Sesorah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.



Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika. Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya. Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.



Pidato Perpisahan Bahasa Jawa Kelas 9 Assalamu’alaikum Wr.Wb Bapak Kepala sekolah ingkang setuhu kula bekteni. Bapak Ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Serta rencang-rencang kelas 9 lan adhik-adhik ingkang kula tresnani. Ing wekdal niki, mangga kita sedaya panjataken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung krana rahmatipun kta saged kempal ing acara perpisahan sakmenika kanthi sehat wal’afiat. Bapak ibu guru ingkang kula bekteni, kula minangka wakil kelas 9 , ngaturaken sagunging panuwun dene bapak ibu guru sampun ikhlas maringi ilmu , pitedah-pitedah saha bimbingan ingkang mboten namung sekedhik paedahipun. Kula mboten saged atur piwales punapa-punapa , namung atur pudya wonten ngarsaning pangeran mugi sedaya amal kesaenan angsal piwales kang samurwat saking gusti ingkang murbeng dumadi.



Kula siswa kelas 9 ingkang tinanggenah guru kagem mewakili konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang warsa dateng pawiyatan menika.



Kula sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Amargi pawiyatan menika supados kados griya kula payimbak. Bapak ibu guru inggih sampun kula anggep kados tiyang sepuh kula payimbak. Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adekadek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang lanthip. Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip sembering.



Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun. Wassalamu’alaikum Wr.Wb.



Pidato Perpisahan Bahasa Jawa Kelas 9



Assalamu'alaikum Wr. Wb. Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu Guru saha staf karyawan/ti ingkang kulo hormati, adhik-adhik kelas lan rencang rencang kelas 9 ingkang kulo tresnani. Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing aula ( nama SMP ) kanthi sehat wal afiat. Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nglonggaraken wekdal nrawuhi adicara menika. Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dumateng Bapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan anggenipun nggulawentah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika, saha saged lulu 100%. Ingkang nomer kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga pangestu, mugi mugi ketampi wonten sekolah ingkang dipun idam-idamaken. Ingkang pungkasan, kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken ( nama SMP ) menika. Kulo dedonga, mugi mugi ( nama SMP ) tetep jaya lan majeng prestasinipun. Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum Wr. Wb



Cpntoh Percakapan Telepon Cantika: Halo…. Linda: Ya Hallo, Linda is here. Cantika: It’s me Lin, Cantika. Can you help me, Lin? Linda: Oh, Tika. What can I do for you, Tik? Cantika: Do you have an English Dictionary? I need one for my English homework. Linda: Actually, I have just a dictionary. But, I think my brother has another dictionary. I will lend it for you. Cantika: Thanks Lin. I will come to your house this evening. Linda: Anytime. I will prepare that dictionary for you. Bye. Cantika: Bye. Artinya: Cantika: Halo…. Linda: Ya Halo, dengan Linda. Cantika: Ini aku Lin, Cantika. Apakah kamu bisa membantuku, Lin? Linda: Oh, Tika. Apa yang bisa aku lakukan untukmu, Tik? Cantika: Apakah kamu mempunyai sebuah kamus bahasa Inggris? Aku membutuhkan sebuah kamus untuk mengerjakan PR bahasa Inggrisku. Linda: Sebenarnya, aku hanya punya satu kamus. Tapi, aku pikir saudara laki lakiku ada kamus lainnya. Aku akan meminjamkannya untuk mu. Cantika: Terima kasih Lin. Aku akan datang kerumah mu malam ini. Linda: Sama-sama. Aku akan menyiapkan kamusnya untukmu. Dadah. Cantika: Dah.