Artikel Ketoprak Humor [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Artikel Ketoprak Humor “Gus Ji Gang kanggo Jaga Lingkungan” Kethoprak iki nyritakke perlune jaga lingkungan, kanggo tentreme urip manungsa. Tentremipun bisa arupi tentrem Batin uga tentrem Raga. Tentrem batin tuladhane yaiku ora ana rasa was-was, lan rasa khawatir. Dene tentrem raga yaiku nduweni raga kang sehat lan seger. Tentrem kabeh iku mau bisa kawujud menawa ora ono bencana alam, kayata Banjir, Tanah longsor lan Kobongan Alas. Amerga iku, supaya ora ono bencana alam perlu jaga lestarine lingkungan. Kanggo jaga lestarine lingkungan perlu anane kabiasaa kang ana ing batine manungsa, kabiasaan mau yaiku Gunakke barang saperlune, misahke sampah kanthi Jinise lan daGangke barang sampah kang saget payu. Kabiasaan mau saget dipun singkat kanthi istilah Gus (Gunakke), Ji (Jinise), Gang (daGangke). Adegan 1 : Nyritakke petani sepuh ingkang gersula menawi kahanan sak iki menawi jaman sak iki pancen mangan iku gampang, akeh jinise panganan kang diadolke, ora kaya biyen jinise panganan iso diitung kanthi itungan driji. Namung ana panganan kang bahan Jagung lan Telo. Nanging mbiyen arep mangan karasa endah lan nyaman, mangan apa anane tapi bisa nyenengke. Tapi jaman sak iki akeh panganan kanthi jinise ora kaitung, nanging arep magan iku embuh angele ra karuan. Arep mangan e ujug-ujug udan dadine banjir, nganthi banyu mlebu omah ngrrayahi sikil. Durung e gruk...gruk....gruk lemahe ongsor. Adegan 2 : Nyritakake ana pemuda desa kang senenge jagong, guyonan, tanpa gelem makaryo. Pemuda mau padho banyolan kaya dagelan, crita ngalor-ngidul bahas babagan lingkungan. Adegan 3 : Nyitakkake bocah Pramuka Penegak, lewat ing sak ngarepe pemuda desa kang seneng banyolan. Ing kono bocah pramuka mau diece lan diremehake kanthi ora ono ujunge. Adegan 4 : Bocah Pramuka Bantara nolong simbah petani kang nyingkrehke sampah ing kalen, bocah Pramuka bantu kanthi klambine reget lan kringete notos-notos kaya diperes. Kajadian maau diweruhi pemuda desa sahingga gawe sadar para pemuda, sawise ngresikki wis rampung, Pramuka Bantara mau crtita perlu ne jaga lingkungan kanthi kabiasaan lan akhire para masyarakat sadar jaga lingkungan kanthi kabiasaan Gus Ji Gang.