Tugas Agama Katolik Doa Dalam Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Doa-Doa Katolik Dalam Bahasa Jawa



Tandha Pamenthangan/Tanda Salib



Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin. Sembah Bekti/Salam Maria Sembah bekti kawula Dewi Maria, kekasihing Allah Pangeran nunggil ing panjenengan dalem Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus Dewi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem Samangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin



Rama Kawula/Bapa Kami Rama Kawula ing swarga, Asma Dalem kaluhurna Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana Wonten ing donya kados ing swarga Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika Sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha Saha linuwarna saking piawon. Amin Mugi linuhurna/Kemuliaan Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci Kados ing mula buka, sapuniuka, sarta ing salami-laminipun. Amin



Pinujia/Terpujilah Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup, Sak Menika sarta langgeng. Amin.



Doa Aku Percaya (Bahasa Jawa)



Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit. Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci. Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling para Suci. Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng. Amin.



Dibuat oleh: Janssen Tanjaya