Atur Pambagyaharja Adicara Manten Adat Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Atur Pambagyaharja Adicara Manten Adat Jawa September 13, 2014 Assalamu’alaikum warahmatullah wabarokatuhu Ingkang kinurmatan Kepala Desa Bantarsari Para sepuh, pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan lan para rawuh ingkang kawula kurmati



1.



2.



3.



Puji syukur wonten ing ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun sahingga kula lan panjenengan saged makempal wonten ing papan pilenggahan punika. Mugiyo kempalipun kula panjenengan saged kaetang dados amal silaturahim. Aamiin yarobal’alamin. Solawat saha salam kawula aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang mugiyo kula lan panjenengan pinaringan safa’atipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin. Para rawuh ingkang kinurmatan, Kula ingkang kasaroya Bapak Sumitro kalilanana kula matur, Ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan para rawuh sinedahan ingkang kinurmatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun Bapak Sumitro. Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang maha kuwasa. Matur nuwun sanget sedaya peparingan tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon, sampun katampi kanthi bingah katarima ing manah. Ewa semanten Bapak boten saged atur piwales punapa-punapa, namung nyuwun dumateng ngarsaning Gusti, mugi sedaya peparing panjengan ingkang arupi punapa kemawon, kanthi iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma panjengan. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih, sanak kadang, ingkang sampun paring pambiyantu, sahingga saged kalaksanan pahargyan punika kanthi lancar lan mboten wonten pepalang punapa kemawon. Para rawuh ingkang winengku suka basuki, Kaperluan ing dinten punika sampun kaperang ing serat sedhahan, Bapak Sumitro kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun Roro Ayuningtyas kadhaup Bagus Wahyu Al Fasyi putranipun Bapak Hadi Kusumo.



Kalaksanan ijab, panggih, saha tata cara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahmating Gusti ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para rawuh kakung-putri, ginanjar wilujeng tanpa pambeng, rahayu tanpa reridu, yuwana nis ing sambekala. Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para rawuh, mugi-mugi panganten kekalih dados kaluwarga ingkang sakinah, mawadah lan warahmah, tansah rukun, runtung-runtung rerentangan suka bagya mulya, tansah runtut atut, pinaringan putra-putri ingkang soleh-solehah lan hanung-hanindhita. Cekap semanten atur kula, mbok bilih katah kekirangan, kirang tata krami kula nyuwun agungin samodra pangaksami. Wassalamu’alaikum warahmatullah wabarokatuhu



CONTOH ATUR PAMBAGYAHARJA PAHARGYAN TEMANTEN Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ................................................ ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.



Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan



setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.



Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.



Purwakaning atur, Bp/Ibu ................................................. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.



Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :



* asesilih Rara Ayu .................................... ingkang sampun kadhaup dening Bagus .................................... putra panjenenganipun Bp/Ibu .....................................



* peparab Bagus .................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ...................................... atmaja putrinipun Bp/Ibu ..........................................



ingkang pidalem ing ...........................................................



Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi



sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.



Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.



Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.



Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.



Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ................................................ gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.



Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.



Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.



Assalamu’alaikum Wr.Wb. - Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni - Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon - Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala. Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira. Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika. Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa. Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun. Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Assalamu’alaikum Wr.Wb. - Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni - Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon - Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala. Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira. Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika. Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa. Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun. Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang



sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Tuladha Atur Pambagyaharja Temanten Assalamu’alaikum Wr. Wb Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa/Ibu ……………..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih manawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga, mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.



Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu …………….., anggenipun angrakit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu …………………..ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan. Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu ………………hangaturi rawuh panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara), bilih panjenganipun Bapa/Ibu …………………, hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara ……………………., jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus ……………….., putra kakungipun Bapa/Ibu …………………., ingkang pidalem ing……………Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang punka panjenenganipun Bapa/Ibu …….., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembahan, momong putra, kanthi prejanjen Brayat Rinancang. Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu…………….. ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.



Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami.



Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula. Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah Wassalamu’alaikum Wr. Wb



ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN Assalamu’alaikum Wr. Wb Karahayon, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dhumateng kawula dalah panjenengan sami. Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipun para sarjana sujaning budi, para priyagung pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Para kadang mitra, wredha mudha ingkang sinudarsana sumrambahipun dhumateng panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami. Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, mugi pinaringna kawula hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha, kanthi cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih panjenenganipun Bapa Karta, kawula piniji hangembani wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring sedya, wigatosing gati ing siyang kalenggahan punika. Inggih kabekta saking mongkoging manah saha karoban ing sih panjenengan sami, panjenganipun Bapa Karta boten kuwani matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyosing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, pramila lajeng anyaraya dhumateng kawula. Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, keparenga langkung rumiyin kawula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rahmat saha nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, mugi Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula dalah panjenengan sedaya, kacihna kawula dalah panjenengan saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah pangestu dhumateng penjenenganipun Bapa Karta, anggenipun angrankit sekar cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing siyang kalenggahan punika, panjenenganipun Bapa Karta ngambali ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih ngantos dumugi pari purnaning pahargyan.



Wondene menggah wigatosing gati panjenenganipun Bapa Karta hangaturi rawuh panjenengan, bilih panjenenganipun Bapa Karta hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi, ngentas pitulus kenyaputrinipun ingkang sesilih Rara Suliyem, dhaup kaliyan Bagus Suranta, putra kakungipun Bapa Patma, ingkang pidalem ing Girimarto. Ingkang sampun kalampahan ijab miturut satataning agami miwah nagari, panggih miturut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah ing mriki, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambikala. Ingkang punika Bapa Karta, mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa panjenengan sami, mugi wontena suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji hastuti dhumateng panganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan, tansah atut runtut, manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu, basuki ingkang kaesthi, enggal keparingan pituwasing patembayatan, momong putra, kanthi prajanjen Brayat Rinancang. Pangkur, laras pelog pathet nem Piwelingku marangsira, Haywa lali sembah bekti mring Gusti, Meminta pituduh luhur, Ambangun bale wisma, Mugi tansah ayem tentrem atut runtut, Bagya mulya kang sinedya, Rahayu ingkang pinanggih. Salajengipun, kaleksanan pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang sampun paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangenthengaken sesanggemanipun Bapa Karta, ingkang punika Bapa Karta ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Mugimugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, supados pikantukka leliru ingkang satraju, miwah bebingah ingkang malimpah-limpah. Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang mboten saged anuju prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang mungguh, suguh ingkang kirang lawuh, anggen kula hanampi menggah rawuh panjenengan sami, mugi lumeberana sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging atur, tartamtu kathah kalepatan anggen kula matur, kirang arum anggen kula ngrakit basa saha tebih saking subasita, sedaya punika awit kiranging seserepan dhumateng badan kawula, pramila kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun ngapura. Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, Wassalamua’laikum Wr. Wb.



Assalamu’alaikum wr. wb. Kula Nuwun ! Para Sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula bekteni. Para Bapak, para ibu lan sederek-sederak sedaya ingkang minulya ing budhi. Para tamu lan adek-adek sedaya ingkang kula kurmati



Kula nuwun! Keparenga kula semela atur, ngempil kamardikan panjenengan sadaya rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka wakil kaluwarga minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati. Sepisan ngaturaken syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bapak Kartono sekaliyan anggenipun hamengku gati ndaupaken putranipun ingkang selisih 2 tahun sampun kalampahan dhaup kaliyan mas agus rikala dinten kamis tanggal 14 wanci jam 11 wonten ing dalemipun bapak Kartono kanthi manggih rahayu kalis ing sambekala. Kaping kalihipun Bapak Kartono sakaluwarga ngaturaken panuwun ingkang sanget menawi para tamu sampun kersa ngrawuhi miwah paring donga pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan. Sarehning Bapak Kartono sakaluwarga mboten saged ngaturi punapa-punapa, sagetipun namung ngaturaken puji pangestuti mugi-mugi pikantuk sih kautaman panjenengan sedaya saking Gusti ingkang Maha Agung. Kaping tiganipun Bapak Kartono sakaluwangsa nyuwun dedonga marang para tamu sadaya supados sri penganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pini sepuhsadaya.Tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng nagri. Ingkang pungkasan mbok bilih wonten kakuranganipun trapsila anggenipun ngacarani, menawi dhaharanipun kirang eco ugi papanippun kirang sae Bapak Kartono sakaluwarga ngaturaken sih samodra pangaksami. Wallitaufik walhidayah, Wasalamualaikum wr. wb. nb. wah kelalen kagem maz elank bagus suwun cangkrukane



Atur Pambagyaharja Dhauping Penganten



Kali ini saya akan membagikan salah satu contoh dari pambagyaharja bahasa jawa dengan tema pengantin yang teman saya buat, semoga artikel dengan tema pengantin ini dapat bermanfaat bagi pembaca sekalian dan juga bisa untuk referensi dalam mempelajari pembawa acara dalam bahasa jawa. Teman-teman pengunjung



yang ingin request materi atau mata pelajaran bisa hubungi saya melalui kontak email atau lansung berkomentar pada blog terima kasih. - Assalamu’alaikum wr. Wb



- Nuwun, sagung para Alim ulama, para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Para manggalaning praja ingkang tuhu pantes sinudarsana, sumawana para tamu kakung miwah putri ingkang tansah sinugata ing kaurmatan.



- Kapurwakan, kanthi ngujukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT , kula pun................, ingkang piniji minangka sulih sarira saking Bapak............ sarimbit dalah kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng rawuh , saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit saking rawuh panjenengan sedaya.



- Salajengipun, kados sampun sami priksa , bilih Bapak............... sekalian dinten menika hanetepi darmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih ......................(penganten putri).dhaup kaliyan ........................( penganten kakung) atmaja kakungipunBapak................ingkang lenggah dedalem ing .......................(alamate penganten kakung).



Wontene upacara ijabing penganten, sampun kalampahan ing ari kalenggahan punika, kalawau wanci tabuh 08.00 enjing. Saking keparengipun Gusti Allah SWT awit saking donga pangestu panjenengan sedaya, upacara ijab sampun lumampah kanthi lancar kalis ing sambekala.



Pramila rawuh panjenengan sedaya, kasuwun hanekseni saha kasuwun paring tambahing donga pamuji , mugi pinanganten sarimbit anggenipun badhe mangun bebrayan, tansah manggihikabagyan tuwin kamulyan, dadosa kulawarga ingkang sakinah mawaddah warohmah, lan ing mangke pinaringana putra ingkang sholeh lan sholihah.



- Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan,



Pahargyan ing wanci punika saged lumampah, inggih hamung karana paring pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih, punapa dene tandha tresna saking sagung para tamu. Ingkang menika panjenenganipun Bapak............... kaliyan garwa dalah kulawarga, mboten saged atur piwales menapa-menapa , kejawi namung ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan,



kairing panyuwun wonten ngarsa dalem Allah SWT, mugi kasaenan panjenengan sedaya pinaringan lelintu ingkang murwat.



- Salajengipun Bapak.................. sekalian ugi nglenggana, kathah kekirangan saha kalepatan anggenipun nampi saha ngacarani rawuh panjenengan sedaya, wiwit saking kirang gupuh, aruh,lungguh, tuwin suguh ingkang mboten damel suka renaning penggalih sagung para tamu, ingkang punika Bapak................... sakulawarga nyuwun agunging sih pangaksami.



- Ing wasana dhumateng para tamu kakung saha putri , kasuwun hanyekecakaken anggenipun sami lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan kanthi mardikaning penggalih . Saha kasuwun mugi wonten keparengipun hangresepi pasugatan sakwontenipun.



- Minangka panutuping atur, mbok bilih wonten lepat atur kula, keparenga para tamu paring agunging pangaksami. Nuwun



Wassalamu’alaikum wr. wb.



Berikut contoh / tuladha atur pambagya harja yang pernah saya sampaikan….



Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. -



Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.



Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.



Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :



Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng



ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten. Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala. Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.



Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.



Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa



pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun. Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ‘alamin.



Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun



panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.



Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.



Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami. Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.



Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet



kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami. Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah. Wassalamu ‘alaikum wr. Wb. Nuwun. Suparto



SHARE Labels Jawane LABELS: JAWANE