Cucuk Lampah [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

PANYANDRA SASONO WIWAHA Assalammualaikum wr.wb. Alhamdulillah hirobbilalamin wassholatu wassalamuala asrofil anbiyai wal mursalin waala alihi wasshobihi wassalim wabarigh ajma’in amma ba’du Katur dumateng panjenenganipun utusan Bp. Soho Ibu Agus Sularso soho pangobyonging penganten ingkang kinurmatan Kepareng kulo ngaturaken wilujeng rawuh panjenengan soho atur pambagyo raharjo awit tindak panjenengan sedoyo sampun kaleksanan kanthi wilujeng mboten kirang satunggaling punopo Dhedhep tidhem premanem datan ana sabawaning walang ngalisik. Lah menika ta minangka bebukaning kandha ya bebukaning panyandra. Menika warnanira endah edining sasana wiwaha palenggahanipun Bp. Moh. Lutfi wonten ing panegari Taman Jenggala Bebasaning negari Taman Jenggala negari panjang apunjung gemah ripah loh jinawi toto tentrem kerto raharjo Subur kang sarwo tinandur murah kang sarwo tinuku katitik saka para nayaka praja lan kadang kawula dasih wis padha lenggah ing madyaning pahargyan Dungkep wahyaning mongsokolo dumawahing kodrat panguawosing Gusti ingkang murbeing jagat Ing nalika semono ono titahing Gusti ingkang asipat jalu miwah wanita ingkang sumadya anetepi jejering gesang mijil saking Sumber Rejo Bojonegoro asesilih Nakajeng Susilowati putri saking Bp. Agus Sularso Sinigeg genti kocapa, wonten kumenyaring prabawa sumirat mowo tejo moyo, soyo dangu soyo cetho soyo caket soyo caket soyo ngalelo Pranyata puniko tejane penganten kakung ingkang binayang kara asesilih Nakmas Moh. Arif Fitriyanto putro saking Bp. Moh. Lutfi Rampak-rampak lampahipun pinanganten kekalih lir kadya tumuruning Sang Hyang Batara Komojoyo lan Dewi Kumuratih saking Kahyangan Salendro Bawono Dampyak-dampyak poro kadang kulo wangsa ingkang angayap gina rubyuk tindak iro putro penganten kekalih Risang pinanganten kekalih tindak iro repepeh-repepeh pindho sardulo lupo, riyaknyo anggajah nguling sapecak mangu sapecak kendel eseme angugun anguningani amriksani endah edining swasana panthi wiwaha Wus dumugi unggian kang pinuju kendel tindak iro ing sangejenging wiwara kepareng sedyo angrantu laksitaning nulyo kekalih kekanten asto manjing ing panthi wiwaha ugo sinebut dampar winenggo minangka raja lan ratu sedino Paripurna gatining kang titi laksita panggih penganten mulyo tindak jajar tumuju ing panthi pambujo kromo. Raket supeket lampahing sang pinanganten sarimbit, akekanten asto istane renggang gulo lir kemupyur pulut, sarimbit kadyo batara Komojoyo miwah Batara Ratih, anuju dampar pawiwahan sang pindho Narendra Tama