Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Contoh Naskah Pidato Bahasa Jawa Peringatan Hari Kartini Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa. Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya. Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya. Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya. Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal. Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita, menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten naming ing pawon. Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari. Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun, dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun



Wassalamu'alaikum Wr. Wb.



Contoh Pidato Bahasa Inggris Tentang Lingkungan Beserta Artinya Assalamualakum Wr Wb Best wishes for all of us All of my friends that I love, In this a great moment, let me give a speech in the context of World Environment Day, to be reflections for all my brothers. But let’s say your previous our gratitude to Almighty God for all that we are blessed with an abundance of blessings for health and the opportunity to gather in this place.My brothers and sisters, Almost every day we hear news of logging-illegal logging blindly committed by rogue elements who have no concern for environmental sustainability. It’s heart was deeply concerned over the bad habits done by people on behalf of the business and then put aside for forests is a surrogate children and grandchildren later.How many thousands of cubic meters of wood has been their history. While after that they left the land that has been so critical that endanger our brothers the other with the possibility of a flood disaster which threatens at any time.My brothers and sisters, Realize, that our environment is an interlinked system between one and another. If one part is broken then the other parts also will feel the consequences. Therefore, let’s stop destroying the forest, illegal logging and deforestation are the only important aspect of the business without going to care about the environment. Preserve our environment as an expression of our gratitude to the Creator. Give the rights of our children and grandchildren in the form of a sustainable nature for the survival of all natural components. Thank you for your attention-my friends. So. Wassalamu’alaikum Wr Wb.