D Hand Hang Gula [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula (Pada 1-8) Pada 1 Pamedare wasitaning ati, cumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan weruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita. *** Inilah curahan hati Berlagak meniru pujangga Tapi merasa harus disanjung Tak sadar banyak yang mencibir Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur Bahasa yang carut marut yang (jika) dicermati (hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata. Pada 2 Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasakang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira. *** Makna kehidupan itu sungguh sayang bila tak tahu tidak kokoh hidupnya, banyak orang mengaku, perasaannya sudah utama, padahal belum tahu rasa, rasa yang sesungguhnya, hakikat rasa itu adalah, usahakan supaya diri sempurna, dalam kehidupan.



Pada 3 Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, (*kirang 3 wanda) sira anggugurua. *** Dalam Qur’an tempat rasa jati, tapi jarang orang tahu, keluar dari petunjuk, tak dapat asal-asalan, akhirnya tidak ketemu, malahan terjerumus, akhirnya kesasar, kalau kamu ingin peka, agar hidupmu sempurna, maka bergurulah. Pada 4 Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, (*kirang 3 wanda) sira anggugurua. *** Namun apabila kamu berguru pilihlah manusia nyata yang baik martabatnya serta tahu hukum yang beribadah dan sederhana syukur dapat pertapa yang sudah menanggalkan pamrih pemberian orang



itu pantas kamu berguru serta ketahuilah Pada 5 Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang : prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat. *** Kalau ada orang bicara ilmu tak setuju empat perkara jangan cepat-cepat percaya padanya saringlah yang teliti pertimbangkan empat hal perkara terdahulu dalil hadis dan ijma’ dan keempat qiyas semua telah disepakati Pada 6 Ana uga kang sira antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angenggoki, aja kudu sembah hyang, wus salat kateng-sun, banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata. *** Ada juga yang mantab kalau tepat empat perkara sungguh tidak tepat hanya meninggalkan waktu menganggap sudah tepat



hendak tidak shalat hanya bikin tanggung lalu membuang syariat batal haram tak peduli lalu bikin kacau Pada 7 Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene parijangga. *** Sungguh sulit jaman sekarang Mana yang pantas diteladani (Meski) banyak yang hebat ilmunya Tetapi jarang yang taat Jikalau orang berilmu yang menjelaskan. Jika orang berbuat baik Dikatakan salah Tetapi jika hanya bersenang-senang Tak bisa dimengerti apa maksudnya Betul-betul orang hebat Pada 8 Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kanthinira. *** Umumnya dijaman sekarang



Justru guru yang mencari teman Benar-benar terbalik keadaanya Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi Kalau jaman dulu, muridlah Yang mencari guru Tapi sekarang tidak Kyai Guru berkeliaran mencari murid Agar ikut dengannya