UKBM Tembang Macapat [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

UKBM Tembang Macapat Gladhen 1.1 1. Paugerane tembang macapat : 1) Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ing tembang macapat. 2) Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vokal ). 3) Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku  kata saben sagatra ing tembang macapat. 2. Guru Lagu



= u, a, i, a



Guru Wilangan = 12, 6, 8, 12 Guru gatra = 4 3. Pada tembang kasebut yaiku kalebu tembang pocung. Tembang pocung nduweni paugeran (kaiket saking paugeran), paugerane yaiku : Guru gatra = 4 - 6 guru lagu = u,a,i,a guru wiangan = 12,6,8,12



Gladhen 1.2 1. Jinise tembang : Pocung Paugeran : 12u, 6a, 8i, 12a Watak : Kendho tanpa greget saut kanggo ing cerita kang sajak mung sakepenake , tanpa kamempengan 2. Jinise tembang : Maskumambang Paugeran : 12i, 6a, 8i, 8a Watak : nelangsa kan keranta Ranta 3. Jinise tembang : Gambuh Paugeran : 7u, 10u, 12i, 8i, 8o Watak : grapyak semanak mula tembang gambuh cocok kangge menehi pitutur 4. Jinise tembang : megatruh Paugeran : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o



Watak : Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan. 5. Jinise tembang : kinanthi Paugeran : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i Watak : Seneng, nasehat, kasih sayang, teladan ingkang becik. 6. Jinise tembang : Asmaradhana Paugeran : 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Watak : watake sengsem, seneng, sedhih, prihatin. Cocok kanggo pasemon crita2 kasmaran lan kasedhihan. 7. Jinise tembang : mijil Paugeran : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u Watak : watake wedharing rasa pangrasaning ati. Cocok kanggo pasemon crita kang ngemu pitutur, lan uga cocok kanggo tembang ngungrum (gandrung). 8. Jinise tembang : pangkur Paugeran : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i Watak : watake sereng, kekarepan kang ora gampang nglokro/kemba. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang rada sereng. 9. Jinise tembang : Durma Paugeran : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i Watak : watake galak, jengkel, murina, nesu, muring, sereng. Cocok kanggo pasemon ngetokake unbeg2ing ati kang nembe nbesu, muring, jengkel, sereng, uga kanggo pasemon crita perang. 10. Jinise tembang : sinom Paugeran : 8a, 8i, 8a,8i, 7i, 8u,7a,8i, 12a Watak : watake grapyak semanak nanging wekasane asring dadi sereng jalaran ora kalegan karepe. Cocok kanggo pasemon paring pitutur kang sereng utawa kanggo crita tantang-tinantang 11. Jinise tembang : dhandanggula Paugeran : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a Watak : watake luwes lan ngresepake. Cocok kanggo pasemon paring piwulang, waosan wungon lan kidungan.



Gladhen 1.3 1. Paugeran : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a. Jinis tembang : dhandanggula Tembang macapat kasebut menawa dideleng saka paugerane kalebu jinise tembang dhandanggula 2. Tembang kasebut migunakake Tembung Kawi kayata agni, Bayu, Candra, Surya, kan Tirta uga darma 3. Gancaran saka tembang kasebut yaiku Kabeh sing ana kuwi makardi, Gusti uga makarya kanggo donya tanpa mandhek srengenge, rembulan, angin, bumi, banyu, kan Geni makarya menthi panguripan supaya slamet tanpa syarat 4. Pitutur kang ana ing tembang macapat kasebut kanggo panguripan saben dinane yaiku kita kudu matur rasa syukur marang sakabehe sing wis diwenehake dening Gusti Allah. Kita kudu bisa njaga alam supaya bisa lestari.



Gladhen 2.2 - tembang pangkur : Kita kudu nglaksanakake sembahyang kang becik kan tansah eling marang sing kuwoso - tembang Asmaradhana : kita Urip kudu tansah sregep nyambut gawe kan ngucap syukur marang rezeki kang diparingi dening Gusti Allah. - tembang Durma : marang kanca kudu saling bisa ngerteni kan tansah tulung pinulung, seneng kan susah kudu digowo bebarengan - tembang mijil : aja dadi manungsa kang sombong lan nduweni sipat aja dumeh. wong sing kepengin unggul kudu andap asor ora oleh sombong. yen salah lan diseneni ya aja mbantah. kudu sregep ngangsu kawruh ben pinter ing sasembarange - tembang maskumambang : kita kudu hormat lan ora wani marang wong tuwa