Cerkak Bahasa Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Tresna Lingsir Sore Sekolahan isih sepi nalika Niken tekan parkiran. Pancen isih esuk, durung ana setengah pitu. Biyasane kanca-kanca guru tekane jam pitu kurang seprapat. Niken sengaja teka Iuwih gasik amarga iki dia kapisan dheweke mlebu kantor sawise seminggu diklat ana LPMP. “Sugeng enjang, Bu Niken.” Niken tumoleh. Nalika weruh blegere sing nyuwara, dheweke manthuk karo mesem. Nanging dumadakan wae dhadhane krasa kemranyas. Tujune ora gantalan suwe guru-guru Iiya padha rawuh. Niken nyalami paraga kuwi nuli age-age miebu kantor. “Wis ketemu pak kepala anyar?” pitakone kanca guru. “Kepala anyar?” bathuke Niken njengkerut. “Asmane Pak Bagus Wicaksono. Wingenane awakmu rak wis tak es-em-es. Apa ora diwaca ?” “Takbukak sithik, ning gandheng akeh tugas akhire lali.” “Nggantheng, tur isih legan,” ujare Susi. “Jaremu piyayine nggantheng, kok durung payu?” “Kuwi biyen critane tau patah hati nalika kuliyah.” “Awakmu iki biyang gosip. Saka ngendi crita sing ora jelas ngono kuwi?” “Susi gitu Iho. Gosip nanging dudu fitnah. Sumbere kredibel,” ujare Susi karo ngakak. “Piye, kowe kepranan apa ora?” “Ora pantes maneh aku ngomongake bab katresnan.” “Ora pantes piye? Umurmu durung ganep patang puluh. Upama Pak Wicak ngesir awakmu, aku ora lila weruh panjenengane patah hati maneh merga kok tulak tresnane.” Bagus Wicaksono pancen tau dadi kakak tingkate Niken ing IKIP. Bagus njupuk jurusan basa Inggris dene Niken basa Indonesia. Niken tepung Bagus Wicaksono natika Ospek. Bagus minangka ketua panitiane. Bagus sing pancen nggantheng dadi idolane mahasiswi anyar, kalebu Niken. Bagus sajake uga kepranan marang Niken. Tir padha irenge, sir padha senenge. Kabeh krasa endah tumrap sakarone. Kanca-kancane padha ngerti menawa Niken duweke Bagus. Ngalor ngindul wong loro iku tansah reruntungan. Nanging ora ana udan ora ana angin dumadakan bapake Niken nyusul menyang kampus saperlu ngajak anake bali ndesa. Niken ora kober pamit marang Bagus sing wektu kuwi ngepasi KKN. Niken ngilang saka kampus tanpa ana siji-sijia kancane sing ngerti ana lelakon apa satenane. Niken dijodhokake karo priya pilihane bapake. Bapake kejiret utang marang rentenir merga kapusan. Ndilalah utange marang rentenir, saengga tambah dina sangsaya njiret gulu. Utomo, bujangan tuwa, gelem sabiyantu nutup utange. Sejatine Utomo ora njaluk pitukon apa-apa nanging bapake Niken bisa maca glagat yen satemene Utomo mambu ati marang Niken. Rehne wis kepotangan budi akeh banget, bapake banjur njodhokake Niken entuk Utomo. Minangka bektine marang wong tuwa, Niken gelem dipek bojo Utomo. Nanging dheweke ngajokake syarat bisa kuliyah maneh ora ketang ing Universitas Terbuka. Niken wekasane bisa kuliyah nganti rampung Ian duwe gelar sarjana. Nalika ana pengangkatan guru Niken katut. Urip dadi randha ora gampang. Senajan anggone ningkah karo Utomo tanpa linambaran tresna, nanging dheweke ngudi tetep setya Ian bekti. Mula bareng Utomo tinggal donya merga serangan jantung, Niken nutup atine saka priya sing nyoba nothog. Dheweke pilih ngopeni anake lanang, sing umur limang taun. Nanging sapatemon kang ora njarag klawan Bagus njalari atine Niken rontangranting. Sadhar karo atine kang mobat-mabit saben adu arep karo Bagus, Niken sengaja ngadoh. Saben ana rapat guru, Niken pilih anteng ana mejane sinambi ethok-ethok sibuk karo laptope. Saben ngaso Niken ngumpet ana perpustakaan sinambi ngladeni bocah-bocah sing padha nyilih buku. “Bu, dipun timbali Pak Kepala,” aloke Sri, siswi kelas IX-C kang marani Niken menyang perpustakaan. “Dipunrantos wonten ruwang kepala sekolah, Bu.” Niken nuli menyat. Jumangkah tumuju ruwang kepala sekolah kanthi dhadha dhag dhig dhug. Kepala sekolah anyar iku lagi lungguh ngadhep laptop. Niken nothog lawang alon. Bagus tumenga banjur mesem. Niken kumesar. “Bapak nimbali kula?”takone kanggo nutupi gugupe. “Pinarak, Bu Niken. Wonten perkawis ingkang badhe kula rembag.” “Perkawis menapa, Pak?” takone Niken sawise Iungguh. Bagus mesem tipis karo nyawang Niken tajem. Sing diulati kecipuhan. Rasane kepengin enggal uwal



saka kursine sing dadakan krasa panas. “Kabar apik, Dhik?” Bagus kumecap Iirih. “Alhamdulillah, sae sedaya,” wangsulane Niken karo ndhingkluk. “Aja formal kaya ngene, ta. Awake dhewe rak mung wong loro ing ruwangan iki.” “Jam ngaso sampun badhe telas,” ucape Niken ngenggokake rembug. “Ing jam ngaso sing kari sethithik iki aku pengin sliramu ora ngedohi aku, Sasuwene telung sasi aku ana kene, sliramu sajak ngadoh terus saka aku. Mangka pirang-pirang taun aku nglari ilange Wanita sing wis nyolong atiku.” Niken blangkemen. Dheweke ora bisa sumaur. “Aja kuwatir, Dhik,aku ora bakal njaluk bali atiku sing wis kadhung kok colong,” ujare karo nggegem tangane Niken. “Mboten sae dipirsane tiyang, Pak,” ujare Niken lirih. Bagus Wicaksono nguculi gegemane. “Aku ora njaluk bali ati sing wis kadhung mbok gegem, Dhik. Nanging, aja mung atiku. Ragaku uga kudune melu mbok gegem. Wis welasan taun lawase ragaku suwung amarga kelangan ati sing selawase iki kok gawa.” “Panjenengan kepala Ian kula guru.” “Dhik, nalika aku lagi KKN sliramu ilang tanpa Iari. Kowe ora ninggali pesen apa-apa. Atiku cuwa, Dhik. Nanging aku mbudidaya tetep ngugemi rasa tresnaku marang kowe engga seprene.” Niken manikelu, nanging cepet nguwasani dhiri. “Aku njaluk pangapuramu sing gedhe, Mas. Nalika kuwi Bapak lagi kejiret rentenir. Mas Utomo nulung bapak, Ian sateruse njenengan bisa mirsani dhewe kaya ngapa aku saiki.” “Pitulas taun aku nggoleki, nanging mung njaluk ngapura ngono wae?” ujare Bagus. “Lha aku kudu kepiye, Mas? Muter wektu bali mbiyen maneh ya ora isa. Barang wis kadhung ora perlu digelani. Mung siji sing takgelani, ya gene aku ora kirim kabar marang panjenengan saengga panjenengan ora tansah ngeling-eling marang aku,” ujare Niken. “Yen pangapura wae gampang, Dhik. Aku duwe akeh banget. Nanging, apa ya mung cukup pangapura sing arep mbok ajap saka aku?” Niken ngerti arah omongane Bagus, nanging emoh miwiti ngomong tresna. Niken rumangsa ora ana apa-apane dibandhingake priyayi bagus ana ngarepe. Kepiyea wae dheweke wis tau ngiyanati Ian natoni atine wong Ianang kuwi. Kanggone Niken, wis cukup pangapura wae saka Bagus. Bagus duwe hak kanggo golek wanita sing Iuwih sakabehe tinimbang dheweke sing randha anak-anak siji. “Ya wis, yen ngono karepmu, Nik. Sajake aku pancen kudu ngedoh saka uripmu,” ujare Bagus. “Saiki baliya menyang keIas.” Niken angluh. Sajake Bagus Wicaksono cuwa maneh gara-gara ucapane. Nanging atine luwih lara merga sadhar yen wong lanang sing gawe atine mobat-mabit iki bakal ngedoh saka dheweke. Niken nuli jumangkah menyang ruwang guru. Ora rinasa mripate kekembeng luh. ANGIN sore krasa seger nampeg awak. Niken rumangsa marem nyawang latar omahe sing asri. Tanduran mawar maneka warna nggrombol ana poncod kulon mepet pager. Ing sisih wetan kolam iwak kol sing tansah kumcricik banyune nggawa rasa tentrem ana ing ati. “Ketoke kok sajak bahagia, Dhik.” Niken noleh. Priya bagus nembe metu saka omah. Sajak seger bubar adus sore. Dheweke nuli lungguh ana sandhinge Niken sinambi nyruput teh sing wis dicawisake. “Wis sampurna, Mas,” ujare Niken marang priya kuwi karo mesem. Panyawange kebak katresnan. “Matumuwun panjenengan wls kersa rawuh ana uripku.” “Upama aku ora weruh ana bu guru sing nangis metu saka ruwanganku, takkira nganti dina iki aku isih dhewekan,” ujare Bagus. Niken mesem kisinan sinambi njiwit garwane. Bagus uga ngrasa sampuma. Duwe bojo ayu sing ditresnani iya duwe anak lanang sing wis gedhe, Ian siap- siap ngenteni laire si jabang bayi kang wis diarep-arep dening sakabehing brayat. Senajan katresnane nembe kawujud wayah Iingsir sore, nanging Gusti Allah paring piwales sing luwih saka cukup kanggone Niken Ian Bagus Wicaksono. --- Cuthel



Dudu Getih Pahlawan Wiwit esuk Letnan Santosa tansah uring-uringan. Kopral Ngadimin sing dadi ajudane pijer kena denggung. “Kowe ki aja mung ngah-ngoh ngono Iho Pral! Meluwa urun panemu apa aweh pamudharan ngono! Ben aku ra kabotan mikir!” panyaruwene Letnan Santosa. Antuk panyaruwe mangkono, Kopral Ngadimin ya panggah bae ngah-ngoh. Pancen utege rada kendho. Tetep dienggo iku merga kasetyane. “Lha iya ta Pral. Rumangsaku sakehing rancangan Ian strategi sing dakcakake wis primpen Ian werit. Lho, kok meksa kejodheran. Pokoke ora bakal Landa bisa ngonangi rencana kita yen ora entuk bocoran. Lan bocoran kuwi genah saka wong njero!” pratelane Letnan Santosa karo wira-wiri mbanda tangan. “Dados Letnan nginten, warga gerilya ngriki enten sing kiyanat?” “Lha ya wis genah! Ning aku durung bisa ngira-ira, sapa ing antarane wargane dhewe iki sing kiyanat. Kowe melu-meluwa madhik-madhik!” Ngadimin ngowoh. “Kula Let?” “Iya! Blajara mikir ben ora mung ngah-ngoh!” Kopral Ngadimin klincutan. * PANCEN ora aneh yen Letnan Santosa tansah uning-uringan. Awit anggone nggrumut markas Landa ing omahe Dariyo mau bengi gagal total. Malah ana anggota gerilya sing dadi kurban. Pasukan Macan Loreng sing dipimpin kuwi jebul mlebu wuwu. Nalika lakune pasukan lagi metu saka alas ing gumuk Gajahmungkur, jebul wis dipapag brondongan mimis saka serdhadhu mungsuh. Pasukan Macan Loreng sing babar pisan ora ngira bakal antuk serangan, kaget Ian gugup kepati. Banjur males sabisabisa. Sakala, ing wengi atis iku dumadi pertempuran sing ora sababag. Mangerteni pasukane kalah posisi, Letnan Santosa cepet gawe putusan. Pasukane ditarik mundur, bali mlebu alas. Awit yen dibacutake cetha kaya sulung mlebu geni. Mungsuh pranyata ora mbujung. Serdhadhu Landa sajake mikir-mikir yen kudu mbujung mlebu alas. Jer alas mono dadi wilayahe kaum gerilya. Sing digetuni, ana anggota pasukan cacah telu dadi kurban. Salah siji kurban kasebut yaiku Sersan Munandar, sing mujudake bau tengene Letnan Santosa. Ya Sersan Munandar iki sing asring nyumbang pamikiran Ian mbiyantu nyusun strategi. Kanthi gugure Sersan Munandar, Letnan Santosa rumangsa kelangan. Rencana kuwi wis ditata gandhing-gandhing. Strategine wis manut teori sing cukup werit. Wondene meksa kejodheran. Mula ora aneh yen Letnan Santosa banjur ndumuk yen ing pasukane wis ketlusupan mata-mata. Srengenge wis munjuk dhuwur. Nanging Letnan Santosa durung Ieren pamikire. Rasa getun, sedhih Ian muring uleng-ulengan dadi siji. Sauntara kuwi Kopral Ngadimin kang lungguh ing lincak pojokan lagi theklak-thekluk ngantuk. “Pral, yen pancen ngantuk turuwa! Tinggalen aku lien neng kenel” Letnan Santosa nyaruwe. Kopral Ngadimin gragaban. “Gajege kowe mau rung mangan. Kana mangana sik, gek mapana turu!” Kopral Ngadimin sumringah. Pancen wetenge wis klikikan. “Lha Letnan ...?“ “Aku ra kolu mangan!” Kopral Ngadimin menyat nuli klithih-klithih memburi njujug pawon, nyusul kanca-kancane sing uga lagi mangan awan. Pasedhiyan pangan kanggo ransume para prajurit iku sumbangane para warga dhusun sakiwa tengene markas. Semono uga sing kajibah .Olah-olah uga ibuibu warga dhusun, kanthi disuhi dening Mbah Singa wedok. Ing jaman perang, bahan pangan baku trima sega thiwul Ian sega jagung. Lawuhane trima godhong-godhongan. Mung kala-kala lawuh daging yen ana prajurit gerilya antuk buron alas rupa kidang apa ayam alas. * ANA prajurit teka sajak kusung-kusung. Kringete gobyos, polatane abang ireng tur katon tegang. Mlebu ruwang Iangsung urmat. “Lapor Let,” ujare rada groyok. “Ya, ana apa Ran?” “Kula ngonangi Dalimo saweg ngeses“ “Apa anehe wong ngrokok? Rak pancen ora ana larangan tumrap anggota pasukan Macan Loreng kanggo udud?” “Mboten ngaten Let. Ning ses ingkang dipunudud sajak mejanani.”



“Maksude?” “Nek kanca-kanca umume rak udud tingwe. Ning ingkang dipunudud pun Dalimo ses pethak.” “Ha? Mosok iya? Gek-gek malah kowe sing salah deleng?” “Ah, mboten Let. Kula tesih awas kok.” “Yen pancen mangkono ya perlu disujanani.” “Hla nggih menika. Gek-gek pun Dalimo mata-mata mengsah?” “His, aja kesusu ndakwa. Perlu dibuktekake dhisik!” “Lajeng kados pundi carane mbuktekne Let?” “Coba tlitinen neng papane anggone udud. Sapa ngerti ana tegesane sing kececer.” “Siap Let!” “Sing ngati-ati aja nganti ngetarani yen kowe lagi golek sisik melik.” “Siap Let!” Prajurit Paeran urmat nuli ninggalake ruwang. Sapungkure andahane iku, utege Letnan Santosa mubeng ngganjret. Banjur wiwit nebak-nebak Ian naliti pribadine Dalimo. Yen prejengane pancen ora ngawaki. Sabrebetan ora ana tingkah utawa patrap sing perlu dicubriyani. Ning dhek patang dina kepungkur pancen pamit tilik mulih. Kanthi pawadan niliki simboke sing lagi lara. Malah Letnan Santosa banjur mesisan njaluk tulung, supaya Dalimo gelem mampir neng omahe Letnan Santosa ing Domasan. Titip pesen supaya ngabarake marang Narmi, yen Letnan Santosa tansah ginanjar ing bagas waras. Mesthi bae Dalimo kudu nylamur Ian dhedhemitan anggone nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Baline ing markas kang dumunung ing dhusun Kalilombok iku dening Narmi digawani beras, gula, uyah, gereh Ian sawetara bumbu pawon sing pancen dibutuhake banget dening warga pasukan. Yen pranyata Dalimo pancen mata-mata, bisa uga anggone pamit niliki wong tuwane kae mung samudana. Bisa uga sing dijujug malah markas Landa ing omahe Dariyo. Ning komandhane Pasukan Macan Loreng iku ora gegabah, njur ndakwa ngono bae. Kabeh-kabeh isih perlu dibuktekake. LETNAN Santosa gragaban. Mripate sing lagi rayam-rayam sakala melek byar. Wancine wis bakda Asyar. Saka arah njaba keprungu swara rame-rame. Letnan Santosa menyat, pengin weruh apa sing dumadi. Jebul ing kono katon prajurit Dalimo lagi didhabyang dening Paeran sakancane. Tangane dibanda. “Let, saestu Let, pengkianatipun pun Dalimo menika! Kalawau kula kasil manggih uthis teng celak papane kiyambake ngeses. Sareng kula tliti, cetha ses wedaIan Walandi. Kiyambake lajeng kulapadosi rame-rame. Sareng kepanggih lajeng kula urus. Waunipun mboten ngaku. Lajeng kula gledhah. Jebul teng sak clananipun tesih kepanggih bungkus ses ingkang isinipun kantun sepalih. Menika buktinipun,” lapurane prajurit Paeran adreng. Bungkus rokok sing dirampas saka Dalimo nuli diwenehake marang Letnan Santosa. Bandan prajurit Dalimo nuli digawa mlebu ruwang komandhan. Sauntara prajurit sing rubung-rubung banjur bubar, padha ngrumpul neng latar. “Apa bener kowe dadi mata-matane Landa kaya pandakwane kanca-kancamu?” pitakone Letnan Santosa. “Mboten Let! Lepat nek kula kawastanan dados mata-mata. Lair batin kula tetep setya dhateng republik,” wangsulane Dalimo tatag. “Ning rokok putih weton Nederland sing kok udud iki? Saka ngendi nggonmu entuk?” Letnan Santosa nuduhake bungkus rokok iku. Dalimo ora enggal mangsuli. Sajak owel Nanging wusana kawetu ujare. “Let, kula rila nampi paukuman, kalebet ukuman pejah. Kula siap Let. Ning kula tetep nulak yen kawastanan dados mata-mata.” “Bab paukuman gampang, Sing penting pengakuwan Ian kejujuranmu. Kowe kandha dudu mata-mata Landa. Ning kanggonan bukti. Njur saka ngendi nggonmu entuk rokok iki yen ora saka markas Landa?” Dalimo ngulu idu.



Letnan mesthi mboten percados sanajan kula matur blaka. Pramila langkung sae bilih kula katembaka kemawon.” “Aja ngomyang ! Gage kandhaa!” “Ses menika anggenipun maringi Bu Bu Narmi ...“ “Hah?! Aja angger ngucap kowe’” Letnan Santosa muntab. “Estu Let, kula boten dora. Ses menika anggenipun maringi nalika kula panjenengan utus sowan Ibu ing Domasan.” Letnan Santosa kalenggak. Polatane mangar-mangar. Ambegane ngangsur. Mara-mara njabut pistule, diagarake ing bathuke Dalimo.. “Daktembak sirahmu kowe! Gunemmu iku pitenah” “Mangga, Let. Kula rila. Ning kula tetep nulak yen kawastanan mata-mata mengsah. Nanging kula pancen lepat, ketrucut matur dhateng Ibu ngengingi rencana penyerangan ingkang wusananipun mlebet wuwunipun mengsah menika.” “Pral! Kopral . .!” Letnan Santosa nguwuh. Kopral Ngadimin kusung-kusung mara banjur urmat. “Dalimo iki Iebokna krangkeng kana! Jaganen aja nganti ucul!” “Siap Let!” Dalimo nuli digiring metu saka ruwang. WANCINE wis kliwat tengah wengi. Swasana sepi. Kanthi macak kaya patrape wong ora waras, Letnan Santosa nyusup ing dhaerah pendhudhukan. Wanci ngarepake subuh wis tekan Domasan, langsung njujug omah kuna cedhak poliklinik. Lakune slamet ora konangan mungsuh. Swasana ing omah kasebut isih mamring. Letnan Santosa njujug lawang pa-won nuli thothog-thothog. Let sedhela Iawang dibukak. Sing mencungul wong wadon tuwa karo nyekel dimar ublik. Maratuwane. “Kula Mbok, Santosa,” ujare karo mbukak capinge. Tanpa nggatekake polatane maratuwane kang katon kaget, langsung mblusuk mlebu. Sing dijujug senthong pribadi. Senthong sing dhek patang sasi kepungkur ajeg kanggo andon asmara karo Narmi, bojone. Slambu senthong kablyak. Kasentrong dimar ublik, katon ing ranjang iku Narmi turu mujung. Sing njalari getihe Letnan Santosa umob, Narmi turu ora ijen, nanging karo priya bule! Getih panas munjuk ing mbun-mbunan. Tanpa mikir dawa, Letnan Santosa nglolos pistule. Sedhela maneh keprungu swara jumedhor kaping pindho. Getih abang muncrat saka tatune. Dudu getih pahlawan, nanging getih “pengkianat” Lan ora kober sambat, lesane tinjo akherat! Karo mlayu ninggalake omahe, Letnan Santosa duwe keyakinan. Narmi sing ditresnani iku ora kira dadi gedibal mungsuh yen tanpa pameksa Ian ancaman. Ning uwal saka kuwi, patrape Narmi genah luput. Mula mung ukum pati sing pantes ditampa!* Dening : Tiwiek S.A Panjebar Semangat No. 46- 16 Nopember 2013