Pidato Bahasa Jawa Hari Kartini [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PIDATO BAHASA JAWA HARI KARTINI CONTOH 1 Assalamu’alaikum Wr. Wb. Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih meniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Lan dinten niki kito sedoyo ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping;……Mugiyo bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur. Shalawat lan salam mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad saw., keluarganipun, poro sahabatipun, ugi kaum muslimin sedoyo ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiyo kito sedoyo dados umat beliau ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki. Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kito sedoyo raos syukur ateges ngelampahi nopo ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki. Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintulintunipun. Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kito dados tiyang Islam ngerupekaken kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo lan ugi dumateng sedoyo bangsa Indonesia.



Dikumpulkan Oleh >>>



www.KisahKamu.Info



Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun. Kados dawuhipun Allah inggih meniko artosipun: “Menawi kito sedoyo gelem syukur atas nikmat-nikmat Allah, mongko ditambahi dening Allah. Lan ananging menawi kito niku ingkar nikmat-nikmat Allah, mongko kito bakal angsal adzabipun Allah ingkang langsung Maha Dahsyat.” Poro rawu sedoyo ingkang kulo hormati. Kito kedah nyumerapi, Allah swt. nyiptakaken menungso wonten ing dunyo niki supoyo mados sangu ing kemerdekaan lan kebebasanipun niku boten wonten lintu supados dados umat ingkang bertakwa ingkang purun ngajak dumateng kesahenan. merintah marang ingkang sahe lan nyegah saking keawonan. Milo saking niku, insya Allah kelawan ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedoyo masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah swt. wonten Al Qur’an. serat Al A’raaf, ayat 96, ingkang artosipun : “Lan Lamon penduduk deso utowo negoro iku podho iman lan takwa marang Allah, Allah bakal nurunaken berkah (rizeki songko langit lan bumi, nanging menowo penduduk deso mahu podho durhoko, ngelakoni lelampahan maksiyat, lan ngelakoni lelampahan-lelampahan doso, Allah bakal nurunaken sikso marang penduduk mahu, koyo mengkono iku keran-ten lelampahanipun deweke kabeh.” Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati. Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Dikumpulkan Oleh >>>



www.KisahKamu.Info



CONTOH 2 Assalamu'alaikum wr.wb Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.



Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.



Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula. Wassalamu'alikum wr.wb



Dikumpulkan Oleh >>>



www.KisahKamu.Info