Atur Pambagya Harja [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN



Nuwun: Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati Assallamu Alaikum Wbrt. Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta, pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan. Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika. Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta; Sepisan: Ibu Hartanta ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun Ibu Hartanta. Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos. Ongka kalih ; Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda, Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit Bg. Roni……………..pikantuk putra Siwinipun ibu ………….ingakang pidalem ing Purwantara. Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus 2004 wonten Purwantoro Wonogiri. Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala. Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya



ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya.. Ongka tiga Ibu Hartanta ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang punika. Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan. Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha kirang subosita. Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng sanghyaning tamu sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung. Ibu Hartanta ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan. Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami. Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih, akhirul kalam wbst.



ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN Wewakili Bapak Eko Joko Prasetyo 26 Mei 2013 Ingkang kinabekten sagung sepuh, soho pinisepuh Ingkang kinormatan sagunging poro tamu Assallamu Alaikum Wbrt. Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Bapak/Ubu Eko joko Prasetyo, pinangka sulih sariro, talanging atur wonten ngarsa anjengan. Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji syukur wonten ngarsanipun Alloh Swt ingkang sampun peparing rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika. Sepisan: Bapak Ibu Eko Joko Prasetyo, ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan poro tamu sedoyo. Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwaos. Ongka kalih ; Kel bapak Eko ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, ngunduh penganten sarimbit Bagus Adi Riadin inggih putro kakungipun mbajeng Bapak Ibu Eko pikantuk Dyah Ayu Ani Haryati putro putrinipun Bapak/Ibu Rubinem ingkang pidalem ing Jetak Sendangtirto Berbah Sleman Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Wau enjang ing Jetak,Sendangtirto Berbah Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandonga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha sangyaning tamu , ijab Kabul sampun kalampahan lir ing sambi kala. Bapak/Ibu Eko nyuwun sagunging poro rawuh paring pangestu lan doa dumateng Alloh sopados temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan sagedo dados keluarga ingkang sakinah mawadah warohmah. Amien. Ongka tiga Bapak/Ibu Eko ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, lan sumaraking pahargyan ing siang punika. Ewa semanten keluawrgo boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya doa lan restu panjengan sedoyo pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel saking Alloh swt Atur sak lajengipun. Bapak/Ibu Eko anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun. Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasila saha kirang subosita. Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung agunging pangar sami ingkang linangkung dumateng panjenengan sedoyo. Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang suba sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami. Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih, Akhirul kalam wbst.



Atur Pambagyaharja Temanten Assalamu’alaikum Wr.Wb. - Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni - Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon - Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala. Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira. Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika. Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa. Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun. Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.