linambaran pawadan-pawadan ingkang mathuk. B. ingkang nyariyosaken satunggaling prakawis ingkang dumados kanthi wekdal utawi kadadosan ingkang runtut saking kawitan dumugi pungkasan satemah ingkang maos kados dene nglampahi piyambak kadadosan kasebat. C. ingkang isinipun ngejak para pamaos supados kepilut tumrap punapa ingkang dipunandharaken panyerat. D. ingkang isinipun nggambaraken satunggaling obyek saged awujud panggenan punapa dene wewangunan kanthi trewaca saengga pamaos kados dene mangretos piyambak prakawis ingkang dipungambaraken punika. E. ingkang isinipun ngandharaken kanthi cetha dhateng pamaos adhedhasar kasunyatan.



7.



Panyerating aksara murda ingkang leres saged kapanggihaken ing ukara .... A. ?$]i$ulTnHm_ku*uwnaikugube/nu/z[yog-k/t. B. ?ktep=zkenNmkul$upn. C. ?#[wonHikuk2bu[@wnK=migunni.



3



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA D. ?*pkHikuk=zuki/jiwrg. E. ?@ulklwizi[sownSimBh. 8.



Kagunan / seni pagelaran ingkang saged kapanggihaken ing laladan Kulon Progo, paraganipun sadaya wanita lan mangagem busana kados dene prajurit Walanda. Seni pagelaran punika kanthi titikan awujud beksan, lan saking ingkang mbeksa punika ing mangkenipun wonten ingkang ndadi. Seni pagelaran punika namanipun …. A. Kethoprak B. Incling C. Angguk D. Topeng gedruk E. Lenong



9.



Wonten ing pagelaran ringgit/wayang wonten pirantos ingkang kadamel saking mori pethak, lan kagelar ing sangajenging dhalang. Pirantos punika namanipun kelir ingkang minangka gegambaran.... A. jagad B. kothak C. tembok D. griya E. raos suci Lamun arsa palakrami tumraping jalu wanita aywa ninggal ugerane wewarahe para lebda jangka olahing bebrayan nora becik grusa-grusu pakolehe bisa prenah



10. Guru wilangan saha guru lagu gatra 5 sekar ing inggil inggih punika …. A. 3 i B. 8 a C. 8 n D. 3 n E. 2 u Ngundhuh Wohing Pakarti .................................................................. Pinuju satunggalipun dinten Dewi Anjani dolanan cupu paringanipun ingkang ibu. Guwarsa lan Guwarsi mangertos dolanan kala wau lajeng sami kepingin, pepuntonipun dados rebatan. Resi Gutama pirsa putra-putranipun sami rebatan, lajeng duka lan ndangu dhateng Anjani saking pundi cupu kala wau. Dewi Anjani matur manawi cupu punika paringanipun ingkang ibu. Salajengipun Resi Gutama ndangu dhateng Windrati, nanging Windrati boten enggal suka wangsulan. Satemah Resi Gutama nyepatani garwanipun dados tugu. Putra tetiga nyuwunaken pangapunten ibunipun, ananging Resi Gutama netepi sabda pandhita ratu. Cupu ingkang sampun kaasta Resi Gutama lajeng dipunbucal kasawataken kanthi kasektenipun ngantos dumugi satengahing wana lan lumebet ing tlaga Madirda. Sang Resi ngendika menawi cupu kala wau boten dados hakipun putra-putranipun. Awit kadereng raos melikipun putra tetiga sami mbujung cupu kala wau. Resi Gutama dhawuh dhateng rayinipun inggih punika Jembawan saha Danurwenda kinen ngawat-awati plajaripun ingkang putra. Sadumuginipun samadyaning wana Guwarsa lan Guwarsi mangertos cumloroting cupu dhumawah ing tlaga, mila kekalihipun lajeng sami ambyur ing tlaga kala wau. Semanten ugi Anjani awit ngraosaken sayah, sadumuginipun sacelaking tlaga lajeng masuh pasuryan saha astanipun. Jembawan saha Danurwenda ingkang saderengipun sampun dipunweling supados boten gadhah raos melik dhateng cupu sami kesupen kekalihipun ugi ambyur ing tlaga. Wusana sadaya boten manggihaken cupu malah wujudipun sami dados wanara. Dewi Anjani ingkang namung masuh pasuryan saha astanipun ingkang salin wujud dados wanara inggih namung pasuryan saha astanipun...................



4



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA 11. Piwulang ingkang saged kapendhet saking cariyos ringgit ing inggil, mliginipun ingkang dados sumbering sebab ingkang njalari Guwarsa, Guwarsi, Jembawan, Danurwenda saha Anjani salin wujud dados wanara inggih punika .... A. Sadaya sami cecongkrahan B. Tiyang gangsal punika boten sami rukun C. Tiyang gangsal punika ambyur ing tlaga Madirda D. Tiyang gangsal kala wau sami gadhah melik dhateng cupu ingkang sejatosipun sanes hakipun. E. Tiyang gangsal kala wau boten nuhoni dhawuhipun Resi Gutama. 12. Kanggé maos geguritan kanthi saé, kedah nggatosaken wirasa. Wirasa inggih punika .... A. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken kedaling pocapan rikalanipun maos geguritan kedah cetha, lan saged mbèntenaken ing antawisipun sedaya foném. B. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken ébahing salira, asta, suku, lan pérangan badan sanèsipun supados saged nyengkuyung kanggé mahyakaken suraosing geguritan. C. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken membat mentuling swanten, sora lirihipun swanten, lan panjang cekaking swanten. D. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken polatan ing pasuryan ingkang kedah kajumbuhaken utawi kaselarasaken kaliyan suraosing geguritan. E. Tiyang ingkang maos geguritan kedah nggatosaken sinten ingkang ngripta geguritan lan kados pundi kawontenan gesangipun. 13. ................ wukusu=s=k=a[tomP,yAlLhk=luwihwikn\[aobh[aosikKi= kwul¦£¦ Pada mangajapa ingkang kapanggihaken ing pethikan wacana kasebat kangge tandha mungkasi wacana ingkang kawastanan wasana pada dene namanipun .... A. pada mandrawa B. pada iti C. pada mangajapa becik D. pada lingsa E. pada adeg-adeg 14. Geguritan saged rinaos endah awit kadhapuk lumantar pamilihing tembung-tembung ingkang trep, lan ugi ngginakaken lelewaning basa (gaya bahasa/majas) ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat, ugi ngginakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaendahanipun. Makaten punika satunggalipun unsur geguritan ingkang sinebut .... A. estetis B. koheren C. nuwuhaken raos tresna D. edukatif E. aspiratif 15. Wonten bab-bab ingkang dhasar lan kedah kasamektakaken dening tiyang ingkang badhe dados panatacara ingkang sae. Ingkang boten kedah kasamektakaken dening tiyang ingkang badhe dados panatacara inggih punika … A. kabudayan, filsafat, sarta kapitadosan. B. kawruh ing logika, etika, estetika C. basa saha sastra D. ngadi sarira saha ngadi busana E. kawruh bab kaprajan



PRAON dening Ki Narto Sabdo Yo kanca neng gisik gembira alerab-lerab banyuning segara anggliyak numpak prahu layar ing dina minggu keh pariwisata alon prahune wis nengah byak byuk byak banyu binelah ora jemu-jemu karo mesem ngguyu ngilangake rasa lungkrah lesu adhik njawil mas jebul wis sore



5



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA witing kalapa katon ngawe-awe prayogane becik bali wae dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe 16. Miturut tembang Praon punika, bilih tiyang ingkang nembe remen manahipun boten pareng katungkul awit benjangipun tasih ... A. nyambut damel B. numpak prau C. pariwisata D. gembira E. njawil 17. Tiyang dados panatacara anggenipun nglantaraken jejibahan kedah matanggap. Matanggap tegesipun .. A. pocapan cetha B. membat mentulipun swanten C. jumeneng jejeg D. anteb saha manteb E. tanggap dhateng swasana Ojo dipleroki mas, mas, ojo dipleroki mas, mas ojo dipoyoki karepku njaluk diesemi tingkah lakumu kudu ngerti coro ojo ditinggal kapribaden katimuran mengko gek keri ing jaman mbok ya seng eleng eleng bab opo, iku budoyo pancene bener kandhamu 18. Seratan cakepan tembang campursari ing inggil kapanggihaken kathah ingkang lepat miturut tata panyerat ingkang lumampah, tembung-tembung ingkang lepat tata panyeratipun inggih punika…. A. ojo, coro, seng, eleng, opo, budoyo B. dipleroki, dipoyoki, diesemi, kudu, kapribaden, ditinggal C. ojo, coro, opo, budoyo, kandhamu, kapribaden D. kudu, kapribaden, ditinggal, seng, eleng, bener E. dipleroki, dipoyoki, diesemi, seng, eleng,



Wacana:



¥[zlM|aikukl[ko[nNknQilku,Xk[sSlwnKs\tege[sSksV[nTosni,setbuf-pzeke[sSfu/a=kr.¥ 19. Miturut wacana ing inggil tiyang ingkang badhe kepingin gadhah ngelmu kedahipun …. A. kanthi mbayar mahar B. purun nyukani arta C. wani niru D. kanthi lampah utawi laku E. kanthi niyat Wacana: mapan ana sêsiku têlung prakara, nanging gêdhe pribadi, pan iki lirira, ingkang têlung prakara, aja anggunggung sirèki, kalawan aja, nacad kapati-pati



6



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA 20. Miturut wacana ing inggil, wonten tigang prekawis ingkang kedah kagatosaken ing antawisipun inggih punika …. A. gadhah raos bombong dhateng dhiri pribadi B. nacad ngantos ingkang dipuncacad mati C. ngrumaosi leres piyambak D. boten pareng nggunggung dhateng awakipun piyambak E. boten pareng nggunggung dhateng tiyang sanes 21. Rikalanipun badhe nyerat artikel kedah saged milih judul / irah-irahan ingkang sae, irah-rahan saged kawasatanan sae tumrapipun seratan artikel inggih punika ingkang .... A. narik kawigatosan, mujudaken ukara ingkang jangkep lan saged gampil dipunmangertosi. B. ringkes kepara menawi saged satembung kemawon. C. cetha lan gamblang ukaranipun panjang boten dados punapa. D. narik kawigatosan, kanthi milih ukara ingkang ngayawara. E. basanipun kedah ngginakaken basa Jawi krama ingkang leres. 22. Ingkang boten kedah kamot ing serat ulem inggih punika …. A. Nama ingkang tinuju. B. Pambuka. C. Nama lan yuswa. D. Isi. E. Nama ingkang paring serat. Urut Reroncening Adicara Ambal Warsa Sekolah 1. Atur pambagya saking pangarsaning panitya 2. Wedharing pangandikan saking Kepala Sekolah 3. Wedharing pangandikan saking Ketua Komite 4. Pambuka 5. Wedharing wacana saking pangarsaning OSIS 6. Panutup 23. Urut reroncening adicara ambal warsa sekolah ing inggil dereng tumata kanthi sae, tatanan ingkang sae inggih punika …. A. 1 – 4 – 2 – 3 – 5 – 6 B. 4 – 1 – 5 – 2 – 3 – 6 C. 4 – 5 – 1 – 3 – 2 – 6 D. 4 – 3 – 2 – 1 – 5 – 6 E. 4 – 2 – 3 – 1 – 5 – 6



Ldr. Santi Mulya Santi mulya, santi mulya Luhur mulyaning nagara Indonesia pasti jaya Tarlen saking golonging sedyatama Manunggal mrih santosa cipta rasa budi karsa Gumelaring mamayu-hayuning bangsa Basuki yuwana sirna papa sangsaya Sampurnaning bebrayan gung Pancasila Mangambar gandanyarum Indonesia langgeng mardika 24. Miturut wacana 1, kanthi manunggalipun kekajengan ingkang sae saha linandhesan santosaning cipta rasa budi lan karsa, bangsa Indonesia badhe saged nggayuh ... A. santi mulya B. bebrayangung Pancasila C. mamayu-hayuning bangsa D. mangambar gandanyarum E. luhur lan mulyanipun negari



7



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA



25. Cara utawi metode sesorah punika wonten mawarni-warni. Cara sesorah ingkang kasebat impromptu inggih punika …. A. tiyang ingkang sesorah nyamektakaken teks langkung rumiyin salajengipun kawaos rikalanipun sesorah. B. tiyang ingkang sesorah damel teks langkung rumiyin lajeng dipunapalaken. C. tiyang ingkang sesorah damel cathetan alit ingkang isinipun wosipun ingkang badhe kaandharaken ing sesorah lan ing rikalanipun sesorah cathetan wau dipunbekta. D. tiyang ingkang sesorah boten nindakaken cecawis langkung rumiyin, awit tiyang ingkang nindakaken sesorah punika tiyang ingkang sampun kulina sesorah. E. tiyang ingkang sesorah nindakaken gladhen langkung rumiyin, sasampunipun rumaos saged nembe nindakaken sesorah. Wacana Pawartos: Aparat kepolisian DIY sampun gembleng tekadipun badhe mbebasaken siswa-siswa saking bebayanipun narkoba saha tawuran. Bab wau kangge nyuak anggepan bilih kitha Ngayogyakarta punika mujudaken kitha narkoba, kados anggepanipun saperangan kalangan saderengipun punika. Pratelan kasebut kaandharaken Kabag Reskrim Polda DIY wonten ing “Kampanye Anti Narkoba” ingkang dipunadani dening SMA 3 Ngayogyakarta. Dipuntemenaken program punika kaajab saged katindakaken kanthi samesthinipun, mbudidaya amrih aruming gegambaran DIY minangka kitha pendidikan, budaya, lan pariwisata. Kanthi punika pihakipun nggadhahi tekad badhe nyeret sinten kemawon ingkang tumindak lampah nalisir. 26. Pratelan ing ngandhap punika jumbuh kaliyan punapa ingkang kaandharaken ing wacana 1 ... A. Kitha Ngayogyakarta kabukten menawi dados kitha narkoba. B. Sinten kemawon ingkang nggadhahi lampah nalisir badhe kaseret ing pengadilan dening aparat kepolisian. C. Lumebetipun narkoba ing kitha Ngayogyakarta sampun boten saged dipunkendhaleni malih. D. Kampanye anti narkoba katindakaken ing SMA 3 Ngayogyakarta, awit ing ngriku kathah kapanggihaken korban narkoba. E. Kawontenan DIY minangka kitha budaya, pariwisata, lan pendidikan sampun luntur awit lumebetipun narkoba.



27. Omah sing bakal dikontrakake iku omah loji kang mapan ana ing kidul pasar Kranggan. Wangune wae biyen bangunan iki omah Landa katitik bangunane njero sarwa jembar. Pethikan cariyos ing nginggil punika nedahaken latar/setting ... A. B. C. D. E.



panggonan wektu kahanan swasana wanci



28. Titikanipun cerkak inggih punika ... A. Paraganipun langkung saking gangsal tiyang B. Prekawisipun muyek C. Aluripun boten temtu D. Latar/setting boten cetha E. Tembung ingkang kaginakaken watawis 1000 tembung 29. Rikala badhe nyerat sekar macapat Dhandhanggula sampun kapanggihaken ukara kangge larikan sepisan inggih punika mrabawani sorote sang surya. Supados ukara kala wau jumbuh lan trep kaliyan paugeraning sekar Dhandhanggula larikan kapisan, pramila wonten tembung ingkang kedah kagantos, inggih punika … A. surya kagantos rawi B. sorote kagantos sunare C. sorote kagantos sunaripun D. surya kagantos pratanggapati E. surya kagantos bagaskara



8



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA



30. Dhumateng pangarsanipun Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, para guru lan karyawan, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani. Wacana ing nginggil pethikan saking wacana panatacara, wonten kalih tembung ingkang luput kaginakaken. Tembung ingkang luput inggih punika .... A. dhumateng - pangarsanipun B. pangarsanipun - Kepala Sekolah C. pangarsanipun - rencang-rencang D. kinurmatan - tresnani E. satuhu - saha 31. “Ayo Bu, bareng karo aku wae, yen kowe arep menyang Puskesmas”. Ukara punika boten trep kaliyan unggah-ungguh basa, ingkang leres inggih punika... A. “Mangga Bu, sareng kula mawon yen ibu ajeng tindak dhateng puskesmas”. B. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”. C. “Mangga Bu, sareng kaliyan kula kemawon, menawi ajeng tindak dhateng puskesmas”. D. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi Panjenengan badhe tindak dhateng Puskesmas”. E. “Mangga Bu, sareng kaliyan dalem kemawon, menawi sampeyan badhe tindak dhateng Puskesmas. 32. Wasana, cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah kirang saha lepatipun anggen kula matur saestu nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami saking panjenengan sadaya. Pethikan teks sesorah punika saged kapanggihaken ing teks wacana sesorah ing perangan .... A. pambuka B. wigatosing sesorah C. panutup D. atur donga pamuji E. salam panutup Amenangi jaman edan, Ewuh aya ing pambudi, melu ngedan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, Boya keduman melik, Kaliren wekasanipun, Ndilalah kersa Allah, Begja-begjane kang lali, Luwih begja kang eling klawan waspada 33. Piwulang ingkang saged kapendhet saking sekar Sinom ing inggil inggih punika …. A. Tiyang gesang punika kedah tansah eling dhateng piwulang suci lan tansah waspada. B. Menawi badhe tumindak punapa kemawon boten sisah kalelimbang C. Supados boten kaliren pramila nglampahi gesang punika kedah wantun ngedan D. Tiyang ingkang begja punika tiyang ingkang tansah keduman melik E. Ngedan murih gesangipun saged begja Wacana Sawisé diusulaké Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku déning pemerintah DIY dipageri nganggo kawat berduri, saha dinyatakake minangka cagar alam. Nalika jaman Orde Baru cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako saha diwènèhi rumahpenjaga sarta plataran kanggo upacara Saparan mbelèh bekakak. Cagar alam iki tau dadi rebutan antarané Dinas Pelestarian Peninggalan Purbakala karo Dinas Kehutanan DIY. Nanging jalaran karo Menteri Kéhutanan kanthi resmi dinyatakaké dadi cagar alam rikala tanggal 16 Desember 1998, tekan saiki cagar alam iki dadi wewenangé Dinas Kehutanan saha Pertanian. Kuciwané, Ibu Sumini karo putrané Jiyanto kang dipasrahi keamanané cagar alam saha ngenggoni rumahpenjaga iki, tekan sepréné durung tau nampa honor. Ning senadyan wis patang taun luwih ora tau nampa honor, Bu Sumini muji



9



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA sukur déné bisa manggon ana omah gedhong sawétané cagar alam iki. Tugasé mula ora abot, mung resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan. 34. Ukara lajer paragraf ing inggil inggih punika ... A. Tugasé mula ora abot, mung resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan. B. Nalika jaman Orde Baru cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako saha diwènèhi rumah penjaga sarta plataran kanggo upacara Saparan Mbelèh bekakak. C. Nanging jalaran karo Menteri Kéhutanan kanthi resmi dinyatakaké dadi cagar alam rikala tanggal 16 Desember 1998, tekan saiki cagar alam iki dadi wewenangé Dinas Kehutanan saha Pertanian. D. Sawisé diusulaké Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku déning pemerintah DIY dipageri nganggo kawat berduri, saha dinyatakake minangka cagar alam. E. Kuciwané, Ibu Sumini karo putrané Jiyanto kang dipasrahi keamanané cagar alam saha ngenggoni rumah penjaga iki, tekan sepréné durung tau nampa honor. Saka Candhi Prambanan, tumuju Candhi Ijo bisa ngliwati dalan arah mangidul PrambananPiyungan. Tekan sakidul dhusun Jobohan ana dalan mangétan ngunggahi èrènging Pegunungan Séwu iring elor ing désa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Sléman, Yogyakarta. Dalané nracak dhuwur tur rusak amarga kanggo lalulintas ngusung watu saka papan-papan penambangan watu putih. Sawisé ngunggahi dalan nracak adohé watara 3 km iku tekan Komplèk Candhi Ijo sing dumunung ing dhusun Groyokan, Désa Sambirejo, Kecamatan Prambanan, Kabupatèn Sleman. 35. Adhedhasar dunungipun ukara lajer, paragraph ing inggil kasebat paragraph .... A. induksi B. deskripsi C. campuran D. persuasi E. deduksi 36. Kraton Ngayogyakarta tasih asring sanget ngedalaken serat kekancingan. Serat kekancingan punika limrahipun kangge …. A. tandha yekti minangka abdi dalem. B. paring kabar dhateng para kawula C. paring kabar dhateng para abdi dalem D. tandha yekti menawi wonten perjanjen E. paring wara-wara ing laladan kraton. 37. Sasampunipun calon ibu nindakaken siraman, calon bapak nyepeng duwung/keris ingkang kaparingan kunir. Lajeng keris kala wau kangge magas janur ingkang katangsulaken ing padharanipun calon ibu, salajengipun calon bapak mecah klenthing. Acara punika kasebut … A. brojolan B. wiyosan C. kudangan D. luwaran lan simparan E. rencakan 38.



?je/bsukimw[by. Paribasan punika nggadhahi teges ... A. B. C. D. E.



Ora ngrungokake guneman sing ala. Pakulinan ala ora bisa ilang yen durung mati. Kabeh gegayuhan kudu nganggo pangorbanan. Durung nyambut gawe nanging wis duwe pepinginan werna-werna. Kabeh pagaweyan kudu dicoba dhisik bisa lan orane.



39. Yen kepeksa nyacad gunakna tembung manis. Ukara kasebat ing inggil menawi kaserta kanthi aksara jawa dadosipun …. A. ?[ynKepekSvcfG|nkNtemB|=mnis\, B. ?ye[nK[pkSvcfG|nkN[tmB|=mnis\, C. ?[ynKepekSavcfG|nkNtemB|=mnis\, D. ?yenKepekSvcdG|nkNtemB|=mnis\, E. ?[y[nK[pkSvcfG|nkN[tmB|=mnis\,



10



DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA Tekan dalan jurusan Prambanan – Piyungan ( ngalor - ngidul) Djaka Lodang (DL) banjur ménggok ngétan ngunggahi dalan nracak aspalan bodhol ing èrènging Pegunungan Sèwu iring elor. Jarum jam ing Pos Jaga Candhi Ijo nuduhaké wektu 12.30 WB nalika DL tekan papan sing dituju. Hawa panas amarga sumubé hawa saka pegunungan gamping saya gawé sumuking awak sing gemrobyos ing tengahé srengéngé panjer rina. 40. Miturut isinipun seratan/wacana 1 ing inggil kalebet seratan ... A. narasi B. eksposisi C. argumentasi D. deskripsi E. persuasi



II. Kawangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap punika kanthi pratitis! 41. Kaserata ukara ing andhap punika kanthi aksara Jawa! Ngundhuh wohing pakarti. 42. Kangge nyengkuyung amrih endahing geguritan panyerat saged ngginakaken purwakanthi. Purwakanthi punika wonten tigang werni, kasebatna punapa kemawon lan kaparingana tuladhanipun! Wacana pacelathon. Kagatosna pacelathon ing ngandhap punika: (Wonten satunggaling dinten Prasetya kadhawuhan bapakipun supados sowan Pak Darna saperlu nyambut mobil.) Prasetya : Kula nuwun. Darna : Mangga, oh...., mas Pras, mangga lungguhéa) mas. Prasetya : Inggih matur nuwun. Darna : Ngaturaken pambagya sugeng tekanéb) mas. Prasetya : Inggih pangèstunipun slametc), bapak sakulawarga mugi tansah ginanjar ing karahayon. Darna : Alhamdulillah wilujeng, nuwun sèwu punika kok njanur gunung, badhé wonten wigatos punapa? Prasetya : Inggih kepareng matur bapak, sowan kula ingkang sepisan silaturahmi tuwi keslametand) bapak sakulawarga Darna : Matur nuwun. Prasetya : Kaping kalihipun, kula dikongkone) bapak, kapurih matur. Menawi kepareng badhé nyuwun nyilihf) kagunganipun mobil badhé kanggé mapag simbah ing bandhara Darna : O..., nggih Mas mangga, badhe dipunasta piyambak punapa kaliyan sopir. Prasetya : Badhe kula bekta piyambak. Nuwun sewu, rehning rinaos cekap keparenga badhé nyuwun pamit. Matur nuwun. Darna : Inggih mongga. 43. Saking wacana pacelathon ing nginggil wonten tembung-tembung ingkang luput utawi dereng trep kaliyan unggah-ungguhipun, inggih punika ingkang kacithak kandel lan kaparingi nomer. Tembungtembung kasebat kagantosa tembung ingkang leres lan trep kaliyan unggah-ungguhipun! 44. Piwulang punapa ingkang saged kapendhet saking upacara tingkeban rikalanipun calon ibu nindakaken sungkeman? 45. Kadamela teks sesorah kanthi basa Jawi krama perangan panutup ingkang ngginakaken parikan!



11