Ho Jawa 7 Sem 2 [PDF]

  • Author / Uploaded
  • Dinda
  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

BAB I GEGURITAN



PENGERTIAN GEGURITAN



JINIS GEGURITAN



TITIKAN/ CIRI CIRI GEGURITAN



UNSUR KEBAHASAAN GEGURITAN



UNGGAH UNGGUH BASA GEGURITAN



NULIS GEGURITAN



MACA GEGURITAN



GEGURITAN (guritan,puisi cengkok anyar/modern) Saka tembung lingga gurit, gurita, guritan, kang dijupuk saka tembung gita kang ateges nyanyian/syair/puisi. Ana uga kang nyebutake saka tembung gurit kang ateges goresan. Amarga ing jaman biyen uwong anggone nulis kanthi nggoresake barang kang landhep ing kulit kayu utawa godhong. A. PENGERTIAN Geguritan yaiku puisi cengkok ayar awujud tetembungan utawa larik-larik tembung kang ngemu surasa kaendahan kanggo medharake gagasan isen-isening ati, pengarep-arep utawa pepinginane manungsa kanthi basa kang endah, laras, runtut karo edining rasa naning ora kaiket paugeran/aturan. B. JINIS GEGURITAN Geguritan kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag anyar lan gagrag lawas. Ananging ingkang saiki dinggo yaiku geguritan gagrag anyar. C. TITIKANE GEGURITAN GAGGRAG ANYAR LAN LAWAS 1. Geguritan gagrag lawas: diwiwiti tembung sun gegurit/sun anggurit Wiwitane nganggo purwakanthi guru swara, saben sapada dumadi saka 4,6,8, lan 10 baris. 2. Geguritan gagrag anyar Ora kaiket paugeran/aturan (ora kaiket guru gatra/larik lan pada utawa bait),guru lagu, guru wilangan). Guru lagune wes pinathok/ditentokake. STRUKTUR TEKS GEGURITAN 1. Tanpa kaiket guru gatra, guru lagu, guru wilangan 2. Cakrike bebas utawa bisa wujud pada (bait) bisa wujud carita D. Unsur kebahasaan 1.Ciri basa: pilihan tembung endah, mentes, lan mentesi. Migunakake tembung kawi Rinakit kanthi tipografi kang trep karo isi, amanat, lan gagasan kang diwedharake. Migunakake wirama lan basa rinengga. 2.basa rinengga yaiku tegese basa kang dironce saka tembung tembung kang beda saengga dados basa kang endah. Tuladha: A) Tembung saroja: tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dinggo bebarengan: tuladha edi peni, lila legawa, akal budi, bagas waras, lsp. B) Pepindhan: unen -unen kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa kahanan loyane. Lumrahe nganggo tembung panggandheng (kaya, lir, pindha, lsp) Tuladha: ayune kaya Srikandi



1



C) Wangsalan: unen unen kaya cangkriman nanging batangane/bedhekane wis dikandhakake kanthi disamar ana ing ukara mburine. Batangan dikandhakake kanthi ora cetha namung sawanda utawa rong wanda ana ing ukara mburine. E. Unggah-ungguh Basa Biasane nganggo basa ngoko F. Nulis Geguritan: Nemtokake tema Nggolek ide Nemtokake obyek Nggolek ide saka obyek (identifikasi tembung) Nyusun, ngolah, milah, milih tetembungan supaya dadi geguritan kang mentes. G. Maca geguritan Sangune maca geguritan iku penting supaya anggone maca bisa trep, pas, matep saha kepenak dirungokake utawa disebut 4W, yaiku: 1. Wicara :pocapan kudu cetha, pener, ora blero, ora bindheng. Pangucape swara kudu bener lan trep. 2. Wirama :utawa irama yaiku munggah mudhune swara, alon lan bantere swara. 3. Wirasa :ngrasakke sajroning ati isine geguritan supaya anggone maca bisa trep lan bener karo kahanan. (susah, nelangsa, semangat, seneng, pitutur). 4. Wiraga :patrap/sikap, obahing awak, pasemon kang pas, esem lan guyu kang gambarake isine geguritan. H. Tuladha Geguritan



Becik Andhap Asor Dening Nini Klenyem



Aja kepengin dadi lintang lan rembulan Yen ta ora bisa aweh pepadhang Becik dadia lilin nadyan urub sapelik Urupmu bisa dadi kurban Madhangi wong kang lagi kepetengan Aja kepengin dadi samodra Yen nyatane ora duwe ombak Luwih becik dadia uyah Nadyan mung săjimpit aweh rasa Piguna tumraping ngaurir lan sesama



(Naskah pilihan lomba Geguritan Tingkat SMP Dinas Kebudayaan Kabupaten BantulTahun 2018)



Kawruh basa: Kepengin: karep kanggo nindakake apa-ta Urub: uripe geni apa Sapelik: sethithik, cilik Rembulan: jinising planet kang ngubengi Samodra: segara bumi Ombak: obahing banyu gegulungan Aweh: menehi Sajimpit: sethithik, sapucuking driji Pepadhang: samubarang kang gawe Piguna: ana gunane padhang Tumrap: kanggo Becik: apik Ngaurip: wong urip Nadyan: senajan Sesama: sapadha-padha Lintang: wewujudan ing langit katon ing wayah wengi pating krelip Lilin: samubarang kanggo gawe padhang Kepetengan: kena peteng, ora ana cahya kang madhangi uyah: barang kang rasane asin saka kenthelane banyu segara



2



Paribasan lan Bebasan Paribasan lan Bebasan A. Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone duwe teges wantah, cra ngemu surasa pepindhan tuladhane: 1). Adigang adigung adiguna (wong kang ngendel-endelake kekuwatane,kaluhurane lan kapinterane) 2) Katula tula katali (tansah nemu kacilakan). 3) Yitna yuwana lena kena (Wis mantep banget kekarepane) 4) Ana catur mungkur (Ora gelem ngrungokake omongan/guneman kang ala) 5) Becik ketitik ala ketar (Tumindak ala lan apik iku bakal ketara tembe mburine) 6) Busuk ketekuk pinter keblinger (Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka) 7) Ana catur mungkur (ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga) 8) Anak polah bapa kapradhah (tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga tumindake anake kang ora becik) 9) Jer basuki mawa beya (samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat) 10) Sepi ing pamrih rame ing gawe (nyambut gawe kanthi ikhlas) 11) Desa mawa cara negara mawa tata (Saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe). 12) Jalukan ora wewehan (gelem njaluk nanging ora gelem merne). 2. Bebasan: Unen-unen kang ajeg panganggone, duwe leges entar (kias) mawa gegambar kewan, barang, kahanan, sing digambarake sipate wong. 1) Abang-abang lambe, tegese guneme mung kanggo lamis-lamis 2) Bapak kesulah anak molah, tegese yen wong-tuwa oleh prekara, anak uga melu ngrasakake lan tanggung jawab 3) Dudu berase ditempurake, tegese nyambungi gunem, nanging ora cundhuk karo sing dirembug 4) Emban cindhe emban siladan (pilih kasih utawa ora adil marang siji lan sijine). 5) Esuk dhele sore tempe, (gampang molah-malih atine, ora teteg). 6) Ancik-ancik pucuking eri tegese ana ing kahanan kang nguwatirake 7) Nututi layangan pedhot tegese ngoyak barang kang sepele ora ana ajine. 8) Kegedhen empyak kurang cagak tegese kegedhen panjangka nanging ora sembada. 9) Mikul dhuwur mendhem jero tegese gawe kuncaraning wong tuwa. 10) Nandur pari jero tegese wong gawe kabecikan marang liyan mesthi bakal ana piwalese. 11) Mbidhung api rowang tegese arep gawe cilaka nanging ethok-ethok ngejak kekancan. 12) Sapu ilang suhe tegese kelangan wong kang dadi panutan. 13) Tumbu oleh tutup tegese ketemu jodhone kang cocok. 14) Kriwikan dadi grojogan tegese prekara sepele malah dadi ngambra-ambra. 15) Tumbak cucukan tegese seneng wadul marang liyan.



3



BAB II TEMBANG A. Tembang yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartamtu,kang pamacane kudu dilagokake nganggo swara. Wujude ana tembang gedhe, tengahan, macapat, lan tembang dolanan. B. Tembang dolanan ya iku jinis tembang reripta gagrak anyar kang ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biyasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.Tuladhane tembang dolanan yaiku: Cublak-cublak suweng, gajah gajah, gambang suling, gundhul pacul, jamuran, jaranan Kidang Talun, Kupu Kuwi, Lir Ilir, Menthok Menthok, Padhang Bulan, Pitik Tukung, Suwe Ora Jamu, Te Kate Dipanah, jothang alang-alang 1. Negesi tembung tembung pilihan ana ing Tembang Dolanan Gundhul Pacul Gundhul gundhul pacul-cul, gembelengan Nyunggi nyunggi wakul-kul, gembelengan Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan 2. Saka Tembang Dolanan Gundul Pacul ana tembung-tembung pilihan antarane : Gundhul tegese sirah ingkang ora ana rambute Pacul iku piranti kanggo ngadhuk lemah awujud wesi landhep kang ana gagange. Gemblelengan tegese nggleleng kanggo bocah lanang utawa kemayu kanggo bocah wadon. Gemblelengan isa ditegesi uwong sing nyelelek utawa gaweane nyepelekake. Nyunggi tegese nggawa piranti/barang ing dhuwur sirah Wakul tegese cething kanggo wadah sega Ngglimpang tegese piranti/barang sing digawa tiba Ratan tegese dalan/latar Piwulang Budi Pekerti luhur Saka tuladha tembang gundhul pacul kasebut bisa kapethik piwulang budi pekerti luhur yaiku: Pacul kuwi tuladha sipat saderma lan wicaksana kang kudu diduweni pemimpin. Pacul saka tembung papat kang ucul tegese uwong bakal diajeni tumrap papat perangan awak yaiku mata, kuping, irung, lan lathi. Pacul uga ditegesi ngipatake barang sing muncul. Tegese nguncalake utawa guwang adoh adoh pikiran lan tumindak sing ala/elek. Gembelengan tegese nyepelekake prentah, sembrono, umuk, lan lan ora bisa diprecaya. Nyunggi wakul tegese nggawa wakul utawa amanah lan kapracayane wong akeh. Nanging wakule ingkang digawa kanthi gembleleng kuwi ngglimpang lan segane dadi sak latar. Tegese kapercayan kuwi uwis ilang. Segane dadi sak latar tegese uwong uwis ilang kapercayaane. Budi pekerti ing tembang gundul gundul pacul iki yaiku menawi diparingi kapercayan marang wong liya kudu amanah, ora sak karepe dhewe lan ora gemblelengan utawa nyelelek. Amarga menawa ora bisa diparingi kaprecayan, uwong liya uwis ora bakal percaya marang awakdhewe. C. Tembang Macapat Tembang macapat iku ora amung tembang utawa kidung ananging uga nggambarake cakramanggilinganing manungsa (daur hidup) wiwit lair tumeka seda. Kawiwitan saka tembang maskumambang tekan tembang pocung. 1.Maskumbang (janin) Maskumambang iku diwiwiti anane panguripan ana janin ing njero kandungan. Maskumambang iku emas kang kemambang. 2.Mijil (lair)



4



Mijil utawa metu, iku nggambarake bayi kang wis lair saka gua garbarie sang ibu. Mjli bisa ditegesi wijil, wiyos, raras, medal, sulastri. 3.Sinom (taruna/enom) Sinom iku bisa digunakake kanggo nyebut godhong asem kang isih enom. Mula sinom iku kang nggambarake wong kang isih enom. 4.Kinanthi (dikanthi/digandheng) Kinanthi tegese dikanthi, dikancani, digandheng, diarahake utawa dibimbing utawa dipitutun. Bocah kang isih enom diwenehi pitutur amarga anggone srawung wis saya jembar lan adoh. 5.Asmarandana (kasmaran) Asmarandana iku saka tembung asmara lan dahana (api asmara)nggambarake asmara kang dialami dening manungsa. 6.Gambuh (cocok/gathuk) Gambuh duwe teges cocok utawa gathuk, nggambarake yen wis padha cocok banjur padha palakrama utawa rabi. 7.Dhandhanggula ( lagi seneng-senenge) Dhandhanggula tegese angen-angen, gegayuhan kang endah. Wong Kang nemokake seneng ing ati kaya dene tembang dhandhanggula utawa gula kang manis. 8.Durma ( mundure tatakrama) Ana kang menehi teges durma iku mundure tatakrama. Wong kang nemu kasenengan lan kamulyaning urip iku ana kalane lali lan duwe rasa umuk utawa gumedhe. 9.Pangkur ( wis ngungkuri) Pangkur tegese mungkur saka urusan kadoyan. Manungsa wis ora ngumbar pepinginan lan nafsune, nanging wis sumeleh lan cedhak karo Gusti Allah 10. Megatruh ( wis pisahing ruh) Megatruh ditegesi pegat utawa pisahe karo ruh/nyawa. Manungsa wis pisah antarane jiwa lan ragane. Kahanan kaya mangkono iku manungsa ngadhepi sakaratul maut 11. Pocung ( wis dipocong) Tembang pucung bisa ditegesi pocong utawa dikafani jenasahe. Ragakang wis ditinggal dening ruh dirawat lan disucekake sadurunge dibalekake saka asalo yaiku lemah. D. Tembang Macapat Kinanthi Kang aran bebuden luhur, Dudu pangkat dudu ngelmi, Uga dudu kapinteran, Lan dudu para winasis, Apa maneh kasugihan, Ananging mung sucining ati.



KINANTHI



1. Pathokan Tembang Kinanthi Saka tuladha tembang Kinanthi ing dhuwur, bisa dingerteni pathokane temabang yaiku: A) Guru gatra utawa cacahing larik ana 6 larik (gatra) B) Guru wilangan utawa cacahing wanda (pedhotan tembung) C) Guru lagu utawa tibaning swara saben pungkasaning larik (a,i,u,e,o) Yaiku… Guru gatra= ana 6 gatra Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu u Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu i Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu a Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu i Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu a Gatra (larik) 1=guru wilangan 8wanda, guru lagu I



5



2. Negesi tenbung ing Tembang Kinanthi "Kang aran bebuden luhur, dudu pangkat dudu ngelmi, uga dudu kapinteran, lan dudu para winasis, apa maneh kasugihan, nanging mung sucining ati". Bebuden tegese watak Luhur tegese apek/sae. Ngelmi tegese ilmu Winasis tegese wong kag wasis utawa wong kang pinter Sucining ati tegese ati kang resik yaiku tansah nindakake prentah agama. 3. Budi pakerti ing Tembang Kinanthi A) Ora oleh gumedhe utawa umuk marang ngelmu, kapinteran, lan kasugihan B) tansah andhap ashor ora oleh umuk C) Tansah duwe watak ingkang luhur utawa sae D) Tansah nindakake prentah agama E) Ora oleh nyepelekakenuwong liya, kudu tansah ngajeni.



A. Aksara Jawa lan Pasangane



BAB III AKSARA JAWA



B. Sandhangan Swara (ana 5)







6



C. Sandhangan Wyanjana ana 3



B. Angka Jawa



GLADHEN 1 Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!



Pengayaan



7



GLADHEN II Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!



PENGAYAAN Wacanan ing ngisor iki tulisen latin!



8



BAB IV WAYANG



A. Crita Wayang Ramayana Babone crita wayang ing tanah Jawa iku seiatine saka crita Ramayana lan Mahabarata. Ramayana iku asale saka bahasa Sanskerta: kang tegese "Lakone Rama". Ramayana minangka sawijining crita kaprawiran /kepahlawanan saking India kang ditulis Walmiki (Valmiki) utawa Balmiki B. Paraga Ing Crita Wayang Ramayana



Prabu Rama wijaya kratone ing Ayodya Dewi Sinta garwane Prabu Rama Lesmana rayine Prabu Rama Anoman putrane Dewi Anjani wujude kethek Subali (Guwarsi) kangmase Dewi Anjani Sugriwa (Guwarsa) kangmase Dewi Anjani



Dasamuka ratu ing Ngalengka jenenge liya Rahwana wujude buta Kumbakarna adhine Rahwana Wibisana adhine Rahwana Jathayu awujud manuk kancane prabu Rama. Sarpakenaka adhine Prabu Rahwana, Isp.



C. Tuladha crita Wayang Ramayana Anoman Anoman banjur mesat ing gegana, mrepegi dununge gunung Koromandel. Tekan sikiling gunung, sigra tiwikrama lan matak aji Mundri. Sanalika wujude Anoman dadi gedhe banget lan karosane ngedab-edabi. Gunung Koromandel kajebol, banjur dicemplungake ing samodra, murwakani pambanguning tambak. Sigra kasusul para wanara liyane, nyemplungake watu-watu gedhe lan wit-witan gedhe. Kabeh tumandang bareng, bantu- binantu, sepi ing pamrih rame ing gawe. Kapi Saraba, Kapi Kingkin, Kapi Jaya Warjita, lan Kapi Darimuka mrenahake lan nata watuwatu apadene kekayon, kang dicemplungake ing samodra, dibantu para mina kawulane Sang Hyang Baruna.



9



Watu-watu lan kekayon-kekayon kang gedhene telung prangkul dipapanake ing ngisor dhewe. Sawise iku banjur watu-watu lan kekayon sing gedhene sapeluk, rong peluk, ditata ana ing sadhuwure. Nuli watu-watu setengah peluk ditata lelarikan lan sap sapan. Sawise iku banjur diurugi lemah nganti rata, nuli diurug wedhi. Sawise kabeh iku kraket-kraket, tambak iku kena diarani wis dadi. Ora nganti setengah taun, tambal wis meh rampung. Nanging sawijining dina, tambak kang sisih tengah dhadhal ambrol. Nggawa kurban kethek pirang-pirang. Malah ana kethek sing awake pedhot pas bangkekan kaya kena barang landhep. (Mekarsari, 23 April 2017: Mulyantara) Kawruh Basa Negesi Tembung saka wacan Gegana tegese awing-awang, angkasa Murwakani tegese miwiti Mrepegi tegese nyedhaki Wanara tegese kethek Dununge tegese papane Mina tegese iwak Sigra tegese banjur Tembung Dasanama Tembung dasanama yaiku tembung-tembung kang duwe teges padha. Tuladha : Bapak: rama, yayah, bapa, sudarma Biyung: ibu, simbok, wibi, rena, umi Anak: atmaja, sunu, siwi, tanaya, suta, putra Sedulur: kadang, warga, sentana, sudara Jeneng: peparap, jejuluk, wewangi, kekasih Bocah: lare, wals, rare Enom: wredha, sepuh Ratu: narendra, katong, aji, nata, nareswara, sri Kraton: kedhaton, kadhatwan, pura, dhatulaya Uwong: jana, janma, jalma, nara, manungsa Banyu: tirta, ranu, warih, we, her, sindu, jahnawi Srengenge: baskara, bagaskara, surya, diwangkara, pratanggapati Rembulan: candra, badrta, sasadhara, sasangka, sitaresmi, tengsu, basanta Lintang: kartika, sudama, sasa, taranggana GLADHEN A. Crita wayang ngisor iki semaken! Nalika dumadi paprangan antarane Prabu Rama mungsuh Prabu Dasamuka, narpati Sugriwa mbiyantu Prabu Rama, ngerigake kabeh wadyabalane lumawan raseksa Ngalengka. Kacarita Dewi Sarpakenaka kang ngigit-igit banget marang Raden Laksmana, matur marang Prabu Dasamuka, keparenga ngetoni perang. Gandheng adreng panyuwun Sang Dewi, mula Prabu Dasamuka nglilani. Sawise samapta, para wadya Ngalengka banjur mbukak lawang saketheng, metu saka bebetenging kutha. Dadi campuh perang rame mungsuh bala wanara. Bawane lagi dina kapisan perange wadya bala wanara lan wadya denawa rame banget. Dina iku akehing pepati tanpa wilangan. Señadyan cilik, nanging tandange bala wanara ora kena disuwawa. Tekade pilih maju dadi bangke katimbang mundur nandhang wirang. Yen ana kang mati, kancane banjur padha waringuten, meree mbeker nggegirisi, terus nyokot, ngancap, nggruwak, mbrakot. Sapa kang kena kagruwak mesthi bilahi. Suwe-suwe para raseksa padha cilik atine, akeh kang padha lumayu. Dewi Sarpakenaka kang minangka Mahasenapati, sigra asung sasmita supaya nglepasake gajah-gajah. 'Kocapa para wadya wanara padha bubar mawut kena pangamuking dwipangga. Anoman uninga rusaking bala, enggal-enggal ambyur ing pabaratan, ditutake Patih Anila làn Kapi Menda. Gegedhug kethek telu iku tetulung pepulih rusaking bala. Para wanara bareng ngerti entuk pambiyantu banjur timbul kekuwatane. Sedhela wae gajah-gajah kang atusan kehe iku mati. (Kapethik saking Djaka Lodhang, No 26, 25/11/2017: Mulyantara)



10