Drama Bahasa Jawa Kelas XI [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

DRAMA BASA JAWA



A. Definisi Drama yaiku crita panguripan sing dipindah lan diwujudake ana ing panggung kanthi kreativitase penulis teks/naskah, disengkuyung karo peraga-peraga liyane, rupa pacelathon, lan tingkah laku. Catatan: Teks drama bisa diarani Drama wutuh yen dipentaske. B. Unsur-unsur Intrinsik Drama 1. Tema inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos. 2. Paraga inggih menika purusa (nama) ingkang nglakokake cariyos. 3. Penokohan inggih menika gambaran watak paraga. 4. Alur/plot inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis. 5. Latar/setting inggih menika panggenan, wekdal, utawi swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos. 6. Amanat/pesan inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng pamaos. 7. Pacelathon C. Penjelasan Unsur Intrinsik Drama 1. Alur a. orientasi



=



pengenalan utawa tetepungan karo peraga, latar, lan prakara



b. komplikasi



=



prakara sing bakal dadi pokok lan ndadekake aluring crita



c. klimaks



=



prakara wis tambah ngambra-ambra (tekan ngendiendi) lan ruwet



d. antiklimaks



=



klimaks wis wiwit nemokake dalan kanggo ngudari reruwet



e. resolusi



=



prakara wis nemokake dalane kanggo ngrampungi crita



2. Pacelathon a. Miturut panggonan: 1) prolog = pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong-omongan 2) epilog



= pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama.



b. Miturut cacahing paraga: 1) dialog



= pacelathon kang diucapake sambung-sinambung antarane paraga



2) monolog= pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga 3. Paraga lan Watake a. Paraga ing drama: 1)



Tokoh utama



=



2) Tokoh pembantu =



paraga kang dadi sumber crita paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat pecritaan



3)



Tokoh figuran



=



paraga kang dianakake supaya kahanan dadi kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog, lan mung lewat saklebetan



b. Miturut watake: 1) Tokoh protagonist=



paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi penonton



2) Tokoh antagonis =



paraga kang nduweni wayak kanga la saengga ora disenengi penonton



3) Tokoh tritagonis =



paraga kang dadi penengah prakara antarane tokoh protagonist karo antagonis



4. Latar/setting a. Latar wektu



=



wektu kang digambarake nalika paraga ngalami kedadeyan ing panggung



b. Latar panggonan



=



panggonan kang digambarake ing panggung saben babake



c. Latar swasana 1) Swasana alam



=



kedadeyan ing sekitar paraga, tuladhane: udan gerimis, swara jangkrik lagi ngerik (mbengi), suara angina, lan liyane



2) Swasana ati



=



apa wae kang dirasakake paraga, tuladha: murka, nesu, was-was, seneng, lan liyane



D. Unsur Basa 1. Teks dhialog



=



teks sing bakal dilisanake para paraga selaras karo panulisane ukara langsung/lisan lan selaras uga karo trap-trapane basa



2. Teks gancaran



=



teks ing awal (prolog) utawa ing akhir (epilog) lan biasane diwacakake dening narator utawa dalang.



E. Nilai ing Drama 1. nilai moral =



kaitane karo kelakuan apa sing apik lan apa sing ala; apa sing oleh ditumindakake utawa apa sing ora oleh ditumindakake



2. nilai sosial



=



kaitane karo masyarakat utawa kepentingan umum



3. nilai budaya



=



kaitane karo kepercayaan, kesenian, lan adat istiadat suatu panggonan sing dadi kebiasaan



4. nilai ekonomi



=



kaitane karo pemanfaatan, asas-asas produksi, distribusi, barang, lan kekayaan (keuangan, tenaga, wektu, industri, lan perdagangan).



5. Nilai pendidikan =



kaitane karo batasan kabeh sing sifate mendidik tumuju kadewasaan.



F. Main Drama Dhasar-dhasar main drama sing paling penting kudu dikuwasani yaiku 1. interpretasi



=



paraga kudu bisa nafsirno teks/naskah drama salaras karo tokoh sing diperagakake



2. ekspresi



=



sesambungan karo owah-owahan praen/wajah sing bisa nggambarake lan guripake tokoh ing drama



3. olah tubuh



=



obahing awak wiwit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan gurupae tokoh ing drama



4. olah swara



=



kejelasan pengucapan kata (artikulasi), katepatan vokal, lan intonasi (dhuwur cendhek e nada)



ANALISIS DRAMA A. Isi Drama (modul kaca 28 s.d. kaca 32) Isi drama iso ditemokake saka wangsulan pitakon-pitakon sing ana gladhi 2 kaca 32. 1. Kang ngalamun amarga korane durung payu yaiku Badri 2. Lelamunan Badri buyar amarga Sudra, kancane ngageti karo nggepuk pundhake Badri. 3. Kepingane bocah loro kanggo urip saben dinane yaiku isa mangan enakenak. 4. Juragane bocah loro mau yaiku Ko Mehong. Watake Ko Mehong iku egois, ora gelem ngerti kahanane liyan, mentingake awake dhewe, sing dipikirke mung duit utawa bathi, lan ora gelem rugi. 5. Sing ditulungi dening bocah loro mau yaiku wong tuwa sing jenenge Surantani. 6. Pawongan mau semaput amarga duwe lara jantung. 7. Piwalese wong tuwa mau tumrap bocah loro mau yaiku ngepek anak utawa ngangkat anak bocah loro maul an disekolahake. 8. Sudra ora sida sekolah mergane ibune ora ngijini lan ora ikhlas ngeculake anak lanange diangkat anak dening wong liya. Tur maneh, yen Sudra sekolah, sapa sing nggolek duwit kanggo nyukupi kebutuhan ibu lan adike sing iseh bayi. 9. Nasibe Badri tambah apik amarga Badri iso nerusake sekolahe kaya sing dadi cita-citane. B. Analisis Unsur Inntrinsik Drama 1. Tema Masalah sosial sing diadepi marang wong-wong cilik ning kutha gedhe 2. Paraga a. Badri = kerja keras, sopan, nduwe gegayuhan luhur (pingin nerusake sekolahe), tetulung marang liyan kanthi ikhlas, mandiri b. Sudra = kerja keras, sopan, tetulung marang liyan kanthi ikhlas, mandiri, manut apa sing dadi karepe wong tuwane c. Ko Mehong =



galak, egois, ora gelem ngerti kahanane liyan, mentingake awake dhewe, sing dipikirke mung duit utawa bathi, lan ora gelem rugi.



d. Surantani



=



ngerti wales budi marang liya, ora pelit, ngerti kahanane liyan



3. Latar a. panggonan



=



kutha Surabaya, pinggir dalan, emper took



b. wektu



=



awan



c. swasana



=



panas



4. Alur a. orientasi 1) paraga yaiku Badri, Sudra, Ko Mehong, lan Surantani 2) latar ana ing kutha Surabaya, awan-awan, lan panas 3) a)



Badri karo Sudra yaiku bocah loper/dodolan Koran



b) Ko Mehong yaiku bose Badri karo Sudra c) Surantani yaiku wong tuwa sing ditulungi Badri lan Sudra wektu dheweke semaput ing pinggir dalam merga lara jantung b. komplikasi 1) Korane sing didol Badri durung payu siji-siji o padahal kudu setor ning Ko Mehong. 2) Badri karo Sudra padha luwene merga bocah loro kuwi ket esuk durung mangan. 3) Wektu nulungi mbah Surantani pas semaput ning dalan malah diseneni karo Mehong. Ora ana niat nulungi wong tuwa sing semaput, nanging malah ngomong kasar karo bocah loro mau karo nagih duit setoran seka dodolan Koran. c. klimaks Minangka piwalese mbah Surantani marang Badri lan Sudra, mbah Surantani arep ngepek angkat bocah loro kuwi karo ijine wong tuwane dhewe-dhewe. Banjur bocah loro ki mau arep disekolahno maneh. d. antiklimaks Badri lan Sudra ijin wong tuwane dhewe-dhewe. Badri diijini melu mbah Surantani, nanging Sudra ora diijini ibune. e. resolusi Badri iso nerusake sekolahe, nanging Sudra ora sido nerusake sekolahe. Cita-citane Badri pingin nerusake sekolahe dadi kasunyatan.



5. Amanat a. Dadi manungsa iku kudu semangat nglakoni urip senadyan uripe kuwi abot. b. Dadi manungsai iku kudu nduwe gegeyuhan sing dhuwur lan luhur, kaya Badri pingin nerusake sekolahe supaya tembe mburine dadi manungsa sing uripe kepenak. c. Padha-padha dadi manungsa iku kudu tumindak apik marang liya, tetulung marang liyan sing mbutuhake pitulungan. d. Dadi manungsa iku kudu tansah nyukuri apa sing diparingi karo Gusti Allah. e. Ora lali karo pitulungane liyan wektu awake dhewe nbutuhake pitulungan saka wong liya.