Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Cerkak Bahasa Jawa Tema Pendidikan Sekolah Baru Sak uwise lulusan sekolah lan preian saiki wes wayahe kagiyatan bali kaya biyen maneh, yaiku sekolah golek ilmu kanggo sangu mbesuk. Atiku gugup lan deg-degan, amerga tahun ingkang anyar iki aku wes lingguh ing bangku SMP. Alhamdulillah aku ditrimo ning sekolahan favorit seng wes aku karepne kawit SD biyen, senajan bijine hasil ujian nasionalku pas-pasan. Yaiku sekolah SMP negeri ing kuthoku. Tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan amerga aku uwis resmi dadi siswa SMP. Seng mestine sekolahe anyar, panggone adoh saka umah, kanca anyar, bapak lan ibu guru anyar. Ket dino minggu Bapak lan Ibukku wes pada ngandani supoyo aku nyiapake kebutuhan kanggo sekolah, kaya sepatu, tas, seragam, ugo kabeh alat tulis supoyo dino pertamaku melbu sekolah SMP lancer ora keteteran. Pertama melbu yaiku dino senin, aku seneng lan semangat. Aku gumun amerga sekolah SMP gedhe lan amba tinimbang SD, uga murid-muride akeh banget. Kagiyatan pertama diwiwiti upacara bendera seng dipandu marang Bapak Ibu guru uga kakang kelas 8 lan 9. Barisan upacara seng rapi gawe bungahe atiku. Sakwise upacara banjur diadhepake karo kagiyatan sing jenenge MOS utawa (Masa Orientasi Siswa). Kagiyatan iki apik lan gawe aku karo murid-murid liyane ngenal lingkungan sekolah lan kabeh kagiyatan sekolah seng bakal tak lakoni sak suwene 3 tahun. Aku seneng lan tenanan meloni kagiyatan MOS. Aku lan murid-murid nindakake kabeh sing diprintah saka kakang-kakang kelas. Kakang kelas seng tak kira galak, tibane luwih becik. Ing dina akhir, kabeh dikongkon milih ekstrakurikuler sing uwes disediake saka sekolahan. Mugo-mugo aku iso sekolah seng tenanan, seng sregep ben iso nyenengne Bapak Ibukku mbesuke.