Atur Panampi [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. -



Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya. Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur : Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten. Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala. Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT. Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya. Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun. Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin. Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin. Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami. Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan. Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.



Assalamu’alaikura Wr. Wb. Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya. Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika. Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak………………. sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT. dene hajatipun Bapak tuwin Ibu …………….. anggenipun gadhah damel ndaupaken putra putri ingkang nami ………………… sampun kalampahan daup kaliyan ………………………… rikala dinten ………………. tanggai kaping………………..wanci jam……………….wonten ing……………..kanthiwilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha Ibu…………………..sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya. Boten kasupen Bapak saha Ibu…………………….ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para mudamudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu …………… sakulawarga mboten saged ngatun piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu. Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu ……………. sakulawarga nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya. Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung. Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra pangaksami. Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika. Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama. Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya, Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun !



Dalam pidato bahasa jawa diatas mengangkat tema tentang temantenan dengan judul yaitu Atur Pambagyo Wilujeng Ing Temantenan. Semoga naskah diatas dapat membantu bagi orang-orang yang sedang butuh cepat atas contoh pidato. Assalamu'alaikumwr.wb. (ayat) Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ........................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, ingkang tuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; menapadene, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ..................................... ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugenglelenggahan. Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing ngriki kula minangkani kulawarga, keparengna nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan menika. Purwakaning atur, minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha haminaaken wanci, kesdu hangrawuhi pawiwahan menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin. Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pawiwahan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya siwi, nuwun inggih anak / adhi kula ingkang nami: ........................, ingkang ka-akid-nikahaken kaliyan ........................., putra panjenenganipun Bp/ibu ..................... ingkang pidalem ing .................................. Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih temanten sampun kaakidnikahaken dhuk kalawau enjing , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa. alhamdulillahirobbil'alamin. Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih lan kadarman panjenengan ingkang awujud menapa kemawon, bandha beya, bau suku, menapadene iguh pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat RT ................ menika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga. Ananging andadosaken kuciwaning manah dene kula sakulawarga mboten saget atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin. Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon



sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung kados mekaten menika, sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga paring puja sesanti mulya tuwin puji pendonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin. Para rawuh para pilenggah kakung putri ingkang tuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun kula sakulawarga nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberakenagungingpangaksami. Para rawuh, para pilenggah kakung putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/dalu menika. Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging subasita, menapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami.



PengantenKakung Berikut ini adalah contoh teks pidato pasrah penganten Assalamualaikum Wr.Wb      



kakung dalam sebuah acara pernikahan.



Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih. Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo. Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi. Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.



Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika. (setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya) Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepindah,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki. Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa. Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo. Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.



Contoh Pasrah Temanten Dalam suatu acara pernikahan umumnya dilakukan acara pasrah calon temanten,bagi yang sudah berpengalaman untuk hal semacam ini tentu bukanlah hal yang sulit, tapi bagi yang baru belajar tentunya membutuhkan panduan untuk bisa memahaminya. Artikel ini merupakan lanjutan dari artikel saya sebelumnya yaitu Contoh Teks Pranatacara Terbaru yang bisa diklik untuk mengetahui apa saja urutan susunan di acara pernikahan Jawa khususnya adat Solo. Sedangkan acara pasrah sendiri hendaknya jangan terlalu panjang dan sesuai dengan apa yang ditugaskan jadi usahakan supaya singkat dan padat serta jelas.Pasrah terdiri dari: Salam Pembuka Puji Syukur Isi Harapan Meminta Maaf Penutup Langsungsajaberikut contohnya; PASRAHTEMANTEN AssalamuallaikumWr,Wb Kasugengan,katentreman,kabagaswarasan saha kamulyan mugi tansah tumedhak wonten jiwanggo panjenengan sedayadalasankulawaradinsagungdumadi. Nuwun dhumateng Bapa...(wakil Tuan rumah) ingkang wedhal menika minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) sekalian. kula ing ngriki minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapa (..Yang di wakili) sarimbit keparengna matur bileh panjenenganipun Bapa.(yang diwakili) sarimbit sepisan ngaturaken puji syukur wonten pepadhaning Gusti Ingkang Maha Wicaksana awit sowanipun sapangombyong saking laladan.. (desa asal yang diwakili) dumugi ngriki sampun pinaringan wilujeng nir ing sambekala tinebeh saking sedaya rubeda. Kaping Kalih panjenenganipun Bapa ..(yang diwakili) ngaturaken salam taklim katur dhumateng Bapa..(Tuan rumah) kanthi pandhunga mugi-mugi sedaya kesainan agesang tansah tumedhak tumandhuk dhumateng panjenenganipun Bapa..(Tuan Rumah) dalasan gotrah. Ingkang saklajengipun, panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) hanganthi temanten kakung nun inggih



Dimas Bagus..(nama pengantin putra) minangka netepi rantamaning adicara ingkang sampun karantam nedya hanjatu krami Nimas Ayu ..(nama pengantin putri) kenya siwinipun Bapa..(Tuan rumah). hambok bileh samudayanipun sampun samapta keparenga kapanggehaken lan kadaupaken miturut adat widi widana ingkang taksih lumampah wonten ing ngriki. Panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sekulawarga boten katalumpen ugi ndherek ndedunga dhumateng Gusti ingkang Maha Kawasa, mugi-mugi rahayuning sedya saget lumaksana boten manggih rubeda nir ing sakara-kara. Kejawi saking menika,panjenenganipun Bapa..(yang diwakili) sapangombyong nyuwun gunging samudra pangaksama hambuk bileh karawuhanipun wonten samukawis ingkang boten saget ndadosaken suka gumbiraning manah. Puput pepuntaning atur,kula ing ngriki minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa..(yang diwakili)sekalian nglenggana kathah kekiranganipun,pramila saking menika keparenga panjenengan sedaya kesdu atur pangaksama dhumateng kula. wasana, Wasalamualaikum Wr,Wb. nuwun.



Demikian contoh teks pasrah temanten yang merupakan rangkaian dari acara pernikahan adat Jawa.agar mahir jadi pranatacara belajar juga untuk menyadra temanten yang contoh teks.nya bisa diklik disini.https://contohtekspranatacaraterbaru.blogspot.co.id/2016/08/contoh-teks-panyandra-temantenjawa.html untuk contoh panampi bisa diklik disini Bila dirasa bermanfaat jangan lupa dishare ya. Salam budaya.



Contoh Atur Panampi Temanten Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan. Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri. Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri. Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng desa)............... Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosokwangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.” Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti. Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten. Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami. Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nirbaya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula. Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.