Bagian-Bagian Sesorah [PDF]

  • Author / Uploaded
  • ratna
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Bagian-Bagian Naskah Sesorah Media



Assalamu’alaikum wr. Wb



Wonten ngarsanipun Kepala SMP 2 Wonosari ingkang dahat kinurmatan Tamu undangan, Bapak Ibu Guru saha karyawan miwah Bapak Ibu wali murid ingkang kula urmati Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.



Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karaharjan, kanikmatan, saha kasarasan, saengga kula lan panjenegan sami saged kempal wonten ing pahargyan pepisahan siang punika, kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.



Salam Pambuka



Atur Pakurmatan



Pambuka (Pamuji syukur)



Nuwun , Mugi wonten keparengipun kula pinangka sulih sariranipun siswa kelas IX ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak Kepala Sekolah saha bapak ibu Guru. Amargi awit saking sih katresnan, sadangunipun tigang tahun, kula sakanca dipun gulawenthah kanthi manah ingkang ikhlas, ugi raos tresna lan asih. Bab menika ngantos kraos boten wonten bedanipun antawisipun bapak ibu guru kaliyan bapak saha ibu ingkang nglairaken kula sakanca. Saengga kula lan kanca-kanca kelas IX samenika saged ngrampungaken pasinaon wonten ing pawiyatan SMP 2 Wonosari menika. Saestunipun awrat anggen kula badhe nilaraken SMP 2 Wonosari ingkang tansah kula lan panjenengan tresnani menika. Amargi sejatosipun salebeting batin kepingin tansah caket kaliyan bapak saha ibu guru lan adhik-adhik kelas VII lan VIII, sami-sami sesarengan ngangsu kawruh ngantos dumugi salaminipun. Nanging kinanthenan raos ingkang awrat kula sakanca badhe nyuwun pamit nilaraken pawiyatan SMP 2 Wonosari menika kangge ngajengaken lampah kula sakanca ngangsu kawurh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil . Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun tambahing pangestu anggen kula badhe nglajengaken ing pawiyatan ingkang langkung inggil mugi pinaringan kalis-ing rubeda, saengga samangke ngelmunipun sageda migunani tumrap tiyang sepuh, sekolah, bangsa, lan agama.



Dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII, kula sakanca ugi nyuwun pandonga supados samangke saged nggayuh menapa ingkang dados idhamidhamanipun kula sakanca. Kejawi saking menika kula sakanca nyuwun dhumateng adik-adik supados sregep lan greget anggenipun sinau, saha miturut menapa ingkang dados dhawuhipun bapak lan ibu guru, saengga samangke saged ngasilaken prestasi lan damel namanipun SMP 2 Wonosari tansaya misuwur . Ingkang salajengipun hambok bilih kula sakanca sadangunipun sesrawungan 3 taun ing pawiyatan menika kathah tindak tanduk saha atur ingkang boten mranani dhateng penggalih para warga sekolah, kula sakanca tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.



Wos / Isi



Sepisan malih kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun paring pambiyantu saengga kula sakanca anggenipun ngangsu kawruh wonten ing sekolah menika saged lancar. Ugi kula sakanca nyuwun pangaunten awit sedaya lepat ingkang dipunsengaja menapa ingkang boten sipunsengaja. Sumangga kancakanca kelas IX , kula lan panjenengan sami nilaraken sekolah menika kanthi manah ingkang bungah lan nanemakan wonten ing manahipun piyambak-piyambak, bilih samangke kedah langkung greget anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan salajegipun saengga boten damel kuciwanipun bapak ibu guru. Sedaya kelas IX menika ingkang samangke dados alumni , kedah damel bombong lan tansah damel namanipun sekolah tansaya sae kanthi prestasi.



Ringkesan



Kula ugi tansah ngajab mugi-mugi silaturrahmi antawisipun kanca-kanca kelas IX dhumateng sekolah ingkang tansah dipuntresnani menika boten namung dugi samenika. ananging hambokbilih samangke saged saterusipun, menawi samangke sekolah mbetahaken bab menapa



Pangajab / Pangajengajeng



kemawon menawi kula sakanca saged samangke kula sakanca siap paring pambiyantu. Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cicir-cewetipun atur kula saha kirang tatas-titising basa, mugi panjenengan sedaya kersa ngluberaken samodra pangaksami. Nuwun



Wassalamu’alaikum wr. Wb.



Panutup



Salam Panutup