Teks MC Reuni Fix [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu'alaikum Wr. Wb.



almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz, ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh, ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saget angrawuhi Reuni dalam rangka halal bihalal keluarga bani Eyang Mento Karyo wonten mriki kanti mboten wonten alangan punopo-punopo. Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan kito sedoyo mugi diakui sebagai umat beliau lan pikantuk syafaatipun. Amin. Hadirin ingkang kinurmatan Keparengo kawulo matur ing mriki, sebagai pembagi wekdal utawi bertugas sebagai pranatacara wonten acara peringatan halal bihalal puniko. Menawi ningali wekdal sampun anyekapi pramilo langsung mawon kawulo waosaken susunan acara ingkang bade kaampah wonten ing saat enjing puniko. 1. Acara ingakang sepindah, inggih puniko pembikaan 2. Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko waosan ayat suci Al Qur'an 3. Acara ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan saking panitia halal bihalal sekaligus perwakilan tuan rumah. 4. Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko pembacaan rumpun silsilah keluarga bani Eyang mento karyo 5. Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko pembacaan kalimah toyyibah tahlil 6. Acara ingkang ongko enem inggih puniko skores/ ramah tamah 7. Acara selanjutipun inggih puniko mauidhoh hasanah 8. Acara ingkang terakhir inggih puniko waosan do'a penutup



- Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara reuni punika dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-fatiqah” - Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candak ipun nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat suci Al Quran ingkang bade kasarira dening kadang kula anem : Sdr adek.............. - Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning adicara Prakata panitia. Prakata panitia sekaligus perwakilan tuan rumah dipun wedhar dening Prakata sambutan saking bapak Rifa’i . - Lanjutipun acara inggih menika pembacaan rumpun silsilah keluarga bani eyang mento karyo. Dumateng bapak..... kawulo sumanggakaken. - poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, menika pembacaan kalimah toyyibah tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak ….. - skores/ ramah tamah ...... - Acara selanjutipun inggih puniko Mauidhoh khasanah ingkang badhe kasariro panjenenganipun Al mukharam Bp Kyai Ahmadi lan ing pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa. - Acara ingkang terakhir inggih menika waosan doa dening bapak ........... Penutup Para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT ingkang agung sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula hangayahi jejibahan pinangka pranata acara reuni wonten ing ratri punika, pramila bilih wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok bilih wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah nyuwun agengeng pangapunten. Akhirul salam wabilahi tau_k wal hidayah, Wassalamualaikum Wr.Wb