Bahasa Jawa Tembung / Tembang Macapat [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

ATUR PANGIRING Puji syukur ingkang tanpa upami katur wonten ngersanipun gusti Allah ingkang maha asih, pangeraning jagad gumelar, ingkang tansah paring sih tresnanipun dhumateng titah sedaya. Awit saking peparing welas asih ingkan tanpa parbeda. Ing wekdal punika kita nyusun makalah punika kangge tugas sekolah, ing wasana mugi – mugi makalah punika mumpangati para kanca kangge kemajengan pasinauan . makalah niki mbahas ngenani salah sawijining tembang macapat yaiku asmarandana lan gambuh.



Nuwun



Panyusun



Daftar isi



BAB I PAMBUKA 1.1.Leladhesaning paniliten (tembang macapat) 1.2.Undheraning paniliten 1.2.1. Apa kang di arani tembang asmarandhana 1.2.2. Apa kang di arani tembang gambuh 1.2.3. Kepriye paugeran tembang asamarandhana 1.2.4. Kepriye paugeran tembang gambuh 1.2.5. Apa bae piwulangan sajrone tembang asmarandana 1.2.6. Apa bae piwulangan sajrone tembang gambuh 1.2.7. Apa bae piguna tembang asmarandana 1.2.8. Apa bae piguna tembang gambuh



1.3.Tujuan paniliten 1.4.Piguna paniliten 1.5.Wewatesan paniliten



BAB II ISI 2.1 Pangerten tembang asmarandana 2.2 Pangerten tembang gambuh 2.3 Paugeran tembang asmarandana 2.4 Paugeran tembang gambuh 2.5 Piwulangan tembang asmarandana 2.6 Piwulangan tembang gambuh 2.7 Piguna tembang asmarandana 2.8 Piguna tembang gambuh



BAB III PANUTUP 3.1 Kesimpulan 3.2 Kritik lan saran



BAB I 1.1.Leladhesaning paniliten (tembang macapat) Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran ing tembang macapat iku cacahe ono 3, yaiku guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Tembang macapat sak temene wis ana wiwit akhir masa majapahit lan dipengaruhi walisanga ing tlatah jawa tengah. Ananging ing tlatah jawa timur lan bali macapat ana sak durunge islam. Miturut Projohoetomo, macapat muncul sak wise pengaruh india pudar. Sing arep dibahas mangke yaiku tembang asmarandana lan gambuh.



1.2.Underaning paniliten 1.2.1 Apa kang diarani tembang asmarandana? 1.2.2 Apa kang diarani tembang gambuh? 1.2.3 Kepriye paugeran tembang asmarandana? 1.2.4 Kepriye paugeran tembang gambuh? 1.2.5 Apa bae piwulangan sajrone tembang asmarandana? 1.2.6 Apa bae piwulangan sajrone tembang gambuh? 1.2.7 Apa bae piguna tembang asmarandana? 1.2.8 Apa bae piguna tembang gambuh?



1.3.Tujuan paniliten 1.3.1 Pangerten tembang asmarandana 1.3.2 Pengerten tembang gambuh 1.3.3 Paugeran tembang asmarandana 1.3.4 Paugeran tembang gambuh 1.3.5 Piwulangan tembang asmarandana 1.3.6 Piwulangan tembang gambuh 1.3.7 Piguna tembang asmarandana 1.3.8 Piguna tembang gambuh



1.4. Piguna paniliten Tembang macapat kangge kasustraan jaman sakniki kangge mbawani utawa nggerangi gendhing, kangge ngarang utawa nganggit kapustakaan jawi, kangge lagu – lagu ketoprak lan ringgit tiyang, kangge parikan lan dagelan.



1.5.Wewatesan paniliten Bab niki mung nerangke ngenani tembang macapat yaiku asmarandana lan gambuh, dadi pitakon jawab di usahake tentang tembang macapat asmarandana lan gambuh.



BAB II 2.1 Pangerten tembang asmarandana Asmaradana utawa asmarandana iku siji jinis tembang macapat, tembang asmarandana lumrahe kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen di deleng wantah asmarandana dijupuk saka asmara kang artine tresna lan dahana kang artine geni. Mula saka iku asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Rasa tresna iku kudu dijaga supaya ora ndadekake utawa nuwuhake bebaya tumrape manungsa.



2.2 Pangerten tembang gambuh Gambuh asale saka tembung jumbo utawa sarujuk banjur di gathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresno mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan. Lumantar kulawarga manungsa bisa memayu hayuning bawana, dalan kang becik lan bener.



2.3 Paugeran tembang asmarandana Paugeran tembang asmarandana yaiku nduweni : -



Guru gatra : 7



-



Guru wilangan : 8, 8, 8, 7, 8, 8, 8 Ukara kapisan nduweni 8 wanda, ukara kapindho nduweni 8 wanda, ukara katelu nduweni 8 wanda, ukara kapapat nduweni 7 wanda, ukara kalima nduweni 8 wanda, ukara keenem nduweni 8 wanda, ukara kapitu nduweni 8 wanda.



-



Guru lagu : i, a, e / o, a, u, a Akhir wanda saben ukara kudu nduweni vocal i, a, e / o, a, u, a



2.4 Paugeran tembang gambuh Paugeran tembang gambuh yaiku nduweni : -



Guru gatra : s



Tembang gambuh nduweni 5 larik -



Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8



Ukara kapisan nduweni 7 wanda, ukara kapindo nduweni 10 wanda, ukara katelu nduweni 12 wanda, ukara kepapat nduweni 8 wanda, ukara kalima nduweni 8 wanda -



Guru lagu : u, u, i, u, o



Akhir wanda saben ukara kudu nduweni vocal u, u, i, u, o



2.5 Piwulangan tembang asmarandana Tembang asmarandana nduweni watak yaiku tentang asmara sing disertai rasa pilu utawa sedih isi saka tembung iki yaiku wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Sasmitane tembang asmarandana yaiku asmarandana, asmara, brangta, kingkin, yungyun.



2.6 Piwulangan tembang gambuh Tembang gambuh nduweni watak kerahmatan lan persahabatan, sasmitane tembang gambuh yaiku gambuh, mbuh, jumbuh, tambuh. Tembang macapat gambuh arupa salah sijine tembang sing berisi tentang berbagai ajaran kepada generasi muda khususe kepriye carane njalin hubung marang manungsa liyane.



2.7 Piguna tembang asmarandana Piguna tembang asmarandana yaiku kanggo agungkape rasa susah amarga tresna.



2.8 Piguna tembanggambuh Piguna tembang gambuh yaiku kanggo ngajar kanthi katrangan.



BAB III 3.1 Kesimpulan Salah siji jenis e tembang macapat yaiku tembang asmarandana lan gambuh. Tembang asmarandana yaiku umume kanggo wong sing lagi katresnan utawa gandrung. Tembang gambuh yaiku jumbuh utawa sarujuk utawa wong ngancik alam kulawarga. Paugeran tembang asmarandana yaiku nduweni 7 guru gatra lan nduweni guru wilangan lan lagu yaiku, 8i, 8a, 8e / o, 8a, 7a, 8a, 8a. Paugeran tembang gmbuh yaiku nduweni 5 guru gatra lan guru wilangan lan guru lagu yaiku 7u, iou, i2i, 8u, 8o. piguna tembang asmarandana yaiku kanggo ngungkapke rasa susah amarga tresna. Piguna tembang gambuh yaiku kanggo ngajar kanthi katrangan.



3.2 Kritik lan saran Tembang macapat iku akeh jenis e, kita kudu bisa nglestantunaken budaya-budaya jawa mbiyen, kayata tembang dolanan, wayang lan liya-liyane.