Acara Walimah Aqiqah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Acara Walimah Aqiqah ُ‫هللا َوبَ َركاَتُه‬ َ ‫سالَ ُم‬ ِ ُ‫علَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمة‬ َّ ‫ال‬



ْ ْ َ ‫ش ْي‬ َّ ‫اّللِ ِمنَ ال‬ َّ ‫ ِب ْس ِم‬.‫الر ِجي ِْم‬ ‫ع ْوذُ ِب ه‬ ُ َ‫أ‬ َّ ‫الر ْح َم ِن‬ َّ ِ‫َّللا‬ َّ ‫ان‬ ِ ‫ط‬ ِ‫الر ِح ِيم ال َح ْمدُ ِ َّّللِ الفَتَّاح‬ ْ ُ‫ أ ْش َهد‬.ِ‫ارهُ ِمنَ ْال ِعبَاد‬ ‫أن‬ َ ‫ْال َج َّوا ِد ْال ُم ِعي ِْن‬ َ َ‫علَى تَفَقُّ ِه فِى ال ِدهي ِْن َم ْن ا ِْخت‬ َّ ُ‫ وأ ْشهد‬.ِ‫ار ْال ُخلُ ْود‬ ‫س ِيهدَنَا مح َّمدًا عبدُه ورسولُه‬ َ َ‫آلإله‬ َ ‫أن‬ َ َ‫ش َهادَة ً ت ُ ْد ِخلُنَا د‬ ً ‫صالَة‬ ‫صلَّى ه‬ ُ ‫اح‬ ِ ‫ص‬ َ ُ‫َّللا‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬ َ ‫سلَّ َم وعلى آله وأصحابه‬ َ ‫ب ْال َمقَ ِام ْال َم ْح ُم ْو ِد‬ َ ُ ‫ ُك ُّل‬: ‫سلَّ َم‬ ‫غالَ ٍم‬ ‫صلَّى ه‬ َ ُ‫َّللا‬ َ ‫علَ ْي ِه َو‬ َ ‫َو‬ َ ‫ى‬ ُّ ِ‫قَا َل النَّب‬.ِ‫سالَما ً َما أَفُ ْو ُر بِ ِه َما َي ْو َم ْال َم َعاد‬ ‫س َّمى أما بعد‬ َ ‫َر ِهينَةٌ بِ َع ِقيقَتِ ِه ت ُ ْذبَ ُح‬ َ ُ‫سابِ ِع ِه َويُ ْحلَ ُق َوي‬ َ ‫ع ْنهُ يَ ْو َم‬      



     



‫اض ْل‬ ُ ‫س َعا َدة َْال ُك َر َماء َو‬ ِ َ‫علَ َمآ َء ْاْلَف‬ َ Ingkang tansah kula mulyaaken para alim ulama, para kyai saha ibu nyai, Wabil khusus dumateng panjenenganipun Bpk Ust. Ulin Nuha ingkang kita tenggo nasehat diniyyahipun Sesepuh saha pinisepuh ingkang hanggung mastuti Shohibul hajah Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad saha keluarga ingkang dahat kinurmatan Para pangambaning projo, ingkang kula bektosi saha kita hormati Grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking Karangduren Sawit ingkang minulya Para lenggah hadirin walhadirot ingkang tansah kinurmatan Wonten ngersanipun para alim ulama, sepindah monggo kita tansah ngunjukaken pujo lan hastuti dumateng Allah SWT. Amargi kanti luberipun rohmat lan nikmatipun Allah SWT kito saged kempal silaturrahim wonten mriki majlis kanti wilujeng sehat wal-afiyat kalis nir sambikolo. Sholawat saha salam biqouli Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad mugiyo tansah kaatur kaharibaan Nabi agung Muhammad SAW, nabi ingkang sampun paring pitedah dumateng kita lan mugi-mugi kita dados ummatipun ingkang pikantuk syafa’atipun mbenjing wonten yaumil qiyamah...Allahumma amin. Para hadirin para rawuh ingkang kinurmatan Kula wonten mriki ingkang kajibah minangkani pranata acara badhe ngaturaken reraciing adicara Walimatut-tasmiyyah wal-aqiqah Putra kaping-4 saking Bpk drh. Nur Fauzi Akhmad. Hadirin-walhadirot tamu undangan ingkang kula mulyaaken.....sakderengipun adicara kalampah, langkung saenipun kula waosaken rantamaning adicara Adicara sepindah pembikaan Kaping kalih waosan ayat suci alqur’an Adicara kaping tiganipun atur pambagyo utawi sambutan Kaping sekawanipun... Adicara kaping gangsal nun inggih mauidhoh hasanah ingkang badhe dipun kamedhal sabda dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan Klaten Adicara pamungkas nun inggih doa penutup



Hadirin ingkang sinubo ing pakhurmatan, keranten wekdal punika sampun ndungkap ndalu, pramilo sumonggo kangge iftitahul majlis, adicara wonten ndalu punika kita bikak sesarengan kanthi wasilah waosan surat al-fatihah.



..................َ‫صا ِل َح ٍة الفَاتِ َحة‬ َ ‫َعلَى َه ِذ ِه ال ِنهيَ ِة َو ُك ِهل نِيَّ ٍة‬



Matur sembah nuwun kula aturaken mugiyo kanti barokah surat al-fatihah kala wau saged andadosaken acara punika lancar dumugi purna, lumintu mboten wonten alangan punapa-punapa...Allahumma amiiin... Adicara kaping kalih nun inggih waosan ayat suci al-Qur’an ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun ustadz .................... saking .......................... Sawit Wekdal saha panggenan kula sumanggaaken.



َ‫س ْولُهُ ْال َك ِر ْي ُم َون َْح ُن َعلَى ذَا ِل َك ِمن‬ ُ ‫صدَقَ َر‬ َ ‫صدَقَ هللاُ العَ ِظي ِْم َو‬ َ َّ ‫شا ِه ِديْنَ َوال‬ َّ ‫ال‬ َ‫شا ِك ِريْن‬



Para hadirin ingkang kinurmatan..... Ndungkap adicara angka tiga nun inggih atur pambagyo utawi sambutan. Wondene wonten kalodangan menika sambutan ingkang sepindah saking shohibul bait. Dumateng panjenenganipun ............................................... wekdal miwah panggenan kula sumanggaaken. Matur Nuwun kula aturaken. Sambutan angka kalih saking sesepuh Desa Kemasan. Dumateng panjenenganipun Bapak H. Jamal Ahmadi wekdal saha panggenan kula sumanggaaken. Sambutan angka tiga saking Bapak kepala desa Kemasan Sawit Boyolali. Dumateng panjenenganipun Bapak Sri Susilo Indriyanto, A.Md. wekdal saha panggenan kula sumanggaaken. Adicara kaping sekawan inggih punika ............................. Sumonggo rencang-rencang saking grup hadroh MTTA pimpinan Bpk H. A. Yasin saking Karangduren Sawit nglajengaken punapa ingkang dados tugasipun. Acara istirahat kita cekapaken. Ndungkap lumampahing titi laksono menggah runtuting adicara ingkang angka gangsal nun inggih mauidhoh hasanah, wondene wonten wekdal sakmenika badhe kamedhal sabdo dening panjenenganipun Bapak Ust. Ulin Nuha saking Popongan Klaten. Dumateng panjenenganipun, wekdal miwah panggenan sawetahipun saha sahandaping raos dipun sumanggaaken......... Mekaten saha semanten mauidhoh hasanah, mugi-mugi kanthi uraian hikmah kala wau kita sedaya saged mendet manfaat lan dados sababipun tambahe iman lan takwa kita sedaya...Allahumma amiin..... Hadirin wal hadirot ingkang kinurmatan........wondene adicara ingkang pamungkas nun inggih doa panutup, ingkang kasuwunaken barokah doa dumateng panjenenganipun........................................................ananging sakderengipun adicara do’a kalampah, kula minangkani pranata acara wiwit awal dumugi pungkasan, kathah kasar saruning rembak saha kirang trapsilaning tembung lan polah, nyuwun agunging samudra pangaksami wusono kula pungkasi



‫آخر الكالم باهلل التوفيق والهداية والرضا والعناية‬ Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh Dumateng panjenenganipun Bpk....................................................wekdal panggenan kula sumanggaaken.



saha