Kidung Jawa [PDF]

  • 0 0 0
  • Suka dengan makalah ini dan mengunduhnya? Anda bisa menerbitkan file PDF Anda sendiri secara online secara gratis dalam beberapa menit saja! Sign Up
File loading please wait...
Citation preview

KETAWANG PANJANG ILANG ( Kidung Pamujan ) 1. Sun miwiti sembahyangan Manembah padha Hyang Agung Ngudi mring luhuring Atma Luputa ing cakrabhawa Pikir wening (2x) Ing pandulu Nutupi hawa sasanga Pesuten hawa lan napsu 2. Gitaningtyas srumangraras Manembah padha Hyang Agung Pamberat sagung panandhang Pindha pepajaring surya Sruning Bratha (2x) Kasut kayun Mugi sihing Padukendra Paran margining katemu 3. Pan wus prapta padukendra Angayap Jawata Agung Sayuk Hapsara Hapsari Mring sagunging Pitri Pitra Angayap mring (2x) Kang Mahagung Hulun sampun ngaras padha Anyandhang cahya rahayu 4. Puspa dupa lawan tirta Kumelun angambar arum Katur Paduka Narendra Kang lenggah ing Padmasana Miring mala-miring mala Angrumuyut Hulun sami ngaras padha Aparing cahya rahayu 5. Paduka Kang Siniwaka Reratuning Sarwa Agung Kang anyipta jagad raya



1



Ngayomi sagung sujalma Pangleburing (2x) Sarwa sagung Hulun sampun ngaras padha Paringa tentrem ing kalbu



6. Mring Paduka Srinarendra Sagung Jawata sumuyut Paduka purba wasesa Sakalir sagung dumados Angganjarkang (2x) Wajib ngundhuh Dhuh Sang Adiling Bhawana Paringa cahya rahayu



LELAGON OJO LAMIS Ayo pro kadang asung panuwus Mring Hyang Maha Widhi Tansah peparing rahayu sami Pro kadang sedaya Kanti weninging pikir kang suci Sarta tingkah laku Pangucap suci ulat suminar Tansah gawe suka Hyang Maha Kwasa ananehamung Paring Pangaksami Ayo memuji supaya tansah Tentrem lan basuki Akeh sing pada nindhakna Dharma Uripe rahayu Dadi tuladha mring kita sami Jroning do makarti



2



ASMARADHANA Sun miwiti amemuji Anyebut asmaning Atma Wit iku yekti jatine Ingkang wajib den pepuja Lir luhuring asmanira Sunare kang Maha Agung Reratuning jagad raya Paduka Hyang Maha Widhi Guru seksine bhuwana Maha weruh tansah angon Mangkya Hulun Ngaraspadha Bekti sumungkem Paduka Duh sepinten sisip hulun Mugi paringa aksama Samangkya hamba udhani Mring Tattwa Jatining Atma Tan Beda Lan Sang Hyang Manon Jro gesang sumampir raga Anyandhang sarwa samsara Mung Paduka Kang Maha Gung Pangruwating papa nistha Tatwa Jatine Sang Urip Yekti sorote Kang Kwasa Ing raga muhung samanggon Raga maujud ing ndonya Kanyatane punarbhawa Wekasan rusak lan lampus Parane bali sangkanya



3



KETAWANG IBU PERTIWI ( kidung pamujan ) 1.



Ibu Pertiwi Paring boga lan sandhang kang murokabi Peparing rejeki manungsa kang bekti Bu pertiwi bu pertiwi Sih sutresna mring sesami Bu pertiwi kang adil luhuring budhi Ayo sungkem mring ibu pertiwi



2.



Duh Sang Hyang Widhi Para putra ngaturaken sembah bekti Puspa denta sinucekna sembah mami Om Ang Brahma dipa astra Tansah ulun sembah- sembah Mugi paring kasucian marambahi Tangan kalih miwah waktra suci



3.



Hyang Maha Suci Duh Hyang Atma suksmaning sedaya gesang Sembah sujud hulun mugi sinucekna Puspa denta trus sinembah Tansah paring kasucian Sembah hamba kunjuk ing Hyang Tuking Padang Paramjiyote tumeja rekta



4.



Hyang Maha Suci Hyang Baskara lenggah madyeng Padmasana Ingkang Padang Gumilang Maha Sampurna Peteng ribet kinasihan Lebur sirna tanpa sisa Maha mirah paring sandang bukti mukti Satuhu Hyang sesembahan hamba



5.



Hyang Maha Suci Puspa denta sinucekna sembah mami Sembah Bekti kunjuk dateng Maha Suci Siwa Eka anglimputi Lenggah Padmasana suci Satuhu Hyang datan kakung datan putri sesembahan para sujanmi



6.



Hyang Maha Suci Om Tri Murti Brahma Wisnu ugi Siwa Ingkang murbawasesani Tri Bhuwana Sarwa gesang tineguhna



4



Sesakit sirna sedaya Peteng ribet susah goda ilang boro Ugi reridune desa praja 7.



Hyang Maha Suci Puspa denta sinucekna sembah hamba Manembah Hyang Maha Asih Maha Mirah Dewa Paring Kanugrahan Suka begja karaharjan Maha mirah tansah pinuji- pinuja Hamba nembah Hyang Anugrahaken



8.



Hyang Maha Suci Dewa Dewi Pangeran Maha Sampurna Sagung wonten jalaran yadnya Paduka Bagya mulya panjang yuswa Nir sambikala trus suka Muhung saking Hyang Nugraha Asih Mirah Hyang Murbengrat sinembah pro titah



9.



Hyang Maha Suci Om dipastra sinucekna tangan hamba Tangan ingkang kiwa tengen sinucekna Sarta ugi ponang waktra, sinucekno Da Bhatara Sembah bekti mugi Dewa Suksma Hyang Datan Kenging Ginantha –Gantha



KINANTI JURU DEMUNG Risang maha yekti sawusing semedi Munggwing pancrabaan dangu aningali Wijiling sasangka saking graning hardi Karenan tyasira alon angandiko



1. ( Om Swastyastu ) Dhuh Gusti Kang Maha Agung Pangeraning jagad katri Acahya suci gumilang Dhahat ulun puji- puji Anglunturna sih nugraha 2X Sumunaring cahya wening



5



2. ( Brahma Wisnu Siwa ) Tumandhuking manah hulun Manther amadhangi budi Dadosa jalaran nira Rahayu mulya sayekti Gesang wonten mayapada 2X Dumugi delahan singgih 3. ( Dharma Artha Kama ) Hyang Tunggal ugi sinebut Narayana dedasaring Kang tumitah sabuwana Ingkang sampun ingkang wingking Tanpa purwa tan wasana 2X Datan wujud datan lahir 4. ( Brama Wisnu Siwa ) Peteteng datan wanaput Netra tan wenang umeksi Tuhu Dewa Suci Eka Narayana datan kalih Datan wonten nimbangana 2X Ingkang wening saged tunggil 5. ( Om Swastyastu ) Paduka ugi senebut Hyang Siwa Mahadewadi Iswara Parameswara Brahma Wisnu Rudra nenggih Purusa parikirtitah 2x Asma yutan eka yekti 6. ( Om Swastyastu ) Kawula rumaos estu Tiyang dosa langkung nistip Karma dosa sarwa dosa Dosa wiwit duk dumadi Maha suci asih mirah 2x Nucekna jiwangga sami 7. ( Om Swasti astu ) Maha Dewa hamba nyuwun Sih nugraha sih pangaksami Sagung gesang kabegjakna Luwar saking dosa sisip Mugi Sang Hyang Sadasiwa 2x



6



Karsa tansah angayomi 8. ( Om Swastyastu ) Dosa saking tindhak- tandhuk Pangucap mwang muna – muni Dosa salebeting manah Sembrana mwang weya lali Gusti ngleburna aksama 2x Golong turut shanti shanti



MIJIL 1. Wus wancine ayo padha bekti Bareng myang ing Pura Ing gegana trang abyor lintange Titi sunya puspita kasilir Maruta ris kingis Sumrik gandanyarum 2. Dhuh Pukulun Ida Sang Hyang Widhi Paduka kang yektos Paring nugraha lan kamulyane Manusa nira tan kendhat muji Mugi den ayomi Ngantos benjangipun 3. Wijil panembahing Pura suci Den angagem waton Kudu resik ing lahir batine Yen cuntaka datan kena manjing Pan Pura jinagi Ing kasucenipun 4. Manjing mandhalaning Pura katri Saking nistha miyos Kori candi bentar ing wastane Panca ndriya maksih angwasani Tinata tumuli Ngancik madyanipun 5. Aneng madya mandala wus wiwit Nata lahir batos Kaudi tumuju ing Gustine



7



Manjing utama mandhala nuli Pamikir nyawiji Nembah Hyang Maha Gung 6. Lenggah majeng Padmasana suci Sampun amirantos Jangkep dalah sagung ubarampe Phala puspa patra tirtha suci Dupa anyranani Manunggaling Kayun 7. Pamangkune wus ngadep sesaji Ubarampe kanggo Srana manggala upacarane Saha mantra sabda gentha suci Kanthi ninging batin Nggenya nedya nungku 8. Ganda arum mijil king wewangi Ngebaki angkasa Sinarengan kang swara mantrane Miwah swara kidung-kidung suci Mugya rawuh aglis Paduka Pukulun 9. Citrane kang Padmasana yeki Dumadi tigang ros Pethan penyu lambang ing bumine Naga lambang pangan sandang nuli Karang macan esthi Isining jagad bhur 10. Jagad bhuwah wujud karang peksi Dening ing swah yektos Linambangken ing Padmasanane Mangka palinggihaning HyangWidhi Sinembah cinandhi Aneng Pura luhur



8



MASKUMAMBANG 1. Ana uga pituduh saking Hyang Widhi Sinerat ing Weda Aran Catur Guru yekti Mara enggal kawruhana 2. Manembah mring Gusti siang klawan ratri Guru Swadiyaya Kawitan kang den pepuji Kanti srana Tri Sandiya 3. Wit Paduka ingkang nyipto jagad katri Murba pamisesa Sagung isining dumadi Sinembah sadaya titah 4. Sinangguhing Guru Reka kaping duwi Wong atuwo kita Tan dyaya lantaran lahir Dumadi neng alam ndonya 5. Pramilane bapa biyung Kinarya jalaran Anane badanireki Kinawruhan padhang hawa 6. Pangeran katon pro winasis mastani Labuh labetira Dumunung pakaryan neki Nuli padha wigatekna 7. Yen tan manut tuture wong tuwa ugi Pan nemu cilaka Ing ndonya tumekeng akir Tan wurung kasurang- surang 8. Martani mring anak putu duking wuri Den padha prayitna Ywa ana kang kumawani Mring biyung tanapi bapa



9



9. Kaping telu Guru Pengajian yekti Punika kang wenang Mulang muruk ngelmu suci Kinarya undhaking tama 10. Guru Wisesa kaping papat tumuli Pamerentah ika Mangreh mranata nagari Ngayomi sagung kawula KUTUT MANGGUNG Sore- Sore pepujian sakancane 1. Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka Hyang Iswara Kuwasa Angratoni saisining jagad raya Dhuh Gusti Pamintamba Mugi keparinga agung Pangaksama mring kita sedoyo Jro nuhoni Dharma anthuka Marga mulya lan tansah Winengkuha widada nir sambikala



2. Dhuh Gusti Kang Maha Gung Paduka Maha Brahma Kuwasa Amangun rat sagung isining buwana Dhuh Gusti Pamintamba Mugi tinukulna sagung Karsa mulyo ing jroning Jiwatma Jro nuhoni Dharma maujud Janma tama sarana Jro makarya memayu hayuning bhawana



10



SEKAR



MEGATRUH (Kagem kidung pamujan)



Om Swastyastu, 1. Sembahing wwang Ida Hyang Widhi Sinuwun Kang murbeng sarwa dumadi Pinaka rip buwana gung Ngawisesa jagad katri Maka dening manusa ngong 2. Antusaken tingkah mwang ulahing ulun Mangarcana Sang Hyang Widhi Muga tan kena tulah letuh Pinuju dewasa becik Hanuwur dhuh Sang Hyang Manon 3. Icha Pwasang Hyang Cadhu Sakti Tumurun Tan yadnya manusa reki Metu saking manah sadhu Marupawi dibebali Phalam puspam toyam mwang ron 4. Umiring wwang Hya Dyatmika sembah hulun Rijeng panembahan sami Asap dupa sarwa harum Nirmala astiti bakti Pinuju sih karahayon 5. Nuwur tirta amerta suci manulus Icha duh Hyang Pasupati Papa naraka kalebur Klawan sarwa dosa sami Panjang tuwuh duh ring awon 6. Tirta maring kamandalu muncrat mumbul Sinirat pamangku sakti Saha mantra sidhi tuhu Sarira mwang kertanjali Tuwuh waken Hyang Pangayom 7. Om dhirgayu subham astu tatstu astu Sukham purnam sriyam swasti Awignam astu bhawantu Tatstu astu sapta wredhi Om Shanti shanti shanti Om



11



WIRANGRONG (Kagem Kidung Dana Punia) 1. Mumpung anom sira kaki Angudiyo karahayon Aneng Weda panggonan pinemu Tumindhak utami Dharma nira kinarya Karta raharjaning bwana 2. Raharja lahir lan batin Kabeh mau mawa lakon Dipun ngarah-rah ywa kalimput Manembah Hyang Widhi Yekti manggih raharja Ngegungna dedananira 3. Dana bandha kaping siji Dana kawruh kaping loro Kang katrinya jiwa lan ragamu Jer iku sayekti Laku Dharma utama Ing donya prapteng delahan AYAK PAMUNGKAS 1.



Dhuh Gusti mugi- mugi Peparinga sih nugraha Dhuh Gusti keparenga Ida Sang Hyang Widhi Wasa Sinembah mring titah sagung Kita wajib amemuji Yekti tan ana kang madha Pangayomaning sujanmi Moksa artha jagadhita Daya pangwasaning Gusti



2.



Dhuh Gusti mugi-mugi Keparenga paring mulya Dhuh Gusti linanggengna Umat Hindu sabhuwana Wusana wosing pangidung Tan ana hamung memuji Mugi sagung titah samya Sapuh anem jaler estri Sami karsa manunggal Golong yurut santi-santi



12



SEKAR MEGATRUH (Kagem Pitra yadnya) 1. Datan pegat nembah Gusti anyenyuwun Rentahing nugraha adi Tumrap risang suksma luhur Ingkang nilar ndonya niki Sowan marang ing Hyang Manon 2. Dhuh- dhuh Gusti Maha Mirah Maha Agung Mugi paring padang margi Atma ingkang sampun wangsul Laju nggenira lumaris Legawa ing driyo yektos 3. Tumrap warga ingkang sami taksih kantun Mugi pinaringan eling Darana ing manah teguh Kapara anjurung puji Njurungi Sang Suksma Jatos 4. Dhuh Sang Atma pra santhana sami ngumpul Amemuji mugi- mugi Andika tan rangu- rangu Teteg teguh tekad pasthi Mboten wang- wang mboten mangro 5. Amemuji sunya nirwana satuhu Moksantu swargantu mugi Murchantu lawan samantu Ksama sampurnaya ugi Nggayuh shanti shanti ugi Sekar



PANGKUR (Kagem Kidung Pitutur)



1. Mingkar mingkuring ukara Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung Sinuba sinukarta Mrih katarta pakartine ngelmu luhung Kang tumrap neng tanah Jawa Agama ageming aji



13



2. Jinejer neng Wedatama Mrih tan kemba kembenganing pambudi Mangka nadyan tuwa pikun Yen tan mikani rasa Yekti sepi asepa lir sepah samun Samangsane pakumpulan Gonyak- ganyak nglelingsemi 3. Nggugu karsane priyangga Nora nganggo peparah lamun angling Lumuh ingaran balilu Uger ngguru aleman Nanging janma ingkang wus waspadeng semu Sinamuning samudana Sasadoning adu manis 4. Si pengung nora nglegewa Sang sayarda denira cacariwis Ngandhar- andhar angendhukur Kandhane nora kaprah Saya elok alongka- longkanganipun Si wasis waskita ngalah Ngalingi marang si pingging 5. Mangkana ngelmu kang nyata Sanyatane mung weh reseping ati Bungah ingaran balilu Sukeng tyas yen den ina Nora kaya si pengung anggung gumunggung Ungungan sadina – dina Aja mangkana wong urip 6. Uripe sepisan rusak Nora mulur nalare ting saluwir Kadita guwa kang sirung Sinerang ing maruta Gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung Pindha padhane si mudha Prandene meksa kumaki



14



DHANDHANGGULA (Kagem Apalan Pawukon) 1.



Wasitane sinawung artati Wewilangan wuku tigang dasa Tinata urut lampahe Wuku Sinta rumuhun Landep wukir nuli Kurantil Tolu Gumbrek Kalawan Warigalitipun Warigagung lajengira Julungwangi Sungsang Galungantumuli Wasta wuku Kuningan



2.



Wuku Langkir Mandhasiya yekti Julungpujut miwah wuku Pahang Kuruwelut nuli Mrakeh Tambir salajengipun Medhangkungan Maktal tumuli Wuye manahilira Lan Prangbakat iku Bala wuku nuli Wayang Lan Kulawu wuku Dhukutden wastani Watugunung pungkasan



15



Sekar



1.



DHANDHANGGULA (Kidung Manusa yadnya)



Ana kidung akadang premati Among tuwuh ing kawastanira Nganakaken saciptane Kakang kawah puniku Kang rumeksa ing awak mami Anekakaken sedya Pan kuwasanipun Adi ari-ari ika Kang mayungi ing laku kuwasaneki Nganakaken pengarah



2. Ponang getih ing rahina wengi Angrowangi Kang Maha Kuwasa Andhadekaken Karsane Puser kwasanipun Nguyu- uyu sembawa mami Nuruti ing paneda Kuwasanireki Jangkep kadang ingsun papat Kalimane pancer wus dadi sawiji Nunggal sawujud ing wwang 3.



Yeku kadhang ingsun kang umijil Saking margaina sareng samya Sadhino awor enggone Sekawan kadhang ingsun Kang ora umijil saking Margaina punika Kumpule lan ingsun Dadya makdhum sarpin sira Wewayangan ing dhat reka dadya kanthi Saparan datan pisah



16



SINOM 1.



Nuladha laku utama Tumrape wong tanah Jawa Wong agung ing ngeksi ganda Panembahan Senopati Kepati amarsudi Sudane hawa lan napsu Pinesu tapa brata Tanapi ing siang ratri Amemangun karyanak Ngeksi ganda



2.



Samangsane pasamuan Mamangun marta martani Sinambi ing saben mangsa Kala- kalaning asepi Lelana teki- teki Nggayuh geyonganing kayun kayungyun heninging tyas sanityasa pinrihatin puguh panggah cegah guling lawan dhahar Saben mendra saking wisma Lelana leladah sepi Ngisep sepuhing supeno Mrih pana pranaweng gati Tis-tising tyas marsudi Mardawaning budya tulus Mesu reh kasudharman Neng tepining jalanidhi Sruning brata kataman wahyu jatmika



3.



4.



Wikan wengkoning samudra Kaideras wus den ideri Kinemot kamoting ndriyo Rinegem sagegem dadi Dumadya angratoni Nenggih Kanjeng Ratu Kidul Dedel gayuh gegana Humara marak maripih Sor prabowo lan wong Agung Tyasing sesami



17



KIDUNG



WARGASARI



Pambuka: Purwakaning angriptarum Ning wana wukir Kahadang labuh kartiko Panedenging sari Angayom tangguli ketur Angring-ngring jangga mure



1.



Ida Ratu saking luhur Kawula nunas tugrane Mangda sampun titiang tandruh Mangayap Bhatara sami Titiang ngaturang pejati Canang suci lan daksina Sami sampun puput Pratekaning saji 2x



2.



Asep menyan majegau Cendanane nuhur Dewane Mangda Ida gelis rawuh Mijil saking luhring langit Sampun mandab daban sami Maring giri meru reko Ancangan sadulur Sami pada ngiring 2x



3.



Bhetaraning saking luhur Ngegana diambarane Pengageme obro murup Parekan sami mangiring Widodara Widodari Pada padudon dudonan Prabawa kumutug Angliwering Langit 2x



18



SEKAR GAMBUH 1.



Den gambuh ing pitutur Marang kanca rukun sih satuhu Aja sira ngendelke lamun kinasih Engeta ing kalanipun Duk prapta saking dhukuh



2.



Lan sembah sungkemipun Mring Hyang Suksma elinga sliraku Apan titah sadaya among sadremi Tan wenang sira andhaku Kabeh kgungan Hyang Manon



3.



Murwane sira sagung Aneng ndonya ywa kongsi kaugung Dipun becik mring sesami dumadi Supaya nora kaduwung Mrih rahayune lelakon



4.



Urip praptane lampus Sayekti tan kuciwa winuwus Lahir batin sayekti tan medal sumbi Iku sujanma pinunjul Tan kewran tumekaning ndon



5.



Bayata wus ginambuh Para umat denira tumuwuh De samangkya pan wus ana den arani Sirna petenging praja gung Saking Parmane Hyang Manon



6.



Amung kari nyeyuwun Widadanya ngungkuli kang sampun Ayem tentrem acanthi suka basuki Makaten pamintanipun Pra sujanma jroning batos



19



LUMBUNG DESA 1.



Panca Sradha iku kapercayaan lima, prakanca Kawruhana minangka dasar satuhu, yaiku Sapisan pracaya anane Hyang Widhi, Kang Suci Angka laro pracaya anane Atma



2.



Karma phala Sradha ingkang angka tiga, prakanca Papat kang sinebut punarbhawa iku, satuhu Dene moksa Sradha ingkang angka lima, wusana Jangkep kapercayan kita Panca Sradha



3.



Dene terange kang Panca Sradha iki, sawiji Panembah kita tumuju Mring Hyang Widhi, amargi Panjenengane kang kudu kita pundhi, sayekti Sangkang lan paranira sagung dumadi



4.



Anane Atma pinangka badan suksma, ngertia Iku nyata pletiking Hyang Widhi Wasa, dinadya Manunggal lan badan wadag kita samya, pramila Gesang kita dadya titahing Hyang Suksma



5.



Sateruse karma phala ping telune, werdine Kita badhe ngundhuh wohing panggawe, kabehe Wus mestine nadyan ala lan becike, baline Ing tembene kang ngrasake kita dhewe



6.



Punarbhawa tegese tumitising Atma, ing ndonya Iku marga lakune durung sampurna, nalika Uripira katrem ing angkara murka, tan nyipta Aneng ndonya dadya sangu benjangira



7.



Lamun Atma laju manunggal Hyang Suksma, ingkana Iku nyata ingaranan nggayuh moksa, minulya Salaminya datan wangsul aneng ndonya, sampurna Winursita nunggale Gusti kawula



20



Lancaran SINGO NEBAK (Kagem kidung Tri Kaya Parisudha) 1.



Umat Hindu Kang eling lawan waspada (Amarga) Gebyareng kahanan wekasan drawasi Dharma den lakoni Yekti tentrem lan basuki



2.



Hindhu Dharma Dasar urip kang sampurna (Wus nyata) Sradha Tri Kaya Parisudha ywa lali Kayika wacika Manacika den ugemi



3.



Kadang samya Paran werdine kayika (Kang mesthi) Tingkah polah solah bowo kang prayogi Tresna mring sesami Uga tansah den upadi



4.



Wacikane Pangucap becik prasojo (Werdine) Muna muni adhedhasar tatwamasi Sarta tata krami Paugeran kang sayekti



5.



Pikir Wening Manacika parisudha ( Yaiku) Datan anggalih ala marang sesami Pramayoga becik Dhemen paring pangaksami



6.



Telu mau Aja nganti dilerwake (Mangkana) Marsudi kudune bisa kasembadan Tindhak kang utomo Manut wewarahing Weda



21



Ladrang CLONTHANG



1.



Gumredheg saiyeg umat Hindu sagung Tumuju papan manembah Hyang Agung Resik agemane lan resik atine Mlaku gliyak- gliyak Purnama wancine Saiyeg saeka kapti lan mantep sedyane Manembah Gustine Dhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga Paduka Peparinga pangaksama maring dasih agung Mrabhawani akarya weninging pikir Pepajar amimbuhi tyas tentrem Raharja sadarum



2.



Wus sirep tyas mantep umat Hindu sagung Jroning sembahyang manembah Hyang Agung Manunggal ciptane sumeleh atine Eling jroning driya mring kodrat Atmane Saiyeg tyas madep manteb ing karep sedyane Nyuwun mring Gustine Dhuh Gusti Kang Maha Gung mugi keparenga Paduka Peparinga pangaksama maring Dasih Agung Mahanani amberat petenging pikir Pepajar amimbuhi tyas tentrem Raharjo sadarum



KIDUNG PARIPURNA Hina saram hina pradham hina mantram tataewaca Hina bhaktim hina wredhim Sada Siwa Tatastute Mantram hinam, kriya hinam bakti hinam Maheswara Tat Pujitham Maha Dewa, paripurnam Tatastume Om Santhi Shanti Shanti Om



22



MEGATRUH (Pangiring turun tirta)



1.



Nuhur tirtha amerta suci manulus Ica duh Hyang Pasupati Papo nara kala lebur Klawan sarwa dosa sami Panjang tuwuh duh ring awon



2.



Tirtha maring kamandalu muncrat mumbul Sinirat Pemangku suci Saha mantra siddhi tuhu Sariran wang kertanjali Tuwuhaken Hyang Pangayom



3.



Om dhirghayu subham astu tatstu astu Sukham purnam sriyam swasti Awghnam astu bhawantu Tattstu astu sapta werdhi Om Santhi Santhi Santhi Om



23



SARASWATI 1.



Wukunipun Watugunung Wewara nira kang manis Wonten hari Saniscara Winastan hari Saraswati Wahyu wahyuning Batara 2x Wus tumurun Sang Hyang Aji



2.



Ing sanepan wanut yuga Inggih makaten kang ngelmi Ingkanh handulu kasmarn Ing manah sengsem sayekti Inggih saktinya Hyang Brahma 2x Inggih Dewi Saraswati



3.



Darbe hambeg suci tuhu Darbe hambeg suci tuhu Deneng lambang trate jati Dene banyak sung lampita Den uninga bener sisip Di Dewa hambeg angkara 2x Demem titis ing pangesti



4.



Yen rinaras lir swara rum Yekti sungkem jroning ati Yo gitar dadya pralambang Gayah kidung ing hapsari Yen loggya homa Wedha 2x Yekti mranani ing kapti



5.



Apan mangkono kang ngelmu Antuk lambange genitri Angaji salwire sastra Awit lahir prapting lalis Angal alus wis pinang yo 2x Antuk yotan bisa tapis



6.



Sinawung krapyak kang semu Sayekti langgeng kang ngel Sinipen jroning wardoyo sayo wuwuhing pangesti



Sadarum tan kasamaran 2x Sumunar wahyuning Widhi



24



PAGERWESI 1.



Nuju hari Pagerwesi Nyuwun pangwatan jiwa Ing raga muhung samanggon Gesang wonten maya pada Murih rahayu widodo 2X Duh Gusti kang Maha Agung



2.



Hyang Brahma Maha Acipta Yekti sumbere kang ana Jagad raya sak isine Amung Paduka kang bisa Duh Gusti Kang Maha Esa Mung Paduka Kang Maha Agung 2X Tan kena wujud ana



3.



Tumitus sak jroning kalbu Tumanduk lawan pakerti Tewer tumindhak ing ygya Tandang tatas lan titis Tanda yen wus katarima 2x Tinaping ngarsa hyang Widhi



4.



Unggyaning titah sadarum Udinen jiwa kang silali Unduk narasa panembah Undurna pakarti sisip Ukuren pribadi nira 2x Ulah hayu kang patitis



5.



Tememen demen tinemu Tambah manembah Hyang Widhi Tumungkul ngande ing Sukma Tan lirwa trisna sesami Tumuju mring sastra Weda 2x tuhu kinasti Hyang Widhi



25



SESAJI UPACARA 1. 2.



3.



4.



Upacara Tingkepan : Nasi golong, suruh ayu, gedang ayu, jajan pasar Upacara Kelahiran : Empon-empon untuk menanam ari- ari, lampu senter, tumpeng catur warna, daging ayam, bawang, jahe, saren, garam, suruh, bunga panca warna, lilin, dupa, kinang rokok. Tetesan / Sunatan : Sesaji kelahiran, jajan pasar, semua jenis makanan yang dimasak, empon-empon, bunga panca warna. Upacara Wiwaha : Sesaji kelahiran, jajan pasar, semua makanan yang dimasak, beras, bumbu dapur, penyeneng.



5. Upacara Kematian Untuk bedah bumi : Jajan pasar serba mentah, bubur warna 4, bunga wangi, dupa. Untuk di rumah : canang burat wangi, beras warna 4, bubur warna 4, lilin, dupa, kinang udud. Upacara kematian sampai 1000 hari : Apem, ketan, kolak, rujak degan, minuman the dan kopi, canang burat wangi, kinang udud, jajan pasar. Mantra Pencaruan : Om Pukulun Hyang Bathara Kali, Bathara Kala Sakti, sira Sang Kala Putih, Sang Kala Abang, Sang Kala Jenar, Sang Kala Ireng, Sang Kala Manca Warna, Sang Kala anggapatu, Sang Kala Karogan-rogan, Sang Kala sepetan, Sang Kala Gering, Sang Kala Pati sira sadenah Kala kinabehana, ojo sira anyengkala, anyangkali, manusa nira ngastiti, Dewa ring Kahyangan Sakti beh Ingsun sampun ngaturaken tadah saji reng padha Bathara Kala, punika ta bukti denira kabeh, pilih kabelanira Om Kala byo namah, Om Ksama sampurna ya namah, Om Am Sarwa kala ksamasvamam ya namah sawaha.



26



MANTRA – MANTRA : 1.



Mantra mendengar orang meninggal : Om Sunya hati sunya param nirbhawa ya namah.



2. Puja Tarpana : a. b. c.



Bhuktyantu Pitaro Dewa, Bhuktyantu Pitaro Ganam, Bhuktyantu pitara sarwe Pitara sarwe Bhyo namah swaha. (3X) Treptyantu Pitaro Dewa, Treptyantu Pitaro Ganam, Treptyantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X) Ksamantu Pitaro Dewa, Ksamantu Pitaro Ganam, Ksamantu pitara sarwe Pitara sarwe bhyo namah swaha. (3X)



3. Mantra menanam ari-ari : Om Sang Hyang Ibu Perthiwi, rumogo bayu, rumogo amerta Sanjiwani amertaning kang tumuwuh pun …………………… mugo dhirga yuswa poma,poma, poma 4. Mantra Mohon Ketenangan Rumah Tangga : Om wiso wiso wo atithaim Wajayantah purupriyam Agnim wo duryam wocah Stuse susasya manmbhih



27



Mantra Purnama : Om Candra mandala sampunam Candra yante pranam yante Candra dipa praman jyote namas Candra namostute



Om Sidhi raga namostute Dara Gapati padanam Wiswat sapta karang wita Namas Candra namostute



Om Kumuda pala hastara Sarwati dipa manggalam Barma darna sayam pasyam Namas Candra namostute



Om Loka yante parkas ynte Loka puja saman witam Siwa loka Candra namostute Namas Candra namostute



Om Asta desa kame nityam Asta dipa wasi kretam Asta kala ya sampurnam Namas Candra namostute



Om Hrang hring sah Parama Siwa Candra amerta ya namah Om Hung Candra Dewa Maha Gangga amerta ya namah swah Om Shanti Shanti Shanti Om



28