Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan (Sesorah Singkat) [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Ingkang kinurmatan bapak ibu guru sekolah (..........) Sedoyo konco-konco seperjuangan ingkang kawulo tresnani. Langkung rumiyin monggolah kito sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dumateng Allah, ingkang sampun amaringi sedoyo kanikmatan dumateng kito, lan sehinggo kito saged makempal sesarengan wonten ing ruangan meniko. Sholawat ugi salam mugiyo kaunjuk dumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat. Hadirin ingkang kawulo hormati, jumenengipun kulo ten mriki badhe nyampeaken pidato utowo sesorah kanti judul pentingipun pendidikan. Micoro bab pendidikan iku pembahasane ombo banget, pramilo ing sesorah meniko kulo persingkat mawon. Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondok pesantren, bimbel lan sak piturute. Wonten ing sekolahan para siswa diwenehi pendidikan ugi wawasan pemerintahan, wawasan ilmu alam, wawasan ilmu sosial, ilmu agama lan sak piturute. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon koyo SD/MI SMP/MTS SMA/MA lan sak piturute. Sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundikemawon tempat, ora mung nanging ning sekolah. Hadirin ingkang kinurmatan Pendidikan ingkang penting sanget inggih puniko wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab sang soyo majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki soyo amburadul, soyo rusak mergo kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak tata krama. Mulo tugas para guru saha wali murid kudu nemeni anggene ndidik para puta-putri terutamanipun ndidik akhlak supadoos bener lan pinter. Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah sanget mulai saking griyo kalih tiyang sepahipun. Sakniki sampun jarang kito mireng putra-putri matur kaleh tiyang sepah ngagem bahasa krama, sing katah nggih ngagem ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih meniko bahasa krama luwih-luwih krama inggil. Hadirin ingkang berbahagia Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih puniko ndidik supados poro siswa saged mangertosi ilmu umum, saget mangertosi ilmu agama, saget mangertosi ilmu adab lan ugi tatakrama. Mulo bocah-bocah sing ora podo gelem sekolah ayo podo diajak supoyo gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saged ngrasakke piyambak gelone ora sekolah lan rugi sanget. Menikolah sekedik sesorah ingkang saget kawulo aturaken, migoyo manfaat.



Wassalamu’alaikum Wr. Wb.