Asal Usuling Sukoharjo [PDF]

  • Author / Uploaded
  • fandi
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

ASAL USULING SUKOHARJO



Jaman biyen asal usule kutha sukoharjo ana gandhengane karo pindahe Kraton Kartasura ning desa Sala, amarga geger pacinan. Wektu kuwi Sri Susuhan Pakubuwono ijik mrentah. Pindahe kuwi saka pituture para sesepuh, amarga kraton wis dianggep wis kecampuran pemberontak. Sawise nampa pitutur saka sesepuh kraton, Sri Susuhan Pakubuwono ngadakake rembugan karo Kyai Yosodipuro, Kyai Tohjoyo,lan pangeran Wijil. Kyai Tohjoyo menehi pitedah menawa tlatah kuwi sesuk dienggo mbangun kraton sing isa menehi karaharjan ( Sukoraharjo ). Bubar kuwi Sri Susuhan Pakubuwono menehi prentah karo Pangeran Wijil kudu entuk papan kango ngedekake kraton sing anyar. Bubar kuwi Pangeran Wijil nggawe kelompok. Kelompok siji anggotane Suranata, Kyai Khalifah buyut utawa Mas Penghulu Pekik Ibrahim. Kelompok loro ketuane Raden Tumenggung Honggowongso utawa Tumenggung Tirwiguna. Luwih saka sedina lan wis mlaku – mlaku pirang-pirang dina kelompok loro nemu panggonan sing cocok kanggo ngedekake kraton anyar. Bubar nyiapake panggonan dienggo ngedekake kraton, Senapati kudu nemtokake panggonan sing dienggo bicara ngayun ( alun-alun ngarep), bicara pungkuran ( alun-alun mburi), papan nggawe senjata ( pande ), papan dienggo nggawe wrangka keris ( Mranggen ), papan para istri raja, lan papan dienggo kandhang gajah. Sawise kabeh rampung, Senapati laporan marang Sri Susuhan Pakubuwono. Sri Susuhan Pakubuwono njaluk pratikel marang sesepuh. Nanging miturut Kyai Yosodipuro papan kuwi ora cocok dienggo nggawe kraton amarga papan kuwi cedhak karo markas Pangeran Sambernyawa. Bubar kuwi Sri Susuhan Pakubuwono II mrentah nggolek panggon sing liyane. Bubar kuwi tlatah Sukoraharja ora sida digawe kraton. Miturut hasil panaliten dadi jenenge kutha Sukoharjo, amarga papan kanggo kandhang gajah dadi desa Begajah , papan kanggo nggawe senjata dadi desa Pandean, papan kanggo nggawe wrangka keris dadai desa Mranggen, tlatah kanggo para selir raja dadi desa Seliran. Papan kanggo bicara wiyar dadi alun-alun Satyanegara, lan tlatah sing dienggo bicara ngayun dadi kantor Kodim 9726 Sukoharjo lan mesdjid kota. Dadi asal-usuling Kutha Sukoharjo saking tembung Sukoraharjo sing artine papan sing menehi karaharjan.